Selasa, 05 November 2013

DUMADINE DESA CLAPAR, KEC. KARANGGAYAM

Carita dumadine Desa Clapar, wewengkon Kecamatan Karanggayam, Kab. Kebumen miturut wong-wong tuwa ana kana kaya mangkene :

Diwiwiti nalika taun 1647 ana ing Krajan Mataram (Nalika samana kang mrentah ana ing Kartasura yaiku Kangjeng Susuhunan Amangkurat I) ana perang rebut nagara, salah siji Pangeran kang melu ambalela yaiku Pangeran Alit rayine Kangjeng Susuhunan Amangkurat I, sadurunge ana ontran-ontran Trunajayan. Nalika samana pangamuke Pangeran Alit nggegirisi andadekake akeh padhusunan kang rusak bosah baseh, kalebu 12 dhusun kang salah sijine disesepuhi dening Kyai Lurah Wanaita. Akeh para patinggi desa kang nalika samana kamiweden amarga saka pangamuke Pangeran Alit mau banjur lunga ngoncati babaya golek slamet dhewe-dhewe.

Nalika kuwi Kyai Lurah Wanaita uga oncat lan mlayu golek slamet, nganti tekan sawijining alas kang banjur dibabat didadekake padhusunan. Suwe-suwe papan mau dadi rame, akeh wong-wong saka desa liya kang manggon ana kana. Awit para warga padhusunan mau racake/akeh-akehe nyambut gawe olah tetanen lan nyebar winih sawernaning tetanduran, mula desa anyar mau banjur katelah nama desa PAWINIHAN.

Desa  Pawinihan kalakon dadi desa kang reja, kabeh tetuwuhan bisa thukul ana kana. Nuju sawijining dina Desa Pawinihan ketaman sawijining penyakit kang mbebayani kang disebabake dening para lalembut utawa siluman. Wong-wong nalika samana ngarani prastawa mau PAGEBLUG. Esuk nandang lara, banjur sore utawa wengi wis tumeka ing pati. Sore utawa wengi ketaman lara, isuk banjur mati. Nganti warga ana kana meh entek ketaman penyakit mau utawa dipangan dening para danyang utawa lalembut kang ngreridhu desa Pawinihan.

Nusantara nalika samana pancen lagi akeh prakara, awit saka panjajahan Walanda. Ana sawijining paraga kang nduweni kekendelan ambalela marang Walanda yakuwi Untung Surapati kang mengkone ana sesmbungane karo dumadine Desa Clapar. Miturut carita wiwitane Untung Surapati ambalela menyang Walanda kaya mangkene :

Nalika jaman samana ana ing Batawiyah utawi Betawi ana bocah umur 7 taun kang ora dimangerteni sapa jeneng asline, bocah mau minangka budak belian kang asale saka Bali lan ditemukake dening Kapiten Van Beber (prawira VOC) nalika ngayahi tugas ana Makassar, Sulawesi Selatan. Kapiten mau banjur ngedol bocal mau menyang Prawira VOC liyane yaiku Kapiten Mur amarga kakurangan beaya. Wiwit nalika bocah mau dadi andhahane, karir utawa pangkat lan kasugihane prawira Walanda mau saya mudhak cepet banget. Dheweke nganggep manawa bocah kang ditemokake mau kang menehi ‘kauntungan’ tumrap uripe, sahingga bocah mau banjur dijenengi Untung.
Kapiten Mur duda putri siji kang umur-umurane padha karo Untung. Jenenge bocah wadon mau Suzanne. Kapiten Mur nenuku Untung supaya anake wadon mau kang wis piatu ditinggal ibune ana sing ngancani kanggo dolanan lan guyon saben dinane. Untung bocah kang pinter srawung, sahingga ora nganti suwe bisa tepung rumaket banget karo Suzanne. Wiwit saka dina iku, bocah sakloron tansah runtang-runtung bebarengan, nalika swasana seneng apadene susah. Sesambungan kang cedhak mau pungkasane nuwuhake winih tresna antarane untung karo Suzanne, nganti bocah loro mau bener-bener ana sesambungan tresna tanpa dimangerteni dening wong tuwane Suzanne utawa kapiten Mur.
Nalika ngancik umur 20 taun, Untung nggarwa Suzanne kanthi cara sesidheman. Nanging sesambungan tresna mau ora antara suwe banjur kadenangan dening wong tuwane Suzanne. Prastawa mau ndadekake Kapiten Mur murina utawa murka, sabanjure Suzanne dibuwang ana sawijing pulo sacedhake Batawiyah dene Untung dilebokake ana ing kunjara. Ya wiwit wektu kuwi gethinge Untung marang Walanda saya ndadra. Nalika ana ing sajerone kunjara dheweke mbudidaya narik kawigatene para tawanan liya.

