Rabu, 06 November 2013

ASAL MULA KABUPATEN AMBAL

Adreng grayah-grayah nalusur madosi wantah ingkang saestu karumpaka ing satengahing serat supados cetha katingal asri, purun kumawani amargi bombonging manah dipunngendikani para sadherek, sampun dipunbatos utawi angen, langkung prayogi menawi dipunrakit dados babad. Niat dhasar rila adreng cumanthaka kuwanen ngrumpaka ngemba-emba utawi tiru-tiru kados dene pujangga kina, kadereng kepeksa boten anggadhahi lingsem sanadyan dipun enjepi mangsa borong sumangga. Saestu dados wujud serat babad Ambal ingkang kados mekaten punika. Cupet cetha yen tanpa mawi tembung kawi, lan ukaranipun tumpang suh, namung kepeksa lumuhing lingsem menawi boten nyagahi gugup namung kebekta namung sagah, sanadyan sarwi kuciwa lan awon kepeksa nyandhi nyandikani dhawuh saking leluhur sabda pandhita kang minulya inggih punika Kangjeng Adipati Poerbonagoro jumeneng ngasta pusaraning praja ing Kabupaten Ambal ing wedal samanten.

Kados ing tanah Jawi boten wonten kalih tiga adeging Kabupaten Ambal bawah Bagelen, nanging namung sayuswa anggenipun ngasta Kabupaten, liripun boten ngantos turun-tumurun. Sak sedanipun sang Bupati, Kabupaten tumuli kapecah dipunbagi dados tiga; satunggal Kuthaharja, kalih Kebumen lan tiganipun Karanganyar. Ing wingking lan saklajengipun badhe sinebad ubad ubeding babad Ambal mboten amangsuli kados pangandikanipun ingkang mengku ing Kabupaten wau. Manawi sampun ngendika sakecap mboten badhe ngaping kalihi damel, jejeg adi sesamining agesang, sumungkem manembah dhateng Gusti ingkang akarya jagad. Miturut Perintah Walandi, ageng welasipun dhateng sesamining gesang, temen, jujur lan prasaja. Yen tumandang mrantasi mboten gugup kapara sareh kanthi lega lan remening manah.

Kangjeng Bupati Ambal niyat ngasta krawitan, nengenaken gendhing miwah sastra, kathah lelabetanipun wiwit rumiyin, kados dene serat Ciptoning punapa dene serat Romo ingkang katriwal anekseni, tandhanipun menawi apil namung sak pada utawi kalih pada.

Ketungkul nenggani pedamel ingkang nyambut damel, ukir-ukiran sarta dandosan, katalit sakelangkung njlimet. Kagunan utawi kabudayan warni-warni utawi aneka warni ingkang misuwur. Kadhang sonten punapa enjing nenggani nanem kecipir, kacang, kara lan krowodan warni-warni sanesipun. Wonten keelokan malih yen pinuju wonten mburi (tegil) nanem kacang miwah kecipir lan kara, wonten priyantun juru serat sowan ngaturaken serat nyuwun tapakasmanipun Kangjeng Bupati mboten kersa jengkar namung mundhut kalam ingkang kangge nyerat nuli reketek = nyerat asmanipun POERBO lan ngendika: “Nya bacutna tembung NAGORO sing keri banjur tulisen dhewe!” Ingkang dipundhawuhi matur: “inggih”. Kaliyan lengser mbekta serat dhateng kantor tumuli njangkepi tembung nyambet nyerat NAGORO ing sawingkingipun seratan POERBO wau. Lan sapunika sampun kanthi cetha POERBONAGORO.

Misuwur keelokanipun dhumateng putra ingkang badhe dados, prasasat mboten kaanggep putra dipun singkang-singkang. Njarem njering semunipun ngiwakaken dhateng putra kados dene tiyang sanes brayan. Ing pangajab tembe wingking ngasta Bupati ing Trenggalek. Lan malih sadaya putra sajak mboten dipunopeni lan kaparingaken dhateng punakawan ingkang kinasih lair batos, nama Kyai Singotaruno ingkang misuwur aguling-aguling Ambal. Thek kliwer sadaya dipunkekahi, para putra namung karegem Kyai Singo. Ki Singo sagah nyangoni sekolahipun para putra Kabupaten. Kyai Singo sugihipun kepati kenging dipunwastani kados nini blorong lan sampun kondhang Ki Singo sugih arta tambah dipunkasihi. Yen Kangjeng badhe mundhut utawi badhe yasa barang, Ki Singo ingkang ngladosi. Mila gagah gugul ingkang pinitados. Pramila putra-putra Ambal nyebat bapa katutan sih wonten ing regemanipun Kyai Singo.

Nanging sampun pangling malih yen alkohol ngendemi lan towak apyun adamel wuru. Nanging namung sekedhap wangsul mendem brana picis, anggenipun mendem ngantos sabojading jagad inggih punika jagadipun piyambak. Tandhanipun Ki Singo rumiyin turunipun mboten wonten ingkang dados, kathahipun sami sangsara nyaranthil.

Kosok wangsulipun Kangjeng Bupati tedhak turunipun dumugi sakpunika sami pating jenggeleng lan sami dados, waradin wonten ing Hindia Nederlan nyambut damel kanthi tentrem lan pinanggih kasugengan. Ugi asring emut welingipun Kangjeng Ambal: “Kabeh anak putuku bektia marang Pangeran (Gusti Allah), setya marang Nagara, tresna marang sapadha-padhaning urip jejeg jujuring jangkah, mesthi nemu slamet seneng gumbira sumrambah ing kulawarga.”

Yen kamanah manah kraos nrenyuhaken manawi nalusur babad trahing Ambal wiwit sekawit ngantos dumugi ing sapunika, kawitanipun ngeres nglangut, telas-telasipun ngremenaken, sinten ingkang mboten kepengin ningali dadosipun, siningkang-singkang sangsara nanging lajeng gadhah niyat mbudidaya (prihatos) kados dene punika. Jamanipun praja ing Mataram ingkang jumeneng Nata misuwur jejuluk Sinuwun Raja kelangenanipun (selir) setunggal ingkang katelah Mas Ajeng Tingkir. Sasampunipun peputra setunggal anunten mbobot malih saweg ngancik pitung wulan, katrimakaken dhateng abdi dalem Bupati asma Mangundipoera. Dhawuhipun ingkang Sinuwun mekaten: “Wruhananmu Ki Mangundipoera, ingsun paringi momongan ampil (selir) ingsun kang asma Ki Ajeng Tingkir, nanging saiki lagi ngandhut ngancik pitung sasi mlaku. Sadurunge jabang bayi lair mung emongen  bae aja kok anggep yen iku garwamu lan yen wis lair karepmu”. Atur wangsulanipun: “Sendika”.

Lelampahan sampun rampung, mboten kacariyos jabang bayi sampum lair kakung bagus endah warnanipun kaparingan asma Raden Mas Semedi. Sanget anggenipun ndama-dama. Sareng ahir diwasa nyuwita nglebet Kedhaton, katrimah dipuntampi lan dipunparingi pangkat nembe Ordenas. Nalika wonten dahuru gara-gara ing nagari, Pangeran Diponegoro kesah saking geger praja Mataram. Kontrang-kantringan kawula bosah baseh mawut dharah pating salebar. Raden Mas Semedi sapunika katriwal kaplajeng ngili ngaler ngilen mregoki sela-sela ingkang katungkul sepening papan keramean, ing Kedhu panggenan ingkang longgar.

