Kacariyos ing Nagari Mataram, nalika
ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Prabu Mangkuat Agung,
(Sinuwun sumare Tegalarum), Ingkang Sinuwun wau pangastaning pangadilan kirang
adil, sarta boten pisan sarembag kaliyan Sang Nindyamantri tuwin para Nayaka,,
ingkang tinanggenah anginger lampah jantraning praja. Boten kirang para
Santana, abdi tuwin kawula Dalem ingkang sami nampi pidana ingkang boten
satimbang kaliyan kalepatanipun.
Rekyana Patih tuwin para Nayaka, punapadene
ingkang paman Kangjeng pangeran Bumidirja ingkang minangka paranpara, ugi
sampun sami ngunjuki pamrayogi dateng Ingkang Sinuwun, ingkang wosipun Nagari
badhe manggih reretu bilih kirang adil pangastaning kukum angger-anggering
praja. Ananging Ingkang Sinuwun boten karsa manggalih sadaya pamrayogi ingkang
sae wau. Ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja wola-wali nyaosi pamrayogi,
Ingkang Sinuwun kalintu serep, lajeng tuwuh dudukanipun, ngantos kawiyos
pangandika Dalem, ingkang nawung suraos anundung ingkang paman Kangjeng
Pangeran Bumidirja. Sang Pangeran taksih saged nyabili nyabaraken panggalih,
rumaos dados sepuh, ingkang kedah rumeksa kasugenganipun Sang Prabu, kaliyan
nyarantosaken bokbilih ing tembe wuri Ingkang Sinuwun enget ing panggalih, bilih
jenenging Ratu punika wawakilipun ingkang Maha Kuwasa, ingkang kedah ngayomi
kawilujenganing kawula sadaya.
Ananging Ingkang Sinuwun Kangjeng
Susuhunan, lestantun boten ngengeti ingkang makaten wau. Malah-malah Pangeran
Pekik, ingkang margi saking saking kapeksa nindakaken kuwajiban murih
karahayoning samudayanipun, sanadyan panindak makaten wau sakalangkung sae lan
mikantuki, hewadene boten andadosaken keparenging karsa Dalem Ingkang Sinuwun,
temahan Pangeran Pekik katetepaken dosa ing Panjenengan Ratu, kapatrapan ukum
kisas kaketok utamangganipun. Ing mangka Pangeran Pekik wau ageng sanget
lalabetanipun, anggenipun ngrebat wangsul tanah Surabaya, sarta amikut Sunan
Giri, margi anggenipun ambalela ing Mataram.
Kangjeng Pangeran Bumidirja murinani
sanget sedanipun Pangeran Pekik, sirna kasabaraning nggalih, punapadene boten
kikilapan bilih Nagari Mataram badhe kadhatengan bebendu. Pupuntoning nggalih
Kangjeng Pangeran Bumidirja sumedya lolos saking praja, sarta nglugas raga
nilar kaluhuran, kawibawan tuwin kamulyanipun.
Tindakipun Sang Pangeran sakaliyan
garwa, kadherekaken abdi titiga ingkang kinasih. Gancaring cariyos tindakipun
wau sampun dumugi tanah Panjer ing secelakipun Lepen Lukula. Ing ngriku
pasitenipun sae lan waradin, toyanipun tumumpang, nanging taksih wujud wana
tarataban.
Wana tarataban sacelaking lepan Lukula
wau lajeng kabukak kadadosaken pasabinan lan pategilan, sarta pakawisan ingkang
badhe dipun degi padaleman. Pambukaking mbaka sakedhik, margi ing ngriku dereng
dipun dunungi tiyang, dados namung katandangan dening Kangjeng Pangeran
piyambak kaliyan abdinipun titiga bektan saking Mataram.
Kangjeng Pangeran Bumidirja lajeng
dedepok wonten ing ngriku, sarta karsa mbucal asma lan sesebutanipun, lajeng
gantos nama Kyai Bumi, prelunipun saged nyekecakaken pasrawunganipun kaliyan
titiyang padhusunan ing sakiwa tengenipun ngriku. Punapadene sampun ngantos
sisingidanipun wau katupiksan saking Nagari Mataram. Mila Kyai Bumi nglugas
sarira gesang miturut satataning tiyang padhusunan. Yen siyang mbukak wana yen
ndalu ngagengaken pujabratanipun, tansah samadi ening nunuwun ing Pangeran
karahayoning lalampahan.
Dumadakan kathah titiyang saking
dhusun sanes sami dhateng mriku sumedya ndherek babad, sasat namung wuwulanan
kemawon ing ngriku sampun dados padhusunan. Sarehning ingkang cikal bakal ing
ngriku nama Kyai Bumi, mila ing ngriku lajeng kanamakaken dhusun Kabumen, lami
lami nama Kabumen mingsed mungel Kebumen.
Dhusun Kebumen tutrukanipun Kyai Bumi
wau ujuripun mangidul urut sapinggiring lepen Lukula, udakawis sampun wonten 3
pal, dene alangipun mangetan udakawis wonten ½ pal.
Kyai Bumi dados sesepuhipun ing dhusun
ngriku, sanget sinuyudan titiyang kathah, ngantos kawentar ing dusun-ngadhusun,
temah kathah tiyang saking sanes dhusun pindah mriku sami ndherek babad malih
sesenengipun, mila ing dhusun Kebumen lajeng dados dhusun ingkang sakalangkung
reja.