Wektu iku Untung duwe gagasan kepiye carane bisa lolos saka papan kunjara mau. Gagasan mau banjur dikandhakake marang tawanan liya.
“Kabeh sedulur-sedulurku sanusa sabongsa! Kompeni Walanda wis ora bisa dijorake bae anggone terus anjajah kita. Mula kita kudu metu saka papan pakunjara iki lan kumudu kudu bisa ngungsir Walanda saka tanah wutah nagara kang banget kita tresnani iki” mangkana pangajake Untung.
Para tawanan banjur cingak nalika krungu gagasan lan pangajake Untung mau. Wong-wong mau rumangsa menawa gagasane Untung kuwi ngayawara utawa impen kang tangeh lamon kelakone.
“Eee, Kisanak! Apa ya bisa klakon awake dhewe bisa metu saka papan kunjara kene? Dene papan iki dijaga rapet dening para serdadhu kompeni kang pepak sanjatane, kayata bedhil lan sapanuggalane?” kadhane salah siji tawanan.
“Aja was sumelang sedulurku kabeh,” sumaure Untung, “aku kang arep njangkepi utawa menehi kowe kabeh sanjata bedhil. Aku nduweni simpenan/tabungan kang cukup kepara malah luwih menawa amung kanggo tuku sawernaning sanjata kayata bedhil.”
Krungu katrangan mau, para tawanan liya banjur sarujuk. Kanthi maneka cara, wong-wong mau pungkasane banjur bisa nyekel bedhil kumplit samimise. Pungkasaning carita, wiwit dina iku uga pambalelaning Untung lan para tawanan diwiwiti saka pakunjara. Kanthi sikep gegaman arupa bedhil, Untung bebarengan karo para tawanan liya ngamuk lan kasil njebol lawang kunjara. Sipir utawa kang karya njaga kunjara ora kuwawa nyidhem pangamuke wong-wong mau, banjur njaluk binanton saka sardhadhu Walanda. Amarga kalah cacah utawa jumlah, pungkasane Untung lan para tawanan kadhesek banjur ngungsi ana sajroning alas. Ana ing alas mau dheweke ngimpun kakuwatan kanggo ngreridhu Kompeni Walanda.

Untung bebarengan karo wadyabalane tansah goragodha/ gawe onar ing saben wengine, wiwit saka dhaerah siji menyang dhaerah liya sahingga teka laladan Kasultanan Banten. Untung sigra sowan ana ngarsane Sultan Banten yakuwi Sultan Ageng Tirtayasa lan nyaritakake lelakone anggone ambalela marang Kompeni Walanda. Sultan Ageng Tirtayasa banjur menehi panjurung lan mrayogakake supaya Untung sowan menyang Kasultanan Cirebon.
“Sowana menyang Cirebon banjur nyuwun pengayoman marang Sultan Cirebon!” mangkana pangandikane Sultan Banten.
Pungkasane, Untung lan prajurit andhahane tumuju menyang Cirebon. Ing satengahing dalan, kapethuk karo Raden Surapati, putra angkate Sultan Cirebon.
“Eee, kabeh padha mandhega!” ature Raden Surapati. “Ngakuwa sapa lan duwe karep apa kowe kabeh teka mrene” pitakone Raden Surapati.
Untung sabanjure nyaritakake kakarepane sowan ana ngarsane Sultan Cirebon. Raden Surapati bebarengan karo prajurit pangiringe sumadya arep nglantarake sowane Untung ana sangarepe kang rama.
 “Ya tak keparengake sowan, aku dhewe karo prajuritku kang bakal  ngeterake, nanging ana sarate. Kowe kabeh kudu masrahake sanjata menyang prajuritku”, mangkana ature Raden Surapati.

