Tampilkan postingan dengan label Babad Kebumen. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Babad Kebumen. Tampilkan semua postingan

Senin, 28 Oktober 2013

BABAD KEBUMEN #1


Kacariyos ing Nagari Mataram, nalika ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Prabu Mangkuat Agung, (Sinuwun sumare Tegalarum), Ingkang Sinuwun wau pangastaning pangadilan kirang adil, sarta boten pisan sarembag kaliyan Sang Nindyamantri tuwin para Nayaka,, ingkang tinanggenah anginger lampah jantraning praja. Boten kirang para Santana, abdi tuwin kawula Dalem ingkang sami nampi pidana ingkang boten satimbang kaliyan kalepatanipun.

Rekyana Patih tuwin para Nayaka, punapadene ingkang paman Kangjeng pangeran Bumidirja ingkang minangka paranpara, ugi sampun sami ngunjuki pamrayogi dateng Ingkang Sinuwun, ingkang wosipun Nagari badhe manggih reretu bilih kirang adil pangastaning kukum angger-anggering praja. Ananging Ingkang Sinuwun boten karsa manggalih sadaya pamrayogi ingkang sae wau. Ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja wola-wali nyaosi pamrayogi, Ingkang Sinuwun kalintu serep, lajeng tuwuh dudukanipun, ngantos kawiyos pangandika Dalem, ingkang nawung suraos anundung ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja. Sang Pangeran taksih saged nyabili nyabaraken panggalih, rumaos dados sepuh, ingkang kedah rumeksa kasugenganipun Sang Prabu, kaliyan nyarantosaken bokbilih ing tembe wuri Ingkang Sinuwun enget ing panggalih, bilih jenenging Ratu punika wawakilipun ingkang Maha Kuwasa, ingkang kedah ngayomi kawilujenganing kawula sadaya.

Ananging Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan, lestantun boten ngengeti ingkang makaten wau. Malah-malah Pangeran Pekik, ingkang margi saking saking kapeksa nindakaken kuwajiban murih karahayoning samudayanipun, sanadyan panindak makaten wau sakalangkung sae lan mikantuki, hewadene boten andadosaken keparenging karsa Dalem Ingkang Sinuwun, temahan Pangeran Pekik katetepaken dosa ing Panjenengan Ratu, kapatrapan ukum kisas kaketok utamangganipun. Ing mangka Pangeran Pekik wau ageng sanget lalabetanipun, anggenipun ngrebat wangsul tanah Surabaya, sarta amikut Sunan Giri, margi anggenipun ambalela ing Mataram.

Kangjeng Pangeran Bumidirja murinani sanget sedanipun Pangeran Pekik, sirna kasabaraning nggalih, punapadene boten kikilapan bilih Nagari Mataram badhe kadhatengan bebendu. Pupuntoning nggalih Kangjeng Pangeran Bumidirja sumedya lolos saking praja, sarta nglugas raga nilar kaluhuran, kawibawan tuwin kamulyanipun.

Tindakipun Sang Pangeran sakaliyan garwa, kadherekaken abdi titiga ingkang kinasih. Gancaring cariyos tindakipun wau sampun dumugi tanah Panjer ing secelakipun Lepen Lukula. Ing ngriku pasitenipun sae lan waradin, toyanipun tumumpang, nanging taksih wujud wana tarataban.

Wana tarataban sacelaking lepan Lukula wau lajeng kabukak kadadosaken pasabinan lan pategilan, sarta pakawisan ingkang badhe dipun degi padaleman. Pambukaking mbaka sakedhik, margi ing ngriku dereng dipun dunungi tiyang, dados namung katandangan dening Kangjeng Pangeran piyambak kaliyan abdinipun titiga bektan saking Mataram.

Kangjeng Pangeran Bumidirja lajeng dedepok wonten ing ngriku, sarta karsa mbucal asma lan sesebutanipun, lajeng gantos nama Kyai Bumi, prelunipun saged nyekecakaken pasrawunganipun kaliyan titiyang padhusunan ing sakiwa tengenipun ngriku. Punapadene sampun ngantos sisingidanipun wau katupiksan saking Nagari Mataram. Mila Kyai Bumi nglugas sarira gesang miturut satataning tiyang padhusunan. Yen siyang mbukak wana yen ndalu ngagengaken pujabratanipun, tansah samadi ening nunuwun ing Pangeran karahayoning lalampahan.

Dumadakan kathah titiyang saking dhusun sanes sami dhateng mriku sumedya ndherek babad, sasat namung wuwulanan kemawon ing ngriku sampun dados padhusunan. Sarehning ingkang cikal bakal ing ngriku nama Kyai Bumi, mila ing ngriku lajeng kanamakaken dhusun Kabumen, lami lami nama Kabumen mingsed mungel Kebumen.

Dhusun Kebumen tutrukanipun Kyai Bumi wau ujuripun mangidul urut sapinggiring lepen Lukula, udakawis sampun wonten 3 pal, dene alangipun mangetan udakawis wonten ½ pal.
Kyai Bumi dados sesepuhipun ing dhusun ngriku, sanget sinuyudan titiyang kathah, ngantos kawentar ing dusun-ngadhusun, temah kathah tiyang saking sanes dhusun pindah mriku sami ndherek babad malih sesenengipun, mila ing dhusun Kebumen lajeng dados dhusun ingkang sakalangkung reja.

Titiyang dhatengan wau wonten wowolu ingkang kalebet punjul ing damel lan sugih reka, mila lajeng kinanthi dhateng Kyai Bumi, kinen tumut njagi tata tentreming padhusunan sampun ngantos kikirangan sandhang tedha, mila sadaya rembag, Kyai Bumi boten nilar tiyang wowolu wau. Kyai Bumi sanget anggenipun rumeksa dhusunipun, mila titiyangipun sami seneng-seneng ayem tentrem boten kikirangan sandhang tedha.

Kocapa lolosipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, ndadosaken rudatosing Ngarsa Dalem Kangjeng Susuhunan, sarta Ingkang Sinuwun ngrumaosi kalentunipun. Ingkang Sinuwun lajeng utusan abdi Dalem gandhek kakalih, ndikakaken madosi sarta amboyong kondur ingkang paman Kangjeng Pangeran Bumidirja. Dhawuh timbalan Dalem, gandhek boten kapareng mantuk, yen boten sareng-sareng kaliyan Kangjeng Pangeran wau.

Gancaring cariyos utusan nDalem gandhek sampun pinanggih kaliyan Kangjeng Pangeran Bumidirja, ingkang ing wektu punika pinuju saweg ngalempakaken tiyang sadhusun, perlu ngrembag kabetahaning dhusun ingkang badhe katindakaken murih prayoginipun.

Sadhatengipun gandhek kakalih wau, boten saranta sami sasarengan anungkemi sampeyanipun Kangjeng Pangeran kaliyan atawang tangis, sanget kararantaning manah, margi boten nyana pisan-pisan, dene gustinipun kados makaten kawontenanipun, tega nilar kamukten lan kawibawan, narimah gesang sacaraning tiyang alit.

Sasampunipun sawatawis aso, gandhek munjuk ing Kangjeng Pangeran, punapa sadhawuh timbalan nDalem Ingkang Sinuwun kados kasebut ing nginggil. Awit sapengkeripun gusti kula angles tilar praja, Nagari Mataram sakalangkung ruwed, paprentahaning praja prasasat sampun boten wonten. Bilih gusti kula boten tumunten kondur, temtu Nagari Mataram badhe kadhatengan babaya ageng.

Kangjeng Pangeran Bumidirja (Kyai Bumi) boten maringi wangsulan pangandika punapa-punapa dhateng abdi Dalem gandhek. Nanging lajeng ngandika paring dhawuh dhateng titiyang kathah ingkang sami ngalempak wonten ing ngriku, pangandikanipun : “sadulur-sadulurku kabeh bae ing kene, andadekna ing kawruhanamu kabeh, aku iki sajatine kang ran Kangjeng Pangeran Bumidirja, iya Bapa pamane Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan ing Mataram. Pancene aku wis krasan banget manggon ing desa kene babarengan karo kowe kabeh, saking senenging atiku, aku nganti mbuwang kaluhuran, kawibawan lan kamukten kamulyaning uripku ana ing Nagara Mataram, aku dadi Pangeran gedhe, kalenggahanku sawah 300 karya (300 jung). Kamulyan samono gedhene dak buwang, aku pinilaur urip sacaraning wong cilik babarengan karo kowe kabeh. Ing sarehning Nagara Mataram ing saiki lagi nemu pakewuh, aku ditimbali Sang Prabu, kowe kabeh wis padha krungu dhewe saka ature gandhek loro iki, mula aku kapeksa ninggal kowe kabeh, telung dina maneh aku bakal kondur marang Mataram. Lestarekna anggonmu padha dudunung ing desa kene karo senenging atimu lan rukuna karo kancamu kabeh. Ing mburi yen Nagara Mataram wus tentrem, aku nuli bali mrene maneh.

Kajaba iku kanggo anjaga tata tentrem lan murih mundak-mundhak rejane, samono iku yen kowe kabeh padha sarujuk, sarehning padhukuhan ing Kebumen iki kawilang gedhe, wong wolu kang wus dak kanthi njaga bot-repote ing desa kene, iku kang dak pitaya lestarine dadi tuwa-tuwa minangka dadi susulihku angemong kowe kabeh. Dene kang dak pitaya tunggu manggon ana ing omah patilasanku iki yaiku, si Dipareja, dene Wirareja, Basek, Trama, Tamana, Banar, Mangu lan Ketug, tetepa padha manggon ing umahe dhewe-dhewe lan padha tutuwa, nanging kabeh mau anggone padha nindakake pagaweyan ora kena ninggal Dipareja, dadi saka tutuwa wowolu mau Dipareja kang dadi tuwa dhewe. Dene pambagine pagaweyan becik padha dirembug saprayogane.

Titiyang sadhusun Kebumen sareng mirieg pangandikanipun Sang Pangeran, sami ajrih lan sanget pangungunipun, kasembuh kararantaning manah, margi boten nginten pisan-pisan yen Kyai Bumi wau gustinipun piyambak. Wasana kasusul ing raos kaprihatosan, margi titiyang wau rumaos boten saged tinilar jalaran sampun kasok sih lan sumungkemipun.

Sasampunipun rampung dhawuh-pangandikanipun Sang Pangeran lan sampun dipun saruiuki titiyang kathah, lajeng sami bibaran mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak kanthi nawung kaprihatosan ingkang tanpa pipindhan.

