Kacarios
kala ing Negari Mataram ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuwun Kanjeng
Susuhunan Prabu Mangkurat Agung, ing tanah Panjer wonten satunggaling
Bupati Sruni, nama Mas Tumenggung Pramonca ugi ing Sruni. Dene
Tumenggung Pramonca putranipun Ki Mas Monca. Sareng Ki Monca jinunjung
dados Pepatih Dalem ing Pajang, lajeng nama Harya Moncanagara. Dados Mas
Tumenggung Kertinegara ing Sruni, punika wayahipun Papatih Dalem ing
Pajang Harya Moncanagara.
Wondene
putranipun Mas Tumengngung Kertinegara ingkang medal saking mBok sepuh
wonten tiga, jaler kalih estri satunggal. Ingkang sepuh nama
Kertileksana, lajeng Ki Kertisentika, wuragilipun estri nama Mas Rara
Rinten. Putra ingkang saking mbok enem, ingkang kacariyosaken naming
satunggal estri, nama Mas Rara Ranti. Dados ingkang kocap ing ngriki,
putranipun Mas Tumenggung Kertinegara wau naming saskawan, jaler kali,
estri kalih.
Putra
jaler kakalih Ki Kertileksana lan Ki Kertisentika wau sami kaserenan
kasekten linangkung, boten pasha tapak paluning gurenda tuwin tajeming
badama, berkuwanen saha wanter ulah kridhaning aprang, dasar sugih
kagungan.
Ing
saben dinten tansah anggladhi ulah dadamel tuwin pasang gelaring
ngayuda dating para mantri, demang saandhahanipun sadaya, punapa dene
dhateng para kawula prajurit arahan. Amila para Tumenggung, mantri
demang saandhahanipun ing sakiwa tengenipun ngriku sami erring dhateng
Mas Tumenggung ing Sruni.
Mas
Tumenggung Kertinegara sanget renaming nggalih, dene putranipun kakalih
sami kasinungan kadigdayan tuwin kaprawiraning ngadilaga. Mila lajeng
tuwuh gagasanipun, sumedya mirong Kampuh jingga, boten badhe caos
bulubekti tuwin sowan dhateng Karaton Mataram.
Mas
Tumenggung ugi mangertos bilih ambalela ing Ratu Gustinipun punika nama
nista. Ananging sarehning rumaos boten saged ngendak nepsunipun, badhe
kados pundit kemawon kawusananipun ing tembe, inggih badhe linampahan.
Sukur saged manggih kamulyan, pancen punika ingkang kinajengaken. Dene
yen lepat, sanadyan manggih papa sangsara, agengipun dumugining pejah
pisan, ugi badhe dipun andemi kanthi eklasing manah. Mila makaten margi
Mas Tumenggung sampun boten saged njabili sedyanipun, jalaran saking
angengeti dhateng Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat
Agung ing Mataram wau sanget daksiya tanpa welas dhateng para kawula.
Pangastaning paprentahan boten adhil, kathah kemawon para santana tuwin
abdi Dalem, punapa dene para kawula ingkang kapatrapan paukuman pidana
boten satimbang kaliyan dosanipun. Para Santana Daelm tuwin Bupati,
Mantri saandhahanipun, punapadene para kawula, sami kekes tintrim miris
aketir-ketir, bilih wonten kalintuning tindak, sanadyan, sanadyan boten
kajarag pisan, temtu badhe nampi pidananing Nata.
Ing
satunggaling dinten Mas Tumenggung Kertinegara nimbali putranipun
kaualih, sareng sampun sami sowan, Ki Tumengggung ngandika : thole
anak-anakku, andadekake bungahing wong ngatuwamu, dene saka panyawangku,
kowe sakarone wus padha miyatani ngrampungi gawe saupama ing
sawektu-wektu padha dakpasrahi panggawe kang luwih abot, iya marga saka
kaprawiranmu ing ngajurit. Kang dadi sedyaku mau wus dakrendhem suwe ana
ing sajroning ati, ing saiki bakal dakwedaharake marang kowe kabeh.
Satemene bae, wong ngatuwamu sumedya ambalela ing Sang Prabu Mataram.
Mungguh saka rembugmu sakarone kepriye, apa iya padha ngrujuki, mara
nuli matura aja nganggo ewuh pakewuh. Putra kaualih matur sasarengan :
ing saderengipun rama medharaken punapa ingkang dados pagedonganing
karsa, ingkang putra sampun sami mangertos, mila inggih sampun sami
jagi-jagi ing saderengipun, enjing utawi sonten sampun sumekta, kantun
ngetnosi dhawuhipun rama kemawon. Ingkang rama : iya banget panarimaku,
dene kowe padha ngemen-emenake lan nyumurupi marang pasang semuning
kakarepane wong tuwa.
Ing
wektu punika Mas Tumenggung Kertinagara kajawi kaadhep putra kakalih,
Lurah prajurit Ki Sutamenggala, andel-andelipun Ki Kertileksana ingkang
sanget pinitados ugi tumut sowan, mila inggih lajeng kapundhutan
titimbanganipun Rembang. Ki Lurah Sutamenggala matur : O, Kiyai
Tumengggung, ing saderengipun ingkang abdi matur, bilih atur kula ing
mangke boten saged kadhahar, keparenga Kiyai Tumenggung amaringana
pangapunten dhateng ingkang abdi. Menggah saking pamanggih kula, sampun
dados ila-ila wiwit ing jaman Ratu Gustinipun, punika ing tembe
wingkingipun boten prayogi kadadosanipun. Awit jumenengipun Ratu punika
sanjata saking wahyu paparingipun Pangeran piyambak, margi Ratu wau
kakarsakaken dados wawakilipun, mila Ratu lajeng kasebut Kalifatulah.
Dene yen Ratu wau nerak jenenging Kalifatulah, mangertosipun boten jejeg
pangastanipun pengadilan sarta boten welas asih dhateng para kawula,
punika pangeran piyambak ingkang badhe midana dhateng Sang Prabu. Atur
kula punika namun saleresipun kemawon ingkang medal saking manah suci,
boten pisan-pisan mambengi karsanipun Kiyai Tumenggung. Dene yen
aturipun ingkang abdi ingkang makaten wau boten kadhahar, kula inggih
namun ndherek cumadhong dhawuh, sarta badhe kula labeti kanthi
angetohaken nyawanipun ingkang abdi Lurah Sutamenggala punika.
Sareng
Mas Tumenggung Kertinagara mireng aturipun Lurah prajurit Sutamenggala,
ing batos Mas Tumenggung ngalembana dhateng pratitising aturipun,
pancen leres mekaten punika. Sanadyan makatena, bawanipun Ki Tumenggung
sampun kapanjingan kamurkan, rumaos boten saged ngendhak hawanepsunipun
anggenipun badhe madeg pribadi boten kaereh ing Mataram, amil sedyanipun
Mas Tumenggung Kertinegara inggih badhe kalajengaken. Wasana lajeng
ngandika dhateng putranipun : thole, anakku karo, mungguh ature si
Sutamenggala iku ora kena diunggahi, pancen iya bener mangkono iku.
Kajaba
iku wus kasebut ing ndalem wirayat, sing sapa kanggonan pusaka Kanjeng
Kiyai Jabardas, yaiku kang kawahyon pinasthi jumeneng Nata ing Tanah
Jawa. Dene ing saikine, Kanjeng Kiyai Jabardas mau dadi pusaka Karaton
Mataram. Mula saka iku, dak enggo pasanggiri, yen aku bisa njupuk
Kanjeng Kiyai Jabardas saka sajroning Karaton Mataram, iku pratandha aku
kaidenan jumeneng Nata, yen mangkono Kraton Mataram enggal dak gepuk
prang. Dene yen ora bisa njupuk Kanjeng Kiyai Jabardas, sedyaku ambalela
ing Ratu dakwurungake, sarta aku enggal sowan seba ing ngarsane Ingkang
Sinuwun Kanjeng Susuhunan. Bisa lan orane njupuk Kanjeng Kiyai
Jabardas mau, dakwangeni suwe-suwene 3 taun lawse. Wangenan 3 taun mau
ngiras tata-tata kapurantining ngayuda, sarta ngulid kridhaning ulah
paprangan marang para wadyabala ing Sruni kabeh, supaya semangsa-mangsa
tempuking gawe angrabaseng mungsuh ora nguciwani. Mara saiki pulunanku
si Trunayuda enggal timbalana, bakal dakpasrahi pagaweyan kang luwih
gawat, lumaku marang Mataram.
Boten
antawis dangu Ki Trunayuda sampun sowan, inggih pun kadhawuhan punapa
ingkang dados wigatosing karsa, inggih punika kinen lampah sandi-upaya
dhateng Mataram, andhusta pusaka Dalem Kanjeng Kiyai Jabardas.
Sasampunipun wineling-weling pamrayogining lampah, Ki Trunayuda lajeng
pangkat dhateng Mataram.