Untung sedya nampa sarat mau, kajaba menawa sanjata kagungane dhewe kang awujud patrem. Untung ora gelem masrahake sanjata mau menyang Raden Surapati. Nanging Raden Surapati ora narimakake, dheweke kepengin sanjata kang diagem Untung uga dipsrahake menyang Raden Surapati. Amarga Untung tetep bakuh ora gelem masrahake sanjatane, pungkasane kelakon dadi perang gedhe antarane prajurite Untung karo prajurite Raden Surapati. Paprangan mau dimenangake prajurite Untung, dene Raden Surapati tumeka tiwas ketaman sanjata kagungane Untung kang awujud patrem.
Sawise iku Untung lan saprajurite budhal, mlaku nerusake tumuju menyang Keraton Kasultanan Cirebon. Nalika tekan ana ing keraton, Untung banjur nyaritakake kabeh prastawa sing nembe dialami kalebu lalakone nalika kapethuk karo Raden Surapati lan andadekake prang gedhe nganti tumeka tiwase Raden Surapati. Midhanget kabar saka Untung mau Sultan Cirebon ora banjur murina lan malah nrima Untung kanthi becik. Panarimane Sultan Cirebon ora mung cukup samana, malah Sultan uga kepareng menehi jeneng “Surapati” kanggo dheweke. Ya wiwit nalika kuwi Untung banjur duwe jeneng jangkep Untung Surapati.
Cukup suwe Untung manggon ana ing Cirebon, Sultan uga menehi pamrayoga supaya tumuju menyang Mataram saprelu angabdi ana ngarsane Kangjeng Sunan Mangkurat II ing Kartasura. Sawise tekan ana ing Kartasura, Untung ngaturake panyuwunane anggone arep ngabdi ana ngarsane Kangjeng Sunan Mangkurat II.