Begjanipun tiyang nyambut damel, Raden Mas Semedi lumayan kangge cagak gesang, Nalika saliranipun ngasta kolektur ing Kebumen, lajeng santun asma Raden Ngabei Mangoenprawiro katelah sinebat putra saking Mangoendipuran. Kacarita kenging cobining Pangeran minangka lantaraning kamulyan, dumadakan kisruhing tengah nagari geger Diponegaran, sakidul tilas Ambal ing pesisir urut sewu wonten brandhal ingkang nggegirisi inggih punika ketelah brandhal Poedjo Gomawidjojo damel resah padhusunan, mboten wonten satunggal-tunggala ingkang wani cemuwit angles kekes temahanipun sisah. Dhusun Plampuk urutipun pasisir inggih punika gegedhuging benggol brandhal ingkang kondhang ndhugal namanipun Gamawidjaja, sampun memper tiyang pinggir pesisir Karangbolong mengetan jedhul Jayabaya bawah Ngayogya. Tiyang sami tundhuk kekes lan miris, was-was melang-melang ing manah. Menawi tiyang dipunsuwuni arta dhateng brandhal Ki Gamawidjaja, kedah nyukani sak kal wondene yen puguh mboten nyukani, sanalika dipuntandangi.
 Ki Poedjo dhasar ndhugal mboten wonten tandhingipun, pramila tiyang-tiyang menawi kedhatengan Malaekat Djabarail ingkang badhe njabut nyawa inggih namung kekes. Mukti saben dinten ropyan-ropyan jegang nyelaki clupak bebudanipun tledhek ayu saben dinten sinden, sendhon lan gegendhingan, Ki Poedja ingkang mbadhut, mboten nyimpang kados Minak kontjar dhasar moncer lancuring Majapait ing jaman Diponegaran. Maling begal nyrobot ngutil temtu asok bulu bekti arta miwah raja brana angsal-angsalanipun. Mila muktinipun muput mboten wonten satunggal ingkang cemuwit namung lega kapeksa semelageyanipun Ki Poedja Gamawidjaja kondhang kaloka para tantang para pisuh lan para tempiling. Brandhal puja kalok ing wartos sengkut kukuh ngekahi padhusunan ing pasisir urut sewu, inggih punika nalika Kabupaten Ambal rikala rumiyim kaasta Kangjeng Pangeran Blitar saking Mataram.

Wiwit tengah-tengahing tahun1827 (sewu wolungatus pitu likur) geger Diponegaran. Tengah-tengahipun kisruh, Ki Podja nyaru wuwus nedya mbalela. Kangjeng Pangeran Blitar sampun utusan dhateng Pengagenging Perintah kadhawuhan nyepeng brandhal dipunkantheni soldadu sak bregada dhateng Kepala dhusun mboten katun, jonjang krawat (kliling) siyang dalu madosi njlimet mubeng, sepen bibar mboten wonten ingkang katingal, ngantos dangu mboten angsal damel, awit brandhal ndhelikipun primpen. Kangjeng Pangeran Blitar penggalihipun ngantos puteg rinten dalu namung nandhang prihatos dene mboten saged mikut brandhal.

Ing wusananipun wonten keputusan saking Parentah, Kangjeng Pangeran dipunkendeli saking pangkatipun, pensiun wonten ing Magelang. Sak kendelipun Pangeran Blitar, kabupaten Ambal kosong dados komplang. Kersanipun Perintah wau Ambal dipunsepenaken mboten badhe dipun tanemi Bupati ingkang anyar. Dalemipun sampun kagempur karisak ical sirna, sapunika sampun wujud sabin ingkang dipunpetak-petak dening tiyang padhusunan. Kangjeng Gubernur lajeng ngawontenaken undhang-undhang sinten ingkang saged mikut brandhal Poedja badhe ageng ganjaranipun arta maewu-ewu, lan sampun sumebar ing pundi-pundi. Nanging para kawula mboten wonten satunggal kemawon ingkang sagah, awit Ki Poedja Gamawidjaja kaloka gegedhuging pilih tandhing.

Mangsuli cariyos ing ngajeng, Raden Kolektur sampun penggalihan kalian Lurah Si Djorek ingkang sampun sepuh, Wargantaka lan anakipun, golonging rembag (sampun sarembag), anakipun lurah ingkang angka tiga nama Andaga matur: “Bapa tiyang sepuh kula, menawi wonten dhawuhipun, kula piyambak saged nggecak jago julig ingkang tansah damel risak. Wargantaka ing manah tansah mangertos lan sampun sumerep ubed-ubeding kedadosan ing tembe, alon lirih sumaur: “Aku jumurung banget le, mbok menawa anaku besuk aja lali welingku, yen ana rejaning jaman, perkara iku pasrahna marang Raden Ngabei Kolektur sedulurmu. Kowe aja was sumelang atimu bakal melu mukti lan kajen tut buri sakersane”. Atur wangsulanipun: “Saestunipun Raden Ngabei lan Wargantaka gedheg lan anthuk sapeguron tunggil yoya, gurunipun nunggil kaliyan Gamawidjaja ingkang asma Gamawikangka.

Dados sadaya wadosipun sampung dipun mangertosi tiyang tiga tunggil guru. Andaga anakipun Lumah dhusun nama si djeruk pancen jenggul gegedhuging gedhik, kondhang okol okolan pinunjul, nuli matur alon lan sareh: “Dhuh Den Bei kula ingkang nandangi kersa naming mriksani, yen kawula kawon dumugining tiwas saweg paduka tumandang nandhingi Brandhal ingkang sereng : ”sampun sagolong rembag wartos angin sampun waradin sakiwa tenganipun sumebar dumugi pundi pundi panggenan, menawi si Brandhal angsal tandhing sami kekiyatanipun. Wartosipun priyantun saking Kebumen, taksih mudha pangkatipun Kolatur kabiyantu Lurah lan putranipun saking dhusun sidjeruk. Iba badhe remenipun kekerengan  mengsah sami sentosanipun, mentas kemawon kababar (kagembleng) saking besalen. Yen si Gama dumugining pejah, kados punapa rejaning jaman.

Mengkeraken cariyos ingkang badhe perang, Gamawidjaja ingkang umpetan urut sewu dhusun pinggir seganten, bakda njarah rayah padhusunan urut sewu, saking remenipun kanthi bombonging manah mentas boyong bondha tuwin arta, katon anggenipun suka parisuka ropyan ropyan kados wingi wingi rumaos pinunjul. Gagasan alit suk lebetin manah sapa sira sapa ingsun, ingsun wong guna lan niyat badhe dados ratu adil. Keperluan sabendintenipun kandheg lageanipun linangkung. Manahipun agengipun sak redi, kados mbedhah mbedhaha dhadhanipun, adigang adigung adiguna kumlungkung anggedhangkrang kados dene Troenadjaja, mboten ajrih dhateng sesekuning Pangeran ing kang kuwaos, kosok wangsul kaliyan para sajono, mboten kantun nyumerepi lelampahan titah namung ngayom wonten ing astaning Pangeran, mboten pisan gembelengan kumlungkung ngendelaken kelangkunganipun inggih punika sumbar miwah kibir saben dinten.

Gamawidjaja nalika mireng menawi anakipun si djeroek ingkang angka tiga nama Si Andaga badhe methukaken perang, keplok bokong kaliyan medal sarta nyuwanten sengol dhateng para Brandhal begondhal : “ Heh kanca padha rungokna! Andaga anake Lurah, Wargandaka. Sidjeroek tunggalku, bocahe isih kemencur ijo durung mongsa, kumawani arep methukake aku. Eman banget kowe bocah apa kowe jeleh urip? Ora kulak warta menawa Gamawidjaja wis diidini dadi tetunggaling ratu,  ratu adil Kejawan. Padha weruha kabeh yen aku kondhang pinunjul kabare wis misuwur marang wong wong ing pinggir pesisir.  Dak pethuke Si Andaga bocah ijo lair wingi, dak lalabe rak kemriyuk. La mbok bapakne pisan Si Dhaplok thuyuk thuyuk kawak ayu gapuk wis getas balunge, kabeh wae ora ngarani.

Kowe aja mela melu mung padha sawangen saka kadohan aja nganti padha nyedhak cukup keplok lan aloka”. Poedja kerot untu nggetem bekas bekis mripatipun mencereng tajem nyat tumandhang, lengenipun sumadhiyo ngancari Sidjeroek balanipun ngetutaken tebih. Ki Poedja ngenthar tanpa noleh wingking tanpa enget baya pekewet, nglangkahi wewaleripun, mbucal panca sudanipun, kajengipun namung murugi bebaya lan mboten ngetang dinten pati.

Sa’at Nabi sampun sirna, kantun satunggal ngentosi salat pejah. Inggih punika saking kersaning Pangeran ngentosi ajalipun Ki Poedja. Raden Ngabei cumawis sak sampunipun miring wartosipun menawi kalurugan, pun Andaga alon anggenipun matur : “ Nyuwun pangestu Bapa”. Lan angsal pesangon wilujeng Raden Bei sampun ngantos tumandang menawi Andaga dereng pejah lan yen pejah saweg dipun gentosi majeng. Kekalihipun sampun bidhal. Ki Andaga manggul tangsek dedamelipun nganglang ing padhusunan dipun etutaken lan dipun ayomi saking katebihan. Dumugi sajawining dhusun radi tebih, Raden Bei priksa tiyang kalih ajeng ajengan.