Sabibaripun titiyang kathah, Kangjeng Pangeran Bumidirja paring dhawuh pangandika dhateng abdi Dalem gandhek kakalih, bilih Kangjeng Pangeran boten badhe kondur dhateng Nagari Mataram. Sarehning panamuripun Sang Pangeran sampun kasumerepan ing tiyang kathah, margi saking sowanipun gandhek kakalih, mila Kangjeng Pangeran sumedya linggar saking padhepokan ing Kebumen, pindhah ngaupados papan malih ingkang mencil, nanging waradin lan sae pasitenipun saemper pasiten ing Kebumen. Dene anggenipun sengadi yen badhe kondur dhateng Mataram, supados titiyang ing Kebumen puruna katilar. Sarehning lampahipun gandhek kakalih boten angsal damel, ajrih umantuka dhateng Mataram, margi mboten wande badhe nampi pidana kisas, mila gandhek kakalih sumedya ndherek Kangjeng Pangeran, ing sapurug-purug boten badhe kantun.

Salebetipun kalih dinten saderengipun Kangjeng Pangeran badhe nilar padhepokan Kebumen, rinten ndalu titiyang sami tuguran wonten ing dalemipun Kangjeng Pangeran gegentosan.
Ing dinten katiganipun, inggih dinten linggaripun Kangjeng Pangeran, titiyang sadhusun Kebumen ageng alit nem sepuh sami tumplek bleg sowan Kangjeng Pangeran, dalasan tiyang saking sanes dhusun ingkang mireng inggih sami sowan, kumedah-kedahipun badhe nyumerepi, margi badhe tiniliar.

Ing wanci jam 8 enjing sasampunipun samekta, Kangjeng Pangeran sakaliyan garwa nilar padalemanipun ing Kebumen. Tindakipun mangetan leres sarwi lon-lonan, ginarubyug titiyang ewon kathahipun, hewadene tanpa wonten sabawanipun, labet titiyang ingkang sami uimiring wau sami trenyuh anawung sungkawa, temah kathah ingkang sami carocosan angedalaken luhipun, margi saking sampun tumanem sih sumungkemipun dhateng Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi.

Sareng tindakipun Kangjeng Pangeran dumugi ing dhusun Selang, lampahan udakawis 1 pal tebihipun, Sang Pangeran paring dhawuh pangandika dhateng titiyang kathah, bilih sanget panarimanipun, lan mundhut pangapunten klinta-klintuninpun sadangunipun minisepuhi wonten ing dhusun Kebumen. Sarehning sampun kapara tebih, titiyang supados sami wangsula mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak. Sasampunipun Sang Pangeran maringaken kawilujengan, lajeng anglajengaken tindakipun, kadherekaken abdi titiga bektan saking Mataram tuwin gandhek kakalih.

Mireng dhawuh pangandikanipun Sang Pangeran, titiyang ingkang sami ndherek wau sami kamitenggengen boten saged ngucap, lan titiyang wau taksih sami kendel wonten ing ngriku, dereng purun mantuk, anamung sami ngawasaken kemawon dhateng tindakipun Sang Pangeran. Sareng sampun boten katingal, titiyang saweg sami purun mantuk dhateng griyanipun piyambak-piyambak, kaliyan kararantaning manah. Sang Pangeran laju tindakipun.
Sareng sampun sawatawis dinten saking linggaripun Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih Kyai Bumi, ngestokaken dhawuhipun. Kangjeng Pangeran, saking sarujukipun titiyang kathah, sarehning tutrukan ing Kebumen wau dhusun ageng lajeng kaperang kadadosaken 8 dhusun. Naminipun dhusun miturut naminipun ingkang dados sesepuh, inggih punika dhusun ingkang dipun sepuhi Dipareja tetep nama dhusun Kebumen. Ingkang dipun sepuhi wirayuda, nama dhusun Kawirayudan. Ingkang dipun sepuhi Basek, nama dhusun Kebasekan. Ingkang dipun sepuhi Trama, nama Ketraman. Ingkang dipun sepuhi Tamana, nama dhusun Ketamanan. Ingkang dipun sepuhi Banar, nama dhusun Kebanaran. Ingkang dipun sepuhi Mangu, nama dhusun Kemangunan. Ingkang dipun sepuhi Ketug, nama dhusun Ketugon. Nanging sadaya wau sami anglurah dhateng Dipareja ing Kebumen. Saking anggenipun anglurahi pinisepuh 7 dhusun wau, Dipareja lajeng katelah nama Glondhong, punika saking cekakan tembung glondhong pengareng-areng, tegesipun bulubekti saking kareh-rehanipun. Dene sesepuhipun ingkang 7 wau lajeng karan lurah. Namanipun dhusun-dhusun wau taksih lestantun dumugi samangke.

Amangsuli tindakipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, inggih Kyai Bumi, sareng dumugi ing dhusun Lerep, lajeng ngasokaken sarira, lerep sadalu. Enjingipun anglajengaken tindakipun, temah saged manggih padunungan ingkang pasitenipun sae kadosdene pasiten tutrukan ing Kebumen. Kyai Bumi lajeng dudunung wonten ing ngriku, inggih ing dhusun Karang, gandhek kakalih boten kantun.

Kacariyos Ingkang Sinuwun ing Mataram ndangu dhateng Papatih Dalem, dene utusan abdi gandhek kakalih sampun lami dereng sami dhateng. Rekyana Patih munjuk, saking aturipun cundaka bilih paman Dalem Kangjeng Pangeran Bumidirja, katimbalan kondur boten karsa, sampun kraos sugeng anglugas raga sacaraning titiyang tani. Abdi Dalem gandhek kakalih katrem ndherek Kangjeng Pangeran, margi ajrih yen umantuka.

Ingkang Sinuwun nunten utusan malih utusan abdi kinasih kakalih, nama Udakara lan Surakarti. Nanging Kangjeng Pangeran Bumidirja inggih meksa mogok boten karsa kondur. Udakara tuwin Surakarti ugi lajeng boten wangsul dhateng Mataram malih, amargi inggih saking ajrih, lajeng katrem sami ndherek Kangjeng Pangeran wonten ing dhusun Karang. Kangjeng Pangeran Bumidirja lestantun asma Kyai Bumi, sarta tetep dadalem ing dhusun ngriku, makaten ugi gandhek kakalih tuwin Udakara lan Surakarti, ugi lestantun ndherek nunggil sadhusun, boten saged pisah kaliyan Kyai Bumi.

Kala samanten Kyai Bumi sampun apuputra 4, pambajeng nama Kyai Gusti, panenggak Kyai Bagus, pandada Nyai Ageng, warujunipun Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bumi, ingkang gumantos dados sesepuh ing dhusun ngriku putra ingkang waruju, inggih punika Kyai Bekel. Sasedanipun Kyai Bekel, ingkang gumantos dados sesepuh, putranipun ingkang nama Kyai Ragil. Dene putranipun Kyai Ragil nama Ki Honggayuda, punika dados Demang wonten ing dhusun Kutawinangun.

Mangsuli cariyos ing nginggil, putranipun Kyai Bumi (Pangeran Bumidirja), ingkang nama Nyai Ageng punika semah angsal Demang Wawar, puputra Ki Warganaya, ugi dados Demang anggentosi sepuhipun. Ki Warganaya putranipun ingkang estri kakalih, ingkang sepuh dados semahipun Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, punika pinanggih sadherek misan. Ingkang nem kapundhut ampeyan (klangenan) Kangjeng Pangeran Puger, menggah sajatosipun ingkang kapundut ampeyan wau taksih putra kepenakan misan. Dene mula bukanipun makaten :

Salolosipun Kangjeng Pangeran Bumidirja, Nagari Mataram saya gonjing, lami-lami lajeng wonnten kraman Trunajayan. Ingkang Sinuwun Hamangkurat Agung linggar saking praja, kadherekaken putra Dalem Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Anom, tuwin Kangjeng Pangeran Puger. Sareng tindakipun Ingkang Sinuwun dumugi ing Banyumas, Sang Prabu kacandhak gerah santer, dumugi ing sedanipun, kasarekaken wonten ing astana Tegalarum (Tegal). 

Sasampunipun Ingkang Sinuwun sumare, Pangeran Puger kondur dhateng Mataram sumedya ananggulangi kraman Trunajayan. Sareng konduripun dumugi ing Wawar, Kangjeng Pangeran Puger lereh, lerem angasokaken sarira wonten ing griyanipun Ki Demang Warganaya. Sareng Kangjeng Pangeran Puger priksa anakipun estri Ki Demang, ndandak sakala kataman turidasmara, lajeng anakipun Ki Demang wau kapundut ampeyan, ugi kacaosken, medali putra satunggal miyos kakung, nama Jaka Sangkrip. Jaka Sangkrip kapendhet anak dhateng Ki Honggayuda Demang ing Kutawinangun, margi Nyai Honggayuda wau kaleres sadherekipun sepuh ibunipun Jaka Sangkrip. Dados Jaka SAngkrib wau kapendhet anak uwakipun.

Kacariyos Ki Honggayuda Demang Kutawinangun, anakipun 6, dados sadaya wonten 7 kaliyan anak pekpekan pun Jaka Sangkrip wau. Jaka Sangkrip wayahipun jajaka tanggel, sanget kawelarsa margi nandang sakit katrapen waradin ing badan sakojur, boten wonten ingkang kadugi nyelak, margi saking gandanipun bacin balorongan. Patilemanipun saenggen-enggen, ing ngandhap pisang, kandhang, tritisan boten wonten ingkang ngopeni, para sadherek anakipun Ki Demang Honggayuda boten wonten ingkang sapa aruh.

Jaka Sangkrip sanget ing panalangsanipun, pupuntoning manah badhe kesah dhateng salebeting wana pados margining pejah, margi merang dhateng sanak sadherekipun anggenipun sami boten purun ngaken. Lampahipun Jaka Sangkrip sampun dumugi wana secelaking redi Geyong, kalebet ing tanah Panjer. Wonten ing wana ngriku sampun angsal 21 dinten. Jaka Sangkrip boten neda lan boten  ngombe. Jaka Sangkrip lajeng kadhatengan tiyang jaler sampun sepuh, amaringi susupe kapasangaken wonten ing darijinipun panuduh ing tangan tengen, kaliyan paring dhawuh supados tapa wonten salebeting wetenging maesa, sasampunipun mitungkas makaten, tiyang jaler wau lajeng boten katingal malih.