Boten
kacariyos roroncening lamapah, enggaling cariyos Ki Trunayuda sampun
suwita ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Mataram.
Panggalih Dalem Ingkang Sinuwun langkung rena nampeni pasuwitanipun
tiyang saking Sruni pun Trunayuda, margo badhe angsal
katerangan-katerangan menggah kawontenanipun Tumenggung Kertinegara ing
Sruni, jalaran Ingkang Sinuwun sampun midhanget pawartos pambalelanipun
Tumenggung Sruni. Menggah anggenipun Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan
angabdekaken tiyang saking Sruni wau nama kainan sanget, margi boten
titipriksa lan ngawekani lampah dom sumuruping toya.
Pangabdinipun
Ki Trunayuda kacelak sanget dening Sang Prabu, tetep abdi kinasih.
nCilalah sanadyana Ingkang Sunuwun sampun wuninga dhateng
pambangkangipun Tumenggung Sruni, teka penggalih Dalem sepen boten
ngawekani bilih pangabdinipun tiyang Sruni wau saking pandamelipun
Tumengggung Kertinegara.
Ki
Trunayuda tansah ambudidaya, kadospundi sagedipun nundukaken
kaculikanipun. Sarehning wonten ing salebeting Karaton boten wonten
ingkang nyurigani, mila kalayan gampil pamendhetipun pusaka Dalem
Kanjeng Kiyai Jabardas wau. Sareng sampun kapendhet, enggal-enggal
kabekta kesah mantuk dhateng Sruni, lampahipun ing wnaci tengah ndalu
bidhal saking Mataram. Boten kacariyos lampahipun margi, Ki Trunayuda
sampun dumugi ing Sruni terus sowan Mas Tumenggung Kertinegara. Kapetang
wiwit pangkat ngantos mantukipun Ki Trunayuda dumugi ing Sruni,
laminipun saweg kalih taunan.
Kados
punapa kemawon bingahing manahipun Mas Tumenggung Kertinegara, sayekti
tanpa pipindhan, ciptaning manah nagari Mataram sampun karegem ing
ngastanipun. Mila lajeng nimbali putranipun kakalih. Sareng sampun sami
sowan lajeng ngandika : thole, kang dakgawe pasanggiri yaiku pusaka
Dalem Kanjeng Kiyai Jabardas, saiki wus kena kaboyong marang Sruni, lah
iki rupane. Ing saiki bakal dakleksanani anggonku ambalela ing Ratu lan
tumuli ambedhah ing Mataram. Mula tumuliya siyaga ing gawe aja nganti
nguciwani. Yen wus sumekta enggal budhalan angingirup tanah sakiwa
tengene Sruni kene dhisik. Para Mantri lan Bupatine teluknya dhisik, yen
bangga lunasan. Ingkang putra nyandikani, enggal ambidhalaken
wadyabala.
Saweg
salapan dintenan kemawon saking angakting wadyabala Sruni, para
Tumenggung saandhahanipun ing sakiwa tengen ing ngriku sampun sami
nungkul, sarta kathah ingkang sami nungkul aris boten sarana linawan
perang. Dhasar mamanahipun Mas Tumenggung Kertinegara berbudi sanget
balaba, sae pangrengkuhipun dhateng sinten kemawon, sarta saged ngemong
kawula, paunapadene saged mendhet manahipun tiyang kathah. Amila saweg
setengah taunan kemawon saking pangramanipun, jajahanipun Mas
Tumengggung Kertinegara ing Sruni sampun wiyar. Ingngih punika
mangidulipun sampun dumugi ing pesisir kidul, mangilen dumugi tanah
Roma, mengaler dumugi tanah Ledok (Wanasaba), dene mangetanipun meh
dumugi tanah Kutawinangun.
Menggah
pangramanipun Mas Tumenggung Sruni sampun kapireng saking Mataram,
lajeng konjuk Sang Prabu, andadosaken dudukaning penggalih Dalem.
Tumunten paring dhawuh dhateng putra Dalem Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati tuwin Kanjeng Pangeran Puger, punapadene dhateng Papatih Dalem,
sami ndindakaken nyirep wontenipun kraman ing Sruni, upamia latu,
mumpung dereng andados. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati matur sandika,
tumunten badhe pangkat bobodolan, anindhihi wadyabala. Ing ngriku
Kanjeng Gusti Pangeran Adipati munjuk, murih tumunten sireping kraman
ing Sruni, Kanjeng Gusti Pangeran Adipati nyuwun pusaka Dalem cangkingan
Kanjeng Kiyai Jabardas.
Ingkang
Sinuwun marengaken, lajeng utusan mundhut pusaka Dalem Kanjeng Kiyai
Jabardas wau, nanging pinanggih sepen, kaupadosan ing gedhong panepen,
papan ingkang kagem nyarekaken sadaya pusaka Dalem, sampun kaubres meksa
boten pinangngih, tetela bilih sampun musna saking pasareyanipun.
Abdi
ingkang kautus, munjuk ing ngarsa Dalem, bilih pusaka Dalem Kanjeng
Kiyai Jabardas ing papan sumarenipun boten wonten, ingupadosan bokbilih
sumare nunggil kaliyan pusaka Dalem sanes-sanesipun ugi boten pinanggih,
tetela bilih pusaka Dalem wau sampun musna saking salebeting datulaya.
Sareng
Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan midhanget unjukipun utusan Dalem wau,
sanget kejot lan pangunguning penggalih Dalem, pangudaraosing nggalih,
bilih Karaton kaoncatan kagungan Dalem pusaka wau, saestu ing Mataram
badhe risak samangsa tinempuh ing mengsah.
Sang
Prabu sanget kemengan ing badrairawan, temah tigang pandurat boten
angandika, sakala binuka wewenganing panggalih Dalem, boten kasamaran
malih bilih pusaka Dalem Kanjeng Kiyai Jabardas wau sampun wonten ing
Sruni, margi kabekta dening abdi kinasih ingkang saking Sruni. Tetela
bilih tiyang wau kengkenanipun Tumenggung ing Sruni, kinen andusta
kagungan Dalem pusaka.
Sang
Prabu alon angandika : putraningsun kaki Pangeran Pati lan pangeran
Puger, apadene papatihingsun, marga saka musnane pusakaningsun Kiyai
Jabardas, karsaningsun anyirep kraman ing Sruni becik kasumenekake
dhisik. Sabab pusakaningsun saiki wus ana ing Sruni, yen ing Sruni
linawan, ora wurung prajurit Mataram akeh kang kapara tiwas.
Karsaningsun,
ing saiki ambudidaya, kepriye prayogane Bisan kondur pusakaningsun mau.
Kiyai Patih munjuk : dhuh Gusti pupundhen kula Ingkang Sinuwun, abdi
Dalem pun Patih kaparenga munjuk ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun, bilih
kapareng saha kapadhaning karsa Dalem Ingkang Sinuwun, prayogi utusan
abdi Dalem alampah sandi dom sumuruping toya, abdi Dalem Demang
Sutawijaya kayekten saged manjing ing agal lembat sarta kenging
pinitados, mungguh sanget dados utusan nDalem, saking pangintenipun abdi
Dalem pun Patih, kado-kados saged angonduraken pusaka Dalem ingkang
oncat saking salebeting Karaton Dalem. Kanjeng Gusti Pangeran Adipati
tuwin Pangeran Puger anyondhongi. Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun sanget
suka pirenaning penggalih Dalem sareng midhanget unjukipun Rekyana
Patih.
Saking
kaparenging karsa Dalem murih boten ngatawisi ing lampah, Ki Demang
Sutawijaya kapindhah dados Demang ing Kutowinangun, inggih punika tanah
sacaketipun ing Sruni ingkang dereng karebat ing kraman. Dhawuh
timbalan Dalem Ki Demang ndikakaken boboyongan tumunten saanak semahipun
dhateng Kutowinangun. Ing tembe yen saged angsal damel,
saturun-turunipun badhe kamuktekaken.
Sarampunging
dhawuh Dalem, Rekyana Patih kapareng mundur saking ngarsa Nata.
Sadumugunipun ing dalem Kapatihan, enggal utusan nimbali Ki Demang
Sutawijaya, sampun kerid sowan sesarengan salampahing utusan.
Sadumuginipun ing dalem Kapatihan Kyai Patih mratelakaken bilih ngemban
dhawuh timbalan Dalem Nata, KI Demang kimarsakaken lijer (pindhah) dados
Demang wonten ing Kutowinangun. Milanipun Ki Demang kapindhah wau,
menggah ingkang dados karsa Dalem, Ki Demang ndikakaken ngayahi dhawuh
Dalem ingkang saklangkung awrat kanthi lampah winados, dene tumindaking
lampah, murih saderengipun angsal damel boten kawiyaking mengsah, dipun
sakajengaken Ki Demang piyambak, kadospundi prayoginipun, babasanipun :
amek iwak aja buthek banyune. Menggah wigatosing lampah sampun
kadhawuhaken, inggih punika mundhut konduripun pusaka Dalem Kanjeng
Kiyai Jabardas ingkang kadusta dening Tumenggung Sruni, ingkang sapunika
ambalela, sarta sampun murwani ngelar jajahan, punapadene sumedya
ngrabaseng Mataram.