Gamawidjaja santak : “Bocah enom isih iju riyu riyu baliya wae tak eman, dhaplokanmu konen tandhing!” sareng mireng tembung ingkang njlekit, kupingipun Andhaga kados dipun sebit awit kok ndadak ngundhamana Bapakipun. Ical sabaripun nuli jangkah tanpa wangsulan, tumandang lan ngancap sapurunipun “bleber” tengsekipun bandhulan Gamawidjaja ngendhani. Pangungkating tengsek gumandhul Gamawidjaja mencolot sarwi ngagang agangi lemeng tumleram sumiyut, Andhaga awas lajeng endha, lemeng mboten ngengingi. Kekalihipun lajeng  mundur pados papan ingkang prayogi. Andaga nyaut tengsekipun ngikal tengsekipun sarwi murugi, pangikalipun tengsek mubeng kados kitiran ngganjret wonten ing awing-awang. Poedja mainaken lemengipun mobat-mabit kados mbabad-mbabada, gentos namakaken lan gentos endha lan kekalihipun lepat margi saking kekalihipun sami dene trengginas.

Tetandhinganipun ngantos dangu lan gantos papan kekalihipun meh pedhot napasipun, kringet mili kumyus kathah icaling kekiyatan, lemes saha kraos sayah margi anggenipun tetandhingan sampun tigang jam, sami rujuk ngaso nenntremaken otot bayu. Sasampunipun sawetawis anggenipun kendel ngasokaken salit, sampun kendho napas lan bayunipun sampun pulih, kekalihipun sami nyat ngadeg, sami tantang-tantangan lan sami mapan ajeng-ajengan. Lemeng lan tengsek kados kitiran, gentos namakaken lan gentos ngendhani. Mboten dhateng wiwitanipun, polahipun tiyang kalih saya ringut sumrepet  ngliyeng paningalipun. Andaga trengginas nempun Poedja, netesaken tengsek ngengingi gulunipun, Poedja mayug-mayug ketantingan meh njebabah. Sampuna pancen pinunjul tiyang hulig-huligan gagal gagalani mila namung kepara mundur ngendhani. Sasampunipun ketingal cetha gembleng, neseg majeng badhe dipun kaping kalihi, dhawahipun tengsek sumebut ugi dipun endhani trengginas klewas, pun Andaga kalajeng meh dhawah kenjlungkup, ketututan dipun rangsang tengsekipun nanging dipun kekahi. Kekalihipun sami udreg-udregan dhawah amargi mrucut tebih, Andaga dipun soto gloyoran majeng malih jotosan. Gentosan ngantem mbithi lan nyikut, kekalihipun ngetog karosan ngantos dedreg (angrok bandawala pati). Ngantos kados perang tandhingipun Naraka Soera mengsah kaliyan Raden Gathutkaca nalika lampahan topeng waja. Udreg-udregan gantos papan odog-odogan cengkah-cinengkah lan sami mencolot boten wonten ingkang kawon. Bala Brandhal lan tiyang padhusunan, jonjang krawat lan Lurah tepis wiring gumrenggeng surak rame kados aben gemak lan keplok saking ketebihan :” Hore modar, hore mampus, hore modar”. Mekaten surakipun.

Margantaka mapan sampun sepuh, sareng mireng perang tandhingipun Andaga mboten rampung setengah bedhug, gek kados punapa sayahipun, tumunten nusul sarana kadhabyang prabot dhusun sarwi ngasta tlempak (tumbak celak) ingkang sampun dipun dayani. Dumugi celaking tetandhingan, tlempakipun lajeng kakaturaken Raden Ngabei dipun aturi lenggah mutuh, ingkang dipun aturi ugi enggal tumandhang. Bantheng Brandal dipun jojoh andhemanipun nyoblos tembus ing walikat, njrebabah muncrat mili rahipun. Andaga nggloso ing siti megap-megap ambeganipun meh pedhot ical otot bayunipun nglumpruk, badan tanpa daya lan sampun dipun upakara tiyang dhusun ngantos pulih, lan rampung raosing manah lega.

Sasampunipun kapriksa Kangjeng Gupermen kuwandhanipun gegedhug katigas thel gulunipun, gembung gumandhul dipun gantung wonten ing randualas dhusun Jeblog, kidul peken Bocor mboten tebih saking Kebumen riku, sirahipun dipun tanem nganjir-anjir ing dhusun Panjer dados tingalaning tiyang-tiyang. Sampun sumebar wartosipun menawi Ki Poedja sampun pejah dening Raden Kolektur, ganjaran saking Negari arta kathah petanganipun, Nanging Raden Ngabei mboten kersa, namung nyuwun pangkat inggil. Panyuwunipun dipun sagahi, kapurih sabar rumiyin lan sampun sumelang ing manah, menawi sampun wonten pangkat Bupati.

Wasana dipun tantun sengkakaken saking ngandhap menginggil, dipun wisudha Kolektur dados Bupati nanging namung sayuswanipun, sendika lan sampun kalampahan. Raden Bei Mangunprawira asmanipun santun dados asma Raden Tumenggung Poerbanegara ing kitha Ambal celak seganten sak kilen kitha lami. Tiyang dhusun urut sewu sak pejahipun Ki Poedja rumaos ical klilipipun kecampuran lega manahipun, saenggen enggen sami kekaulan. Grombol grombol reraosan icalipun ingkang pinunjul ketaman tlempak dening raden Bei. Pepanjanganing rembag, dados Bupati punika sampun trep.

Andhasari badhe ambangun Kabupaten anyar, tiyang alit sami cikrak-cikrak remen-remen badhe ngundhuh arta, rejekinipun imbet sarana nguli lan berah. Ing ngriku jawah pendamelan, sak punika sampun wiwit nggambar dalem, bandha beya sampun cumawis tumpuk undhung teliti, mandhor kuli sampun pating jalegut. Byuk-byukan gebel mbledug ngetog sesarengan majeng kados dene pangawaking Pancawati ngrangsang Ngalengka ngrimuk papaning mengsah kala rumiyin.

Tukang kajeng tuwin batu tukang besi miwah tukang ukur, mandhor-mandhor ngarahaken wira-wiri gumbrunggung rame suwantenipun, awrat awratipun sami pados betah. Bekel urut sewu, jonjang krawat, kuli mboten kantun soroh bau mboten mawi dipun etang etung malih waton ugi saged muluk manahipun bingah kepatos. Dene saurut sewu dados tata tentrem jalaran Ki Gamawidjaja sampun pejah lan sirahipun dipun tanjir wonten ing pinggir lurung, saben tiyang saged ningali.

Mekaten petanganipun tumandang kanthi remen lan bingah, sampun sak yeg rukun mboten moyag-mayig, saben dinten namung gumuruh kebak berah tanpa kendel. Wiwit jam pitu enjing , bedhug drandhang ngaso nedha lan ngombe, lingsir kilen sampun nyambut damel malih lan jam gangsal sedinten muput ingkang nyambut damel saweg ngaso. Ingkang griyanipun celak mantuk, ingkang tebih sipeng sak enggen-enggenipun, saged ugi pikantuk sipengan lan wonten ingkang panggenan tepangan utawi sanak sadherek lan wonten nglajo kemawon. Saben dinten Saptu jam sekawan bakul sampun kukut, theng jam gangsale temtu bayaran seminggu, suwantenipun arta pating krincing, kacegat bakul ingkang dipun boni. Jreng dipun bayar krupyuk lan tirahanipun dipun bekta mantuk, dumugi griya andrawina sak anak semah, kayanipun cekap dipun dum tiyang sak griyo remen sanget.

Wonten satunggaling berah ingkang slimpat-slimpet glibetan semu pekewet, mumpet rapet tekadipun badhe nutupi mboten badhe mbayar, jalaran enget menawi sambutanipun pating sreweh matambah tambah, keblad sekawan sampun weradin sadaya. Nanging mripatipun mbok bakul mlirik mendhelik dhateng sak pari polahipun, ingak-inguk dipun engen.  Nylimpet minger, mas Berah kesah angles lajeng dipun undang sora dening mbok bakul nggendring anggenipun nututi : “ E Mas mandeg riyin pripun le sampeyan bon?”. Mas Berah mengo lan kendel greg kanthi celum mringis semu rikuh, uweg uweg kanthongipun dipun gogohi lan nguncalaken arta sak suku ( setengah rupiah ) sarwi wicanten : “ Niki mawon” . mbok bakul gedrug gedrug : : Niki pripun durung paja cukup”. Mas Berah mlajar mboten mangsuli, mbok bakul sengol asendhu : “Ayak turune si Gomoh”. Gomoh punika Paga Amoh. Plajaripun saya sengkut “Thuwat Thuwet” tanpa noleh wingking, watakipun Gomo Thuwet. Dipun tegesi Gomoh ateges Paga Amoh, dene Thuwet ateges Munthu awet.