Titiyang dhatengan wau wonten wowolu
ingkang kalebet punjul ing damel lan sugih reka, mila lajeng kinanthi dhateng
Kyai Bumi, kinen tumut njagi tata tentreming padhusunan sampun ngantos
kikirangan sandhang tedha, mila sadaya rembag, Kyai Bumi boten nilar tiyang
wowolu wau. Kyai Bumi sanget anggenipun rumeksa dhusunipun, mila titiyangipun
sami seneng-seneng ayem tentrem boten kikirangan sandhang tedha.
Kocapa lolosipun Kangjeng Pangeran
Bumidirja, ndadosaken rudatosing Ngarsa Dalem Kangjeng Susuhunan, sarta Ingkang
Sinuwun ngrumaosi kalentunipun. Ingkang Sinuwun lajeng utusan abdi Dalem
gandhek kakalih, ndikakaken madosi sarta amboyong kondur ingkang paman Kangjeng
Pangeran Bumidirja. Dhawuh timbalan Dalem, gandhek boten kapareng mantuk, yen
boten sareng-sareng kaliyan Kangjeng Pangeran wau.
Gancaring cariyos utusan nDalem
gandhek sampun pinanggih kaliyan Kangjeng Pangeran Bumidirja, ingkang ing wektu
punika pinuju saweg ngalempakaken tiyang sadhusun, perlu ngrembag kabetahaning
dhusun ingkang badhe katindakaken murih prayoginipun.
Sadhatengipun gandhek kakalih wau,
boten saranta sami sasarengan anungkemi sampeyanipun Kangjeng Pangeran kaliyan
atawang tangis, sanget kararantaning manah, margi boten nyana pisan-pisan, dene
gustinipun kados makaten kawontenanipun, tega nilar kamukten lan kawibawan,
narimah gesang sacaraning tiyang alit.
Sasampunipun sawatawis aso, gandhek
munjuk ing Kangjeng Pangeran, punapa sadhawuh timbalan nDalem Ingkang Sinuwun
kados kasebut ing nginggil. Awit sapengkeripun gusti kula angles tilar praja,
Nagari Mataram sakalangkung ruwed, paprentahaning praja prasasat sampun boten
wonten. Bilih gusti kula boten tumunten kondur, temtu Nagari Mataram badhe
kadhatengan babaya ageng.
Kangjeng Pangeran Bumidirja (Kyai Bumi)
boten maringi wangsulan pangandika punapa-punapa dhateng abdi Dalem gandhek.
Nanging lajeng ngandika paring dhawuh dhateng titiyang kathah ingkang sami
ngalempak wonten ing ngriku, pangandikanipun : “sadulur-sadulurku kabeh bae ing
kene, andadekna ing kawruhanamu kabeh, aku iki sajatine kang ran Kangjeng
Pangeran Bumidirja, iya Bapa pamane Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan ing
Mataram. Pancene aku wis krasan banget manggon ing desa kene babarengan karo
kowe kabeh, saking senenging atiku, aku nganti mbuwang kaluhuran, kawibawan lan
kamukten kamulyaning uripku ana ing Nagara Mataram, aku dadi Pangeran gedhe,
kalenggahanku sawah 300 karya (300 jung). Kamulyan samono gedhene dak buwang, aku
pinilaur urip sacaraning wong cilik babarengan karo kowe kabeh. Ing sarehning
Nagara Mataram ing saiki lagi nemu pakewuh, aku ditimbali Sang Prabu, kowe
kabeh wis padha krungu dhewe saka ature gandhek loro iki, mula aku kapeksa
ninggal kowe kabeh, telung dina maneh aku bakal kondur marang Mataram.
Lestarekna anggonmu padha dudunung ing desa kene karo senenging atimu lan
rukuna karo kancamu kabeh. Ing mburi yen Nagara Mataram wus tentrem, aku nuli
bali mrene maneh.
Kajaba iku kanggo anjaga tata tentrem
lan murih mundak-mundhak rejane, samono iku yen kowe kabeh padha sarujuk,
sarehning padhukuhan ing Kebumen iki kawilang gedhe, wong wolu kang wus dak
kanthi njaga bot-repote ing desa kene, iku kang dak pitaya lestarine dadi
tuwa-tuwa minangka dadi susulihku angemong kowe kabeh. Dene kang dak pitaya
tunggu manggon ana ing omah patilasanku iki yaiku, si Dipareja, dene Wirareja,
Basek, Trama, Tamana, Banar, Mangu lan Ketug, tetepa padha manggon ing umahe
dhewe-dhewe lan padha tutuwa, nanging kabeh mau anggone padha nindakake
pagaweyan ora kena ninggal Dipareja, dadi saka tutuwa wowolu mau Dipareja kang
dadi tuwa dhewe. Dene pambagine pagaweyan becik padha dirembug saprayogane.
Titiyang sadhusun Kebumen sareng
mirieg pangandikanipun Sang Pangeran, sami ajrih lan sanget pangungunipun,
kasembuh kararantaning manah, margi boten nginten pisan-pisan yen Kyai Bumi wau
gustinipun piyambak. Wasana kasusul ing raos kaprihatosan, margi titiyang wau
rumaos boten saged tinilar jalaran sampun kasok sih lan sumungkemipun.
Sasampunipun rampung
dhawuh-pangandikanipun Sang Pangeran lan sampun dipun saruiuki titiyang kathah,
lajeng sami bibaran mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi nawung
kaprihatosan ingkang tanpa pipindhan.