Ki
Demang sanget pangunguning manah, sarta matur sandika badhe ngestokaken
punapa sadhawuh timbalan Dalem wau, boten sanes namung nyuwun pangestu
Dalem Nata, mugi-mugi sadaya dhawuh Dalem Ingkang Sinuwun saged
katindakaken sarta angsal damel. Sareng sampun boten wonten ingkang
winiraos, Ki Demang nyuwun palilah mantuk, badhe tata-tata boboyongan
saanak semahipun dhateng Kutawinanngun.
Enggaling
cariyos Ki Demang sampun dumugi ing Kutawinangun, dipun tampi dening
para titiyang ing ngriku kanthi bingahing manah, dene ing Kutawinangun
dipun tanemi Demang saking Mataram, pangintenipun temtu wadyabala Sruni
boten sami wani anggecak ing Kutawinangun, dene saupami puruna, temtu
ing Kutawinangun binantonan saking Mataram.
Sareng
Ki Demang Sutawijaya anggenipun gigriya wonten ing Kutawinangung sampun
angsal sawatawis sawulan, ing satunggiling dinten Ki Demang sowan
dhateng Kabupaten Sruni, matur dhateng Mas Tumenggung Kertinegara,
asengadi bilih sowanipun wau perlu ngupados pangengeran, dados kesahipun
Ki Demang saking Mataram dhateng Kutawinangun wau namung ngungsekaken
gesang, jalaran saking tinundhung dhateng Ingkang Sinuwun, mangke boten
rumaos dosa punapa-piunapa. Dene anggenipun keraya-raya ngungsi gesang
dhateng wewengkoning Kabupaten Sruni, margi mireng loking titiyang
Mataram punapadene bakul sinambi wara, bilih pangagenging Kabupaten
Sruni sanget welasasih saha lumintu dadananipun dhateng sasamining
ngagesang. Awit saking punika, mila ciptaning manahipun Ki Demang wiwit
nalika taksih wonten ing mataram, boten wonten malih kajawi
panjenenganipun Mas Tumenggung ingkang saged angayomi.
Mas
Tumenggung Kertinegara kakenan manahipun mireng aturipun Ki Demang
Sutawijaya ingkang sajak angrerepa amaladsih wau, panggalihipun sanget
trenyuh, dhasar Mas Tumenggung wau pancen berbudi ambeg legawa,
welasasih ing sasami, mila pangengeripun Ki Demang wau inggih dipun
tampi kanthi sukarena, sarta dipun aken sadherek sinarawedi. Pisowanipun
Ki Demang wonten ing Kabupaten Sruni ngantos sadinten, ing wanci sonten
saweg kemawon mantuk dhateng Kutawinangun.
Saunduripun
KI Demang Sutawijaya, ingkang putra kakalih Ki kertileksana tuwin Ki
Kertisentika matur dhateng ingkang rama, aturipun : rama, tutulung
dhateng tiyang ingkang wajib dipun tulungi, punika satunggaling
pandamel ingkang utami, nanging sampun tilar ing weweka, sinten sumerep
bilih Demang Sutawijaya wau utusan Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng
Susuhunan Mataram ingkang amarasandi. Ingkang rama mangsuli : aturmu iku
bener, aku uga duwe pangira, bisa kadadeyan mangkono iku, mula becik
aja padha tinggal kaprayitnan.
Gancaring
cariyos, saking rempit lan sagedipun Ki Demang Sutawijaya anggenipun
mendhet manahipun Ki Tumenggung Sruni dalah anak-anakipun, sarehning
sadaya takdir lalampahaning manungsa punika pancen boten kenging ewah,
inggih sampun ndilalah dene Mas Tumenggung tuwin Ki Kertileksana
punapadene Ki Kertisentika wau sami sirna sanggarungginipun dhateng Ki
Demang Sutawijaya. Sami lami pasadherekanipun saya sae, supeketipun
sampun kadosdene sadherek tunggil yayah rena, sampun ical
kaprayitnanipun, kapitadosanipun sangsaya kandel, ngantos sadaya lampah
pangembating praja punapadene anggenipun angelar tebaning tnah jajahan,
ugi nedha rembagipun Ki Demang Sutawjaya. Amila pangelaring jajahan saya
dangu saya kendho, margi tansah dipun alang-alagi dening Ki Demang
Sutawjaya, sarana tembung ingkang sajakipun sarwa mikantukaken dhateng
KI Tumenggung. Punapadene Ki Demang boten kendhat pangrekadayanipun,
lampah ingkang kados pundi prayogi katandukaken murih enggal kaleksanan
angsal damel anggenipun ingutus dening sang Prabu ing Mataram.
Kacariyos
sareng Ki Demang Sutawijaya sampun angsal tigang taunan anggenipun
dados Demang wonten ing kutawinangun, Ki Demang sasemahipun katimbalan
dhateng Sruni, ugi lajeng enggal-enggalan pangkat sowan.
Sadumuginipun
ing Kapubaten Sruni, Ki Demang sasemahipun dipun panggihi wonten ing
pandhapi wingking. Ki Kertileksana tuwin KI Kertisentika ugi sami tumut
manggihi. Sasampunipun sami ambagekaken kawilujenganipun, KI Tumenggung
lajeng paring pangandika dhateng Ki Demang jaler estri, bilih anakipun
jaler Ki Demang ingkang sering dipun kengken sowan dhateng Sruni, bahde
kapendhet mantu, kaangsalaken putranipun Ki Tumengung ingkang patutan
saking mbok enem, nama Mas Rara Ranti.
Ces
kados siniram ing toya sawindu tuwin sinawuran sekar sawakul raos
bingahing manahipun Ki Demang jaler estri, sareng mireng dhawuhipun
KiTumenggung ingkang makaten wau, ciptaning manah angsal pitulunganing
Pangeran, kasembadanipun angsal damel anggenipun dados utusan Dalem,
Kanjeng Kiyai Jabardas prasasat sampun rinegem ing tanganipun. Ki Demang
lajeng matur nyumanggakaken, wontenipun namung cumadhong karsa. Punapa
malih nampeni ganjaran samanten agengipun botena anganturaken, sanadyan
pejah gesangipun yen pinundhuta, enjing sontena ugi kasumanggakaken
kanthi eklasing manah, boten pisan anggrantes sarambut pinara sasra. Mas
Tumengggung sakaliyan langkung rena mireng aturipun Ki Demang, dene
sampun kacocogan rembagipun. Karsanipun Mas Tumengung dhawahing ndamel
badhe tumunten, kantun netepaken dintenipun kemawon, samongsa sampun
angsal dinten ingkang sae tumrap ijabing panganten, nanging namung
sumanggeng karsa lan sanget panuwunipun,
dene ngantos samanten genging sih kanugrahanipun Mas Tumenggung ingkang
tanpa titimbngan, mangka Ki Demang rumaos dereng wonten lalabetanipun,
Ki Demang sasemahipun nyuwun pamit mantuk dhateng Kutawinangun.
Sadumugining
griya lajeng nyariyosaken dhateng anakipun jaler, yen piyambakipun
badhe kapendhet mantu dhateng Mas Tumenggung Sruni. Makaten ugi Ki
Demang lajeng nyariyosaken wawados ingkang taksih sinimpen, inggih
punika anggenipun Ki Demang nilar ing Matram lajeng gigriya ing
Kutawinangun, sajatosipun ingutus dhateng Sang Prabu, ndikakaken mundhut
wngsul kagungan Dalem pusaka Kanjeng Kiyai Jabardas ingkang kadhusta
Mas Tumenggung Sruni. Mila ingkang putra wineling, ing benjing amongsa
ndikakaken anglurug perang dhateng Mataram, kang putra kinen motah
nyuwun pusaka Kanjeng Kiyai Jabardas wau, sengadi kangge metukaken
mengsah murih boten mindho damel. Ingkang putra nyandikani.
Boten
kacariyos tempuking damelipun Mas Tumenggung Kertinegara amiwaha putra,
gancaring cariyos putra panganten sami atut-runtut lan sampun angadhahi
anak jaler klayan wilujeng, andadosaken kabingahaning bapa biyungipun,
makaten ugi Mas Tumenggung Kertinegara, punapadene Ki Demng Sutawijaya.
Ing
satunggaling dinten Ki Demang Kutawinangun sowan dhateng runio kados
adat sasbenipun, perlu ngrembag lampahing praja, ngira tuwi putra sarta
ngengetaken bab piweling ingkang sampun kawangsitaken.
