Rabu, 06 November 2013

NYAI RONGGENG

Duk ing nguni, ana ing salah sawijining desa kang saiki katelah desa Candiwulan, Kec. Kebumen.  Ana wanita isih prawan kang rupane ayu banget awake singset, padhet lan merak ati kanggo sapa bae kang nyawang wanita iku utamane kanggone wong lanang ora enom ora tuwa. Nalika kuwi dheweke duwe kareman nari utawa joget, apamaneh nalika jaman samana para penari utawa tukang joget kalebu pagaweyan kang lagi moncer-moncere mula tanggapane ya akeh saben dina kena diarani ora tau ana lerene. Para penari utawa tukang joget iku asring disebut ronggeng saperangan banjur disebut Nyai Ronggeng.
 
Praupane Nyai Ronggeng kang ayu lan merak ati banget iku banjur kesusra tekan ngendi-ngendi papan. Kena diarani saben desa ing sakupenge kana ngerti kabeh sapa lan kaya ngapa Nyai Ronggeng kuwi. Sahingga meh saben pemuda ing desa kana banjur kasmaran, nandang wuyung ora ana tambane kejaba ketemu karo Nyai Ronggeng mau. Amarga akehe para muda kang nandang wuyung utawa kasmaran karo dheweke nganti bingung anggone mutusake sapa sing bakal dipilih lan pantes dadi sisihane. Ngelingi menawa dhewe kuwi minangka penari utawa ronggeng kang moncer, dheweke banjur gumedhe lan ora gelem masrahake awake marang pemuda kang biyasa bae.  

Mula kanggo mutusake pilihane, dina iku dianakake “patembaya”/sayembara kanggo mutusake kanthi cara kang adhil sapa kang kasil bisa dadi sisihane ronggeng ayu mau. Sabanjure patembaya sigra dileksanakake, lan para muda iku banjur ngetokake katiyasane/kasektene dhewe-dhewe. Pranyata para muda kang melu patembaya kuwi padha dene kuwate, nganti pungkasane mung ana cacah 3 sing isih kuwat lan uga padha-padha duwe kasekten kang ampuh banget.
 

Wanita ronggeng mau banjur bingung anggone nemtokake pilihane, awit isih ana pemuda cacah 3 kang isih padha kuwate. Pungkasane patembaya utawa sayembara dianakake maneh kanggo milih salah siji saka pemuda 3 mau. Sawise dianakake sayembara mau, malah nganti makaping-kaping sayembara kuwi dileksanakake, isih meksa ora ana sing  gelem ngalah, pemuda 3 mau isih tetep kuwat lan sanggup melu sayembara kuwi.
 

Nyai Ronggeng bingung banget, saking bingunge nganti kentekan cara supaya bisa nemtokake salah siji saka 3 pemuda kasebut. Pungkasane dheweke nekad nemtokake salah siji kang dianggep pas manut rasaning atine. Ananging pemuda sakloron kang ora kapilih mau banjur nesu banget lan ora narimakake menawa dheweke ora kasil dipilih dening wanita ronggeng mau amarga rumangsa dheweke kang paling pas lan trep menawa dadi sisihane si ronggeng.
 

Prastawa iku ndadekake perang tandhing kang rame banget antarane pemuda 3 mau. Nalika perang tandhing, wanita ronggeng iku banjur bingung banget, apamaneh kededayean anggone adu ketiyasan kuwi wis ngancik 7 dina 7 bengi, nanging durung ana tandha-tandha sapa kang mbakal menang lan uga sapa kang kalah. Nyai Ronggeng wis makaping-kaping mbudidaya ngendheg supaya perang tandhing adu ketiyasan kuwi dilereni.  Dumadakan tanpa disengaja pusaka awujud keris saka salah siji pemuda mau, kontal lan lan tumancep ing dhadhane si ronggeng mau lan ndadekake tiwase.   

Nyai ronggeng mati jalaran pusaka keris sing dianggo kanggo adu ketiyasan kuwi diwenehi racun. Para pemuda mau rumangsa cuwa lan gela banget. Jalaran upaya kanggo nelukake atine Nyai Ronggeng banjur siya-siya tanpa guna. Pemuda telu mau rumangsa getun lan keduwung, mula kanggo pangeling-eling lan kanggo ngesotake rasa tresnane marang wanita si ronggeng mau, diputusake menawa awake wanita iku banjur ditugel-tugel nganti telung perangan, lan pemuda telu mau entuk bagian/perangan kang padha. Perangan sirah diwenehake marang pemuda nomer siji, lan dheweke banjur ngubur tugelan awak mau ana ing sisih wetan desa, dene perangan awak diwenehake pemuda nomer loro, lan banjur ngubur perangan mau ana ing satengahing desa, lan pungkasan perangan sikil lan tangan diwenehake marang pemuda nomer telu lan banjur nguburake perangan mau ana ing sisih kulon desa.  

Tekan saiki kuburan-kuburan saka perangan-perangan awak mau isih lestari lan banjur dikeramatake warga ing sakupenge desa kana.



agustiputra2013.

1 komentar:

  1. KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.

    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    KAMI SEKELUARGA MENGUCAPKAN BANYAK TERIMA KASIH ATAS BANTUANNYA MBAH , NOMOR YANG MBAH BERIKAN/ 4D SGP& HK SAYA DAPAT (350) JUTA ALHAMDULILLAH TEMBUS, SELURUH HUTANG2 SAYA SUDAH SAYA LUNAS DAN KAMI BISAH USAHA LAGI. JIKA ANDA INGIN SEPERTI SAYA HUB MBAH_PURO _085_342_734_904_ terima kasih.


    BalasHapus