 “Ingsun bakal nampa pasuwitanmu marang aku, nanging ana sarat kang kudu kok leksanakake yakuwi kudu kasil nyidhem kraman/pamberontakan kang lagi lumaku ana ing laladan Banyumas,” mangkana pangandikane Kangjeng Sunan Mangkurat.
Tanpa andedawa anggone mikir, Untung Surapati nampa sarat mau. Dheweke karo prajurite sigra budhal menyang laladan Banyumas. Sawise kasil nyidhem kraman mau, Untung bali menyang Kartasura banjur nampa ganjaraning Ratu arupa pangkat senopati prang. Sauntara iku Kompeni Walanda kang ana ing Batawiyah krungu kabar menawa buron Untung Surapati manggon ana ing Kartasura, banjur ngirimake prajurite para sardhadhu kangge nyekel Untung Surapati.
Sawijining dina, ana telik sandhi kanthi gupuh sowan ana ngarsane Kangjeng Sunan.
“Nyuwun pangapunten Dalem Kangjeng Sinuwun! Prajurit Walanda kathah cacahipun saweg budhal mriki. Prajurit kompeni wau sajakipun nganthi gegaman ingkang jangkep.” atur palaporane telik sandhi/mata-mata Mataram mau.
Midhanget kabar saka telik sandhi mau, Kangjeng Sunan Mangkurat II banjur nimbali Untung Surapati saprelu ngadep sowan ana ngrasane.
“Ee, Untung Surapati! Gawaa prajurit sacukupe. Kowe Ingsun dhawuhi supaya methukake Kompeni Walanda saiki uga,” parentahe Kangjeng Sunan.
“Sandika, Kangjeng!” wangsulane Untung Surapati.
Sawise nyiapake prajurite, Untung Surapati banjur budhal menyang watesing laladan Kartasura. Nalika wadyabala kompeni Walanda wiwit lumebu Kartasura, Untung Surapati lan bala prajurite diuntapake andadekake campuh perang kang rame banget, kadadeyan mau kira-kira dumadi wulan Februari taun 1686. Wektu kuwi prajurite Untung Surapati binanton saka Pangeran Puger kang diutus dening Kangjeng Sunan Mangkurat II. Pangeran Puger dikantheni pusaka kraton yakuwi tumbak Kangjeng Kyai Palered lan nggunakake busana kang memper karo Untung Surapati. Sahingga Kapiten Francois Tack kang nyenapatini prajurit Walanda ngira menawa kang diadepi mau Untung Surapati. Kanthi pusaka kraton tumbak Kangjeng Kyai Palered, pangeran Puger kasil mateni Kapiten Francois Tack, nalika Kapitan Francois Tack ora bisa mudhun saka jaran tumpakane, sabanjure kahanan banjur udan deres banget, dene prajurite kang isih ana tumpes dening Untung Surapati lan wadyabala.
Sawise kasil ngalahake kompeni Walanda, Untung Surapati enggal kadhawuhan dening Kangjeng Sunan Mangkurat II supaya ngrebut Pasuruan. Cekaking crita Dheweke lan prajurite kasil ngalahahe Bupati Pasuruan kang asmane Anggajaya. Banjur Untung Surapati sinengkakake minangka Bupati ing Pasuruan kanthi sesebutan Adipati Wiranegara. Sadawane dadi adipati, Untung Surapati tansah nggugah semangate para kawula/rakyate supaya lumawan marang kompeni Walanda. Nganti wola-wali kompeni Walanda ngupaya bisane numpes kridhane Untung Surapati nanging meksa ora kasil.
Sauntara kuwi ana ing kraton Kartasura, Kangjeng Sunan Amangkurat II tumeka ing jangji utawa murud ing kasidan jati/seda, sahinggga nuwuhake perang rebut nagara. Nalika samana Pangeran Puger kianat lan banjur nyuwun biantu saka kompeni Walanda. Kanthi binanton saka prajurit kompeni Walanda, piyambake kasil ngalahake Amangkurat III. Piyambake banjur winisuda dadi Ratu ana ing Kartasura kanthi sesebutan Kangjeng Sri Susuhunan Pakubuwana I, kanthi payengkuyung saka kompeni Walanda. Dene Amangkurat III kang den ungsir dening Pangeran Puger banjur golek pengayoman marang Untung Surapati ing Pasuruan.
Setaun candhake, bebarengan antarane prajurit kompeni Walanda, Kartasura, Madura lan Surabaya kang tinindhihan/disenapateni dening Kumendhan Goovert Knole lumebu Pasuruan lan banjur nuwuhake prang gedhe. Paprangan kang rame banget dumadi ana ing Beteng Bangil. Ya ana ing paprangan iki prajurit Pasuruan banjur kadhesek, dene Untung Surapati dhewe nandang tatu abot. Banjur kandha marang para andhahane supaya nyebarake pawarta menawa piyambake/Untung Surapati gugur. Dene kang gugur satemene Patih Wirapati kang praupane jambe sinigar/memper karo Untung Surapati. Dene Untung dhewe satemene isih sugeng lan sumingkir bareng karo sisaning prajurite.