Sadangunipun
Ki Demang wonten ing Sruni, Mas Tumenggung tanah ngginem lan nedha
pamrayogi dhaten Ki Demang, anggenipun badhe gelar jajahan mangetan,
salajengipun dumuginipun ing Mataram. Ki Demang angrujuki lan badhe
nyaosi babantu titiyang ing Kutawinangun ingkang pipilihan sami
wanter-wanter, punapadene mrayogakaken angkating wadyabala Sruni benjing
ing dinten Soma Manis ngajeng punika, margi petanganing dinten
gathuking kaliyan palintangan pinanggih sae, adat yen kange nglurug
perang badhe angsal boboyongan kathah. Mas Tumenggung sanget bingah lan
suka panarimah, punapadene Ki Demang ndikakaken tumunten mantuk anata’a
pabarisanipun ingkang badhe kabantokaken. Ki Demang lajeng mantuk
gagancangn lampahipun, sadumuginipun ing Kutawinangun lajeng amepakaken
titiyang ingkang badhe kabiyantokaken dhateng wadyabala Sruni.
Saunduripun
Ki Demang saking Sruni mantuk dhateng Kutawinangun, ingkang putra
mantu, inggih anakipun Ki Demang wau matur dhateng ingkang rama
marasepuh, aturipun : rama, prakawis pangelaring jajahan tanah tanah
mbang wetan dumugining ajeng-ajengan klayan mengsah wadyabala Mataram,
rama boten sisah nyalirani piyambak, cekap kepasrahan para putra
kemawon, kados boten badhe nguciwani.
Ingkang
rama mangsuli : aku iya wus prcaya marang kaprawiranmu lan marang
kakangmu karo pisan, kaya-kaya wus padha bisa ngentasi gawe, nanging aja
pisan nyepelekake mungsuh, apadene sakabehing tindak aja ninggal ing
kautaman. Ingkang putra matur : pangestunipun rama kemawon ingkang kula
suwun, mugi-mugi sageda nglampahi punapadene saged angsal damel. Iya,
dakpangestoni, muga Pangeran anyembadanana, ing siki dak lilani mundur,
tumuli tata-tataa saperlune, nuwun inggih sandika. Ingkang putra nyuwun
pamit mundur, badhe tata-tata tuwin rerembagan kaliyan ingkang estri.
Ing
wanci enjing umun-umun, nglajengaken angkating para wadyabal ing Sruni
anggenipun badhe perang, putranipun estri Mas Tumenggung marak ingkang
rama klayan ngemban anakipun ingkang maksih jabang, wigatosipun dipun
kengken ingkang jaler bapakipun bayi, perlu nyuwun pusaka wngkingan
Kanjeng Kiyai Jabardas, supados saged unggul perangipun. Yen Kanjeng
Kiyai Jabardas boten kaparingaken, ingkang putra bapakipun bayi sumedya
anglampus dhiri, jalaran boten wandhe inggih badhe pejah wonten ing
Mataram, tinimbang pejah wonten Mataram aluwung pejah ing samangke
wonten Sruni tinengganan dening semah. Kados makaten punika Sruni atur
piwelingipun ingkang putra, mila manawi rama boten maringaken
panyuwunipun, kula inggih boten purun kantun badhe ngayut tuwuh, dados
ingkang wayh bayi badhe lola, boten tinengganan bapa biyung.
Kados
punapa kemawon jibenging nggalihipun Mas Tumenggung sareng mireng
ingkang putra. Yen kinekahana, badhe kecaln putra ingkang saweg kemawon
gadhah anak taksih jabang. Yen kaparingaken tentu badhe kapatrapan
paukuman wasesaning Nata punapa sadosanipun, anglengkara yen Ingkang
Sinuwun Mataram amaringan pangapunten.
Ki
Tumenggung boten kasamarn malih, bilih pamotahing anakipun mantu nyuwun
Kanjeng Kiyai Jabardas wau tentu saking pakenipun Ki Demang Sutawijaya,
dados Ki Demang wau mengsah amara sandi utusaning Sang Prabu Mataram.
Pupuntoning
manah, sarehning Ki Tumenggung sampun rumaos dosa, margi kumapurun
cidra dhateng Ratu gutinipun, punapadene sampun rumaos sepuh, mila
Kanjeng Kiyai Jabardas inggih badhe kaparingaken dhateng putranipun
mantu. Amargi saking konduripun Kanjeng Kiyai Jabardas konjuk ing
ngarsanipun Ingkng Sinuwun Kanjeng Susuhunan, punika ingkang dados
lantaran dhawahing kamulyanipun ingkang putra mantu wan. Dados
samboten-botenipun, ing wuri turunipun Ki Tumenggung taksih nglajengaken
sami manggih kamulyan. Menggah pidananipun Sang Prabu ingkang badhe
kasandhang, badhe dipun tampi kalayan suka rena tuwin eklasing manah,
minangka panumbasing kamuktenipun anak putu ing tembe wingking.
Sasampunipun
anggelengaken tekad makaten, Kanjeng Kiyai Jabardas lajeng kaparingaken
dhateng putranipun mantu. Sareng ingkang putra mengker, Ki Tumenggung
lajeng dhawuh dhateng putranipun kakalih, kinen anyandhekaken anggenipun
badhe ngelar jajahan mangetan, sabab temtu boten saged nanggulangi
wadyabala Mataram, amargi Kanjeng Kiyai Jabardas sampun oncat saking
Sruni. Ingkang putra kaklih kinen sami mupus papasthening Pangeran.
Putra kakalih sanget cuwaning manah, badhe nglajengaken panglurugipun
ajrih dhateng ingkang rama.
Sareng
Kanjeng Kiyai Jabardas sampun katampen dhateng putranipun mantu,
enggal-enggal Kanjeng Kiyai Jabardas wau lajeng katampekaken dhateng
bapakipun, inggih punika Ki Demang Sutawijaya. KI Demang sanget
cumemplonging manah, dene sampun angsal damel anggenipun dados utusaning
Nata.
Kacariyos
saweg kemawon Ki Demang wiraosan badhe sowan dhateng Mataram,
angunjukaken pusaka Dalem Kanjeng Kiyai Jabardas, dereng ngantos
kalampahan, katungka kraman Trunajayan.
Ingkang
Sinuwun lolos saking Kadhaton, kadherekaken putra Dalem Kanjeng Gusti
Pangeran Adipati tuwin Pangeran Puger, punapadene para prajurit
sawatawis pipilihan. Jengkar Dalem mangilen, wadyabala kraman tansah
angodol jengkar Dalem ing sapurugipun. Sareng kraman Trunajayan
anggenipun ngodol jengkar Dalem Ingkang Sinuwun dumugi tepis wiringing
Panjer, lajeng kapethukaken dening wadyabala Sruni, katindhihan Ki
Kertileksana tuwin Ki Kertisentika, kabiyantu dening Ki Demang
Sutawijaya saanakipun sarta titiyang ing Kutawinangun. Tempuking
wadyabala Trunajayan lan Kertinagaran sakalangkung rame, gentos unggul
gentos katitih, dangu-dangu wadyabala Trunajayan kasoran juritipun.
Sakantuning wadyabala ingkang pejah, sami lumajar rebut ducung asalang
tunjang angungsekaken gesang, saklangkung ajrih dhateng pangamuking
prajurit Kertinagaran.
Sasirnaning
kraman Trunajayan, Ki Demang Sutawijaya lajengan kemawon anusul
jengkaripun Sang Prabu, ingkang ing wektu punika lerem amakuwon wonten
ing Banyumas, amargi Ingkang Sinuwun lajeng ketaman gerah. KI Demang
munjuk ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun, bilih anggenipun ingutus saged
angsal damel, pusaka Dalem Kanjeng Kiyai Jabardas saged karebat malih
sarana aris.
Ing
sarehning abdi Dalem pun Tumenggung Kertinagara sapunika sampun dados
besan, punapadene sampun angrumaosi dosanipun, anggenipun kumawani ing
panjenengan Dalem Nata. Panebusing dosa, Ki Tumenggung anyorohaken pejah
ambelani Ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun, inggih punika ngamuk punggung
methukaken kraman Trunajayan ingkang ngodol ambujeng jengkar Sang Nata.
Pamethukipun Ki Tumenggung sareng kraman sampun caket sanget kaliyan
jengkar Dalem Ingkang Sinuwun, inggih punika wonten tanah Panjer inggih
ing Sruni. Perangipun sakalangkung rame, acampuh perang kalih dinten,
tinindhihan anakipun KI Tumenggung kakalih pisan tuwin abdi Dalem anak
kula, meksa dereng wonten ingkang katingal asor unggulipun. Sareng
dinten ingkang kaping tiganipun abdi Dalem Ki Tumenggung Kertinagara,
tutulung anarambul angungsir mengsah, boten watawis dangu wadyabala
kraman sirna larut. Ing sapunikanipun Tumenggung Kertinagara taksih
apacak baris, angerigaken wadyabalanipun mangetan dumugi ing tanah
Semawung, anjagi bilih wadyabala kraman angsal babantu majeng malih
panempuhipun.