Sabibaripun titiyang kathah, Kangjeng
Pangeran Bumidirja paring dhawuh pangandika dhateng abdi Dalem gandhek kakalih,
bilih Kangjeng Pangeran boten badhe kondur dhateng Nagari Mataram. Sarehning
panamuripun Sang Pangeran sampun kasumerepan ing tiyang kathah, margi saking
sowanipun gandhek kakalih, mila Kangjeng Pangeran sumedya linggar saking
padhepokan ing Kebumen, pindhah ngaupados papan malih ingkang mencil, nanging
waradin lan sae pasitenipun saemper pasiten ing Kebumen. Dene anggenipun
sengadi yen badhe kondur dhateng Mataram, supados titiyang ing Kebumen puruna
katilar. Sarehning lampahipun gandhek kakalih boten angsal damel, ajrih
umantuka dhateng Mataram, margi mboten wande badhe nampi pidana kisas, mila
gandhek kakalih sumedya ndherek Kangjeng Pangeran, ing sapurug-purug boten
badhe kantun.
Salebetipun kalih dinten saderengipun
Kangjeng Pangeran badhe nilar padhepokan Kebumen, rinten ndalu titiyang sami
tuguran wonten ing dalemipun Kangjeng Pangeran gegentosan.
Ing dinten katiganipun, inggih dinten
linggaripun Kangjeng Pangeran, titiyang sadhusun Kebumen ageng alit nem sepuh
sami tumplek bleg sowan Kangjeng Pangeran, dalasan tiyang saking sanes dhusun
ingkang mireng inggih sami sowan, kumedah-kedahipun badhe nyumerepi, margi
badhe tiniliar.
Ing wanci jam 8 enjing sasampunipun
samekta, Kangjeng Pangeran sakaliyan garwa nilar padalemanipun ing Kebumen.
Tindakipun mangetan leres sarwi lon-lonan, ginarubyug titiyang ewon kathahipun,
hewadene tanpa wonten sabawanipun, labet titiyang ingkang sami uimiring wau
sami trenyuh anawung sungkawa, temah kathah ingkang sami carocosan angedalaken
luhipun, margi saking sampun tumanem sih sumungkemipun dhateng Kangjeng Pangeran
Bumidirja inggih Kyai Bumi.
Sareng tindakipun Kangjeng Pangeran
dumugi ing dhusun Selang, lampahan udakawis 1 pal tebihipun, Sang Pangeran
paring dhawuh pangandika dhateng titiyang kathah, bilih sanget panarimanipun,
lan mundhut pangapunten klinta-klintuninpun sadangunipun minisepuhi wonten ing
dhusun Kebumen. Sarehning sampun kapara tebih, titiyang supados sami wangsula
mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun Sang Pangeran maringaken
kawilujengan, lajeng anglajengaken tindakipun, kadherekaken abdi titiga bektan
saking Mataram tuwin gandhek kakalih.
Mireng dhawuh pangandikanipun Sang
Pangeran, titiyang ingkang sami ndherek wau sami kamitenggengen boten saged
ngucap, lan titiyang wau taksih sami kendel wonten ing ngriku, dereng purun
mantuk, anamung sami ngawasaken kemawon dhateng tindakipun Sang Pangeran. Sareng
sampun boten katingal, titiyang saweg sami purun mantuk dhateng griyanipun
piyambak-piyambak, kaliyan kararantaning manah. Sang Pangeran laju tindakipun.
Sareng sampun sawatawis dinten saking
linggaripun Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi, ngestokaken
dhawuhipun. Kangjeng Pangeran, saking sarujukipun titiyang kathah, sarehning
tutrukan ing Kebumen wau dhusun ageng lajeng kaperang kadadosaken 8 dhusun.
Naminipun dhusun miturut naminipun ingkang dados sesepuh, inggih punika dhusun
ingkang dipun sepuhi Dipareja tetep nama dhusun Kebumen. Ingkang dipun sepuhi
wirayuda, nama dhusun Kawirayudan. Ingkang dipun sepuhi Basek, nama dhusun
Kebasekan. Ingkang dipun sepuhi Trama, nama Ketraman. Ingkang dipun sepuhi
Tamana, nama dhusun Ketamanan. Ingkang dipun sepuhi Banar, nama dhusun
Kebanaran. Ingkang dipun sepuhi Mangu, nama dhusun Kemangunan. Ingkang dipun
sepuhi Ketug, nama dhusun Ketugon. Nanging sadaya wau sami anglurah dhateng
Dipareja ing Kebumen. Saking anggenipun anglurahi pinisepuh 7 dhusun wau,
Dipareja lajeng katelah nama Glondhong, punika saking cekakan tembung glondhong
pengareng-areng, tegesipun bulubekti saking kareh-rehanipun. Dene sesepuhipun
ingkang 7 wau lajeng karan lurah. Namanipun dhusun-dhusun wau taksih lestantun
dumugi samangke.
Amangsuli tindakipun Kangjeng Pangeran
Bumidirja, inggih Kyai Bumi, sareng dumugi ing dhusun Lerep, lajeng ngasokaken
sarira, lerep sadalu. Enjingipun anglajengaken tindakipun, temah saged manggih
padunungan ingkang pasitenipun sae kadosdene pasiten tutrukan ing Kebumen. Kyai
Bumi lajeng dudunung wonten ing ngriku, inggih ing dhusun Karang, gandhek
kakalih boten kantun.
Kacariyos Ingkang Sinuwun ing Mataram
ndangu dhateng Papatih Dalem, dene utusan abdi gandhek kakalih sampun lami
dereng sami dhateng. Rekyana Patih munjuk, saking aturipun cundaka bilih paman
Dalem Kangjeng Pangeran Bumidirja, katimbalan kondur boten karsa, sampun kraos
sugeng anglugas raga sacaraning titiyang tani. Abdi Dalem gandhek kakalih
katrem ndherek Kangjeng Pangeran, margi ajrih yen umantuka.