Mangsuli anggenipun yasa dalem Kabupaten Ambal sampun rampung lan dados, dipun atur sarei titi kaemba kados dene Kedhaton. Rakit-rakitanipun runtut asri tur  mawi kaentha  kados dene Kedhaton. Bobotipun Kabupaten mila inggih barang alit. Wiwit saking ngandhap wewangunanipun katingal peni, Cepuri panon inggil, gandhok katingal semu ngegla, sawingkingipun katingal panggenan pawon. Wingkingipun katingal gadri sela (lowahan ) urut pinggir therek panggang pe, los ngajengan wonten sisihing pendhapi katingal anglabang nyander  lan plataran wiyar katingal asri. Pethetan jejer  nrucuk sesekaran ketingal ngremenaken, pangipun kerep ronipun ngrompyo sekaripun asri. Abrit jene pethak biru, dhateng  paningal ngremenaken. Pringgitan katingal ngengrang, kiwa tengen dipun tembok kukuh lan dipunsukani regol seketheng katingal wingit, regol ngajengan ageng semu inggil njenggarang magrong-magrong.

Sinawang saking margi katingal angker asri kabekta wewangunan sarta kaprabawan-bawanipun ingkang mbawani sulap-nyulapi ingkang ningali, alun-alunipun ugi ketingal asri. Kacariyos Kangjeng Bupati dedalem  ing riku, boten dangu kithanipun sampun reja, gemah ripah samukawis damel, jer para kawula alit kapurih nyambut damel sadaya. Wulu wekdal krowotan tirah-tirah ngantos ngemohi, mbanyu mili boten kendel, wangunipun para pribumi sami ayem tentrem.
            Critanipun Andaga kala rumiyin, sakpunika sampun katarik nyambut damel lan angsal pangkat inggil, dados Kliwon dipunparingi nama Soerahardja sanget kinasih awit ageng lelabetanipun. Mbakyunipun let jaler satunggal nama Mas Ajeng Sidjeroek dipun kersakaken kapundhut ampil. Saking jejeg jejering panggalih pikanthuk nugraha songsong pethak kaliyan bintang jane ageng sarta pangkat Bupati, tansah saged ngayomi dhumateng bawahanipun. Garwanipun Kangjeng Bupati grad kalih saking Kraton Kasepuhan Ambangoentapan nunggil sama kaliyan Kangjeng Bupati, pisah kaliyan putranipun wonten ing Mataram. Garwa enem saking Ngayah ingkang asma Raden Ayu Anom, peputra naming setunggal, ampeyanipun sanga lan putranipun cacahipun nembelas. Urut sepuh :

Angka setunggal Raden Ayu Mangunredja krama angsal Mantri Kabupaten Ambal. Angka kalih Raden Mas Riya Mangoenprawira inggih Mantri Kabupaten saking Kebumen. Angka tiga Raden Bei Mangoenwinata naming nganggur. Dene ingkang rayi angka sekawan Raden Ngabei Tjitradimedja ngasta Kolektur ing Ambal ugi. Angka gangsal cethanipun kacariyos ngasta Bupati Trenggalek inggih asma Widjajakoesoema kala rumiyin asma Raden Ngabei Gandadimedja. Ingkang angka pitu Raden Djajakoesuma dados Mantri Anom. Ingkang angka wolu Raden Ayu Chaji Ngaisah ketelahipun asma nalika taksih alit, rikala rumiyin Raden Ajeng Sinthing garwanipun Raden Ngabei Atmadipoera dados wedana kendel lajeng ngasta Bupati. Angka sanga Raden Ngabei Poerbokoesoema dados Demang njawi wonten ing Bantul. Cethaning cariyos ingkang angka sedoso Raden Ayu Idris dados abdi dalem Pengulu Demang Ngayogya. Angka sewelas rayinipun malih Raden Ayu Tjokradiwirja pikantuk tekenar. Kalih welas Raden Ayu Partadipoera dados asisten ing riku. Tiga welas Raden Ayu Poerboatmodja kabekta Kangjeng ingkang mbawani Kuthaarja rikala rumiyin. Kawan welas Raden Rotsil nganggur. Gangsal welas Raden Ayu Abdoelgani krama kaliyan Pengulu. Ingkang angka nem belas ragil Raden Ayu Dipoprawiro ingkang dados Mantri Guru Ageng wonten ing Kwiksekol Magelang kala rumiyin. Menika warnining tedhak turun Ambal ngantos dumugi sak punika ing tahun : ( 1828-1941)
Keparenging sinengkalan :

NAGA            KALIH           SALIRA         PEKSI
     8                      2                      8                      1

BUDINING WARIH GANDA LINUWIH
1                4             9               1

Kangdjeng Widjajakoesoema asmanipun timur Raden Mas Mariyuni ingkang ngasta dados Bupati Prabalingga rikala rumiyin. Putra ingkang miyos ampeyan Mas Ajeng Tjitra lajeng kapindhah dhateng Trenggalek. Wonten malih putri ingkang krama pikantuk Bupati Kutoharjo, putranipun Kangjeng Poerbaatmadja ingkang miyos saking Mas Ayu Godhong. Wonten wayah putri putranipun Raden Mas Mangoenprawira ing Kebumen krama pikantuk Bupati Djajanagara (Kalih kalihipun Bupati Banjarnegara). Kepanggih dados krama kaping kalih Banjarnegara lan nak sanak ingkang nunggil lajer saking garwa ampil Raden Ayu Sinthing. Wonten putra-putri ingkang pikantuk Kangjeng Tumenggung Poerbaatmodja rikala rumiyin ngasta Bupati Kuthoarja, sasampunipun seda, kithanipun dipun gamblok.

Wonten malih buyut putri pikantuk Bupati Nganjuk, putrid ingkang kacariyos asma Kangjeng Prawirawidjaja saking Raden Wedana Distrik Campur dharat Kediri. Wonten buyut malih ingkang turun saking Kuthoarja ingkang ngasta pangkat Bupati asma timuripun Zarwit utawi Kangjeng Poerbatmadja Adisoerja madeg wonten ing Kendhal. Wonten buyut malih ingkang krama pikantuk Kangjeng Tumenggung Aroengbinang ing Kebumen. Wonten malih Kangjeng Soemitra trah Kalapaking ingkang ngasta Bupati Banjarnegara. Kathah trahing Ambal tunggilipun ing sangandhap Bupati. Sampun ngebaki enggen ngelebi sak Nusantara sadaya, ingkang sampun ngasta pendamelan warni-warni, sami ngestokaken weweling tumraping kawilujengan ing ngajeng : “ Anak putuku ngabektia marang Allah aja mangro tingal lan mituhua marang dhawuhe Nagara, tresna asih marang pepadha lan nindakake jujur.

Mangsuli cariyos malih adeging Kabupaten Ambal taun Sewu Wolung Atus Wolulikur (1828) langkung, saweg tengah tengahipun geger Dipanegaran. Kala semanten ingkang jumeneng Kangjeng Pangeran Blitar, wiwitanipun taun nemlikur ing dinten sasampunipun pensiun, sareng sampun let kalih taun Kabupaten karisak, gantos Poerbanegaran nanging yasa dalem malih caket Kabupaten lami ngilen sekedhik. Kangjeng Adipati Poerbanegara anggenipun dedalem ing riku namung sepanjanging yuswa. Anggenipun jumeneng Bupati ngantos dumugining seda. Sadaya lan ampeyan sanga sami peputra, namung setunggal ingkang ragil mboten medali jer gabug, nanging dipuntresnani sanget. Anakipun Chaji ing Ambal warninipun endah lan ayu pinter ngladosi, kajunjung kalenggahanipun tunggil asma kaliyan ingkang minulya, katresnananipun mboten sami. Mekaten dhawahing wahyu ingkang ngayomi rinten lan dalunipun.

Pramila guru  miwah ampil ingkang peputra : Angka setunggal wayahipun Kangjeng Sinuwun Bangoentapa ing Ngayogya Adiningrat dados kepanggih nak ndherek lan putranipun namung kalih Raden Ayu Mangoenredja dados rayinipun Raden Riya Mangoenprawira. Malihipun Raden Ayu Anem saking Ngayah putranipun naming setunggal Raden Mangoenwinata, mekaten wau ampil saking Karangluwas Purwokerto kala rumiyin, ingkang asma Raden Ajeng Tjitra. Kekalih wau putranipun Raden Bei Tjitradimeja. Kangjeng Trenggalekngersakaken Raden Nganten Semarang naming medali putra satunggal. Raden Ngabei Gandadimedja saking ampil ingkang agenglabetipun peparab Mas Ajeng sidjeroek peputro kalih, ingkang sepuh Raden Widjajakoesoma, rayinipun kaetelah Raden Ayu Chaji Ngaisah.