Awit
saking punika, mugi wontena keparenging karsa Dalem Ingkang Sinuwun,
amaringana pangapunten sadosanipun abdi Dalem pun Tumenggung Kertinagara
wau. Awit Ki Tumenggung sampun kayekten kawanteranipun anglangkungi ing
sasami, kenging kinanthi ing panjenengan nDalem Nata, sayekti langka
angupadosa ingkang kados abdi Dalem pun Tumenggung Sruni wau. Makaten
ugi Ki Tumenggung sampun aprasetya, bilih ing Mataram kaancikan
parangmuka, Ki Tumenggung suka ingaben angrabaseng mengsah, dadosa
tatawur lamaking ngajurit, inggih makaten punika prasetyanipun abdi
Dalem pun Tumenggung Kertinagara.
Ingkang
Sinuwun sanget pirenaning galih midhanget unjukipun Ki Demang
Sutawijaya, dene kagungan Dalem pusaka wangkingan Kanjeng Kiyai Jabardas
sampun saged kondur, langkung malih sareng midhanget prasetyanipun
Tumenggung Kertinagara, ingkang lajeng saged angunduraken kraman,
sanalika gerah Dalem saged senggang. Dhawuh timbalan Dalem, pusaka Dalem
Kanjeng Kiyai Jabardas ndikakaken nyaosaken dhateng putra Dalem Kanjeng
Gusti Pangeran Pati. Wondene Ki Tumenggung Kertinagara ugi pinaringan
pangapunten, punapadene dhawuh timbalan Dalem sadaya tanah ing sakiwa
tengen Sruni ingkang sampun karebat dening Ki Tumenggung kalestantunaken
dados bawahan ing Sruni, punapa dena Ki Tumenggung Kertinagara lajeng
jinunjung lenggah dados Wedananing para Bupati ing tanah Panjer, Roma,
Semawung lan Ledok, nama lestantun, nanging kapareng ngangge sesebutan
Raden,dados nama : Raden Tumenggung Kertinagara, Wadananing para Bupati
mbang kilen ing tanah Panjer, Roma, Semawung tuwin Ledok. Namung kemawon
ing saben taun Tumenggung Kertinagara kedah saos bulubekti lan seba
dhateng Mataram kados ingkang sampun.
Ki
Demang Sutawijaya sampun kalilan mantuk dhateng Kutawinangun, ananging
sarehning gerah Dalem Ingkang Sinuwun katingal kimat malaih, malah
mindhak dinten gerah Dalem saya santer, mila Ki Demang dereng purun
mantuk.
Kacariyos
gerah Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan madal saliring jajampi,
boten antawis dinten Ingkang Sinuwun dumugi ing janji surud kondur ing
jaman kanirwanan. Surud Dalem wonten ing tanah Banyumas, kasarekaken
wonten ing Tegalarum tanah Tegal, margi saking pamudhut Dalem piyambak
nalika gerahipun. Dhawuh Dalem dhateng putra Dalem Kanjeng Gusti
Pangeran Pati, bilih salira Dalem surud, mundhut kasarekaken ing papan
ingkang sitinipun angganda arum. Dene pinanggihipun siti ingkang
angganda arum wau wonten ing dusun Talang (tebihipun saking ing griya
Kabupaten Tegal watawis tigang pal). Pasareyan Dalem wau lajeng nama
Tegalarum, kapendhet ing papan riku sitinipun angganda wangi.
Boten
antawis dinten saking surud Dalem Ingkang Sinuwun, Ki Demang Sutawijaya
gagancangan mantuk dhateng Kutawinangun. Saking bingah-bingahing manah,
Ki Demang notol daya-daya badhe papanggihan kaliyan Mas Tumenggung
Kertinagara ingkang angsal sih Dalem ingapunten sadosanipun, punapadene
jinunjung apangkat Wadananing Bupati saha kapareng ngangge sesebutan
Raden.
Mila
antukipun Ki Demang boten terus anjujuk ing Kutawinangun, nanging
mampir rumiyin sowan Raden Tumenggung Kertinagara ing Sruni.
Jujuling
kabingahing manah, Ki Demang boten kenging ingampet, mila sareng dumugi
ing ngajengipun Raden Tumenggung Kertinagara, Ki Demang lajeng
angrungkebi pangkonipun Raden Tumenggung sarwi nangis anggelolo. Ki
Tumenggung bela tangis, ciptaning manah badhe nemahi bilahi, anampeni
paukuman pidananing Nata, Ki Tumenggung manunggilaken manah sumarah ing
Pangeran.
Sasampunipun
sareh tuwin tumata manahipun, Ki Demang andhawuhaken timbalan Dalem
Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan, menggah saking kaparenging karsa
Dalem, Mas Tumenggung Kertinagara kajawi ingapunten dosanipun, ugi
jinunjung dados Wadananing Bupati mbang kilen, nama lestantun sarta
kapareng ngangge sesebutan Raden. Dene lenggahipun angenemi Bupati
Banyumas Raden Tumenggung Yudanagara. Bawahanipun para Bupati, miturut
tanah-tanah ingkang sampun karebat dening KI Tumenggung, inggih punika :
Panjer Roma lan Ledok, punapadene ambawahaken para Bupati ing tanah
Semawung minangka ganjaran anggenipun sampun angunduraken kraman
Trunajayan. Anamung kemawon Ki Tumenggung ing saben taun kedah seba
sowan dhateng Mataram, anyaosaken bulubekti kados ingkang sampun,
punapadene kagungan Dalem pusaka Kanjeng Kiyai Jabardas kapundhut kondur
dhateng Karaton.
Raden
Tumenggung Kertinagara sanget suka sukur ing Pangeran, sarambut pinara
sastra boten nginten yen kados makaten kadadosanipun. Ing suwau rinten
ndalu boten wonten malih kajawi namung enget pamancasing paukuman nDalem
panjabuding nyawanipun. Mila kados punapa kemawon bingahing manahipun
Ki Tumenggung, sayekti boten wonten pipindanipun. Raden Tumenggung
Kertinagara mangsuli dhateng Ki Demang, boten nginten yen badhe nampeni
sih Dalem ingkang samanten agengipun, mila sadaya dhawuh timbalan nDalem
ingkang Sinuwun badhe kaestokaken, lan sanget sembah nuwun, sarta
aprasetya boten pisan-pisan badhe anindakaken malih lalampahan kados
ingkang sampun-sampun.
Ki
Demang Sutawijaya wonten Kabupaten Sruni nyipeng sadalu, enjingipun
nyuwun pamit mantuk dhateng Kutawinangun, andadosaken bingahing para
kulawarga.
Kacariyos
kraman Trunajaya sampun boten katingal muncul malih, bawah Kabupaten
Sruni sampun tentrem. Ingkang ngembat ruwet rentenging Nagari putra
kakalih Ki Kertileksana tuwin Ki Kertisentika, kabiyantu Ki Demang
Sutawijaya, inggih Ki Demang punika ingkang minangka sesepuhipun. Margi
Ki Demang wau alus bubudenipun, saged ngemong kawula, dhasar wegig ing
agal lembat, sinembuh Raden Tumengung Kertinagara wawatakanipun berbudi
balaba suka dadana asih tresna dhateng kawula kathah. Andadosaken
karaharjaning tanah Kabupaten Sruni sabawahipun sadaya, tetep loh jinawi
mirah sandhang boga. Mila lajeng kathah tiyang saking mbang kilening
tanah Roma, inggih punika saking tanah Banyumas saanteronipun ingkang
sami pindah panggenan dhateng bawah Kabupaten Sruni.
Raden
Tumenggung Kertinagara manahipun sampun sumeleh, sarta rumos marem
nampeni sih Dalem wisudan apangkat Wadananing Bupati, makaten punika
boten liya saking Ki Demang Sutawijaya lantaranipun, mila dhateng Ki
Demang saya sanget sihipun, dhasar sampun dados besan. Pangembat
panindaking Nagari boten tilar rembugipun Ki Demang Sutawijaya, dene Ki
Demang inggih sanget bektinipun, dhasar cocog mamanahipun, sami dene
alusing bubuden lan rahayu mamanahipun.
Ingkang
wektu punika kakancingan nDlem katetepaning pangkat Wadananing Bupati
tuwin sesebutan, Raden, saking Mataram dereng kaparingaken, margi
katungka saking surud Dalem Ingkang Sinuhwun Kanjeng Susuhunan Prabu
Mangkurat Agung.
