Selasa, 05 November 2013

SESONGAR GAWE AJUR, NRIMA GAWE MAKMUR

(Wiwitane Desa Karanggede lan Desa Wirogaten, Kebumen) 
Kawiwitan saka paprangan antarane Singojiwo lan Wirogati kang rebutan wilayah. Sakwise wong tuwane tilar dunya, Singojiwo ngumbara lan mbukak alas. Alas kang dibukak Singojiwo jebul wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Wirogati yaiku wong asli dhaerah kono kang sadurunge wis duweni kuwasa ana kono. Wirogati kang ngerti menawa alase ana sing mbukak, dheweke nemoni Singojiwo. Singojiwo ora trima menawa alas kang wis dibukak iku wis ana sing duwe yaiku Wirogati. Singojiwo kang duweni watak sesongar nantang gelut Wirogati, nanging Wirogati ora nanggepi tantangane Singojiwo. Wirogati lunga saka omahe tapa ana guwa nglungani paprangan tantangane Singojiwo. Wirogati bali lan pikantuk wangsit supaya dheweke menehi alas kang wis dibukak marang Singojiwo kanthi pathok kanggo wates pekarangane lan supaya Singojiwo ora gawe sesongar ana desa iku.

Dhasar Singojiwo, dheweke ngambani alas kang wis dadi pekarangane ngluwihi pathok nganti rong dusun. Perjanjen kang wis dadi mupakate wong loro iku dilanggar Singojiwo. Wirogati kang ngerti alase diambani marang Singojiwo, dheweke ngundang Singojiwo. Singojiwo ora netepi dhawuhe Wirogati. Singojiwo malah nantang padudon/gelut. Dheweke malah nduweni kekarepan, menawa dheweke kalah dheweke gelem mbalekake pekarangane. Nanging menawa sewalike dheweke menang, pekarangan kang wis dibukak lan ditambahi rong dusun iku dadi dhuweke. Wirogati nrima apa kang dikarepake Singojiwo. Paprangan antarane wong loro iku klakon kaleksanan.

Nalika perang, Singojiwo malih wujud dadi macan loreng lan Wirogati ora malih wujud nanging dheweke nitih jaran. Nganggo jaran iku Wirogati bisa ngalahake Singojiwo. Singojiwo kalah, nanging dheweke tetep ora gelem netepi janjine menehake alas pekarangan kang wis direbut. Wirogati kang nduweni watak nrima dheweke menehake pekarangan lan alas kang wis dibukak nganti rong dusun iku. Wirogati menang nanging dheweke ikhlas menehake pekarangan kang dijaluk Singojiwo. Wirogati menehi pekarangan iku kanthi panjaluk supaya anak putune bisa urip bebrayan ora ana sing padha regejegan/gelutan.

Saka kedadeyan iku, ora ana maneh paprangan antarane wong loro iku nganti anak putune. Menawa ana ya ora nganti geger. Wewengkon kang diduweni Singojiwo lan Wirogati dadi desa kang guyub. Desa Karanggede lan Desa Wirogaten arane. Karanggede nduweni teges karangan/pekarangan kang gedhe/amba. Desa Karanggede iku wiwitane saka pekarangane Singojiwo sing amba, mula diarani Karanggede. Menawa Desa Wirogaten, jeneng iku dijupuk saka jeneng Wirogati kang dadi tetunggule Desa iku.

Miturut para sesepuh desa loro iku leluhure kang aran Mbah Singojiwo lan Mbah wirogati sawektu-wektu bisa teka menthungul ana kono. Mbah Singojiwo biyasane mujud singa kang ngetok ing wayah-wayah sandikala utawa wengi-wengi tinamtu. Menawa Mbah Wirogati, ora mujud nanging mujud swara jaran ngringik kang biyen-biyene dipercaya minangka titihane Mbah Wirogati.

Singojiwo kang nduweni watak sesongar nyebabake anak turune mung dadi wong biyasa wae. Ora ana sing sugih banget utawa mlarat banget, ngalim banget utawa suwalike. Anak turune percaya, saumpama kepengin dadi wong gedhe kudune lunga saka desa iku. Beda karo watake Mbah Wirogati kang nrima, anak turune Mbah Wirogati beda karo anak turune Mbah Singojiwo. Anak Turune Mbah Wirogati akeh kang dadi wong gedhe. Dadi desa kang makmur uripe.

Sumber : S-J.blogspot.com

0 komentar:

Posting Komentar