Minggu, 03 November 2013

LEGENDA GUNUNG WURUNG, KEC. KARANGSAMBUNG

Gunung Wurung mujudake sawijining gunung cilik kang ana ing wewengkon desa Parang, Kecamatan Karangsambung Kabupaten Kebumen. Katitik saka wujude gunung iki kalebu ‘unik’/aeng amarga saka dhuwure kang udakara  mung 80 meteran lan ora nduweni  ‘puncak’ kang paling dhuwur.  Miturut masyarakat sakupenge kana, gunung iki digawe dening para dewa saka kahyangan.  Nanging sadurunge rampung anggone gawe gunung mau wis konangan manungsa sahingga para dewa banjur murungake anggone gawe gunung mau. Jangkepe crita legenda Gunung Wurung mangkene :
Gunung Wurung di Desa Parang Kec. Karangsambung

Nalika samana ana ing tlatah kang saiki kalebu wewengkon kecamatan Karangsambung ana desa cilik kang mujudake wewengkon awujud lemah kang lempeng utawa datar, ora ana siji-sijia punthukan utawa gumuk kang katon ing sakupenge kana.

Nuju sawijining wengi kang sepi nyenyet, lan swasana kang tintrim mau, para sesepuh desa katon nglumpuk nyawiji ndedonga menyang para dewa  ing kahyangan. Kanthi khusuk para sesepuh mau njaluk supaya digawekake gunung kang manggon ana ing sacedhake kana.  Ora kenyana panjaluke para sesepuh desa  mau dikabulake dening para dewa.  Malah miturut para dewa mau anggone arep nggawe gunung mau bakal diwiwiti dina sesuke lan bakal ambutuhake wektu sawengi. Nanging kanthi syarat/perjanjen ora kena sijia bae manungsa utawa warga ing desa kana kang kena meruhi nalika gunung mau digawe dening para dewa. Para sesepuh mau banjur nyaguhi syarat/perjanjen mau. Dina sesuke para sesepuh mau banjur ngumpulake para warga lan menehi kabar kang nyenengake mau marang kabeh warga ing desa kana kalebu syarat  utawa perjanjen kang kudu dileksanakake.

“Eee, para wargaku kabeh! Mangertia lan nuruta apa kang bakal tak prentahake marang kowe kabeh, menawa wiwit mengko sore wayah suruping srengenge, mlebua ana ngomahe dhewe-dhewe lan ora dikeparengake sapa bae kang metu ngomah nganti srengenge njedhul dina sesuke!” kandhane salah siji sesepuh desa kana.

“Nuwun sewu Bapa! Perkawis utawi alangan punapa ingkang badhe nemahi dhusun kita? Kenging punapa para wargi dhusun boten kenging medal saking griyanipun piyambak-piyambak” pitakone salah siji warga desa kanthi swara groyok lan bingung. 

“Mangertia para warga desa kabeh menawa para dewa kepareng arep nggawekake sawijining gunung kanggo awake dhewe  lan sijia ora ana kang dikeparengake meruhi anggone para dewa mau nyambut gawe nyipta gunung mau,” wangsulane saka sesepuh desa liyane.

Sawise krungu katrangan saka para sesepuh desa mau, para warga nembe mangerteni kenangapa dheweke ora dikeparengake metu saka ngomah. Nalika dina ngarepake wayah suruping srengenge, swasana desa wiwit sepi. Kabeh warga wis mlebu omahe dhewe-dhewe kepara lawang dikunci kanthi rapet. Ora antara suwe, para dewa saka kahyangan tumurun menyang desa mau saprelu miwiti nyambut gawe nyipta sawijining gunung ing wewengkon salore desa. Wiwitane para dewa ngedekake saka-saka kang bakuh utawa kuat.

Sawise saparo wengi nyambut gawe, para dewa wis rampung anggone mbangun saka-saka kasebut. Para dewa mung kari ngurugi lemah sahingga mengkone mujudake sawijining gunung. Para dewa nyambut gawe tanpa ana swara kumecap lan terus tumandang gawe nganti meh parak esuk tanpa rasa kesel. 

Nalika dina ngarepake esuk,  panggawene gunung mau meh rampung, mung kari ngrampungake anggone ngurugi lemah kang isih ana sisa sithik. Lan nalika para dewa isih ibut anggone nyambut gawe, dumadakan saka dalan kang tumuju desa, ana bocah wadon kang mlaku tumuju menyang kali Luk Ula kang mapan ora adoh saka papan anggone nggawe gunung mau. Tibake, bocah wadon mau ora mangerteni pawarta saka sesepuh desa ngenani larangan para warga metu saka omahe wengi kuwi. Awit, nalika pawarta mau diwetokake, dheweke ora melu kumpul lan ora ana warga kang menehi ngerti bab/perkara anggone para dewa arep nggawe gunung mau.

Bocah wadon mau teka lan tumuju menyang kali saprelu arep ngumbah/mesusi beras kanggo dimasak dina iku. Dheweke mlaku tanpa nggatekake kahanan sakiwa tengene awit swasana kang isih peteng. Nalika wiwit mecaki dalan cilik kang rumpil tumuju kali, dumadakan dheweke kaget awit ana sangarepe bocah wadon mau ana gunung.

“Hah, kenangapa dumadakan ana gunung ing kene, awit dina-dina sadurunge papan iku isih lempeng ora ana gununge. Aduh Dewa ! Apa aku ngimpi ya?” guneme bocah wadon kanthi swara lirih lan gumun ora percaya karo apa kang ana ing ngarepe.

Nanging, nalika meruhi akeh wewujudan kang medeni kang lumaku kanthi cepet sinambi nggawa watu-watu gedhe tanpa kumecap, bocah wadon mau banjur mlayu ninggalake kali kanthi kamiweden.

“Tuluuuuuuuung .. tuluuuuuuung. Tulungiiiiiiii aku! Pambengoke kanthi swara kang seru.

Bocah wadon mau terus mlayu tanpa maelu/nggatekake kahanan awake, sahingga beras kang arep dipesusi mau dibuwang ngono bae. Sahingga ndadekake beras mau wutah sadalan-dalan ana ing sakupenge gunung mau. Miturut crita beras mau banjur malih wujud dadi watu kang memper  wujude beras.

Para dewa kang krungu panjerite bocah wadon mau dumadakan kaget, dheweke padha mangerteni menawa pagaweyane nyipta gunung mau wis diweruhi manungsa.

“Warga ing desa kene wis kumawani nglanggar perjanjen kita. Ayo tinggalke bae  papan kene!” pambengoke salah sijine dewa menyang dewa liyane.

Pungkasane para dewa mau banjur ninggalake papan kana lan ngendheg anggone nyambut gawe bali menyang kahyangan. Kamangka anggone nyipta utawa nggawe gunung mau wis meh rampung, sahingga wurung panggawene gunung mau. Lan wong-wong ing kana banjur nyebut gunung mau kanthi sesebutan GUNUNG WURUNG. Watu-watu kang wujude kaya beras tekan saiki isih ana, miturut panaliten saka LIPI KARANGSAMBUNG watu mau disebut watu DIABAS lan dumadine gunung mau amarga saka watu intrusi, materi watu kang sadurunge arupa bahan cair, pijar, lan panas kang asale saka magma ing kandhutan bumi kang arep njedhul ana ing salumahe bumi, nanging kebacut adhem/”membeku” sadurunge kasil njedhul ana ing salumahing bumi.

0 komentar:

Posting Komentar