Sakondur
Dalem Kanjeng Gusti Pangeran Adipati saking Tegalarum anyarekaken
layoning rama Dalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat
Agung, sarta sareng Kanjeng Gusti Pangeran Adipati sampun jumeneng Nata
ajujuluk Ingkang Sunuwun Kanjeng Susuhunan Prabu Mangkurat, kakancingan
Dalem wisudan Tumenggung Sruni kaangkat dados Wadananing para Bupati
mbang kilen nama Raden Tumenggung Kertinagara, saweg kemawon saged
amaringaken
Kacariyos
wiwahaning kepyakan katetepaken Wadana Buoati, kasarengken kaliyan
mikramakaken putranipun estri Raden Tumenggung Kertinagara ingkang
wuragil saking garwa sepuh, nama Mas Rara Rinten, kaangsalaken Ki
Kramaleksana anakipun K Kramayuda ugi Sruni.
Boten
kacariyos roroncenipun wiwahan, ing ngriki namung kacariyosaken, bilih
para Bupati sahandhahanipun ingkang kalebet bawahan Sruni, ugi sami
sowan angestreni wiwahan wau, punapadene ugi kajenengan utusan ndalem
Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan, mila sakalngkung rame, ngantos 3
dinten 3 ndalu saweg bibaran.
Antawis
kalih wulanan kaliyan anggenipun mikramakaken putra, Raden Tuenggung
Kertinagara kadherekaken Ki Demang Sutawijaya, punapadene ingkang putra
mantu Ki Kramaleksana, sowan seba ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun
Kanjeng Susuhunan ing Kartasura (Karaton ndalem sampun pindhah saking
Mataram dhateng Kartasura), angunjukaken upeti bulubekti wulu wedaling
kagungan nDalem tanah Panjer. Punapadene angabdekaken anakipun mantu,
ingkang saweg kalih wulanan pinanggihan kaliyan anakipun estri, nama
Kramaleksana.
Saking
kaparenging karsa Dalem, pangabdinipun Ki Kramaleksana katampi, dhawuh
timbalan nDalem, Ki Kramaleksana kapatedan dados mantri Pamajegan ing
Klegenkilang, wewengkon Kabupaten Sruni, sesebutanipun Ngabei, nama
lestantun, dados tetep nama Ngabei Kramaleksana.
Sareng
pisowanipun Raden Tumenggung Kertinagara sampun angsal pendak dinten,
dhawuh timbalan nDlem, abdi Dalem Tumenggung Kertinagara saanakipun
kalilan mundur mantuk dhateng Sruni. Sadumugining griya, ingkang putra
mantu Ngabei Kramaleksana tumunten kinen mangkat boboyongan dhateng
Klegenkilang (ing sapunika katelah dhusun Selang tebihipun saking Sruni
watawis 3 pal, saking kita Kebumen 1 pal tebihipun), nglampahi ayahan
nDalem dados abdi Dalem Mantri Pamajegan.
Sareng
ingkang jumeneng Nata ing Kartasura Ingkang Sinuwun Kanjeng Susuhunan
Prabu Mangkurat Jawi, Raden Tumenggung Kertinagara tuwin Ki Demang
Sutawijaya sami dumugi ing janji, mantuk ing jaman kalanggengan.
Anak
ingkang sepuh Ki Kertileksana anggentosi kalenggahanipun Bupati, nama
Raden Tumenggung Kertinagara II, nanging boten madanani bupati, dados
namung Tumenggung limrah. Dene ingkang rayi Ki Kertisentika dados
agul-agul manggalaning wadyabala, tuwin mangreh ubeng-ingering
paprentahanan Nagari. Punapadene ingkang anggentosi Demang ing
Kutawinangun, anakipun jaler Ki Demang Sutawijaya, inggih putra
mantunipun Raden Tumenggung Kertinagara I.
Kacariyos
Raden Tumenggung Kertinagara II sanget cuwaning manah, dene boten saged
tetep anggentosi kalenggahanipun ingkang rama dados Wadananing Bupati,
margi pangkat Wadana Bupati ing mbang kilen kadadosaken satunggal wonten
Banyumas.
Ing
sarehning Raden Tumenggung Kertinagara II rumaos mimpang unggul
tinimbang kaliyan Raden Tumenggung Yudanagara ing Banyumas, ing bab
samudayanipun prakawis ulah kaprajan tuwin gunakasantikanipun, mila
Raden Tumenggung Kertinagara II boten purun kaereh dhateng Banyumas.
Makaten ugi para Bupati ingkang rumiyin anglurah dhateng Sruni, ugi
terus taksih kabawah dhateng Raden Tumenggung Kertinagara II sarta
kaawisan boten kenging sowan, agengipun purun nglampahi saprentahipun
Bupati Banyumas, bilih boten wonten ingkang wani nerak, badhe dipun
telasi. Mila inggih boten wonten satunggal-satunggala Bupati tanah Sruni
ingkang wani sowan dhateng Banyumas, dados taksih tetep panglurahipun
dhateng Raden Tumenggung Kertinagara II ing Sruni.
Raden
Tumenggung Yudanagara sampun mireng bab punika, mila lajeng utusan
dhateng Sruni, angengetaken dhateng Raden Tumenggung Kertinagara II,
sampun ngantos kalajeng-lajeng tindakipun ingkang makaten punika. Menawi
boten purun mantuni, badhe kalapuraken dhateng Nagari Kartasura.
Sareng
Raden Tumenggung Kertinagara II nampeni utusan saking Banyumas, sanget
bramantya, ing Banyumas ginecak ing prang tan mangsa puliha.
Raden
Tumenggung Yudanagara oncat anyilibaken bala, terus sowan dhateng
Kartasura ngujuki wuninga ing Sang Prabu. Dhawuh timbalan nDalem ingkang
Sinuwun, Tumenggung Yudanagara ndikakaken wangsul sarta angirid
wadyabala ing Kartasura anglawan yudanipun Tumenggung Kertinagara II ing
Sruni.
Sareng
wadyabala Kartasura dumugi ing tanah Semawung lajeng kapethukaken
wadyabala Sruni, nanging karoban lawan, lajeng kaunduran. Sareng sampun
dumugi ing Kutawinangun lajeng acampuh prang sakalangkung rame. Perang
sampun sawulan laminipun, taksih katingal rame purunipun, gentos unggul
gentos kalindhih, yen sonten kendel, enjing kawiwitan malih.
Sareng
perangipun dumugi ing Sruni, ing ngriku perang rerempon, angantep
sageda mungkasi karya salah satunggalipun. Wadyabala Kartasura katingal
kaseser, kathah kalongipun, tumenggung Yudanagara ing Banyumas ngical.
Ananging lajerng katungka dhatengipun wadyabala babantu saking
Kartasura. Wadyabala Sruni karoban lawan. Raden Tumenggung Kertinagara
II kenging mriyem pupunipun, kabuncang sumangsang ing wit lo,
sariranipun boten pasah, nanging pepes sukunipun.
Ki
Kertisentika angantep perangipun, nanging ugi kaplajar, boten kuwawi
nanggulangi pamuking wadyabala ing Kartasura, margi karoban lawan.
Wadyabala Sruni sareng sumerep Raden Tumenggung Kertinagara tuwin Ki
Kertisentika boten katingal, lajeng sami bibar lumajar asalang tunjang.
Wadyabala Sruni sampun sirna larut, paprangan kendel.
Ing
wanci ndalu Lurah Prajurit nama Ki Sutamanggala, madosi Ki
Kertisentika, sareng sampun pinanggih, lajeng matur manawi ingkang raka
Raden Tumengung Kertinagara nandang brana, margi kenging mriyem. Ingkang
raka kabuncang sumangsang wonten ing wit lo boten saged mandap, margi
pepes sampeyanipun. Panjenengan sampeyan sapunika katimbalan ingkang
raka, sarenga salampah kula sapunika ugi, dhawuhipun ingkang raka
wantos-wantos sanget.
Ki
Kertisentika sareng mireng aturipun utusan lajeng duka, awit Ki
Kertisentika boten pitados yen ingkang raka nandang brana, margi ingkang
raka sanget wentala boten tedas saliring dadamel.
Ki
Sutamenggala cangkelak wangsul, lajeng matur dhateng Raden Tumenggung
Kertinagara, manawi ingkang rayi Ki Kertisentika boten purun dipun
timbali malah kula dipun dukani kakinten damel-damel, margi ingkang rayi
boten pitados yen paduka nandang brana, sabab ingkang sampun-sampun,
sarira paduka madal saking saliring dadamel tuwin boten tedas tapak
paluning gurenda.
Raden
Tumenggung Kertinagara sareng mireng aturipun Ki Lurah Sutamenggala,
sanget dukanipun dhateng rayi, nanging sinamudana, lajeng dhawuh
mundhut gendhong dhateng Ki Sutamenggala kakonduraken dumugi ndalem.
Sareng
sampun enjing ing wanci umun-umun, para kadang warga punapadene para
prajurit kathah ingkang sami sowan dhateng dalem Kadipaten angyektosaken
kabrananipun Raden Tumenggung.