Jaka Sangkrip langkung kewran ing manah, amargi boten pinanggih ing nalar ingatasing tiyang saged lumebet ing wetenging maesa, nanging badhe maiben ajrih. Amila lajeng medal saking wana, lumampah dhateng padhusunan, badhe ngyektosaken kados pundi kadadosaning lalampahan. Sareng lampahipun dumugi sangajengipun griyanipun  Ki Rejatani, mak-greg kados wonten ingkang ngengetaken, mila lampahipun Jaka Sangkrip lajeng kendel wonten ing ngriku. Ki Rejatani wau sabobotipun tiyang dhusun kawical kacekapan, maesanipun wonten 2 rakit, sabinipun 4 bau. Ki Jaka Sangkrip ingkang kendel delog-delog wonten ngriku sumerep wonten kandhang ingkang ing nglebet wonten maesanipun 4, lajeng enget wewelingipun tiyang jaler wau, temah delog-delog amangu-mangu, ing batos mokal temen wewelingipun tiyang jaler wau, gek sarana lampah kadospundi sagedipun kaleksanan tapa wonten salebeting  wetenging maesa. Saweg dumugi samanten gagasanipun, tiyang jaler ingkang mitungkas Jaka Sangkrip, lajeng dhateng jleg tanpa sangkan, lajeng ambopong Jaka Sangkrip, saking rumaosipun Jaka Sangkrip, awakipun kalumahaken wonten gegering maesa. Sareng tiyang jaler  ingkang mbopong sarta nglumahaken wau boten katingal, Jaka Sangkrip mangretos bilih awakipun sampun wonten ing lebet wetenging maesa. Jaka Sangkrip sakalangkung ngungun, dene wonten kaelokan makaten punika. Punapadene sasampunipun wonten ing lebeting weteng maesa, Jaka Sangkrip boten kraos luwe tuwin ngelak, manahipun ayem tentrem, awakipun boten kraos sakit, sanadyan awakipun taksih kebak mamala.

Ki Rejatani ingkang gadhah maesa wau, ing satunggaling ndalu mrimpeni, bilih pasiten ing sangandhaping wit lo ing saler kilening griya sarta celak pategilan, punika karesikana, makaten ugi sakiwa tengenipun ngriku. Sasampunipun siti ing sangandhaping wit lo wau kakeduk. Punapadene kandhangipun maesa kapindhaha wonten ing kidul wetaning griya. Yen dipun lampahi ing wingking badhe manggih kabegjan.

Satanginipun saking tilem, Ki Rejatani anggagas anggenipun mrimpeni dipun panggihi tiyang sepuh jaler, sarta aken mindhah kandhangipun maesa lan andhudhuk siti sangandhaping wit lo, ugi badhe tumunten dipun tandhangi. Nunten ngundang anakipun jaler, supados nedha sambatan dhateng tangga tepalih ing ngriku perlu mindhah kandhang maesa. Boten watawis dangu wonten tiyang 7 dhateng, sasampunipun dipun sukani sumerep pamindhahipun lajeng dipun tandangi. Dene Ki Rejatani kaliyan anakipun jaler kakalih sami ngresiki pasiten sangandhaping wit lo lan sakiwa tengenipun. Sasampunipun resik, pasiten sangandhaping wit lo wau kadhudhuk. Sareng pandhudhukipun sadhengkul lebetipun. Kawistara wonten pambludaging toya, sarta sitinipun ambles, siti ingkang ambles boten kalajengaken pandhudhukipun, lajeng milihi ndhudhuk siti ingkang taksih atos, dene yen sampun katingal mbludag toyanipun lan sitinipun ambles, lajeng ndhudhuk siti ingkang taksih atos, makaten salajengipun. Cekaking cariyos saweg sadhengkul lebeting pandhudhukipun siti, wasana papan wau lajeng dados belik utawi sendhang, wiyaripun udakawis wonten 3M3, toyanipun sakalangkung wening.

Ing ndalunipun KI Rejatani ugi dipun primpeni malih, bilih maesa ingkang bule ulesipun, punika kabeleha kangge wilujengan dhusun, sarta sendhang wau ing saben dinten malem Jumuwah utawi anggara-kasih dipun sajenana sekar boreh lan kukutuga ambesmi dupa. Makaten ugi tiyang boten kenging adus utawi ngungumbah wonten ing ngriku. Dene tiyang ingkang kenging adus wonten ing ngriku, namung tiyang satunggal ingkang nama Jaka Sangkrip.

Rejatani angestokaken kalayan eklasing manah maesanipun ingkang bule kapragad kangge wilujengan dhusun. Sareng pamragadipun badhe ambedhah weteng perlu mendheti jerowan, lajeng kapireng suwantening tiyang wonten salebeting weteng maesa ingkang badhe kapendhet jerowanipun wau. Tiyang punika nyuwanten supados ngatos-atos anggenipun ambedhel weteng, amargi ing salebeting weteng ngriku isi tiyang.

Mireng suwanten makaten punika, tiyang ingkang mragad maesa wau lajeng nyukani sumerep dhateng Ki Rejatani, Rejatani sanget gumun enggal-enggal murugi, sarta lajeng pitaken dhateng ingkang nyuwanten, menggah nama tuwin kawijilanipun, punapadene mulabukanipun, dene wonten lalampahan ingkang sanget aeng utawi elok punika. Ingkang dipun pitakeni mangsuli, sarta mrasajakaken namanipun, yen piyambakipun nama Jaka Sangkrip, anggenipun wonten salebeting wetengipun maesa ingkang kapragad wau, amargi ngupados, pejah, jalaran gadhah sasakit badanipun sakojur boyehen boten mantun-mantun. Sanadyan piyambakipun sampun lumebet ing wetenging maesa meksa dereng saged pejah, mangka linampahan boten nedha lan ngombe.

Rejatani miring wangsulan makaten enget wewelingipun tiyang jaler wonten salebeting pasupenan, temah anggenipun ambedhah wetenging maesa katandangan Ki Rejatani piyambak kalayan sanget angatos-atos. Sareng sampun kabedhah, sanyata wonten tiyangipun, lajeng kabopong kabekta dhateng sendhang sangandhaping wit lo, lajeng kaedusan toya sendhang. Ki Rejatani boten wigih-wigih anggenipun ngosoki badan sakojur, rereged tuwin nanahipun ical, sasakitipun katrap anggegregi sami sakala, ing sapunika sampun sirna mamalanipun, badanipun sakojur alus boten wonten tabeting belang sakedhik-kedhika. Wiwit kesahipun Jaka Sangkrip dumugining dinten punika, kapetang sampun 45 dinten lampahipun boten nedha boten ngombe, mila badanipun tanpa kikiyatan.

Jaka Sangkrip lajeng kabopong kabekta lumebet ing griya dening Ki Rejatani, lajeng katilemaken ing salu wonten ing griya ngajeng. Kangge mulihaken kikiyataning badan sarehning sampun pinten-pinten dinten boten kalebetan punapa-punapa, lajeng dipun lebeti tigan mentah, sarta kasusul ngombe tajin. Jaka Sangkrip sampun radi kuwawi badanipun, sampun saged linggih. Sareng sampun kalebetan sekul, kikiyatanipun pulih kados nalika saderengipun sakit, andadosaken bingahing manahipun Jaka sangkrip ingkang tanpa pipindhan.

Jaka Sangkrip wonten ing griyanipun Rejatani angsal pendak dinten laminipun, badanipun sampun kiyat, lajeng nedha pamit dhateng Ki Rejatani badhe mantuk, kanthi suka panarimah anggenipun Ki Rejatani sampun anambak gesang, Jaka Sangkrip rumaos boten saged males punapa-punapa, namung Pangeran piyambak ingkang badhe anggganjar dhateng Ki Rejatani, ingkang ambeg darma saha welasasih ing sasami ingkang saweg manggih pakewed. Jaka Sangkrip mrayogakaken, sendhang ingkang toyanipun kangge ngedusi Jaka Sangkrib, manawi Rejatani sarujuk, dipun namanana Belik Kawarasan, kapendhet saking sasampunipun Jaka Sangkrib dipun dusi toya saking sendhang ngriku, ndadak sakala sasakitipun waluya jati. Ki Rejatani nayogyani, badhe kaestokaken, saha suka wilujeng salampahipun Jaka Sangkrip, sarta apiweling sampun ngantos lami-lami tutuwia malih margi sampun dados anak, sampun ngantos ewed-pekewed. Rejatani suka wilujeng sarta nguntapaken lampahipun ngantos sawatawis tebih, sampun pepengkeran lampahipun.

Sampun dados kalimrahan, saking wiraosipun bakul sinambi wara, karna binandhung, lidhah sinambung, undhaking titipan, sakedhap kemawon sampun kapireng dhateng titiyang ing dhusun-ngadhusun, sanadyan ingkang tebih-tebih, sarta ugi lajeng kapireng ing salebeting Nagari, bilih pakawisanipun Ki Rejatani wonten sendangipun tiban, toyanipun sakalangkung wening, namanipun Belik Kawarasan. Milanipun dipun wastani makaten amargi sadaya sasakit punapa kemawon, bilih ingkang sakit wau dipun dusi utawi ombeni toyanipun sendhang wau, sasakitipun saged waluya saras sanalika.

Wiwit punika ing griyanipun Ki Rejatani boten kendhat kadhatengan titiyang saking pundi-pundi prelu jajampi, ndadosaken suwuring namanipun Ki Rejatani, lajeng anambahi ing kacekapanipun. Sebab titiyang ingkang sami mriku temtu ambekta angsal-angsal rupi-rupi utawi awujud arta. Punapadene ingkang sampun nate jajampi mriku, sarehning sampun saras sasakitipun, saking bingah-bingahipun wonten ingkang lajeng kaul utawi nadar sarana wilujengan wonten ing griyanipun Ki Rejatani. Mila griyanipun Ki Rejatani lajeng kaagengaken, sarta katambahan pandhapi wujud griya wangun joglo, kacekapa kangge nampeni ingkang tamu, margi ingkang griyanipun tebih, salong wonten ingkang sami nyipeng. Punapadene Belik Kawarasan lajeng kapager banon mawi konten, yen ndalu dipun kunci, margi kuwatos bilih belik wau lajeng kangge adus utawi ngumbahi pangangge dhateng tiyang ingkang boten sumerep. Ki Rejatani namung tumindak pangatos-atos, miturut piwelingipun tiyang jaler sepuh salebeting pasumpenan, bilih Ki Rejatani kawaleran, sendhang wau boten enging pisan-pisan kangge ngumbahi utawi adus, kajaba namung kangge ngedusi Jaka Sangkrip piyambak kados ingkang kasebut ing nginggil. Yen kalampahan tinerak wonten ingkang adus utawi kukumbah wonten ing sendhang ngriku, toyanipun lajeng tawar boten kenging kangge njampeni tiyang sakit. Saking namaning Belik Kawarasan, dangu-dangu tembung Kawarasan wau lajeng mingsed dados namaning dhusun ingkang dipun griyani Ki Rejatani, sabab Ki Rejatani ing wingkingipun lajeng dipun dadoskaken Lurah wonten dhusun ngriku, dados sadaya padunung reh-rehanipun Ki Rejatani wau lajeng nama dhusun Kawarasan. (Nama Kawarasan ngantos sapriki taksih lestantun dados namaning dhusun ing ngriku, makaten ugi belikipun inggih taksih wonten, namung kemawon sampun boten karimat, toyanipun sampun ngabar boten kenging kangge jampi, margi ing papan ngriku utawi toyanipun lajeng dipun angge sapurun-purun dhateng tiyang kathah. Hewadene salong wonten tiyang satunggal kalih ingkang sakit, mrelokaken dhateng mriku, prelu jajampi sarana adus utawi ngombe toyaning belik).