Mas Ajeng Poering putranipun namung kalih asma Raden Poerbakoesoema Demang njawi ing Ngayogya, rayinipun Raden Ayu Idris kagarwa Pengulu. Dene ampeyan kalihipun Mas Ajeng Gedhong peputra sekawan asma Raden Ayu Tjitradiwirja. Rayinipun putrid kalih asma Raden Ayu Partadipoera kagarwa Raden Wedana rikala rumiyin. Rayinipun malih Raden Ayu garwanipun Kangjeng Raden Poerbaatmodja Bupati Kuthaarja. Rayinipun Raden Rotsil asmanipun. Ampil saking Tanggulangin Raden Nganten Poelangjoen cacahipun putra kekalih ingkang asma Raden Ayu Abdoelgani krama pikantuk Raden Pengulu. Rayinipun Putri raden Ayu Dipoprawira ingkang krama pikantuk Mantri Guru Kwiksekoel ing Magelang sakderengipun kapindhah, lan sakpunika sampun pindhah dados Opledhengsekoel ing Ngayogya. Dene ampil ingkang kantun miwah kedhawahan begja saged kajunjung kalenggahanipun nunggil asma tuwin mulya, inggih punika putranipun ingkang asma ketelah Chaji Dhudhuk  Soemoer emaipun mboten peputra.

Selaminipun kangjeng Bupati ngasta kepala negari, tumindakipun jejeg lan adil, penggalihipun resik blak-blakan jujur sarwi lega, Sungkem dhateng Allah mituhu dhateng Parentah, asih dhateng kawula alit angudi tenaneman dhusun, mila agengsawabipun. Tiyang alit mboten kirang tedha tentrem ayem manahipun. Kitha Ambal sampun kondhang kaloka lan misuwur kitha ingkang kalok rejanipun. Semanten ingkang ngampingi Tuwan asisisten Residen asma Tuwan O van Roes tansah priksa panindaking Parentah wau.

Kangjeng Bupati cocog njawi nglebetipun mboten beda kaliyan sadherek tunggal. Sadaya rembag musyawarah kekalih sasampunipun golong gilig penggalihipun, kaputus kendel anggenipun rembagan lan dados putusan, ing ngriku nembe tumindhak. Mila dadosipun sae ing Kitha Ambal wau. Mboten kendel anggenipun pados kawilujenganing Negari, tiyang alit tentrem manahipun, tiyang alit tentrem manahipun mboten kirang sandhang tedha, mila ing tembe nipun Tuwan A.R. mboten kendel ngasta wonten ing Kedhu, tansah rukun paribasan rerentengan kunca gandheng Kangjeng Bupati ngantos pungkasaning jaman, petangan tahun walandi 1884-1888, amargi lajeng ngasta Gupernur General wonten ing Batawiyah tansah cocog penggalihipun kaliyan Kangjeng Bupati Ambal.

Pramila Kangjeng Bupati pinaringan gelar Adipati Harya ugi Songsong pethak lan Bintang Ageng Jene awit ageng lelabetanipun mbelani Perintah linangkung. Mukti wibawa ajeg anggenipun ambawani wonten ing Ambal, pantes dados tepa tuladhadhateng tedhak turunipun dene lelabetanipun kaeklasaken, kalampah kanthi wilujeng ingkang kasedya dhedasar manah lega lan remen.

Mboten anggak lan mboten ngedirdiraken, nitik pengagemipun saben dintenipun namung bares kados tiyang limrah, ingkang sumerep mboten badhe kaget. Ing ngajeng sampun kasebat, rena nanem wonten ing wingking utawi tegil. Kacang kapri lan kecipir sesekaran warni-warni, minangka paring tuladha dhateng sanak kadang utawi ing ngakathah miwah putra wayah. Ing ngatasipun Bupati mboten ngegunggungaken pangkat gumedhe dumeh Kepala Negari, punika sampun kabucal tebih. Lageyanipun namung mligi bilih sipating manungsa mboten saged langkung dhateng sesamining gesang. Semantena ugi nindhakaken tumraping sesamining gesang tuwin kawilujengan inggih punika katentremaning manungsa sedaya.

Sampun kasebat ing ngajeng Kangjeng Bupati dhateng putra ketingalipun ing lahir tambuh kados dene lisah kaliyan toya rinten dalu tansah tebih. Saya dhateng putra ingkang sampun dipun priksani dinten wingking ingkang badhe dhateng, dipunsingkang singkang kados mengsah, mboten sastra-sastra menawi Putra Bupati, mboten mangertos jebul dados. Contonipun Raden Mas Marijuni kala rumiyin kabucal tebih, magang dhateng Gupernoer Djendral ing Betawi dumadakan kantor dereng dados, kadhawuhan wangsul dhateng Ambal malih dening Kangjeng Gupernoer, nanging ingkang rama mboten migatosaken, tambuh ethok-ethok mboten priksa dhumateng tiyang sanes. Nanging sedaya lampahing wahyu badhe medhak sampun mboten kenging dipuntulak malih, Ki magang saged benoem. Sangkanipun sarana saking pangkat alit, minggah-minggah ngantos dados Bupati ambawani brang wetan ing Prabalingga, nanging boten antawis dangu dipindhah mengilen sekedhik lan tetep ing Trenggalek asma Kangjeng Widjajakoesoema. Putra angka gangsal saking Mas Ageng Tjitra asalipun saking Karangluwas Banjumas. Wonten malih putra saking Raden Ajeng Sinthing krama pikanthuk Mas Bei Atmadipoera ngasta Wedana Soka Kebumen, sampun peputra satunggal kakung dumadakan pegatan, Raden Ayu tumunten kundur dhateng Ambal lan ketampi dening Rama lan Ibunipun, sarwi ngendhika : “ Wis bejamu Nok, awakmu lagi dadi lakon tujune kowe wis duwe anak lanang akhire bisa ngakoni sanak sadulur. Atimu trimak-trimakna lan sing eklas, kuwi minongka dadi prihatinmu Nok!”

Sasampunipun pegatan penggalihipun Raden Wedana getun, kapetang tresnanipun dhateng garwa kapenggalih sanget keduwung, Tekadipun badhe mangsuli garwa ingkang sampun kapegat. Pramila ngaya-aya sowan dhateng Ambal nedya nylondhoh memet ngabekti nyuwun tilas garwa dhumateng Kangjeng Bupati Ambal badhe kaemong sakestu, kala rumuiyin batos radi keduwung, margi namung kelimput ing manah runtik. Raosing batos sampun tiyat. Rak temtu kemawon kepareng lan mongsok ndadak dipuntulak. Ing wasana pikantuk wangsulan kosok wangsul, boten keparengdipunwangsuli. Mbok jegagig, batosipun : Ora nyana temen aku, panyuwunku kok ditulak.

Gegancangan Ki wedana anggenipun mundur kamah getun sanget. Saya dangu saya thukul katresnanipun ambyuk, tumraping ron saya ngrembuyung, saya rinten dalu saya ngrembaka kayungyun. Nekad lan meksa sowan dhateng Ambal malih ndheku-ndheku nanging cabar lan mboten angsal damel, awit Kangjeng Bupati meksa kalah lan puguh. Raden Wedana nglentung alon-alon mundur. Dumugi ing dalem saya wuyung kagubel raos gandrung kapirangu mboten  kenging dipunicali, kepeksa badhe ndheseg sowan malih.




Kangjeng Bupati lajeng paring wangsulan kekah : “ Weh Kaki Atmadipoera, yen Poerbanagara wis weruh kowe bakal kaya aku, kuwi wis mesthi kelakon. Aku ora ndisiki kersaning Hyang Agung, dene tilasanmu wis kebacut takwengku, ora kena kok baleni njabel gunem kang wis kawetu”. Ki Wedana mireng ngendikanipun manah keranta-ranta lajeng gadhah pamupus, batosipun :”mbok menawa wis kersaning Pangeran yen aku kudu pedhot. Nanging ana adheme lan panarimaku dene Kangjeng Bupati wis ndawuhi. Muga-muga kasembadan aku mbesuk antuk nugraha kang gedha saka kemurahaning Hyang Agung.” Sasampunipun caos sujud lajeng mundur. Kacariyos dinten wingking, Atmadipoera dipunjunjung jumeneng Bupati ngasta wonten ing Banjarnegara. Pikantuk sesebatan Kangjeng Raden Adipati Tumenggung Djajanegara sarta pikantuk Songsong Pethak lan misuwur grayak mrakateni sumrambah dhateng sadhengah tiyang.