Kocapa
Ki Kertisentika, sareng priksa titiyang kathah andalidir samargi-margi,
sarta wonten ingkang raraosan bilih Raden Tumenggung Kertinagara
nandang brana, Ki kertisentika anggrahita, bilih ingakng raka saged ugi
leres yen nandang kanin, mila enggal-enggal sowan dhateng Kabupaten.
Wusana yektos yen ingkang raka pancen kadosdene aturipun Ki Lurah
Sutamenggala.
Ki
Kertisentika lajeng anungkemi sampeyanipun ingkang raka sarwi udrasa,
sareng sampun aring, lajeng ngrerepa nyuwun pangapunten, dene dipun
timbali boten purun sowan, margi namung saking boten pitados dhateng
aturipun Ki Sutamanggala. Punapadene ing wektu punika kapambeng saweg
nata pabarisan sarta memulih manahipun wadyabala ingkang keplajeng,
sageda sami purun mangsah perang malih.
Ki
Kertisentika ngantos wongsal-wangsul anggenipun nyuwun pangapunten,
nanging ingkang raka tansah kendel, boten karsa mangsuli pangandika
sakecap kemawon.
Sareng
sampun tita ingkang raka boten karsa ngandika punapa-punapa, Ki
Kertisentika wewah kaajrihanipun, sarta rumaos wirang. Lajeng nyuwun
pamit dhateng ingkang raka kaliyan matur, sarehning kalepatanipun boten
dipun paringi pangapunten, Ki Kertisentika sumedya kesah saking Sruni
boten kantenan puruging lamaphipun. KI Kertisentika sampun medal saking
dalem Kabupaten, terus bablas kesah boten mawi mandeg tumoleh.
Boten
antawis lami saking kesahipun Ki Kertisentika, Raden Tumenggung
Kertinagara II dumugi janji mantuk ing jaman kalanggengan. Waris
Kabupaten cuthel ing Sruni namung kataneman Demang, ingkang kakarsaken
dados Demang Ki Lurah Sutamanggala, ingkang suwaunipun dados Lurah
prajurit. Namanipun tetep, dados nama Ki Demang Sutamanggala. Dene
anakipun Ki Kertisentika, boten purun kadadosaken Demang, mila pangkat
Demang lajeng dhawah dhateng Ki Sutamenggala.
Mangsuli
Ki Kertisentika, lampahipun saking Sruni ngaler ngilen, nurut
peperenging redi sarta anasak wana. Sareng lampahipun dumugi
satengah-tengahing wana Sirnabaya, boten saged nglajengaken lampahipun,
margi sampun kadalon, lajeng kendel wonten ngriku kaliyan ngasokaken
sarira, tuwin manah-manah kadospundi prayoginipun ingkang badhe
linampahan. Wonten ing satengahing wana Sirnabaya ngatos 9 dinten 9
ndalu boten neda punapa-punapa, kajawi kala-kala neda woh-wohan
pmedaling wana ngriku kangge jampi salit.
Ing
satunggaling ndalu ngajengaken gagatrahina saweg kemawon Ki
Kertisentika saged ngeremaken mripatipun, ranjang-ranjang Ki
Kertisentika ruimaos kadhatengan bapakipun, inggih punika Raden
Tumenggung Kertinagara I, perlu ndhawuhi supados Ki Kertisentika
tumunten nglajengaken lampahipun dhateng Kabupaten Roma, manggihana Ki
Tumenggung lan mituruta ing sapakenipun, ing tembe badhe sae
kadadosanipun.
Ki
Kertisentika anjenggirat, sareng sampun pramana, lajeng nilar wana
Sirnabaya, badhe nglajengaken lampah dhateng Roma, nglampahi pakening
tiyang sepuhipun.
Lampahipun
Ki Kertisentika saking wana Sirnabaya purugipun ngidul ngilen. Sadinten
muput ing wanci sonten sampun dumugi ing Roma, ugi sampun papanggihan
kaliyan Mas Tumenggung.
Sasampunipun
bage-binage kawilujengan, Ki Kertisentika ngaturaken kakawonanipun ing
Sruni nanggulangi pngrabaseng wadyabala Kartasura. Ing salajengipun Ki
Kertisentika oncat saking Sruni kesah sapurug-purug tapa wonten ingkang
sinedya. Sareng lampahipun dumugi satengahing wana Sirnabaya, saweg
kemawon saged tilem saliyepan, rumaos kadhatengan ingkang rama, asung
piweling supados anglajengken lampah dhateng ing kabupaten Roma ngriki,
ujaring wangsit ing tembe badhe sae kadadosanipun, ing sapunika sampun
kula leksanani, wusana namung nyumanggakaken.
Mas
Tumenggung Roma sakalangkung pangungunipun sarta kararantaning manah,
ketang saking welasipun dhateng Ki Kertisentika pangajenging perentah
ing Sruni, dados tilas lulurahipun, lajeng rinapu ing basa, sampun sirna
sungkawanipun, mupus papastening Hyang Kang Murbeng Jagad.
Boten
antawis lami KI Kertisentika kapendhet mantu dhateng Tumenggung Roma,
nama pindah Ki Kertiwijaya. Minongka sasambening padamelan, Ki
Kertiwijaya kadadosaken Mantri Gunung, nanging boten purun, margi
ngengeti wingi-wingi prasasat ingkang ngrgem sadaya paprentahan ing
Sruni sabawahipun, sareng ingarih-arih dhateng semahipun, lajeng purun
nglampahi dados Mantri Gunung wau.
Ki
Kertiwijaya anggenipun jojodhowan gadhah anak satunggal estri, lajeng
kaimah-imahaken angsal lurah ing dhusun Duduhan, nama Ki Kertiwecana.
Salajengipun sareng Ki Kertiwijaya tilar donya, ugi kasarakekaen wonten
ing dhusun Duduhan (sakidul Karanganyar).
Mangsuili
cariyos ing ngajeng, anak mantunipun Raden Tumenggung Kertinegara I,
lestantun dados Demang wonten ing Kutowinangun, anggentosi tiyang
sepuhipyn Ki Sutawijaya. Dene anakpun mantu ingkang nama Ngabei
Kramaleksana ugi lestantun dados Mantri Pamajegan wonten ing
Klegenkilang (Selang). Sareng Ngabei Kramaleksana tilar donya
kasarekakaen wonten dhusun Kaliwarak (prenah sawetan Kabupaten kebumen
watawis 2 pal tebihipun).
Ing
ngriki prelu mratelakaken tedak turunipun Ngabehi Kramaleksana, amargi
Ki Kramaleksana wau saged mijeni dharah Karaton, pratelanipun kados ing
ngandhap punika :
Semahipun
Ngabehi Kramaleksana punika kalih, jakasakitipun anakipun Raden
Tumenggung Kertinegara I ing Sruni, kados kasebut ing nginggil. Semah
enem anakipun Raden Tumenggung Wiraguna Kartasura. Saking semah kakalih
wau medali anak jaler estri 15 kathahipun, inggih punika :
1. Ngabehi
Wiryakrama, mantri Gunung ing Tlagagapitan, anakipun etri kapundhut
bibit dados kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun kaping II ing
Ngayogyakarta, paring nDalem nama : Bandara Raden Ayu Nilaresmi, puputra
putri asma Gusti Raden Ayu Pringgadirja.
2. mBokmas Dipayuda.
3. Ngabehi
Kramadirja, Mantri Nangkil*) Ngayogyakarta. Sareng lereh lajeng mantuk
dhateng Selang (Kebumen), pindah nama Ki Kramasentika. Nanging
kalimrahipun karan Ki Kramareja (taksih karan nama nalika dados Ngabehi,
nanging pakecapan dirja, mingsed reja).
(*
Ing Karaton nDalem Ngayogyakarta, ing samangke boten wonten abdi Dalem
Mantri Nangkil. Dados sampun boten kasumerepan punapa ingkang dados
kuwajibanipun Mantri Nangkil punika. Manawi nitik paring nDalem nama
ngajeng mawi : Krama, punapa punika abdi Dalem Mantri Kumitir?