Mangsuli lalampahanipun Jaka Sangkrip, upami wangsul dhateng Kutawinangun, rumaos rikuh sanget, margi sadherekipun sami boten sapa aruh, kekencenganing manah badhe lalana tambuh paraning sedya, namung nuruti salampahing suku. Wiwit kesah nilar saking griyaning tiyang sepuhipun, lajeng lumebet ing wana ngantos lumebetipun wonten ing wetenging maesa margi kapragad, ingga dipun edusi ing sendhang, kapetang sampun wonten 45 dinten laminipun, punika sampun manjing dados tapa-bratanipun, mila sampun wiwit katingal kramatipun. Sareng lampahipun Jaka Sangkrip nglangkungi tiyang badhe damel griya, ingkang saweg kawiwitan babaturaipun, ing ngriku Jaka Sangkrip ka’ampiraken, ugi dipun turuti. Tiyang ingkang gadhah griya tuwuh raosipun nedha pitaken, bab pepetanganipun wiwiting angadekaken griya lan sapanunggalanipun ingkang pinanggih prayogi. Ing ngriku Jaka Sangkrip ndilalah kaparingan wewengan papadhang saged mangsuli pitakenan-pitakenan wau, mangka ing suwaunipun, ngertos yen ngertosa, saweg mireng kemawon dereng. Jaka Sangkrip anglegani ngantos sawatawis dangu wonten ngriku. Sasampunipun cekap Jaka Sangkrip pamitan badhe nglajengaken lampah, kanthi suka sumerep yen dhusun ngriku kasukanana nama Kebaturan, punika murih tiyang sadhusun riku manggih wilujeng lan karejeken, sadaya tatanemanipun saged kamedalan. Tiyang ingkang gadhah griya wau nginggihi sarta badhe suka sumerep kaliyan Lurahipun ing dhusun ngriku.

Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun, sareng dumugi papan ingkang kathah kambanganipun, ingkang saweg dipun engen, lajeng cariyos dhateng tiyang sacelakipun ngriku, bilih dhusun wau kanamakaken Kabebekan, supados kasanjangaken dhateng Lurah ing dhusun ngriku, yen tinurut badhe manggih kawilujengan lan reja dhusunipun. Mrangguli malih papan ingkang kathah mendanipun, lajeng kasukan nama Kawedhusan. Boten tebih ngriku, lajeng saged sasarengan kaliyan tiyang ingkang lumampah, sajakipun kasesa-sesa, lajeng dipun takeni, tiyang ingkang dipun pitakeni amangsuli bilih piyambakipun dhukun badhe mitulungi tiyang sakit mentas gadhah lare kembar. Mireng wangsulan makaten wau, Jaka sangkrip lajeng mendhet ron dhadhap ing pager sapinggiring margi ingkang dipun langkungi, ron dhadhap wau kapusus, toyanipun kangge medhaki wetengipun ingkang sakit, Insa Allah saged mantun sakitipun. Jaka Sangkrip meling, dhusun ngriku kasanantunana nama dhusun Kembaran, lan bayi wau kanamakna Dhadhap lan Waru, ing tembe manggih kreta dhusunipun, lan lare wau manggih wilujeng sugih rejeki. Punapa sapakenipun Jaka Sangkrip dipun tindakaken dening dhukun, sareng ingkang sakit dipun wedhaki pususan ron dhadhap,sakala mantun. Dhukun eram, nginten bilih tiyang wau Wali pinuju langkung, mila punapa sawontening lalampahan ingkang mentas katindakaken sarta piwelingipun Jaka Sangkrip dipun pajaraken dhateng Lurahipun ing ngriku. Jaka Sangkrip lajeng lampahipun mangilen nyabrang lepen Lukula. Boten tebih saking sabrangan ngriku, Jaka Sangkrip sumerep tiyang saweg ngrimat sawungipun ules wiring jene, jengger telon, Jaka Sangkrip nyelaki sarwi maspadakaken, kawistara sawung wau sae sanget katurangganipun. Temah mituturi dhateng tiyang ingkang gadhah sawung wau bilih sawungipun punika sae katurangganipun saged angrejekeni. Dene wateking dhusun  ngriku,murih kertanipun, dhusun wau kasantunan nama Pajagoan. Ingkang gadhah sawung sanget bingah dene angsal paseksen bilih sawungipun pancen sae katurangganipn. Dene anggenipun dhusun ngriku supados kapindhah nama, ugi badhe dipun sanjangaken dhateng Lurahipun. Jaka Sangkrip terus mangidul lampahipun, dumadakan mireng tiyan estri paben saklangkung sora, lajeng sami uleng, kasapih tatangganipun, ingkang paben lajeng kendel. Tiyang ingkang nyapih wau lajeng dipun pitakeni dhateng Jaka Sangkrip, sebabipun sami papabenan, dipun wangsuli menawi pabenipun wau jalaran saking rebat sihipun ingkang jaler. Sabab tiyang jaler wau pancen bojonipun kathah, bojo ingkang kalih kakempalaken, inggih ingkang paben punika, dene bojo ingkang enem griyanipun pisah miyambak. Jaka Sangkrip lajeng cariyos, bilih dhusun ngriku kagantosa naminipun, kantunan nama Kawayuhan, murih boten wonten tiyang wayuh. Ki sanak, sampeyan sanjanga dhateng Lurah sampeyan. Jaka Sangkrip nglajengaken lampahipun mangilen, sareng dumugi padhusunan ingkang dhadhahipun (pager) sami kataneman wit puring, lampahipun Jaka Sangkrip kendel, margi kadalon, lajeng nyipeng wonten griyanipun Lurah dhusun ngriku. Ing wanci gagatrahina Jaka Sangkrip pamitan badhe anglajengaken lampah, sarta suka pamrayogi dhusun ngriku ingkang dipun sipengi wau, murih ing dhusun ngriku  saged tentrem, kasantunana nama Puring, Lurah dhusun wau ugi nyagahi badhe karembag kaliyan tiyang sadhusun.

Kacariyos dhusun-dhusun wau, namanipun ugi sami kasantunan miturut nama-nama pakenipun Jaka Sangkrip. (Namaning dhusun-dhusun wau saingga sapriki taksih tetep boten ewah).
Jaka Sangkrip nglajengaken lamapahipun mangilen dumugi ing Karangbolong. Ing Karangbolong ngriku kacariyos papan panggenaning para dhemit, setan, peri-perayangan. Jaka Sangkrip manggih guwa lajeng dipun lebeti, inggih ing ngriku punika ingkang nama guwa menganti, kahyanganipun ratuning dhedhemit nama Kyai Kreta. Jaka Sangkrip mati raga wonten ing ngriku, sareng sampun angsal 7 dinten 7 ndalu, kagodha para dhemit, Jaka Sangkrip panggah tan mobah mosik, cabaring gogodha Kyai Kreta dhateng kaliyan nyukani cemeti, ageng kasiyatipun, boten kenging kasor yen mengsah kaliyan sasamining manungsa. Kyai Kreta lajeng mangsit sadaya kawontenan ingkang badhe linampahan.Jaka Sangkrip langkung suka, saha atur sanget ing panarimanipun, Kyai Kreta sampun boten katingal saking pandulunipun Jaka Sangkrip.

Jaka Sangkrip tumunten medal saking guwa nedya dhateng wana Moros kados wangsitipun KyaiKreta, lampahipun mangetan, ugi sampun dumugi papan ingkang sinedya. Ing Moros punika wana greng gung liwang-liwung, angkeripun ngudubilahi, jalma mara, jalma mati, nanging Jaka Sangkrip boten gigrig sarambut. Jaka Sangkrip sampun wonten satengahing wana, milang-miling ngupadosi papan ingkang kawangsitaken Kyai Kreta, boten dangu pinanggih, lajeng kendel, ing wektu punika sampun ngajengaken wanci sandyakala suruping Hyang Surya.

Ing wanci ndalu kathah ungel-ungelan suwantening satowana, ingkang sanget ngajrih-ajrihi, nanging tumraping Jaka Sangkrip, makaten punika dede barang-barang. Saya dalu hawanipun saya kekes tumanduk raosing badan, suwantening sato galak sajak nggegirisi. Katungka dhatening prahara sindhung riwut anampeg kakajengan ageng-ageng, suwantenipun gumerot gumrebek kados ambedhah-mbedhahna kendhanganing karna, lajeng geter prakempa, kilat tatit liliweran, bumi gonjing, Jaka Sangkrip muntu cipta ameleng sawiji boten obah mosik asrah pandoning Hyang kang Murbeng Jagad, sasireping gara-gara jleg tanpa sangkan wonten wanara seta sakalangkung ageng ngadeg sangajengipun Jaka Sangkrip,sarwi angisis-siyung, lajeng nyandhak bangkekanipun Jaka Sangkrip, temah pancakara. Jaka Sangkrip karepotan boten angsal papan, enget gadhah cemeti ingkang saking Kyai Kreta, enggal katamaken dhateng wanara ingkang goragodha, kataman cemeti wanara ambruk tan saged anggulawat, babayunipun kados dipun lolosi raosipun, temah tobat nedha pangapunten sarta nyukani pratondha ingkang minongka patobatipun wau, ugi sampun ingapunten.

Wanara wau mrasajakaken bilih dados nayakanipun Kangjeng Ratu Kidul, nama Kombangaliali, dhatengipun ing ngriku pancen dapur ingutus Kangjeng Ratu Kidul kinen anggogodha. Sarehning sampun kapara nyata yen Ki Jaka Sangkrip pinunjul, samangke Ki Jaka Sangkrip kaparingan tumbak dening Kangjeng Ratu Kidul. Punapadene samangsa-mangsa manggihi pakewed, tumbak punika katancepna ing siti, ing ngriku piyambakipun tumunten dhateng sanalika tutulung. Punadene saking dhawuhipun Kangjeng Ratu Kidul Ki Jaka Sangkrip namanipun kapundhut, lajeng kaparingan nama Ki Surawijaya. Makaten ugi dipun jateni, bilih Ki Honggayuda ing Kutawinangun, punika dede tiyang sepuhipun, punika kaprenah bapa uwa, kabekta saking ibunipun Ki Surawijaya punika rayinipun Nyai Honggayuda. Dene sanyatanipun ingkang ngukir Ki Surawijaya punika satriya putranipun Nata ing Mataram, inggih punika Kangjeng Pangeran Puger, ing sapunika anyatriya wonten ing Nagari Kartasura. Ki Surawijaya tumuntena wangsul pinanggih ibunipun ingkang taksih winengku ing tiyang sepuhipun, inggih punika Ki Demang Warganaya ing Wawar. Dhasar ibunipun saweg nandhang prihatos ngajeng-ajeng dhatengipun Ki Surawijaya. Sasampunipun telas piwelingipun, Kombangaliali musna boten katingal, wangsul dhateng saganten kidul. 