Ingkang Sinuwun nunten utusan malih
utusan abdi kinasih kakalih, nama Udakara lan Surakarti. Nanging Kangjeng
Pangeran Bumidirja inggih meksa mogok boten karsa kondur. Udakara tuwin
Surakarti ugi lajeng boten wangsul dhateng Mataram malih, amargi inggih saking
ajrih, lajeng katrem sami ndherek Kangjeng Pangeran wonten ing dhusun Karang.
Kangjeng Pangeran Bumidirja lestantun asma Kyai Bumi, sarta tetep dadalem ing
dhusun ngriku, makaten ugi gandhek kakalih tuwin Udakara lan Surakarti, ugi
lestantun ndherek nunggil sadhusun, boten saged pisah kaliyan Kyai Bumi.
Kala samanten Kyai Bumi sampun
apuputra 4, pambajeng nama Kyai Gusti, panenggak Kyai Bagus, pandada Nyai
Ageng, warujunipun Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bumi, ingkang gumantos dados
sesepuh ing dhusun ngriku putra ingkang waruju, inggih punika Kyai Bekel. Sasedanipun
Kyai Bekel, ingkang gumantos dados sesepuh, putranipun ingkang nama Kyai Ragil.
Dene putranipun Kyai Ragil nama Ki Honggayuda, punika dados Demang wonten ing
dhusun Kutawinangun.
Mangsuli cariyos ing nginggil,
putranipun Kyai Bumi (Pangeran Bumidirja), ingkang nama Nyai Ageng punika semah
angsal Demang Wawar, puputra Ki Warganaya, ugi dados Demang anggentosi
sepuhipun. Ki Warganaya putranipun ingkang estri kakalih, ingkang sepuh dados
semahipun Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, punika pinanggih sadherek misan.
Ingkang nem kapundhut ampeyan (klangenan) Kangjeng Pangeran Puger, menggah
sajatosipun ingkang kapundut ampeyan wau taksih putra kepenakan misan. Dene
mula bukanipun makaten :
Salolosipun Kangjeng Pangeran
Bumidirja, Nagari Mataram saya gonjing, lami-lami lajeng wonnten kraman Trunajayan.
Ingkang Sinuwun Hamangkurat Agung linggar saking praja, kadherekaken putra
Dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, tuwin Kangjeng Pangeran Puger. Sareng
tindakipun Ingkang Sinuwun dumugi ing Banyumas, Sang Prabu kacandhak gerah
santer, dumugi ing sedanipun, kasarekaken wonten ing astana Tegalarum (Tegal).
Sasampunipun Ingkang Sinuwun sumare, Pangeran Puger kondur dhateng Mataram sumedya ananggulangi kraman Trunajayan. Sareng konduripun dumugi ing Wawar, Kangjeng Pangeran Puger lereh, lerem angasokaken sarira wonten ing griyanipun Ki Demang Warganaya. Sareng Kangjeng Pangeran Puger priksa anakipun estri Ki Demang, ndandak sakala kataman turidasmara, lajeng anakipun Ki Demang wau kapundut ampeyan, ugi kacaosken, medali putra satunggal miyos kakung, nama Jaka Sangkrip. Jaka Sangkrip kapendhet anak dhateng Ki Honggayuda Demang ing Kutawinangun, margi Nyai Honggayuda wau kaleres sadherekipun sepuh ibunipun Jaka Sangkrip. Dados Jaka SAngkrib wau kapendhet anak uwakipun.
Kacariyos Ki Honggayuda Demang
Kutawinangun, anakipun 6, dados sadaya wonten 7 kaliyan anak pekpekan pun Jaka Sangkrip
wau. Jaka Sangkrip wayahipun jajaka tanggel, sanget kawelarsa margi nandang
sakit katrapen waradin ing badan sakojur, boten wonten ingkang kadugi nyelak,
margi saking gandanipun bacin balorongan. Patilemanipun saenggen-enggen, ing
ngandhap pisang, kandhang, tritisan boten wonten ingkang ngopeni, para sadherek
anakipun Ki Demang Honggayuda boten wonten ingkang sapa aruh.
Jaka Sangkrip sanget ing
panalangsanipun, pupuntoning manah badhe kesah dhateng salebeting wana pados
margining pejah, margi merang dhateng sanak sadherekipun anggenipun sami boten
purun ngaken. Lampahipun Jaka Sangkrip sampun dumugi wana secelaking redi
Geyong, kalebet ing tanah Panjer. Wonten ing wana ngriku sampun angsal 21
dinten. Jaka Sangkrip boten neda lan boten
ngombe. Jaka Sangkrip lajeng kadhatengan tiyang jaler sampun sepuh, amaringi
susupe kapasangaken wonten ing darijinipun panuduh ing tangan tengen, kaliyan
paring dhawuh supados tapa wonten salebeting wetenging maesa, sasampunipun
mitungkas makaten, tiyang jaler wau lajeng boten katingal malih.
Jaka Sangkrip langkung kewran ing
manah, amargi boten pinanggih ing nalar ingatasing tiyang saged lumebet ing wetenging
maesa, nanging badhe maiben ajrih. Amila lajeng medal saking wana, lumampah
dhateng padhusunan, badhe ngyektosaken kados pundi kadadosaning lalampahan.