Nyumanggakaken)
4. Kapundhut
bibit dados kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun I, ing Ngayogyakarta,
paring nDalem nama : Bandara Raden Ayu nDayahasmara, puputra :
1. Bandara Pangeran Harya Hadikusuma.
2. Bandara Raden Ayu Juru.
3. Bandara Pangeran Harya Balitar
Menggah mulabukanipun dene anakipun Ngabehi Kramaleksana kapundhut dados kalangenan nDalem makaten :
Ing
nalika Kanjeng Pangeran Harya Mangkubumi (Sinuwun I) andon yuda wonten
ing tanah Panjer (Kebumen), Kanjeng Pangeran Harya Mangkubumi priksa
lare estri ingkang taksih pinjung (watawis saweg umur 11 taun), lare wau
tansah kikinthil ningali prajurit ingkang sami bandayuda, sajakipun
katingal seneng sarta boten anggadhahi kaajrihan. Kanjeng Pangeran Harya
Mangkubumi sareng wuninga lare estri wonten samadyaning peperangan,
sasolah tingkahipun lare wau tansah dipun waspadakaken kanthi
pangunguning panggalih Dalem. Lajeng utusan abdi, ndikakaken ndangu lare
wau nama lan anakipun sinten. Lare kadangu, mangsuli bilih namanipun
Mas Rara Ketul, anakipun Ki Kramaleksana, lah punika bapak ingkang udeng
wulung nyepeng waos mlajar mangilen ngoyak mengsah. Abdi utusan nDalem
wau lajeng enggal wangsul munjuk ing Gustinipun punapa saaturipun lare
estri wau. Temah andadosaken renaning panggalih Dalem, langkung-langkung
dene lare estri wau anakipun Ki Kramaleksana, ingkang sampun kathah
lalabetanipun, sadangunipun prajurit Mangkubumen ngebroki tanah Panjer
lan sakiwa tengenipun. Cekakipun lare wau kasengker, samongsa sampun
diwasa, dhawuh Dalem ndikakaken ngunjukaken, Ngabehi Kramaleksana
nyumanggakaken kanthi bingahing manah ingkang tanpa upami. Sareng
Kanjeng Pangeran Harya Mangkubumi sampun jumeneng Nata ing Nagari
Ngayogyakarta, sedheng Mas Rara Ketul wau sampun mangsa diwasa, lajeng
kaunjukaken. Sasampunipun dados kalangenan nDalem, saking keparenging
karsa Dalem, Mas Rara Ketul wau lajeng kaparingan nama Bandara Raden Ayu
nDayahasmara. Karsa Dalem paring nama wau ngampung masa, margi soking
rena utawi kasmaraning panggalih Dalem, jalaran kadayan mriksani ing
ngatasing lare estri taksih pipinjungan, wani tutwuri bapakipun wonten
samadyaning rananggana. Kang mangka sanadyana tiyang jalera pisan, temtu
ajrih lan sami nilar bale wismanipun samongsa ing sacelaking griyanipun
kangge papan ajanging paprangan.
5. mBokmas Kramayuda.
6. Ki
Secawijaya, sareng dados Mantri Nangkil ing Ngyogyakarta, anggentosi
saderekipun jaler (anak angka 3), lajeng nama Ngabehi Kramadirja.
7. Ki Kramadiwirya.
8. Ngabehi Resadirja, semah angsal buyut Mangkunegaran Sambernyawa Surakarta.
9. Ngabehi Kramataruna.
10. Ki Kramatirta.
11. Ki Resadiwirya
12. mBokmas Wiryayuda (Setrareja).
13. Mbokmas Resapraja (Kramasentika).
14. Ki
Honggawijaya, sareng dados Mantri, nama Ngabehi Kramayuda, semahipun
saking Surakarta, anggadhahi anak jaler nama Ngabehi Jayapranata,
pawingkingipun dados Patih Mangkunegaran. Anakipun estri Ngabehi
Jayapranata kapundhut bibit dados kalangenan nDalem Kanjeng Gusti
Pangeran Mangkunagara kaping III, sinung nama : Mas Ajeng nDayaresmi,
puputra kalih :
1. Raden Mas Suryahandaka.
2. Raden
Ajeng Kuning, krama angsal Kanjeng Pangeran Harya Gandahatmaja. Dene
Kanjeng Pangeran Gandahatmaja wau putranipun Kanjeng Gusti Pangeran
Adipati Mangkunagara kaping IV ing Surakarta.
15. Mbokmas Jawidenta.
Para
anak-anakipun Ngabehi Kramaleksana kasebut ing nginggil, anak angka 1
dumugi 5, patutan saking mbok sepuh, anakipun Raden Tumenggung
Kertinagara I, ing Sruni. Dene anak angka 6 dumugi 15 patutan saking
mbok nem, anakipun Raden Tumenggung Wiraguna ing Kartasura.
Kajawi
punika ugi wonten ingkang cariyos, bilih Ngabehi Kramaleksana wau
semahipun sadaya 3, semah ingkang enem piyambak wonten ingkang mastani
saking Ngayogyakarta, pundi ingkang leres nyumanggakaken. Jalaran ing
baboning babad punika, ingkang ugi ngewrat sarasilah cekak, ingkang
pinanggih wonten ing tanah Panjer (Sruni), boten nyebutaken bilih
semahipun Ngabehi Kramaleksana wonten 3. Nanging namung 2 kados kasebut
ing nginggil.
Punapadene
manawi miturut sarasilah babon kagunganipun Kanjeng Raden Harya Adipati
Danureja kaping V ing Ngayogyakarta, ingkang lajeng asma Kanjeng
Pangeran Juru, sarasilah wau boten nyebutaken semahipun Ngabehi
Kramaleksana. Ing ngriku namung nyebutaken para anak-anakipun kemawon,
nanging cacahipun namung 12, dados kirang 3, kaliyan yen miturut
sarasilah kasebut ing babad punika. Dene kirangipun ingkang dereng
kasebutaken inggih punika :
1. mBokmas Dipayuda, anak angka 2.
2. mBokmas Resapraja (Kramasentika) anak angka 13
3. mBokmas Jawidenta, anak angka 15. Pundi ingkang leres ugi nyumanggakaken.
Miturut
kasebut ing nginggil wau, turunipun Ngabehi Kramaleksana ingkang
nerahaken dharah Karaton wonten kalih, ingkang nerahaken dharah
Mangkunegaran satunggal. Inggih punika anak angka 4, kapundhut dados
kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun kaping I ing Ngayogyakarta. Lajeng
putu, anakipun Ngabehi Wiryakrama (anak Kramaleksana angka 1) kapundhut
dados kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun kaping II ing Ngayogyakarta.
Sarta buyutipun, turunan saking anak angka 14, kapundhut kalangenan
Kanjeng Gusti Pangeran Harya Mngkunagara kaping III ing Surakarta.
Kajawi
punika sadherekipun estri Ngabehi Kramaleksana ugi kapundhut bibit
dados kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan kaping I ing
Ngayogyakarta, paring nDalem nama : Bandara Raden Ayu Turunsih, puputra :
1. Bandara Pangeran Harya Mangkukusuma.
2. Bandara
Raden Ayu Tumenggung Danunagara. Dene Raden Tumenggung Danunagara wau,
putranipun Kanjeng Raden Hadipati Danureja kaping I Papatih dalem ing
Ngayogyakarta, dene sajarahipun makaten :
Sejarah Ngabehi Kramaleksana tuwin Bandara Raden Ayu Turunsih.
Prabu Brawijaya Maospait pungkasan nerahaken :
1. Raden Jaka Lancing (Harya Surengbala utawi Maduretna), mertapa wonten ing redi kenap tanah Panjer (Kebumen).
2. Kyai Aden, ing Sruni (Kebumen).
3. Kyai Sutamenggala, ing Sruni (Kebumen).
4. Kyai Sutapraja, ing sruni (Kebumen).
5. Kyai Kramayuda, ing Sruni (Kebumen).
Ngabehi
Kramayuda anggadhahi anak Ngabehi Kramaleksana tuwin Bandara Raden Ayu
turunsih, kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan kaping I ing
Ngayogyakarta.
Dene
anakipun Ngabehi Kramaleksana ingkang angka 4, Bandara Raden Ayu
nDayahasmara ugi dados kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun Kanjeng Sultan
kaping I ing Ngayogyakarta. Para putra dalem ingkang miyos saking
Bandara Raden Ayu Turunsih (sedherekipun estri Ngabehi Kramaleksana)
tuwin saking Bandara Raden Ayu nDayahasmara (anakipun estri Ngabehi
Kramaleksan) sampun sami kasebut ing nginggil.
Dene
anakipun Ngabehi Kramayuda, boten namung kakalih punika, nanging taksih
wonten tunggilipun malih, ingkang ing ngriki boten kasebutaken. Dene
ingkang kasebutaken ing ngriki namung anak ingkang nerahaken dharah
Karaton.
Sejarah Nyai Kramaleksana (mbok sepuh).
Prabu Brawijaya Maospait pungkasan anerahaken :
1. Raden Jaka Pekik (Harya Jaranpanolih ing Sumenep).
2. Harya Leka , ing Sumenep.
3. Jambaleka, ing Sumenep.
4. Ki Mas Manca, inggih Harya Mancanagara, Patih Pajang.
5. Ki Mas Tumenggung Pramonca, ing Sruni.
6. Raden Tumenggung Kertinagara I, ing Sruni.
7. Nyai Kramaleksana.
Bandara Raden Ayu nDayahasmara, kalangenan nDalem Ingkang Sinuwun kaping I ing Ngayogyakarta.
0 komentar:
Posting Komentar