Untung Surapati terus lumaku mangulon, dene kang dituju yaiku Kartasura, nanging sadurunge kasil mlebu menyang Kartasura piyambake wis diadhang dening prajurit kompeni Walanda, sahingga Untung Surapati ora mbacutake menyang Kartasura nanging banjur nerusake anggone lumaku, arah kang dituju mangulon, kanggo ngendhani pangoyake prajurit kompeni mau. Wiwit saka Ngayogya, Purworejo, nganti tekan laladan Kebumen, sabanjure tumuju menyang desa Pawinihan.
Ana ing desa Pawinihan Untung Surapati ketemu karo sesepuhing desa yaiku Kyai lurah Wanaita. Kyai Lurah Wanaita iki sajane asale uga saka Mataram, yaiku nalika ana prastawa perang rebut nagara antarane Kangjeng Susuhunan Amangkurat I karo rayine kang asmane Pangeran Alit. Akeh para punggawa lan patinggi desa kang lumayu golek slamet dhewe-dhewe, awit saka pangamuke Pangeran Alit mau, kalebu Kyai Lurah Wanaita kang lumayu banjur teka ana ing sawijing panggonan salore Kebumen lan mbabad alas ana kana, dhusun mau banjur katelah nama desa Pawinihan.
Kyai Lurah Wanaita kandha menawa dheweke gelem narima Untung Surapati ana desa Pawinihan kana, nanging ana sarate yakuwi kudu bisa nyidem sawenening lalara utawa PAGEBLUG kang lagi sumebar ana ing desa Pawinihan. Untung Surapati nyaguhi lan cekaking carita, desa Pawinihan banjur sirna saka sakehing babaya/lalara kang miturut wong-wong desa kana disebabake dening sakehing lalembut kang ngreridhu desa.
Sawise klakon manggon ana ing desa Pawinihan, Untung Surapati banjur gawe pesanggrahan/padhepokan lan mengkone katelah nama Panembahan Untung Surapati.
Suwe-suwe telik sandhine Walanda mangerteni menawa Untung Surapati cumondhok ana ing desa Pawinihan, mula banjur nguntapake wadya balane prajurit kompeni saprelu nyekel Untung Surapati/Panembahan Untung Surapati. Nalika prajurit kompeni ngancik ana ing desa Pawinihan, Panembahan Untung Surapati dhewe sing ngadhepi, kanthi busana cara tani. Ana kana dikandhakake menawa ora ana wong neneka saka papan liya. Nanging amung para among tani kang mapan ing desa Pawinihan kana. Kompeni Walanda ora pracaya, nanging sawise Panembahan Untung Surapati mrasajakake lan kanthi daya kasektene nyulap utawa nyirnakake paningale para wadya kumpeni, papan sing maune wujud ALANG-ALANG banjur diganti wewujudan tanduran PARI kang subur amba bawera. Prajurit Walanda banjur pracaya, menawa ana desa kana pancen pakaryane amung olah tetanen lan ora ana wong neneka kaya sing dikarepake dening kompeni Walanda mau. Pungkasane Walanda klakon lunga tanpa asil saka kana.
Ing sawijning dina Panembahan Untung Surapati ngandika menawa ing mbesuk rejaning jaman desa Pawinihan kasalina nama desa CLAPAR, awit saka prastawa nalika Panembahan Untung Surapati kang nyipta ALANG-ALANG dadi tetanduran PARI kang subur amba bawera. CLAPAR saka tembung : SAKECLAPAN katon PARI. Nganti saiki desa mau isih tetep lestari kanthi sebutan Desa Clapar lan ora nggunakake maneh nama Pawinihan.
Sabanjure Panembahan Untung Surapati lestari madhepokan/cumondhok ana desa Clapar nganti tumeka surud ing kasidan jati lan disarekake ana desa Clapar. Panembahan Untung Surapati uga katelah nama Mbah Kepadhangan.
Miturut crita Mbah Kepadhangan/Panembahan Untung Surapati mbukak laladan kang saiki katelah nama desa Clapar taun 1701M. Dadi tekan taun 2011 saiki udakara wus ngancik 310’an taun.
Pesareyan Mbah Kepadhangan manggon ana ing Dhukuh Depok ing sisih paling dhuwur. Ambane pesareyan udakara 350 meter pesagi. Lan ana papan kana (ing sisih ngisor) uga ana sendhange kang katelah nama Sendhang Beji kang miturut crita bisa kanggo marasake wong edan. Mbah Kepadhangn uga nduweni sawernaning pusaka  kayata keris dhapur Jalak kang diarani Kyai Wulung, patrem kanthi dhapur lontop kang uga diarani Kyai Lontop, keris dhapur kebo Lajer kang diarani Kyai Banjor, tumbak dhapur Carang Glagah kang diarani Kyai Blabar, umbul-umbul lan bende pengalab-alab. Kaya umume pusaka liyane, nalika wula-wulan tinamtu kaya wulan Sura barang-barang pusaka mau uga dijamasi.

0 komentar:

Posting Komentar