Kacariyos putranipun kakung ingkang mios saking Raden Ayu Sinthing ing akhir tembe nggentosi kalenggahanipun ingkang rama ngasta Bupati Banjar Negara, inggih Daja nagara ping kalih. Krama pikantuk nak ndherek mapan sami wayah Kangjeng Ambal ingkang pepoetra Raden Mas Mangoenprawira dados menteri Kabupaten ing Kebumen. Raden Ayu Sinthing warandha krama pikantuk Raden Chaji Oemar tumunten dhateng Makah keparengipun santun asma Raden Ayu Ngaisah.

Mangsuli cariyos kasebat ing nginggil Kangjeng Bupati Banjarnegara kaping sepisan krama pikantuk rayinipun Kangjeng Adipati Purwareja, peputra kakung setunggal Raden Mas Soetapa turun wahyu katelah Ki Ageng Mangir mantu dalem senopati.

Wangsul carios kasebat ing nginggil Kangjeng Banjarnegara ing taun 1941 wingking asmanipun dipuntambahi Kalapaking. Tembung wetahipun samangke saking kalapa aking. Kawitanipun rikala geger Troenadjaja ngraman ing Mataram Sri Mangkurat Agung lengser saking Mataram mengilen dumugi Kebumen kraos gerah (ngelak) sanget lajeng mundhut dawegan (degan). Kacarios Mas Ngabei Kertawangsa  ing dhusun panjer ngunjukaken (nyaosaken) klapa aking. Sang nata kejod ing penggalih dene klapanipun kok garing. Unjuk aturipun Mas Ngabei Kertawangsa : “Punika kakang cengkir”. Klapa lajeng kacandhak dipunbobok medhal toyanipun lan ugi kaunjuk, kraos legi seger sumyah mboten beda kaliyan degan. Mas Bei ketrimah dene gerahipun (ngelakipun) Sri Narendra saking dhawuh Dalem Sang Nata, Ngabei Kertawangsa kaparingan asma malih wigkingipun, dados asma Kertawangsa Kalapaking, lan malih keparingan momong putra-putri endah asma Raden Ajeng Sru Moelat.

Kocapipun Sri Narendra badhe nglajengaken terus tindhak mengilen dumugi bawah Banyumas. Mbok menawi sampun dumugining pasha puput yuswanipun surut (seda) kundur dhateng kasedan jati, sampun tilar weling mundhut dipunsareaken wonten ing bumi ingkang mambet wangi. Sakestu wonten tegil ingkang gandanipun wangi, inggih wonten ing ngriku punika Sri Nata anggenipun nyarekaken. Cekak ing carios wonten ing Tegal Arum lan dumugi sak priki kawastana Pesareyan Tegalarum. Nalika layon dalem dipunsirami wonten ing dhusun Pasiraman lan dados siti pradikan utawi mligi kataneman Demang kalih.

Mangsuli kacarios Kangjeng Bupati Ambal bebesanan kaliyan Kangjeng Djajaningrat Bupati Karanganyar, putranipun Kangjeng Pangeran Moerdaningrat putra nata ing Mataram kaping kalih. Dados taksih pinanggih nak ndherek lan sapunika sampun dados besan. Dinten saksampunipun, Kangjeng Bupati lengser leren saking pakaryanipun pension lajeng dedalem wonten ing sepuran. Putranipun nggentosi ngrenggani wanasaba rikala rumiyin katelah asma Ledhok ngantos sapunika (1941), sanadyan ingkang putri trah ing Moerdaningrat, ingkang kakung trah kalapaking.

Mangsuli jejering carios ing ngajeng, Kangjeng Ambal mertuwi dhateng mayor Semarang asma tuwan Bee Bee Tjwan lan kepanggih, priyantun kalih kalih sami ngendikan gegujengan mboten pekewet.  Sobat lami mboten kepanggih kekalihipun, rinten dalu tansah mboten benggang kaliyan andrawina. Sakonduripun kangjeng saking semarang, kapisungsungaken sendhok plorok saking slake. Boten kacarios ing margi kersanipun Kangjeng badhe mampir malih dhateng Bandongan ngagem sarwa Jawi boten ketingal ngagem cara Bupati.

Critanipun kala rumiyin margi saking Magelang dhateng Bandhongan (distrik) minggah medhak ciyut tur rumpil boten saged dipunlangkungi kreta sagedipun namung mlampah suku. Tindhakipun Kangjeng Bupati dipuntandu dipundherekaken abdi sakwetawis ngampil songsong pethak, wadah ses sarta opas. Sareng sampun celak kaliyan distrik, Kangjeng nunten medhak saking tandu lan namung tindak piyambakan, para pendherek lan tandhu dipun dhawuhi nengga.

Kocapa  Raden Ngabei Bandhongan ingkang saweg lenggah leyeh-leyeh ing kursi wonten ngajengan, priksa tiyang dhateng lajeng kaawe kapurih linggih wonten ing gelaran, Raden Wedana nggedhangkrang wonten ing kursi kados Troenedjaja boten nyana babar pisan menawi tamunipun Bupati, dipun kinten tiyang tani saking Ambal badhe ambeberah.

Sasampunipun bage binge gupruk ngrembag pantun, palawijo, pala kependhem, pala gumantung, pala kesimpar lan pajeg-pajeg sabin sarta katentremaning tiyang alit, saweg eco ngendikan, kocapa para pendherek tandhu miwah opas sami ngungun sanget dene ngantos dangu Kangjeng Bupati boten wonten kabaripun. Gek wonten punapa lan ugi abdi dalah para pandherek sami nusul. Sareng sampun dumugi plataran Kawedanan, Raden Wedana priksa prabot  Kabupaten ketingal yen songsongan pethak lan Opasipun kalih, kaget njola njodhil ndhawah saking kursi, boten ketang wonten upet dipuntebak ngantos pejah ramanipun. Nyembah kaping wungsal-wangsul paribasan ngantos dipuntawu sembahipun, lan nggluruh nyuwun pangapunten. Sambatipun telas-telasan boten nyana menawi tamunipun jebul Bupati. Bupati menika kalebet Bupati macan tegesipun sangat dipun ajrihi, mila sambatipun ndrindhil kados nangis-nangisan, dhawuhipun Kangjeng Bupati :” Kabeh iku wong, kenang etok-etoke, mundhak ngregon-regoni.” Dinten sasampunipun kekalih satata lenggah medal segahanipun unjukan tuwin dhaharan. Pepanggihan sampun tutug, Kangjeng Bupati nuli pamit, lan bakda jengkar lapur dhateng Tuwan O van Roes yen Wedana Bandhongan sampun dines sepuh tur mituhu dhateng Negari, pantes yen dipun wisudha. Boten antawis lami Raden Ngabei tampi Beselit kajunjung kalenggahanipun Wedana dados patih.

Kacarita rejaning Negari bakda geger Dipanegaran ngleresi sedintenipun, Kangjeng Bupati badhe ngenggar enggar penggalih busana enggal tinata rapi besusu lenggah kursi ukir-ukiran mengkeraken rana ugi kaukir karawitan utawi ngrawit wonten ing pandhapa. Lung ngleker memper lunging pakis saestu, awit pangukuripun sarana kasungging prada emas, kaadhep para abdi lan prabot andher wonten ing ngajeng, eca sami rerembagan gupruk, kesaru dhatengipun Raden Mas Toekinoen sesering wonten ing satengah plataran. Memba Dewa ngagem lancingan panji-panji rasukan jobah kotangipun cekak ngagem sampir cindhe nglewer tasbehipun mboten kantun. Kethu Turki dipun gubel pethak tasikan utawi pupuran lamat-lamat. Menawi dipuntingali memper Hyang Pramesthi dumrojog saking Kahyangan. Kekiter samu milang miling mriksani titah ingkang nampi sedaya dhawuh sasampunipun cetha pamriksanipun dhateng titah, ingkang dipunpriksani Kangjeng Poerbanegara, sumiyut njujug ing sangajengipun Kangjeng Bupati. Cikrak kekiter sarwi nudingi lan ngendikanipun renyah: “ Heh Poerbanegara aku iki mung sakderma ngemban dhawuhe Adi guru, karepmu wis tutug lan kasembadan wibawa mukti neng alam donya, kita sing eling aja ketungkul marang kadonyan. Kosok baline kita pada elinga yen wong urip bakal mati pada elinga saben dina aja leren manembah marang dewa kang murbo lan misesa kabeh ing awal akhir, ya ing donya ya ing jaman akhir. Suwarga lan Naraka winengku ing Hyang Maha Luhur, mula aja ngenak-enak ngenyami kamukten ing donya iki lan elinga akhire. Manawa kita bisa lair bathin, dewa kersa paring nugraha, mbesuk neng akhire tedhak turun trah sing pantes, iku padha eling elingen dhawuhe Dewa marang kita. Wis kriya slamet ingsun kundur angahyangan (menyang Khayangan)”.
            Ingkang dados Dewa nuli ngocati sesiring mubeng ing plataran kados wonten ing langit mumbul ing awing-awang. Dumugi margi lajeng minger tumuju dhateng wingking santun busana tuwin suryan (raup). Ngagem jekek cara Yogya, mendhak-mendhak lir sata manggih krama (kados solahing ayam babon kepanggih sawung) ngadhap sang Bupati. Para ingkang ngadhap pating cekikik dene ingkang tiru-tiru Dewa sampun bibar sanyatanipun. Anggenipun gemujeng semu kecut, amargi ketaman wucalan ingkang sae, margining ngagesang dumugi jaman mbenjing sami kachatet ing manah. Kangjeng bupati kepranan ing penggalih lan rena dene kok wonten lelucon nuju prana. Piwucal ingkang pernah, pener tur peni ngengetaken tiyang gesang wonten ing donya saged mikantuki rika-rika cekap sadayanipun. Lan batos dipunjagi, menawi tiyang mukti wibawa sampun kok kelajeng mendem. Emuta ing jaman akhirat inggih wonten ing riku punika awet (langgeng) ingkang tanpa ewah tetep adil tur rata.