Sareng lampahipun dumugi sangajengipun griyanipun Ki Rejatani, mak-greg kados wonten ingkang ngengetaken,
mila lampahipun Jaka Sangkrip lajeng kendel wonten ing ngriku. Ki Rejatani wau
sabobotipun tiyang dhusun kawical kacekapan, maesanipun wonten 2 rakit,
sabinipun 4 bau. Ki Jaka Sangkrip ingkang kendel delog-delog wonten ngriku
sumerep wonten kandhang ingkang ing nglebet wonten maesanipun 4, lajeng enget
wewelingipun tiyang jaler wau, temah delog-delog amangu-mangu, ing batos mokal
temen wewelingipun tiyang jaler wau, gek sarana lampah kadospundi sagedipun
kaleksanan tapa wonten salebeting wetenging
maesa. Saweg dumugi samanten gagasanipun, tiyang jaler ingkang mitungkas Jaka
Sangkrip, lajeng dhateng jleg tanpa sangkan, lajeng ambopong Jaka Sangkrip,
saking rumaosipun Jaka Sangkrip, awakipun kalumahaken wonten gegering maesa. Sareng
tiyang jaler ingkang mbopong sarta
nglumahaken wau boten katingal, Jaka Sangkrip mangretos bilih awakipun sampun
wonten ing lebet wetenging maesa. Jaka Sangkrip sakalangkung ngungun, dene
wonten kaelokan makaten punika. Punapadene sasampunipun wonten ing lebeting
weteng maesa, Jaka Sangkrip boten kraos luwe tuwin ngelak, manahipun ayem
tentrem, awakipun boten kraos sakit, sanadyan awakipun taksih kebak mamala.
Ki Rejatani ingkang gadhah maesa wau,
ing satunggaling ndalu mrimpeni, bilih pasiten ing sangandhaping wit lo ing
saler kilening griya sarta celak pategilan, punika karesikana, makaten ugi
sakiwa tengenipun ngriku. Sasampunipun siti ing sangandhaping wit lo wau
kakeduk. Punapadene kandhangipun maesa kapindhaha wonten ing kidul wetaning
griya. Yen dipun lampahi ing wingking badhe manggih kabegjan.
Satanginipun saking tilem, Ki Rejatani
anggagas anggenipun mrimpeni dipun panggihi tiyang sepuh jaler, sarta aken
mindhah kandhangipun maesa lan andhudhuk siti sangandhaping wit lo, ugi badhe
tumunten dipun tandhangi. Nunten ngundang anakipun jaler, supados nedha sambatan
dhateng tangga tepalih ing ngriku perlu mindhah kandhang maesa. Boten watawis
dangu wonten tiyang 7 dhateng, sasampunipun dipun sukani sumerep pamindhahipun
lajeng dipun tandangi. Dene Ki Rejatani kaliyan anakipun jaler kakalih sami
ngresiki pasiten sangandhaping wit lo lan sakiwa tengenipun. Sasampunipun
resik, pasiten sangandhaping wit lo wau kadhudhuk. Sareng pandhudhukipun
sadhengkul lebetipun. Kawistara wonten pambludaging toya, sarta sitinipun
ambles, siti ingkang ambles boten kalajengaken pandhudhukipun, lajeng milihi
ndhudhuk siti ingkang taksih atos, dene yen sampun katingal mbludag toyanipun
lan sitinipun ambles, lajeng ndhudhuk siti ingkang taksih atos, makaten
salajengipun. Cekaking cariyos saweg sadhengkul lebeting pandhudhukipun siti,
wasana papan wau lajeng dados belik utawi sendhang, wiyaripun udakawis wonten
3M3, toyanipun sakalangkung wening.
Ing ndalunipun KI Rejatani ugi dipun
primpeni malih, bilih maesa ingkang bule ulesipun, punika kabeleha kangge
wilujengan dhusun, sarta sendhang wau ing saben dinten malem Jumuwah utawi
anggara-kasih dipun sajenana sekar boreh lan kukutuga ambesmi dupa. Makaten ugi
tiyang boten kenging adus utawi ngungumbah wonten ing ngriku. Dene tiyang
ingkang kenging adus wonten ing ngriku, namung tiyang satunggal ingkang nama
Jaka Sangkrip.
Rejatani angestokaken kalayan eklasing
manah maesanipun ingkang bule kapragad kangge wilujengan dhusun. Sareng pamragadipun
badhe ambedhah weteng perlu mendheti jerowan, lajeng kapireng suwantening
tiyang wonten salebeting weteng maesa ingkang badhe kapendhet jerowanipun wau.
Tiyang punika nyuwanten supados ngatos-atos anggenipun ambedhel weteng, amargi
ing salebeting weteng ngriku isi tiyang.
Mireng suwanten makaten punika, tiyang
ingkang mragad maesa wau lajeng nyukani sumerep dhateng Ki Rejatani, Rejatani
sanget gumun enggal-enggal murugi, sarta lajeng pitaken dhateng ingkang
nyuwanten, menggah nama tuwin kawijilanipun, punapadene mulabukanipun, dene
wonten lalampahan ingkang sanget aeng utawi elok punika. Ingkang dipun pitakeni
mangsuli, sarta mrasajakaken namanipun, yen piyambakipun nama Jaka Sangkrip,
anggenipun wonten salebeting wetengipun maesa ingkang kapragad wau, amargi
ngupados, pejah, jalaran gadhah sasakit badanipun sakojur boyehen boten
mantun-mantun. Sanadyan piyambakipun sampun lumebet ing wetenging maesa meksa
dereng saged pejah, mangka linampahan boten nedha lan ngombe.
Rejatani miring wangsulan makaten
enget wewelingipun tiyang jaler wonten salebeting pasupenan, temah anggenipun
ambedhah wetenging maesa katandangan Ki Rejatani piyambak kalayan sanget
angatos-atos. Sareng sampun kabedhah, sanyata wonten tiyangipun, lajeng
kabopong kabekta dhateng sendhang sangandhaping wit lo, lajeng kaedusan toya
sendhang. Ki Rejatani boten wigih-wigih anggenipun ngosoki badan sakojur,
rereged tuwin nanahipun ical, sasakitipun katrap anggegregi sami sakala, ing
sapunika sampun sirna mamalanipun, badanipun sakojur alus boten wonten tabeting
belang sakedhik-kedhika. Wiwit kesahipun Jaka Sangkrip dumugining dinten
punika, kapetang sampun 45 dinten lampahipun boten nedha boten ngombe, mila
badanipun tanpa kikiyatan.