# wonten candhakipun ….. .
 

Minggu, 27 Oktober 2013

BABAD KEBUMEN #2

Ki Surawijaya sanget bingah lan mongkoging manah, boten nginten pisan-pisan bilih taksih dharahing ngaluhur, mila badhe sinengkud tapabratanipun, murih sageda wangsul kaluhuranipun tumut anyepeng panguwaosing praja. Sadalu muput Ki Surawijaya boten saged angliyep sakedhap-kedhapa, margi raosipun kebak kabingahan, sarta angangen-angen kados pundi prayoginipun ingkang badhe dipun lampahi murih enggala kadumugen punapa sasedyaipun.

Salebetipun anggagas makaten punika, mireng ocehing peksi-peksi cingcinggoling lan peksi sanes-sanesipun malih, anyasmitani bilih sampun ngajengaken gagat rahina miyosing Hyang Bagaskara, sanyata boten antawis dangu ing mbang wetan katonton trontong-trontong Hyang Surya amadhangi bumi, ing ngriku Ki Surawijaya enggal lumampah mangetan, ing wanci wisan garu sampun medal saking wana, dumugi ing ereng-erenging redi Bercong, kendel ngasokaken sarira, sasampunipun sawatawis aso, nglajengaken lampahipun, sareng dumugi ing dhusun Gunaman, lajeng mangidul dhateng pasisir, lajeng tapa angen lampahing surya. Yen enjing lumampah mangetan, sonten lumampah mangilen. Makaten punika ngantos 21 dinten laminipun, tanpa nedha punapa-punapa, kajawi namung ngombe. Lajeng tapa mendhem ing satepining saganten, ingkang katingal namung wates dhadha sapanginggil. Sareng mendhemipun saweg angsal 15 dinten, kamanungsan kasumerepan tiyang, nama kabadharan, lajeng mudhar ngendeli tapa-bratanipun. Ingkang ngonangi wau tiyang dhusun Gunaman, nama Ki Nayadipa. Ki Surawijaya kaajak mampir ing griyanipun Ki Nayadipa, ugi mituruti. Wonten ing ngriku Ki Surawijaya angsal sawatawis dinten, nunten pamit badhe anglajengaken lampahipun.

Ki Surawijaya manahipun boten sakeca, tansah enget dhateng ibunipun, dhasar dereng nate sumerep, amargi wiwit alit tumut  uwakipun Ki Demang Honggayuda ing Kutawinangun. Lampahipun Ki Surawijaya sinengkut mangetan leres medal margi urut sewu ing pasisir. Ing wanci lingsir sonten sampun dumugi Wawar ing griyanipun Ki Demang Warganaya, Ki Surawijaya ngaken rumiyin nama Jaka Sangkrip. Kesahipun saking griyanipun Ki Demang Honggayuda margi sakit. Punapa lalampahanipun sampun katuraken sadaya. Dene dhatengipun ing Wawar, kapengin pinanggih kaliyan ingkang ibu, margi Ki surawijaya sampun mangertos bilih dede anakipun Ki Demang Honggayuda, nanging putranipun Kangjeng Pangeran Puger, ing Nagari Kartasura. Ki Demang Warganaya mireng aturipun Ki Surawijaya inggih Jaka Sangkrip, sakalangkung gawok, jentung sarta ngungun rumaos kados wonten salebeting pasupenan, sareng sampun enget, Jaka Sangkrip inggih Ki Surawijaya rinangkul gapyuk dipun tangisi, katungka ibunipun Ki Surawijaya dhateng murugi, lajeng dipun sukani sumerep bilih ingkang dhateng punika anakipun piyambak, inggih punika Jaka Sangkrip. Ibunipun boten saranta anjerit sarwi angekep-ngekep Ki Jaka Sangkrip. Sareng sampun enget sarta aso, lajeng sami linggih. Jaka Sangkrip inggih Ki Surawijaya nyariyosaken lalampahanipun sadaya miwiti amekasi, sarta pitaken dhateng ibunipun, punapa leres yen awakipun punika putranipun Kangjeng Pangeran Puger, ingkang lajeng jumeneng Nata ing Kartasura, jujuluk Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana I, ing Nagari Kartasura.
Ibunipun amrasajakaken pancen leres. Ki Surawijaya lega manahipun, dene ibunipun sampun mrasajakaken yen temen putranipun wau ingkang ngukir Kangjeng Pangeran Puger ing Kartasura. Ingkang ibu mirengaken lalampahanipun ingkang putra sakalangkung trenyuh, nanging sanget suka sukuring Allah sarta aprasetya badhe atarakbrata, boten badhe kendel saderengipun ingkang putra Ki Surawijaya dereng kaabdekaken ing ratu dados agul-aguling praja, amargi pancen putraning Nata.

Anuju ing satunggaling dinten Ki Demang Warganaya kadhatengan anakipun Ki Demang Honggayuda ing Kutawinangun, ngaturi priksa bilih tiyang sepuhipun Ki Honggayuda kaplajeng ngungsi dhateng peperenging redi Kenap, margi ing Kutawinangun, ingeget ing prang, rinabasa dening Ki Demang Prawiragati ing Pakacangan. Ing Kutawinangun kaobrak-abrik, risak abosah-basih.

Dhatenging mengsah boten mawi panantang, andel-andelipun bala wonten sekawan ngirid bala atusan, katindhihan dening Ki Demang Prawiragati piyambak. Saking karisakaning Kademangan Kutawinangun, kula sumanggakaken dhateng panjenenganipun bapak ing ngriki. Ki Demang Warganaya lajeng rerembagan kaliyan Ki Surawijaya, kadospundi prayoginipun, punapa Ki Surawijaya wantun pupulih ing rana angungsir mengsah. Ki Surawijya sagah ambanda mengsah ijen tanpa bala. Saking anggenipun boten saged angampah kanepsonipun manah, Ki Surawijaya lajeng terus kesah mangkat dhateng Kutawinangun sareng-sareng kaliyan anakipun Ki Honggayuda, ugi sampun dumugi ing Kutawinangun, sarta sampun pinanggih kaliyan Ki Demang Prawiragati.

Ki Demang Prawiragati dipun tantang aben katiyasan, lajeng prang. Demang Prawiragati kasoran, punapadene andel-andelipun. Ki Demang Prawiragati inggih sampun sami kasoran sadaya. Ki Demang Prawiragati nungkul nyuwun pangapunten, ugi sampun ingapunten, lajeng kapurih wangsul dhateng Pakacangan.

Makaten ugi Ki Demang Honggayuda ingknag ngili dhateng ing ereng-erenging redi Kenap kapethuk mantuk dhateng ing Kutawinangun dening anakipun. Dumugi ing Kutawinangun pinanggih kaliyan Ki Surawijaya, ananging Ki Honggayuda pangling, Ki Surawijaya mrasajakaken anakipun piyambak nama Jaka Sangkrip ingkang kesah boten mawi paliwara. Ki Surawijaya lajeng karangkul sarwi tinangisan. Ki Surawijaya wonten ing Kutawinangun saweg angsal 5 dinten lajeng pamit wangsul dhateng Wawar, amargi taksih kangen dhateng ibunipun.

Ki Surawijaya wonten ing Wawar sampun sawatawis laminipun, lajeng enget wecanipun ratuning danyang Ki Kreta tuwin Ki Kombangaliali, tuwuh tekadipun badhe nglajengaken ambanting raga, lajeng pamit dhateng ibunipun tuwin embahipun Ki Demang Warganaya, sampun ngideni sarta mangestoni.

Ki Surawjaya sampun nilar ing Wawar, purugipun ngaler ngilen, lajeng minggah ing redi Bulupitu, ngupadosi papan ingkang ayom, ugi sampun manggih, papanipun sawatawis radin wonten sangandhaping wit Bulu tuwin Bendho, ing ngriku wonten bejinipun, toyanipun bening, Ki Surawijaya kendel wonten ing ngriku manungku puja, boten badhe wangsul sarta suka rila pejah ing enggen ngriku bilih dereng katurunan wahyuning kadarajatan suwiteng Nata. Ki Surawijaya boten nedha punapa-punapa, kajawi namung ndha ron-ronan ingkang wonten sacelakipun ngriku.

Sareng sampun angsal watawis kalih lapan laminipun, katarimah anuwunipun, kadhatengan ingkang mbahu reksa ing ngriku. Sang Dewi lajeng marepeki Ki Surawijaya boten osik taksih manuggalaken kawula gusti, mepet ingkang poncadriya. Dewi Nawangsasi matek pangabaranipun tumanduk angganing Ki Surawijaya, temah kabadharan kuwur ciptanipun, wudhar samadinipun, linggih apungun-pungun. Dewi Nawangsasi ngatingal wonten ing ngajengipun Ki Surawijaya. Ki Surawijaya mambet gandaning ratus, wida jebat kasturi sanget arum angambar, ingkang ing alaming manungsa temtu dereng wonten. Ki Surawijaya ndengegek noleh ngiwa nengen kaliyan ngambakaken mripatipun, wuninga wanudya ayu tanpa sangkan. Ki Surawijaya cengeng mulat kaendahahaning kusumaningayu ingkang minda ratih, temah kenyut kuwur manahipun, tambuh paraning sedya, tan liya kang cinipta muhung kusumaning ayu kang anjar katon. Ki Surawijaya kasabet ing turidasmara.