Wonten malih putranipun Kangjeng Bupati ingkang asma Raden Djajakoesoema pendamelanipun Mantri Tom nglamar putrid Tumnggung badhe dipun garwa, nanging pikantuk wangsulan benjing yen Raden Mantri sampun ngastha Wedana. Wasana penggalihipun wiring kirang lingsem mboten kantenan, lajeng ngunjuk senjata dados lan sedanipun. Sedanipun ingkang putra nuli dipunaturaken amargi ngunjuk senjata saking sak kelangkun wiriang, jalaran katampik panglamaripun.

Bupati midhanget sedanipun ingkang putra, mboten kejod penggalihipun dipun samba ayem kemawon, namung ndhawuhi ngrukti layonipun ngantos rampung. Lah punika priyantun ingkang sak kelangkung pinter penggalih tetep tentrem mboten kagetan namung adhedhasar wewaton, kedah mekaten punika lelampahanipun ingkang sinandhang tumrap sadaya tiyang gesang. Awon lan sae manut pendamelanipun piyambak, Gusti Allah namung nuruti kekajenganipun manungsa, awit Gusti Allah wau sipat adil asih lan mirah.

Wonten malih putranipun satunggal ingkang dados Bupati wonten ing Trenggalek asma Kangjeng Djajakoesoema, sangkanipun saking magang dhumateng Kanjeng Gupernoer O van Roes sobatipun Kangjeng Bupati ing Ambal , mila nlangsanipun kelangkung kraos ngeres lan linu. Kangjeng Bupati semu mboten menggalih dhateng putra ingkang nlangsa wau namung ayem tanpa keguh. Kawusanan dangu-dangu tetep dados priyantun saking ngandhap rancak minggah. Saweg nalika ngastanipun sampun Patih angenggani ing Poerwareja, nuju satunggaling dinten Kangjeng Gupernur rawuh, nembe jajah mriksa-mriksani kitha dhateng dhusun tuwin sabin, nyarenipun wonten hotel.

Kacariyos ngleresi enjing umun-umun Kangjeng Tuwan wonten ing margi, getunipun kelangkung dene kok ngantos lan ngagem ing kusut. Tinimbalan Kangjeng Tuwan kadhawuhan ndherek tindak-tindak wekdal enjing lan Raden Patih etut wingking. Sasampunipun tutug, dhawuh dhumateng raden patih : “Wis ta Patih kowe ndang baliyo, wayahe iki wis awan lan mengko sore aku teka menyang papanmu sing kok enggoni sedhiaa kang prasaja lan enggal kundur aja nyundhul puyuh”. Lan wangsulanipun : “Sendika”. Lajeng pepisahan lan enggal kundur dumugi papan bisik-bisik kaliyan garwanipun selir. Nyai selir legeg thenger-thenger sareng nampi dhawuh yen mangke sonten Kangjeng Tuwan badhe rawuh lan mundhut dhahar ngriku, ladosan ingkang sarwi prasaja, ngantos legeg tur pekewet batosipun nggagas, batosipun pitaken :” Prasaja ki sing kaya ngapa, apa ndhak kersa dhahar kethak putih, bobor lan sambel lethok ? Apa mbeleh pitik, sapi lan wedhus ?”. Sak kelangkung ewet, lajeng rembagan kaliyan kakinipun sapun gupruk. Kepatihan ribet reresik miwah pelados sampun cumawis sedaya, dhahar lan lawuh sampun kagelar ing mejo. Wanci sonten Kangjeng Tuwan sampun rawuh lenggah wonten ngajengan dipunladosi unjukan lan kuwih, ingkang ngladosi Kangjeng Patih piyambak. Sasampunipun ngendika tutug lajeng mlebet dhateng wingking njujug kamar dhahar sarta lenggah, dhawuhipun Kangjeng Tuwan :” Ayo patih kembul dhahar lan bojomu pisan kembul dhahar ngancani aku supaya dadi rahab”. Aturipun Raden Patih angrepepeh ririh rereh semu kecipuhan : “ Mboten gadhah simah, namung selir saking dhusun”. Kangjeng Tuwan ngendika malih : “ Aja kakehan wangsulan konen mrene kembul”. Mbok selir lajeng ngendikan kanthi ulat aclum lan badan geter kados mesin, bokong wel-welwan. Sedinten dheg kekipu wonten wingking ribet ocal-ocal ing pawon, dereng kober dandos mreneng, jungkatan kemawon dereng, dipun peksa linggih ing kursi nggedhingkring, miring-miring kepeksa dhahar kembul bujana kaliyan Kangjeng Tuwan, sanajan saben-saben kraos seret sanget nanging mboten sisah ngunjuk.

Sinambi rinengga ing pangandikan minangka nyarengi kembul dhahar, lan sasampunipun dhahar lenggah sakedhap lajeng  kundur dhateng Hotel ngaso sedalu, enjingipun bidhal  kundur badhe mampir dhateng Cilacap. Priyantun kitha kathah sami iring-iringan, Raden Patih mboten kantun anguntapaken. Dumugi ing tapel wates kitha, ingkang andherekaken sampun sami wangsul, namung Raden Patih ingkang taksih panggah tut wingking. Kangjeng Tuwan mriksani yen Patih taksih mbeguguk, alon ngendika : “Wis baliya Patih!”. Aturipun Patih : “Sendika “. Nanging Patih meksa dereng abah ambeguguk kados reca. Kangjeng Tuwan ngendika malih ndhawuhi wangsul, nanging Raden Patih namung mboten mingset saking palinggihan, lan dhawuhipun ingkang kaping tiga :”Aku wis weruh lan ngerti karepmu saiki ndang baliya:. Raden Patih Maos, wangsul piyambak lan nembe rumaos lega manahipun dene sampun pikantuk wangsit.

Mboten kasebat tindakipun Kangjeng Tuwan Palis. Kacarios watawis wulan Raden Patih pikantuk piagam kekancingan, tetepipun ngasta Bupati ngrenggani wonten ing kitha Prabalingga nanging mboten gantalan tahun alih pindhah mengilen sekedhik wonten ing Trenggalek ngantos tutug dumugi jaman akhir.

Mekaten sok elok lelampahaning tiyang gesang kumpul kampul ing ombak dipunwayangaken kantun nglampahi kabekta wilujeng jujur lan prasaja. Selir ingkang kasebat kembul bujana ing kursi kaliyan Kangjeng Gupernur Jandral , nalika Raden Mas Mariyuni sinengkaken ngaluhur dados Bupati, garwa ingkang tunggil asma katut mukti ngranggeni Kabupaten Trenggalek saha imbet wibawanipun.

Wonten sempalaning crita Raden Mas Soeraja wayahipun Bupati Ambal, ingkang ngasta juru serat Kontrolir kesah ngglenes saking papan panggenan, ajrih menawi kesiku dipun dukani eyangipun, dene wani ngethoki suri buntut kuda kagunganipun ingkang eyang. Lampahipun mengilen dumugi Pasir, ngaji dhateng Pondhok Pesantren anyar gurunipun tilas abdi dalemipun Kangjeng Ambal rikala rumiyin. Raden Mas Soeradja sampun santun asma Mangun Mustapa, mboten antawis lami jumeneng carik wonten ing dhusun kebawah Banjarnegara lan menawi Lurah dhateng Kawedanan Mas Carik mboten kantun kekinthil.