Jaka Sangkrip lajeng kabopong kabekta
lumebet ing griya dening Ki Rejatani, lajeng katilemaken ing salu wonten ing
griya ngajeng. Kangge mulihaken kikiyataning badan sarehning sampun pinten-pinten
dinten boten kalebetan punapa-punapa, lajeng dipun lebeti tigan mentah, sarta
kasusul ngombe tajin. Jaka Sangkrip sampun radi kuwawi badanipun, sampun saged
linggih. Sareng sampun kalebetan sekul, kikiyatanipun pulih kados nalika
saderengipun sakit, andadosaken bingahing manahipun Jaka sangkrip ingkang tanpa
pipindhan.
Jaka Sangkrip wonten ing griyanipun
Rejatani angsal pendak dinten laminipun, badanipun sampun kiyat, lajeng nedha
pamit dhateng Ki Rejatani badhe mantuk, kanthi suka panarimah anggenipun Ki
Rejatani sampun anambak gesang, Jaka Sangkrip rumaos boten saged males
punapa-punapa, namung Pangeran piyambak ingkang badhe anggganjar dhateng Ki
Rejatani, ingkang ambeg darma saha welasasih ing sasami ingkang saweg manggih
pakewed. Jaka Sangkrip mrayogakaken, sendhang ingkang toyanipun kangge ngedusi
Jaka Sangkrib, manawi Rejatani sarujuk, dipun namanana Belik Kawarasan, kapendhet saking sasampunipun Jaka Sangkrib dipun
dusi toya saking sendhang ngriku, ndadak sakala sasakitipun waluya jati. Ki
Rejatani nayogyani, badhe kaestokaken, saha suka wilujeng salampahipun Jaka Sangkrip,
sarta apiweling sampun ngantos lami-lami tutuwia malih margi sampun dados anak,
sampun ngantos ewed-pekewed. Rejatani suka wilujeng sarta nguntapaken
lampahipun ngantos sawatawis tebih, sampun pepengkeran lampahipun.
Sampun dados kalimrahan, saking
wiraosipun bakul sinambi wara, karna binandhung, lidhah sinambung, undhaking
titipan, sakedhap kemawon sampun kapireng dhateng titiyang ing
dhusun-ngadhusun, sanadyan ingkang tebih-tebih, sarta ugi lajeng kapireng ing
salebeting Nagari, bilih pakawisanipun Ki Rejatani wonten sendangipun tiban,
toyanipun sakalangkung wening, namanipun Belik Kawarasan. Milanipun dipun wastani
makaten amargi sadaya sasakit punapa kemawon, bilih ingkang sakit wau dipun
dusi utawi ombeni toyanipun sendhang wau, sasakitipun saged waluya saras
sanalika.
Wiwit punika ing griyanipun Ki
Rejatani boten kendhat kadhatengan titiyang saking pundi-pundi prelu jajampi,
ndadosaken suwuring namanipun Ki Rejatani, lajeng anambahi ing kacekapanipun.
Sebab titiyang ingkang sami mriku temtu ambekta angsal-angsal rupi-rupi utawi
awujud arta. Punapadene ingkang sampun nate jajampi mriku, sarehning sampun
saras sasakitipun, saking bingah-bingahipun wonten ingkang lajeng kaul utawi nadar
sarana wilujengan wonten ing griyanipun Ki Rejatani. Mila griyanipun Ki
Rejatani lajeng kaagengaken, sarta katambahan pandhapi wujud griya wangun
joglo, kacekapa kangge nampeni ingkang tamu, margi ingkang griyanipun tebih,
salong wonten ingkang sami nyipeng. Punapadene Belik Kawarasan lajeng kapager
banon mawi konten, yen ndalu dipun kunci, margi kuwatos bilih belik wau lajeng
kangge adus utawi ngumbahi pangangge dhateng tiyang ingkang boten sumerep. Ki
Rejatani namung tumindak pangatos-atos, miturut piwelingipun tiyang jaler sepuh
salebeting pasumpenan, bilih Ki Rejatani kawaleran, sendhang wau boten enging
pisan-pisan kangge ngumbahi utawi adus, kajaba namung kangge ngedusi Jaka Sangkrip
piyambak kados ingkang kasebut ing nginggil. Yen kalampahan tinerak wonten ingkang
adus utawi kukumbah wonten ing sendhang ngriku, toyanipun lajeng tawar boten
kenging kangge njampeni tiyang sakit. Saking namaning Belik Kawarasan, dangu-dangu
tembung Kawarasan wau lajeng mingsed dados namaning dhusun ingkang dipun
griyani Ki Rejatani, sabab Ki Rejatani ing wingkingipun lajeng dipun dadoskaken
Lurah wonten dhusun ngriku, dados sadaya padunung reh-rehanipun Ki Rejatani wau
lajeng nama dhusun Kawarasan. (Nama Kawarasan ngantos sapriki taksih lestantun
dados namaning dhusun ing ngriku, makaten ugi belikipun inggih taksih wonten, namung
kemawon sampun boten karimat, toyanipun sampun ngabar boten kenging kangge
jampi, margi ing papan ngriku utawi toyanipun lajeng dipun angge sapurun-purun
dhateng tiyang kathah. Hewadene salong wonten tiyang satunggal kalih ingkang
sakit, mrelokaken dhateng mriku, prelu jajampi sarana adus utawi ngombe
toyaning belik).