Dewi Nawangsasi boten kasamaran bilih warastra lungitipun sampun tumama cumencem ing telenging jajantungipun Ki Surawijaya, hewadene taksih badhe jinajagan sapinten pantoging kadibyan kasasantosaning manahipun Ki Surawijaya, mila Sang Dewi arsa ngical saking pandulunipun Ki Surawijaya. Sanalika KI Surawijaya boten sumerep malih dhateng Sang Dewi, temah nyat ngadeg lumampah ngupadosi, gandrung-gandrung kapirangu kaliyan rerepen kinanthi larasdriya makaten :

1.      Sinten Paduka kang rawuh, mung sakedhap angoncati, apa duduka maring wang, kasuwen tan sun tanggapi, baliya pupujaning wang, pan ingsun arsa ndadasih.
2.     nDadasih Sang retnaningrum, dhuh aywa kasusu runtik, tak sengguh tresna maring wang, mara arsa nggemateni, maringi sepahing kinang, den lolohken mara lati.
3.    Dhuh-adhuh kang maweh gandrung, ngatingala sun ngengeri, sapa baya kan tan rimang, andulu Sang minda ratih, weweg gemuh kang sarira, lumer kuning mbengle keris.
4.    Netra mblalak grana masung, ngrungih lati dhemes manis, asumeh pasemonira, wadana anawang sasi, lir kilat tatit liringnya, cahya wenes milangoni.
5.      Tinon amaweh rarasrum, jaja wijang bayu wilis, kawawang pating karentang wonga-wonga ngaluwengi, ardi kembar munggeng jaja, menter-menter asung branti.
6.  Asta nggadhewa binubut, pipinya nduren sajuring, kang imba nanggal sapisan, rema memak landhung langking, dariji ngrajung angraras, dhuh mati sun Jaka Sangkirp.

Kacariyos Jaka Sangkrip inggih Ki Surawijaya, gandrung-gandrung kapirangu, tan enget purwaning sedya, karungrungan rumaos isining jagad boten wonten barang ingkang adi, sanadyan namung saglintir kemawon, sadaya wau sami tanpa aji. Inggih makaten punika wataking tiyang ingkang saweg kataman jemparingipun Sang Hyang Kama. Cacak tiyang pinunjul kados dene Ki Surawijaya meksa kados makaten punika.  Ki Surawijaya anggenipun madosi Sang Putri babasan ron mangkurep kalumahaken, ron malumah kakurepaken. Sareng anggenipun ngubres umadosi sampun angsal tigang dinten meksa tanpa angsal damel, Ki Surawijaya sumpeg amulat surya candra,estining manah luwung binacuta saking marcapada.

Temah amuntu cipta, asikep saluki tunggal mandeng pucuking grana, amepet ingkang ponca-driya, sampun tinarimah, bumi oreg prakempa, kasumuban dayaprabawanipun Sang muntu cipta, Sang Dewi katampeg daya prabawa boten kuwawa, benter raosing sarira, kados ingububan urubing mawa bathok, enggal-enggal amurugi Sang mati raga, angayang pan ngadining busana, sampun ngatingal murugi Ki Surawijaya, Ki Surawijaya mudhar samadinipun, sampun papanggihan lan Sang Dewi, tempuking tingal kumepyur lir panjang putra dhumawah ing sela. Cekaking cariyos Dewi Nawangsasi sampun kagarwa Ki Surawijaya. Dewi Nawangsasi angengakaken korining Datulaya, ical sipating wana, byar kawuryan Karaton kancana ingkang sakalangkung adi ing donya boten wonten ingkang amiriba. Ki Surawijaya manggih kamulyan mukti wibawa wonten karatoning kajiman, tansah papasihan kaliyan ingkang garwa. Dewi Nawangsasi tansah ruruntungan kados mimi lan mintuna.

Anuju ing satunggaling dinten, Dewi Nawangsasi wuninga, bilih ingkang raka Ki Surawijaya kawistara suntrut nawung prihatos, Sang Dewi pitaken punapa darunaning duhkita, ingkang raka mangsuli, ingatasing sliranipun punika taksih dharahing Nata , mangka sapriki-sapriki dereng wonten ingkang ngaruhaken, mila kadospundi rekadayanipun, sagedipun kawuningan ing panjenengan Nata. Ingkang rayi Sang Dewi matur, sampun sumelang ing nggalih, ing samangke sampun meh dumugi wawangening mangsakala. Dene murih angenggalaken kadumugening sedya sarana angendheg lampahipun para Mantri Pamajegan, ingkang sami miyang anyaosaken arta pajeg dhateng Nagari. Ingkang raka angrujuki saking pamrayoginipun ingkang rayi Sang Dewi, sarta tumunten badhe linampahan. Mila Ki Surawijaya lajeng pamit dipun lilani, sarta Sang Dewi mangsit ing samangsa badhe tutuwi dhateng Bulupitu utawi yen wonten damel-paridamel ingkang langkung pakewed badhe andhatengaken Sang Dewi. Sasampunipun kacakup sadaya, Sang Putri nyaosaken dadamel pusakaning Karaton Pajajaran ing kina, nama Naracabala sanget ampuhipun, sampun tinampen. Ki Surawijaya pradandanan, sasampunipun sumekta, tumunten pangkat kadherekaken ingkang rayi Dewi Nawangsasi kalayan kakanthen asta. Sareng lampahipun dumugi korining Datulaya watesing Bangsal Sripenganti, astanipun Ki Surawijaya kakipataken, Karaton kancana tan kadulu, jleg wujud redi Bulupitu ingkang katingal. Ki Surawijaya lajeng murugi papaning tapabrata ing sangandhaping wit Bulu tuwin Bendho ing sacelaking beji, kangge pangenget-enget, margi ing ngriku punika mulabukanipun pinanggih kaliyan Sang Dewi Nawangsasi, sarta lajeng kataman gandrung asmara angalamong dhateng Sang Putri. Mila beji wau dening Ki Surawijaya lajeng kanamakaken Somagedhe. Mengku pikajeng : tegesipun soma : hyang soma : hyang wulan : hyang sasi : hyang nawang sasi : hyang sitaresmi : hyang candra purnama : hyang asmara, den tembung gedhe, sampun jarwa, ingkang ugi tembung gedhe wau inggih saged anggadhahi teges : banget (sanget). Dados Soma-gedhe wau mengku teges : ing beji ngriku jalaraning Ki Surawijaya anandang branta asmara ingkang sakalangkung sanget (ageng), margi ginodha dening Dewi Nawangsasi.

Kacariyos ing jaman samanten ingkang jumeneng Nata Ingkang Sinuhun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana kaping II, akadhaton ing Kartasura. Kala samanten tataning praja pamundhuting paos, lumadosipun dhateng Nagari Kartasura, katemtokaken saben wulan Mulud tuwin Pasa. Ingkang ngladosaken para Mantri Pamajegan, sarta dipun sepuhi dening abdi Dalem Bupati satunggal ing saben-saben ladosan paos 8 kabupaten. Mantri tuwin Bupati ingkang ngladosaken paos wau gegentosan. Wondene lampahipun dharat, margi dereng wonten tutumpakan. ambektanipun arta paos karebat dening kawula Dalem arahan. Ing kala samanten ingkang kathah arta tembagi. Tansah ndalidir lampahing para Mantri Bupati ingiring wadyabala Prajurit pepak sadadamelipun, sami sowan dhateng Nagari Kartasura, angladosaken paos lilintuning wulu wedaling siti . Anggenipun sami amandi dadamel, kangge panjagi samangsa wonten tiyang angganggu damel sarana mbebegal angrodapeksa.

Mangsuli Ki Surawijaya, ing wulan Mulud, mangsanipun ladosan paos sampun meh dhateng. Ki Surawijaya ngrarantam kadospundi prayoginipun ingkang badhe dipun lampahi. Pinanggihing nalar, boten wonten malih kajawi namung angrodapeksa, sarana ngaben wuleding kulit lan atosing babalung. Punika ngiras kangge neter jayakawijayanipun, punapa sampun kenging kangge sangu ngawula ing Panjenengan nDalem Nata.

Ladosan paos saking satunggal-satunggaling Kabupaten, sami katangguhaken ing saderengipun pasamuan grebeg sampuna lumados, amargi sowanipun para Mantri Bupati tuwin sanes-sanesipun, punika ngiras pasowanan grebegan. Ki Surawijaya sampun jagi-jagi anggenipun sumedya nyegat lampahing para Mantri bupati ingkang sami badhe ngladosaken arta paos. Ki Surawijaya ngadhang sapinggiring margi ingkang sakiwa tengenipun kapara jembar, murih omber pamanggihing ngayuda, dados boten gampil kacepeng mengsah. Ki Surawijaya anggiligaken tekadipun, sumedya tinandangan ijen pambegalipun. Sareng sumerep gogrombolaning  para Mantri Bupati tuwin dadamel, lajeng sinepuhan Bupati gangsal, sarta sami mandi dadamel, lajeng tinarajang purun sura tan taha, tandangipun kados bantheng kataton. Ki Surawijaya kinarubut ing kathah, boten pisan giris, tatag tanggon, malah saya wanter tandangipun. Sanadyan otot kawat balung wesi sekti mandraguna, labet namung tiyang satunggal, kinroyok titiyang kathah sarwa pepak dadamelipun, Ki Surawijaya karepotan tandangipun, sarta meh kemawon kapara tiwas. Tujunipun lajeng enget welingipun Dewi Nawangsasi, enggal nyandhak cemeti tuwin matek aji pameling, ing sanalika ngriku kadhatengan prahara sanget anggigirisi, katungka tumuruning jawah deres, kilat tatit dhedhet erawati, peteng lilimengan. Inggih punika dhatengipun Dewi Nawngwulan tutulung ing prang. Para Mantri Bupati lan para prajurit sami kekes sarta miris manahipun kapanduk daya pangaribawanipun Dewi Nawangsasi, temah sami bibar tilar galanggang, sakathahing arta katilar, sampun kapendhet dening Ki Surawijaya, kabekta mantuk dhateng dalem griyaning embahipun Ki Demang Warganaya ing dhsusun Wawar. Dewi Nawangsasi sampun kondur ngayangan dhateng Bulupitu.

Para Mantri bupati tuwin prajurit ingkang kaplajeng sampun sami nglempak rerembagan prayogining lampah. Pinanggihing rembag, Mantri gangsal nganthi prajurit sawatawis, titindhihan Bupati satunggal, nglajengaken lampah dhateng Nagari Kartasura, ngunjuki wuninga dhateng Rekyana Patih sarta konjukipun dhateng Sang Prabu, bab wontenipun kadadosan ingkang mentas kalampahan punika. Dene ingkang wangsul para Mantri sacekapipun, nyaosi priksa dhateng bupatinipun piyambak-piyambak. Sanesipun sami kendel njagi wonten ngriku, sapisan : ngentosi dhawuh timbalan nDalem Sang Prabu, kaping kalih : nengga prentah saking para Bupati, kados pundi ingkang badhe kita lampahi margi saking icaling arta pajeg ingkang karebat dening begal. Kaping tiganipun : suka pepenget dhateng para Mantri Bupati sahandhahanipun ingkang sami badhe ngladosaken pajeg, supados ngatos-atos amargi ing margi wonten begal ingkang ambada kalani, ingatasing tiyang satunggal kinarubut tiyang pinten-pinten, meksa ngentasi karya saged angasoraken sakathahing Mantri Bupati sawadyanipun sadaya, temah arta kenging karebat.