Nuju satunggaling dinten kawedanan koperensi, Kangjeng Banjarnegara nalika punika rawuh, priksa carik satunggal macak cara Ngayogya marak ati, solah tingkahipun kados tiyang ingkang nabet babagan beksa. Kangjeng Banjarnegara priksa kanthi cetha, nyata mboten sumelang malih menawi punika wayah Amba inggih nak dherek piyambak ingkang dipun padosi. Sareng Kangjeng Bupati kundur, Mas Carik dipun dhawuhi numpak kreta ndherek dhateng Banjarnegara sami wawan pangandikan. Rikala rumiyin tilas anyalirani beksa wonten ing tengan pendhapi. Raden Mas Soeradja tiyang wasis, kridha beksa mumpuni ingkang kondhang kaonang-onang, wonten ing Banjarnegara pitung dinten segah tayub sedalu, margi Kangjeng Djajanegara sanget remenipun. Kocap Bekel carik ingkang repot wonten distrik katilar carik satunggal kenthang kimpulipun. Raden Soeradja sampun kundur dhateng Ambal malih, Kangjeng Ambal mesem ketingal rena.

Wonten satunggaling wayah ingkang mletik sesamining tiyang, ndhugalipun tuwin sembrananipun kelangkung, namung sekolah angka kalih, putranipun Raden Mas Mangoenprawira asma Raden Mas Gedjoel, ngasta damel Asisten ing kalikajar bawah Wanasaba. Cara Walandi mboten mangsulaken, tukang ukur pancen pinter, tekenaripun mila wasis, nurun potret mboten geseh, trampil damel mesin nutu saking dayanipun toya, mesin penggarap sabin, damel keker saking bumbung miwah kothak, namung ukuran grat kompas anggenipun mundhut saking took. Sampun dipuncobi saget mendhet seket meter  tebihipun lan sampun dipun sekseni Insinyur kanthi gumuning manah. Ngarang sekar macapat pedhotan saha tembungipun sae, gathekanipun pancen ngedhap-edhapi.

Pangarang serat punika meh wonten ingkang kesupen amangsuli wartos ingkang kapirang malih buyut Ambal dados garwa Bupati Kebumen ingkang kasebat remen kagunan Jawi. Yasa ringgit tiyang alit lan sampun dipuncakaken wungsal-wangsul adamel gumun. Inggih punika putranipun mbajeng suwargi Kangjeng Djanagara ping kalih ing Banjarnegara.

Kangjeng Bupati Soemitra sami Kalapakingipun, saestu dharah Ambal dumugi dipun pengeti kathah kathahipun ingkang ngasta Kepala Nagari. Kacarios Kangjeng Bupati Ambal karemenanipun ngarang serat, serat Majapahit, seratan Ramalan Ciptaning sarta kathah warni-warni. Eman putra wayahipun mboten wonten ingkang ngopeni satunggal-satunggal, kasingsal mboten pikantuk leak mangka sami sae-sae pigunanipun. Menawi katitik gathuking basa, saestunipun Pujangga kaslempit, beda kaliyan Jasadipuran sadaya dipun gemeni, langgeng ngantos dumugi sakpriki. Yasan Ambal sami mawut, paseksen wonten wingking serat nalika lampahan Anoman Duta masi sekar Mijil kalih pada.

Kangjeng Bupati sampun yuswa lajeng katantun dening Kangjeng Gupermen. Sarehning Kabupaten Ambal kersanipun dipunicali menawi kersa kangjeng Bupati dipun pindhah mengetan mengku ing Kitha Surabaya, ing riku sak punika lowong. Wangsulanipun Kangjeng Bupati mopo (mboten kersa). Anggenipun mboten kersa dipun pindhah, estunipun badhe netepi perjanjian nalika semanten. Bilih dipun angkat Bupati namung sak yuswa, dene dharah turun benjing kirang priksa, namung Allah ingkang priksa. Mila lajeng yasa Genthan papan badhe sumarenipun Kangjeng Bupati caket kitha ing dhusun Bener.

Cekak telasing carios sedanipun Kangjeng Bupati Ambal ing tahun 1871 tanggal 7 wulanipun 3 (Maret), layon karukti lajeng kasarekaken ing genthan yasanipun. Ngantos sapriki saben wulan Ruwah kathah motor pating sliri, putra wayah ingkang sami caos dhahar. Dene ingkang tinanggenah nengga tuwin ngresiki pasareyanipun ingkang minulya wau kaleres buyut piyambak asma Raden Soembardja pensiunan Mantri Guru. Sak icalipun Ambal, bawah lajeng pecah-pecah, Kuthaarja-Kebumen lan Karanganyar.

agustiputra@2013
Sumber : SBJ.blogspot.com

BANYU SENDANG BEJI CLAPAR BISA MARASAKE WONG EDAN

Clapar mujudake sawijining desa ing laladan pegunungan kang mlebu ing wewengkon Kecamatan Karanggayam, Kabupaten Kebumen. Ing kana bisa ditemokake sawijining pesareyan yaiku pesareyan Mbah Kepadhangan kang miturut para warga dipercaya minangka cikal bakal dening masyarakat kana. Ing sisih ngisor udakara 200 meteran saka pesareyan ana Sendang Beji kang ora tau asat banyune.

Soegito T pensiunan karyawan Pemkab Kebumen kang uga warga Clapar nate nyritakake menawa Sendhang Beji dhek biyen kanggo nglarung kotak wayang kulit Kyai Gandamaya, lan terbang Si Grantung kagungane Mbah Kepadhangan. Dicritakake menawa Sendang Beji kasebut uga asring digunakake kanggo ngedusi wong edan (wong gemblung). Miturut dheweke ora sithik wong edan sing wis kasil diwarasake sawise didusi ana kana.

Pesareyan Mbah Kepadhangan manggon ana ing Dhukuh Depok ing sisih paling ndhuwur. Ambane pesareyan udakara 350 meter pesagi. Lan Sendhang Beji sing bisa kanggo marasake wong edan kuwi ana ing sisih ngisor. Mbah Kepadhangan uga nduweni sawernaning pusaka  kayata keris dhapur Jalak kang diarani Kyai Wulung, patrem kanthi dhapur lontop kang uga diarni Kyai Lontop, keris dhapur kebo lajer kang diarani Kyai Banjor, tumbak dhapur carang glagah kang diarani Kyai Blabar, umbul-umbul lan bende pengalab-alab. Kaya umume pusaka liyane, nalika wula-wulan tinamtu kaya wulan Sura barang-barang pusaka mau uga dijamasi.

Ing sakupenge pesareyan Mbah Kepadhangan uga tinemu pesareyan Mbah Panembahan Adisan, putra mbarepe Mbah Kepadhangan saka garwa peri saka Segarawindu. Taksih miturut crita saka Soegito T, nalika semana ana kedadeyan, ora kenyana-nyana dumadakan ana ing lawang cungkup leluhur desa Clapar kuwi, ana papan kang ngandhut mawi aksara Jawa. Unine Untung Surapati. Mbok menawa ana sesambungane antarane Mbah Kepadhangan kalawan Untung Surapati?

Ana sumber nerangake nalika dumadi perang antara pasukan Untung Surapati lumawan Kompeni Walanda ing wulan Oktober 1706 ing Pasuruhan, Jawa Timur, sing gugur ana ing palagan dudu Surapati nanging Patih Wirapati sing pancen praupane kaya dene ‘jambe sinigar’ karo Untung Surapati.

Nalika semana Untung Surapati dhewe kasil oncat saka kepungan Komandhan Knol. Menyang ngendi playune, apa bener menyang desa Clapar? Miturut crita Mbah Kepadhangan mbukak laladan kang saiki desa Clapar nalika taun 1701 M. Ana slisih 5 taun kari dumadine perang ing Pasuruhan. Nanging sawise paprangan ing Pasuruhan kuwi, Kumpeni ora bisa kasil nemokake ana ngendi pesareyane Untung Surapati. Apa bener Untung Surapati nyamur laku minangka Mbah Kepadhangan lan banjur manggon ana ing Clapar? Miturut crita uga pusaka-pusaka Mbah Kepadhangan wis akeh ‘ngombe’ getih Kompeni Walanda.

agustiputra@2013
Sumber : IS.com