Mangsuli lalampahanipun Jaka Sangkrip,
upami wangsul dhateng Kutawinangun, rumaos rikuh sanget, margi sadherekipun
sami boten sapa aruh, kekencenganing manah badhe lalana tambuh paraning sedya, namung
nuruti salampahing suku. Wiwit kesah nilar saking griyaning tiyang sepuhipun,
lajeng lumebet ing wana ngantos lumebetipun wonten ing wetenging maesa margi
kapragad, ingga dipun edusi ing sendhang, kapetang sampun wonten 45 dinten
laminipun, punika sampun manjing dados tapa-bratanipun, mila sampun wiwit
katingal kramatipun. Sareng lampahipun Jaka Sangkrip nglangkungi tiyang badhe
damel griya, ingkang saweg kawiwitan babaturaipun, ing ngriku Jaka Sangkrip ka’ampiraken,
ugi dipun turuti. Tiyang ingkang gadhah griya tuwuh raosipun nedha pitaken, bab
pepetanganipun wiwiting angadekaken griya lan sapanunggalanipun ingkang pinanggih
prayogi. Ing ngriku Jaka Sangkrip ndilalah kaparingan wewengan papadhang saged
mangsuli pitakenan-pitakenan wau, mangka ing suwaunipun, ngertos yen ngertosa,
saweg mireng kemawon dereng. Jaka Sangkrip anglegani ngantos sawatawis dangu
wonten ngriku. Sasampunipun cekap Jaka Sangkrip pamitan badhe nglajengaken
lampah, kanthi suka sumerep yen dhusun ngriku kasukanana nama Kebaturan, punika
murih tiyang sadhusun riku manggih wilujeng lan karejeken, sadaya tatanemanipun
saged kamedalan. Tiyang ingkang gadhah griya wau nginggihi sarta badhe suka
sumerep kaliyan Lurahipun ing dhusun ngriku.
Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun,
sareng dumugi papan ingkang kathah kambanganipun, ingkang saweg dipun engen,
lajeng cariyos dhateng tiyang sacelakipun ngriku, bilih dhusun wau kanamakaken
Kabebekan, supados kasanjangaken dhateng Lurah ing dhusun ngriku, yen tinurut badhe
manggih kawilujengan lan reja dhusunipun. Mrangguli malih papan ingkang kathah
mendanipun, lajeng kasukan nama Kawedhusan. Boten tebih ngriku, lajeng saged
sasarengan kaliyan tiyang ingkang lumampah, sajakipun kasesa-sesa, lajeng dipun
takeni, tiyang ingkang dipun pitakeni amangsuli bilih piyambakipun dhukun badhe
mitulungi tiyang sakit mentas gadhah lare kembar. Mireng wangsulan makaten wau,
Jaka sangkrip lajeng mendhet ron dhadhap ing pager sapinggiring margi ingkang
dipun langkungi, ron dhadhap wau kapusus, toyanipun kangge medhaki wetengipun
ingkang sakit, Insa Allah saged mantun sakitipun. Jaka Sangkrip meling, dhusun
ngriku kasanantunana nama dhusun Kembaran, lan bayi wau kanamakna Dhadhap lan
Waru, ing tembe manggih kreta dhusunipun, lan lare wau manggih wilujeng sugih rejeki.
Punapa sapakenipun Jaka Sangkrip dipun tindakaken dening dhukun, sareng ingkang
sakit dipun wedhaki pususan ron dhadhap,sakala mantun. Dhukun eram, nginten
bilih tiyang wau Wali pinuju langkung, mila punapa sawontening lalampahan ingkang
mentas katindakaken sarta piwelingipun Jaka Sangkrip dipun pajaraken dhateng
Lurahipun ing ngriku. Jaka Sangkrip lajeng lampahipun mangilen nyabrang lepen Lukula.
Boten tebih saking sabrangan ngriku, Jaka Sangkrip sumerep tiyang saweg ngrimat
sawungipun ules wiring jene, jengger telon, Jaka Sangkrip nyelaki sarwi maspadakaken,
kawistara sawung wau sae sanget katurangganipun. Temah mituturi dhateng tiyang
ingkang gadhah sawung wau bilih sawungipun punika sae katurangganipun saged
angrejekeni. Dene wateking dhusun
ngriku,murih kertanipun, dhusun wau kasantunan nama Pajagoan. Ingkang
gadhah sawung sanget bingah dene angsal paseksen bilih sawungipun pancen sae
katurangganipn. Dene anggenipun dhusun ngriku supados kapindhah nama, ugi badhe
dipun sanjangaken dhateng Lurahipun. Jaka Sangkrip terus mangidul lampahipun,
dumadakan mireng tiyan estri paben saklangkung sora, lajeng sami uleng, kasapih
tatangganipun, ingkang paben lajeng kendel. Tiyang ingkang nyapih wau lajeng
dipun pitakeni dhateng Jaka Sangkrip, sebabipun sami papabenan, dipun wangsuli
menawi pabenipun wau jalaran saking rebat sihipun ingkang jaler. Sabab tiyang
jaler wau pancen bojonipun kathah, bojo ingkang kalih kakempalaken, inggih ingkang
paben punika, dene bojo ingkang enem griyanipun pisah miyambak. Jaka Sangkrip
lajeng cariyos, bilih dhusun ngriku kagantosa naminipun, kantunan nama
Kawayuhan, murih boten wonten tiyang wayuh. Ki sanak, sampeyan sanjanga dhateng
Lurah sampeyan. Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun mangilen, sareng dumugi
padhusunan ingkang dhadhahipun (pager) sami kataneman wit puring, lampahipun
Jaka Sangkrip kendel, margi kadalon, lajeng nyipeng wonten griyanipun Lurah
dhusun ngriku. Ing wanci gagatrahina Jaka Sangkrip pamitan badhe anglajengaken lampah,
sarta suka pamrayogi dhusun ngriku ingkang dipun sipengi wau, murih ing dhusun
ngriku saged tentrem, kasantunana nama
Puring, Lurah dhusun wau ugi nyagahi badhe karembag kaliyan tiyang sadhusun.