Para Mantri tuwin Bupati ingkang nglajengaken lampah dhateng Nagari Kartasura, sadumuginipun Nagari, lajeng anjujug dhateng Kapatihan, munjuk punapa sawontenipun. Rekyana-Patih tumunten lumebet ing Karaton, ngunjuki wuninga ing Sang Prabu, bilih ladosan arta pajeg (paos) saking para abdi Dalem Bupati mbang kilen, ingkang badhe kaladosaken dhateng Kartasura, sareng lamapahipun dumugi ing Kutawinangun, arta ladosan wau lajeng rinebat dening tiyang nama Surawijaya ing dhusun Wawar, ingkang punika nyumanggakaken ing karsa Dalem Ingkang Sinuwun, abdi dalem kawula muhung cumadhong dhawuh.

Sang Prabu sakalangkung bendu, Kyana Patih ndikakaken ,mbidhalaken wadyabala ingkang pipilihan sasenapatinipun, Surawijaya kacepenga gesang-gesangan, sasampunipun wonten Kartasura karampoga wonten ing alun-alun. Kyana Patih munjuk sandika, sampun lengser saking ngarsa Nata. Sadumuginipun ing njawi sampun andhawuhaken timbalan nDalem Ingkang Sinuwun. Para wadyabala tinidhihan Senapati ingkang pipilihan sampun bidhal pangkat dhateng Kutawinangun sarta sampun pinanggih kaliyan Ki Surawijaya. Ki Surawijaya kaetog ingkang dados pikajenganipun, nungkul punapa nglawan.

Ki Surawijaya matur : O, ila-ila punapa ingkang badhe kula panggih, yen ta kula kamipurun anglawan paduka, utawi lampah boten leres, langkung-langkung ambangkang agengipun wani ing panjenengan Ratu, punika boten pisan-pisan. Kawuningan, arta ladosan taksih wetah, sumangga kapriksanana lan kapundhuta. Wondene anggen kula tumindak sajak boten leres, sedyaning manah kula namung ndamel dadakan, kadospundi supados badan kula saged kawuningan ing Panjenengan Ratu, amargi saking dene delap-delap kula badhe amakathik. Wondene manawi sedya kula wau boten pinarengaken ing Pangeran, kula apunagi boten badhe tumuwuh wonten ing marcapada ngriki, mugi enggala kauntapaken nyawa kula dening Sang Prabu, kula saestu lega rila, mila kula namung nyumanggakaken badan kula.

Titindhihing wadyabala mireng aturipun Ki Surawijaya sakalangkung ngungun anawung welas, sarta sanget bingahing manah,, wasana amangsuli sagah nyuwunaken pangapunten dhateng Sang Prabu. KI Surawijaya lajeng nyaosaken arta-arta laladosan paos, sampun katampen, katiti priksa leres boten wonten ingkang cicir. Arta wau lajeng katampekaken dhateng ingkang anggadhahi kuwajiban ngladosaken arta paos wau, ingkang suwau bibar margi kinawonaken dening Ki Surawijaya. Sapunika lampahipun badhe anyarengi kaliyan wadya Kartasura ingkang badhe sami mantuk, angladosaken babandanipun Ki Surawijaya.

Lampahira boten kacariyos ing margi, sampun dumugi ing Kartasura njujug ing Kapatihan ing ngarsanipun Rekyana Patih, ngaturaken babandan Ki Surawijaya ingkang kacariyos mbebegal ladosan paos. Nanging menggah sanyatanipun anggenipun Ki Surawijaya tumindak makaten punika, boten pisan melik rajabrana, punika namung prelu supados awakipun saged kawuningan ing Panjenengan nDalem Ratu, margi saking delap-delapipun Ki Surawijaya wau anggenipun badhe suwita ing Panjenengan Nata. Ki Surawijaaya aturipun prasaja, nanging micara, dedeg piadeging sembada, kendel, tatag, ngatawisi manawi sugih kagunan, kacihna kinarubut ing tiyang pinten-pinten, boten pisan miris mundur satapak, wekasan para Mantri Bupati tuwin prajurit ingkang angerubut sami kasoran lumajar pating salebar temah Ki Surawijaya saged angrebat arta ladosan paos. Dene arta wau kawangsulaken, ugi sampun kawula tampi wetah ayam. Saking pamanggih kawula saupami dosanipun dipun ngapunten, sarta lajeng kasuwitakaken, Ki Surawijaya kathah damelipun, saged anambahi karaharjaning Nagari, atur kawula sumangga, saking panuwun kula dadosa panggalihipun Kyai Patih.

Ki Surawijaya katimbalan ing ngarsanipun Kyai Patih, ugi sampun umarek ing ngarsanipun, dinangu aturipun panggah kados ingkang sampun, estining manah muhung sumedya amakathik ing Panjenengan nDalem Nata. Manawi boten kasembadan, nyuwun kapidana, dadosa tatawuring praja, karampoga wonten ing Nagari Kartasura, minongka panebusing dosa margi saking angrodaparipeksa ngrebat lumadosing arta Nagari.

Sang Anidyamantri mireng aturipun Ki Surawijaya ingkang sanget patitis, sarta tatag boten pisan wawang lan ajrih dumugining pejah pisan, sanget kapranan ing manah, dhasar rupinipun dhegus sembada amitadosi, mila sasolah bawanipun tansah liniring, Kyai Patih nginten, temtu Surawijaya punika ngemu wawados ingkang taksih tinutupan dereng kabikak. Ki Patih sampun anggraihita, bilih Ki Surawijaya dede sabaenipun, katitik pasemoning wadana, jangkep wiramaning tatakramai, mokal sanget yen ta Ki Surawijaya punika kawijilan dhusun. Mila Kyai Patih sakalangkung paniti priksanipun, Ki Surawijaya tansah tineter ing patanyan, saking sageding panulusuripun Kyai Patih ingkang boten ngatawisi, temah saged mbikak wawados, margi saking Ki Surawijaya kadhesek ing pandangon ingkang boten saged ingendhanan. Temah mrasajakaken bilih piyambakipun sanadyan leres yen ta saking dhusun kawijilanipun, nanging ingkang ngukir piyambakipun, miturut omonging biyung tuwin kaki, boten wonten malih kajawi Kangjeng Pangeran Puger, inggih Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana I ing Nagari Kartasura. Menggah larahipun, sampun kaaturaken sadaya. ingkang dados cihnanipun Ki Surawijaya nyaosaken serta tapak asta Dalem Kangjeng Pangeran Puger, ingkang mratelakaken ; bilih temen anakipun estri Demang Warganaya ing Wawar sampun kapundhut kalangenan (ampeyan).

Kyai Patih sanget bingahing manah, boten lidok panyananing manah, tumunten enggal-enggal lumebet Karaton ngabyantara ing ngarsa Dalem ingkang sinuwun. Kyana Patih munjuk wontening lalampahanipun Ki Surawijaya anggenipun ambebegal lumadosing paos Nagari, lan sanes-sanesipun sadaya boten wonten ingkang kalangkungan. Punapadene angunjukaken serat ingkang sinimpen dening Ki Surawijaya, inggih punika serat tapak asta Dalem Kangjeng Pangeran Puger, inggih Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Pakubuwana I. Nawala sampun kawuningan ing Sang Prabu, sanget kampitaning panggalih asemu kasok sukaning panggalih Dalem. Dhawuh timbalan nDalem Sang Prabu, Surawijaya ingapunten dosanipun, sasampunipun lajeng kapundhut ing Sang Prabu, sarta lajeng kawisuda Ngabei pangkat Mantri Gladhag, patedan nDalem nama Ngabei Honggawongsa.

Ngabei Honggawongsa tansah kinanthi dening Kyai Patih, lampah inger jantraning praja Kyai Patih boten tilar rembagipun Honggawongsa, punapa malih manawi wonten nalar ingkang ruwet, Ngabei Honggawongsa gampil kemawon anggenipun ngudhari, tumrapipun Ngabei Honggawongsa boten wonten samubarang ingkang angel. Rekyana Patih sanget sihipun dhateng Honggawongsa, temah Ngebei Honggawongsa kapundhut mantu, kadhaupaken kaliyan putranipun estri, sami sih-sinisihan palakraminipun.

Gentos kacariyos, ing saimbaning redi Slamet, wonten sadherek kakalih kakang adhi nunggil yayah rena, sami araraton. Ingkang sepuh nama Damarmaya, ingkang anem Mayadarma. Ing saben dintenipun ngingirup nggelar guna kasantikan, kanuragan, aji jaya kawijayan, kaelokan, padhukunan lan sasaminipun. Saged ngawontenaken barang ingkang suwanipun boten wonten, lajeng wonten. Memethek kawontenan  ingkang dereng kalampahan inggih boten mleset, mila pancen waskita, anjampeni saliring sasakit, saged saras sanalika lan sanes-sanesipun, sanget kondhang namanipun titiyang sanalika sabawah Banyumas sami anggusti.
Wonten tiyang titiga ingkang sanget dipun eringi dening titiyang ing padhusunan sakiwa tengenipun ngriku, nama Nurmungalam, Nurngalim, tuwin Nuripin. Tiyang titiga wau sami ngalempakaken tiyang kathah , puruna sami ngakena ratu dhateng Sang Darmarmaya, dene papatihipun Sang Mayadarma. Yen sampun mupakat, dene kajumenengna tumunten. Titiyang kathah wau sami saur peksi mupakat, ugi lajeng kajumenengaken. Ingkang jumeneng Ratu Sang Damarmaya, jujuluk Panembahan Damarmaya, dene Patihipun rayinipun, paparab Harya Mayadarma. Tiyang titiga Nurmungalam, Nurngalim tuwin Nuripin sami nyepuhi para wadyabala.

Titiyang bawah Tegal, Pekalongan, Brebes lan Pemalang ingkang sisih kidul, tuwin titiyang bawah Banyumas sisih eler, sampun sami angratu dhateng Panembahan Damarmaya. Karsanipun Panembahan Damarmaya badhe angelar jajahan, anggepuk Kabupaten Wirasaba, Purwakerto tuwin Banyumas. Lampahipun wadyabala kabage tiga, sami majeng sasarengan, inggih punika saking eler katindhihan Harya Mayadarma lan Nurmungalam, saking kilen katindhihan Nurngalim, ingkang saking wetan titindhihan Nuripin. Ingkang sami katrajang boten manggapuliha, lajeng sami teluk, dhasar sampun karumiyinan suwuring wartos, bilih Panembahan Damarmaya lan Mayadarma, langkung waskita sumerep saderengipun winarah, tuwin saking kalacuting ginem saged anggesangaken tiyang pejah, sarta langkung ing kasektenipun, mila titiyang wau lajeng sami asrah bongkokan sarana aris.