Kacariyos dhusun-dhusun wau, namanipun
ugi sami kasantunan miturut nama-nama pakenipun Jaka Sangkrip. (Namaning
dhusun-dhusun wau saingga sapriki taksih tetep boten ewah).
Jaka Sangkrip nglajengaken lamapahipun
mangilen dumugi ing Karangbolong. Ing Karangbolong ngriku kacariyos papan panggenaning
para dhemit, setan, peri-perayangan. Jaka Sangkrip manggih guwa lajeng dipun
lebeti, inggih ing ngriku punika ingkang nama guwa menganti, kahyanganipun ratuning
dhedhemit nama Kyai Kreta. Jaka Sangkrip mati raga wonten ing ngriku, sareng
sampun angsal 7 dinten 7 ndalu, kagodha para dhemit, Jaka Sangkrip panggah tan
mobah mosik, cabaring gogodha Kyai Kreta dhateng kaliyan nyukani cemeti, ageng
kasiyatipun, boten kenging kasor yen mengsah kaliyan sasamining manungsa. Kyai
Kreta lajeng mangsit sadaya kawontenan ingkang badhe linampahan.Jaka Sangkrip
langkung suka, saha atur sanget ing panarimanipun, Kyai Kreta sampun boten katingal
saking pandulunipun Jaka Sangkrip.
Jaka Sangkrip tumunten medal saking
guwa nedya dhateng wana Moros kados wangsitipun KyaiKreta, lampahipun mangetan,
ugi sampun dumugi papan ingkang sinedya. Ing Moros punika wana greng gung
liwang-liwung, angkeripun ngudubilahi, jalma mara, jalma mati, nanging Jaka
Sangkrip boten gigrig sarambut. Jaka Sangkrip sampun wonten satengahing wana,
milang-miling ngupadosi papan ingkang kawangsitaken Kyai Kreta, boten dangu
pinanggih, lajeng kendel, ing wektu punika sampun ngajengaken wanci sandyakala
suruping Hyang Surya.
Ing wanci ndalu kathah ungel-ungelan
suwantening satowana, ingkang sanget ngajrih-ajrihi, nanging tumraping Jaka Sangkrip,
makaten punika dede barang-barang. Saya dalu hawanipun saya kekes tumanduk
raosing badan, suwantening sato galak sajak nggegirisi. Katungka dhatening
prahara sindhung riwut anampeg kakajengan ageng-ageng, suwantenipun gumerot
gumrebek kados ambedhah-mbedhahna kendhanganing karna, lajeng geter prakempa, kilat
tatit liliweran, bumi gonjing, Jaka Sangkrip muntu cipta ameleng sawiji boten
obah mosik asrah pandoning Hyang kang Murbeng Jagad, sasireping gara-gara jleg
tanpa sangkan wonten wanara seta sakalangkung ageng ngadeg sangajengipun Jaka
Sangkrip,sarwi angisis-siyung, lajeng nyandhak bangkekanipun Jaka Sangkrip,
temah pancakara. Jaka Sangkrip karepotan boten angsal papan, enget gadhah
cemeti ingkang saking Kyai Kreta, enggal katamaken dhateng wanara ingkang
goragodha, kataman cemeti wanara ambruk tan saged anggulawat, babayunipun kados
dipun lolosi raosipun, temah tobat nedha pangapunten sarta nyukani pratondha
ingkang minongka patobatipun wau, ugi sampun ingapunten.
Wanara wau mrasajakaken bilih dados
nayakanipun Kangjeng Ratu Kidul, nama Kombangaliali, dhatengipun ing ngriku
pancen dapur ingutus Kangjeng Ratu Kidul kinen anggogodha. Sarehning sampun
kapara nyata yen Ki Jaka Sangkrip pinunjul, samangke Ki Jaka Sangkrip
kaparingan tumbak dening Kangjeng Ratu Kidul. Punapadene samangsa-mangsa
manggihi pakewed, tumbak punika katancepna ing siti, ing ngriku piyambakipun
tumunten dhateng sanalika tutulung. Punadene saking dhawuhipun Kangjeng Ratu
Kidul Ki Jaka Sangkrip namanipun kapundhut, lajeng kaparingan nama Ki
Surawijaya. Makaten ugi dipun jateni, bilih Ki Honggayuda ing Kutawinangun,
punika dede tiyang sepuhipun, punika kaprenah bapa uwa, kabekta saking ibunipun
Ki Surawijaya punika rayinipun Nyai Honggayuda. Dene sanyatanipun ingkang
ngukir Ki Surawijaya punika satriya putranipun Nata ing Mataram, inggih punika
Kangjeng Pangeran Puger, ing sapunika anyatriya wonten ing Nagari Kartasura. Ki
Surawijaya tumuntena wangsul pinanggih ibunipun ingkang taksih winengku ing
tiyang sepuhipun, inggih punika Ki Demang Warganaya ing Wawar. Dhasar ibunipun saweg
nandhang prihatos ngajeng-ajeng dhatengipun Ki Surawijaya. Sasampunipun telas
piwelingipun, Kombangaliali musna boten katingal, wangsul dhateng saganten
kidul.
# wonten candhakipun ….. .
0 komentar:
Posting Komentar