Bupati Banyumas Tumenggung Yudanara sampun midhanget saking aturipun absi tampingan, enggal amepekaken wadyabala sakalngkung kathah akerig lampit, margi mangertos bilih dipun rampit saking ler, kilen tuwin wetan. Tempking yuda sakalangkung rame, dangu-dangu wadaybala Banyumas akindhih. Kitha Wirasaba, Purwakerto lan Banyumas sampun bedhah. Tumenggung Yudanagara sawadyanipun sawatawis lumajar mangidul, dumugi ing sumpyu, laejng kendel wonten ngriku, angejum bala kakantunanipun.

Tumenggung Yudanagara rumaos boten kaconggah ngunduraken kraman, lajeng matah punggawa ingkang mitadosi, ngunjuki wuninga ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun ing Kartasura, bab bedhahing kita Banyumas sawewengkonipun. Cundaka sampun dumugi ing Nagari Kartasura, anjujug ing Kapatihan, ngaturaken kawontenaning lalampahan sadaya. Pun Tumenggung Yudanagara tadhah duduka dene boten saged ngentasi karya, mila amung ngaturaken pejah gesangipun, enjing utawi sonten pinundhuta boten badhe anggrantes sarambut pinara sasra, margi sampun rumaos lami anggenipun kamuktekaken.

Rekyana Patih sakalangkung ngungun, tumunten sowan lumebet ing Kadhaton, ngunjuki wuninga wontenipun kraman, sarta kaplajengipun abdi Dalem pun Tumenggung Yudanagara. Kyai Patih munjuk ing Sang Prabu, kajawi karsa Dalem, sanesipun abdi Dalem pun Honggawongsa, kinten kinten boten wonten ingkang saged ngasoraken ingkang raraton wonten ing Banyumas.

Sang Prabu sanget kapadhahing karsa, saking unjukipun Papaptih Dalem, mila ndikakaken nimbali Honggawongsa, ugi sampun ngabyantara ing ngarseng Nata. Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan sanget renaning nggalih ngauningani wuwujudanipun Honggawongsa, ngatawisi yen saged ngentasi kardi, Honggawongsa kaebang, dhawuh pangandika Dalem : manawi Hoggawongsa saged ngentasi damel, badhe ageng gaganjaranipun Sang Prabu. Honggawongsa munjuk sandika, punapadene badhe ingayonan piyambak, boten mawi mbekta wadyabala saking Kartasura, sebab murugaken kadangon lampahipun. Sang prabu marengaken, Honggawongsa sampun rinilan lengser saking ngarseng Nata. Bablas lampahipun sampun dumugi ing Sumpyuh pinanggih kaliyan Tumenggung Yudangara. Tumenggung Yudanagara kalentu tampi, rumaos nampi dudukaning Nata, inggih margi saking anggenipun namung kaparingan babantu tiyang satunggal tur namung apangkat Mantri. Mila lajeng ngandika dhateng Hongawongsa, manawi ing Banyumas taksih kathah para Mantri Bupati ingkang pipilihan, ingkang badhe kaaben malih anyepeng kraman, samangsa sampun ngaso sawatawis. Dados Ngabei Honggawongsa prayogi anonton kemawon dhateng tandangipun para wadyabala ing Banyumas.

Ngabei Honggawongsa mangsuli, bilih dhatengipun ing Banyumas namung ijen kemawon, punika dados wakilipun Salira Dalem ingkang Sinuwun, anedhaki dhateng Banyumas badhe amikut tiyang ingkang araraton. Kyai Tumenggung sawadyabala sami anyuraka kemawon, sukur manawi karsa ambiyantu lampah kula, sageding enggal pinanggih ijen kaliyan retuning kraman, supados saged enggal  anggen kula ngrampungi. Tumenggung Yudanagara mireng atur wangsulanipun Honggawongsa, rumaos dipun ina, lajeng duka sarwi angumbar suwara : Honggawongsa tangeh lamun bisane nyekel ratuning kraman, sadrunge bisa ngalahake Yudanagara. Honggawongsa boten mangsuli sakecap, mindhak ndadangu lampah. Nanging lajeng amatak aji pameling, Tumenggung Yudangara kataman aji pameling, cape raosing babayu, temah ambruk tan saged anggulawat, lajeng karorompo ing ngakathah. Tumenggung Yudanagara anggrahita, bilih anggenipun nadhang makaten punika, saking pandamelipun Honggawongsa, mila lajeng nedha pangapunten, sarta sagah badhe ambiyantu angangsahaken wadyabalanipun sadaya anut sapakenipun Honggawongsa. Honggawongsa langkung lega manahipun, Tumenggung Yudanagara gumregah waluyajati sami sakala. Ing batos sakalangkung suka sarta rumaos kaduwung anggenipun angina sasamining dumadi lan anggunggung dhiri pribadhi.

Honggawongsa tumunten badhe amethukaken kraman Tumenggung Yudanagara amepakaken wadyabala, sareng sampun sumekta lajeng pangkat bobodholan kacariyos lampahipun, boten dangu sampun ajeng-ajengan. Honggayuda pitaken dhateng Yudanagara, pundi rupinipun ratuning kraman. Tumenggung Yudanagara mangsuli, sumangga sami nyalingker medal papan ingkang sela. Ratuning kraman yen majeng ing papan paprangan numpak kapal sarwi dipun songsongi langkung sektti boten tedhas ing dadamel. Boten antawis dangu Tumenggung Yudanagara priksa ratuning kraman Panembahan Damarmaya tuwin Mayadarma, enggal-enggal Tumenggung Yudanagara njawil dhateng Honggawongsa. Honggawongsa sanget gambiraning manah, enggal anrajang purun. Honggawongsa kaebat kalih dening Panembahan Damarmaya lan Mayadarma, tandhing sami prawira, gentos unggul gentos kalindhih, sakalangkung rame. Dangu-dangu Honggawongsa karepotan yudanipun, lajeng enget piwelingipun Kombangaliali, tumunten anancepaken tumbakipun ing siti. Sanalika jleg tanpa sangkan wonten wanara seta agengipun saredi anakan dhateng angembuli perang, swaranipun angajrihi, inggih punika Kombangaliali. Panembahan Damarmaya tuwin Mayadarma sareng santun mengsah wanara seta saredi anakan agengipun, lajeng angembari sarwi triwikrama, sarwi nyuwara gumleger kados angoregaken jagad. Para wadyabala ingkang sami campuh ing ngayuda, mireng suwara ingkang sanget anggigirisi, sami kekes manahipun, temah sami ngendeli perangipun, sarta sami ngempal kaliyan kancanipun piyambak-piyambak.

Kombangaliali perangipun ingebut kalih, sami sektinipun, boten pasah saliring bajra. Dangu-dangu Kombangaliali perangipun semu karepotan. Honggawongsa sandeya ing nggalih, enggal matek aji pameling, sami sanalika ingkang rayi Dewi Nawangsasi dhateng tutulung ing prang. Dhatengipun wau kairing prahara bayu bajra sindhung riwut aliwawar, jawah kilat tatit aliweran, ing pangraos bumi gonjing prakempa, Dewi Nawangsasi misik dhateng ingkang raka kinen majeng ing rana angrencangi bidutamanipun Kombangaliali, sarana mandi dadamel Naracabala, yen sampun ajeng-ajengan kaliyan mengsah, Naracabala kaatungna. Kocapa Panembahan Damarmaya tuwin Mayadarma, sareng sumerep Honggawongsa murugi sarwi mandi Naracabala, lajeng anglarut triwikramanipun, temah sirna dados cahya gumilang anelahi. Sareng punika Dewi Nawangsasi tuwin Kombangaliali ugi lajeng sami wangsul dhateng kahyanganipun piyambak-piyambak, sinarengan tumuruning jawah. Sateranging jawah ing antarariksa sumilak padhang semu surem katawengan ing teja kaluwung, boten antawis dangu sinusul ing Hyang Surya amadhangi jagad, paprangan sirep, tiyang ingkang sami mentas adoh yuda sami mantuk ing griyanipun piyambak-piyambak kalayan bingahing manah.

Ngabei Honggawongsa kendel ngaso wonten ing Banyumas, sasampunipun angsal sawatawis dinten lajeng mantuk dhateng Nagari Kartasura, lampahipun sareng-sareng kaliyan Tumenggung Yudangara, ugi sampun dumugi ing Kartasura, njujug ing Kapatihan, enjingipun kairid ing Kyai Patih lumebet ing Kraton sowan ing ngarsa Dalem Ingkang Sinuwun.

Honggawongsa munjuk ing ngarsa Dalem Sang Prabu, bilih kraman ing Banyumas sampun sirna, pejah mukswa saraganipun. Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan sakalangkung rena, angalembana dhateng pun Honggawongsa.

Minongka ganjaranipun, Ngabei Honggawongsa sinengkakaken ing ngaluhur kawisuda Bupati Nayaka, kapatedan nama Raden Tumenggung Arungbinang, 

Tumenggung Arungbinang, sanget kaanggep pasuwitanipun, sugih kabisan, agal lembat boten kewran, sinembuh alus bubudenipun, boten wonten barang ingkang angel, sadaya ruwet rentengipun praja saged kawudharan punapadene ahli ulah jantraning praja, ugi dados nujumipun Sang Prabu.

Sedyanipun Jaka Sangkrip sampun kadumugen, dumugi pangkat Bupati Nayaka sarta kinasihan cinelak ing Ratu. Inggih margi saking kasantosaning lampah, pantes tinulada. Sapa temen tinemenan. Yen boten kadumugen temtu boten temen. 

Kacariyos menggah wontenipun Damarmaya lan Mayadarma, saestunipun punika sadherekipun Jaka Sangkrip piyambak ingkang abadan alus, ingkang medal sareng sadinten, ingkang karawatan, inggih ingkang kasebut kakang Kawah adhi Ariari. Wontenipun kadadosan makaten, saking ciptan pandamelipun Dewi Nawangsasi ing Bulupitu, kangge ngenggalaken dhawahing kadrajatan Jaka Sangkrip inggih Tumengngung Arungbinang.

Tumenggung Arungbinang sareng sampun sepuh, nyuwun kagentosan anakipun jaler, nama Tumenggung Arungbinang II. Tumenggung Arungbinang I sareng sampun lereh boten dadalem wonten ing Solo, nanging wangsul dadalem wonten ing Kutawinangun, perlu nyelaki garwanipun peri Dewi Nawangsasi ing Bulupitu.

(cuthel).

Seratan ing nginggil kados ingkang kawedalaken dening Raden Soemodidjojo Ing Praja Dalem Ngajogjakarta Hadiningrat 1953, kanthi ewah-ewahan ejaan dening agustbedhe’. (*2013)