Sumber : www.sastra.org
Babad Giyanti
Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.
Jilid 3.
Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.
Babad Giyanti
Anggitanipun Radèn Ngabèi Yasadipura I ing Surakarta.
Jilid 3.
Bale Pustaka - 1937 - Batawi Sèntrêm.
--- [2] ---
Wêwênangipun ingkang ngarang
kaayoman miturut anggêr ingkang kapacak ing Sêtatsêblad 1912 No. 600.
--- [3] ---
Pangeran Mangkubumi anggêbag
Mataram, botên angsal damêl lajêng mangalèr, nêluk-nêlukakên dumugi Grobogan,
Blora, Jipang.[1]
27. pan kapêthuk wong Bali satunggil
| Bali bule nama Yudaningrat | sowan suwita sêdyane | lamun kalilan sanggup |
ngirit bêkta kancane malih | wong Bali kawan dasa | dèn ajak sêdarum | sêdyane
sampun tinampan | jêng pangeran nuduh punggawa anggitik | baris ingkang
pangarsa ||
28. Radèn Tambakbaya kang nindhihi |
kanthi Tumênggung Ranadiningrat | budhal sawadyabalane | praptèng Bulu
Kumêndhung | lajêng campuh rame ajurit | Panji Kartawijaya | sinêrot lumayu |
rowange mati limalas | sampun bêdhah ing Bulu Kumêndhung baris | ngungsi ing
Pagêrwaja ||
29. Bulu Kumêndhung wus dèn êbroki |
prapta malih Bali Yudaningrat | lawan têtiga kancane | dene kang patang puluh |
sagah sami mêthuk ing margi | lamun pangeran têdhak | dhatêng Majaranu | wusnya
kalih dalu budhal | saking Bulu Kumêndhung arsa anggitik | kang baris Pagêrwaja
||
30. Pangran Adipati Sukawati | anèng
marga nampèni cundaka | yèn Petor Grêsik upase | mantri Tuban Sadayu | kait
nungkul biyantu budi | pangran sigra utusan | kanthi sêrat dhawuh | mring kalih
Bupati Jipang |
--- 4 ---
wus umêsat caraka tan dangu prapti |
barisan Pagêrwaja ||
31. sêratipun sampun dèn tampèni |
dening Tumênggung Mangkunagara | Wôngsanagara kalihe | kadhadha raosipun |
amangsuli tumênggung kalih | maring mantri caraka | kônca dika matur | gènipun
kangjêng pangeran | paring dhawuh sayêktine kula pundhi | nanging dipun sarônta
||
32. kula raos-raosipun dhingin |
sanès ari kula atur wikan | gêlênge kônca rêmbuge | caraka nulya wangsul |
saungkure bupati kalih | prasamya pirêmbagan | sakecaning laku | nungkul miwah
mapag yuda | lan têlike dinangu tiniti-titi | kathahe balakuswa ||
33. turing têlik nêmatus tan luwih |
kêkapalan kang dharat sanambang | baris Pagêrwaja kabèh | tri èwu wolung atus |
gunggungipun cacah prajurit | pan sèwu kapat bêlah | kêkapalanipun | rongèwu
tri atus dharat | para mantri duk myarsa aturing têlik | rêmbag amapag yuda ||
34. wênèh rêmbag dèn rèrèh kariyin |
suraosing srat samya rinasa | ginagas mrih sakecane | Mangkunagri Tumênggung |
sigra maos kang ponang tulis | mangkana wuryanira | pèngêt layang ingsun | Jêng
Gusti Pangran Dipatya | Sukawati senapatining ajurit | ing pramuka jayèngrat ||
35. dhumawuha mring karo bupati |
kang abaris anèng Pagêrwaja | ingsun sung wêruh wiyose | kalamun arsa rawuh |
dèn abêcik gonira cawis |
--- 5 ---
manawa kurang obat | mimis maryêm
agung | sun anti ngalumpukêna | lamun uwis santosa sira dèn nuli | tur wikan
ingsun prapta ||
36. duk midhangêt raosing kang tulis
| para mantri anglês tyas amaras | sirna daya kawanène | nanging kalamun dalu |
kèhing bala kang samya baris | tuwuh sudiranira | dadya tansah eyung | dèrèng
gumolong kang rêmbag | kunêng gantya wuwusên Pangran Dipati | Sukawati utusan
||
37. ngantêp Bupati Jipang kêkalih |
Ranadiningrat ingkang dinuta | pinapantês panganggène | lancingan panjèn wungu
| rasukane kuwantong adi | kancing rasukan timang | sarwa sotya murub | asabuk
cindhe puspita | udhêng jingga nyampinge samboja mijil | katri ponang curiga ||
38. mawi carabalèn kang satunggil |
samya agême kangjêng pangeran | pinaringkên kinèn ngangge | dene ingkang tut
pungkur | pinaringan mantri pinilih | sèkêt sinung busana | kêling bêbêdipun |
èpèk renda timang êmas | rasukane naracak baludru langking | binudir ponang
anggar ||
39. dhuwung kang ingangge myang
winangking | pêndhok samya kancana tatahan | dalah saupacarane | Ranadiningrat
sinung | upacara agêming gusti | mantri pinilih samya | mung ingakên batur |
bature Ranadiningrat | wusnya rakit samêkta salir piranti | sigra anulya budhal
||
40. apan samya wahana turanggi |
sinongsongan [sinongsong...]
--- 6 ---
[...an] Dyan Ranadiningrat | dhasar
sarigak sêmune | wayah suta têtêlu | sinêmbuh ing busana adi | kucêm ingkang
umiyat | prapta lampahipun | sajawine pabarisan | Dyan Tumênggung Ranadingrat
samantri | mudhun saking turôngga ||
41. banderane linêlêt tumuli | sigra
nuduh mantri kang dinuta | sajuga dharat lampahe | anuntun kudanipun |
camêthine pan sinangkêlit | datan amawi tumbak | lampahira sampun | manjing
jroning pabarisan | samya usrêg kumrêsêg pating kalêsik | caraka pinanggihan ||
42. duta matur kawula tinuding |
dhatêng putra paduka Ki Lurah | Ranadiningrat wiyose | nêrang punapa antuk |
kyai lurah martamu mriki | kalih Bupati Jipang | amangsuli arum | paran ing
darunanira | yèn tan kêna de anak ingutus gusti | ywa kongsi wancakdriya ||
43. nêdha nuli andika aturi | anak
Tumênggung Ranadiningrat | caraka wangsul lampahe | prapta lajêng umatur | lah
suwawi dipun aturi | malêbèng pabarisan | samana wus laju | Tumênggung
Ranadingrat | ingiringkên kang para mantri pinilih | prapta atata lênggah ||
44. surêm kucêm bupati myang mantri
| aclum mêsum kasoran busana | Ranadiningrat têmbunge | dhuh paman dyan
tumênggung | prapta kula ingutus gusti | makatên kang timbalan | bupati kang
tugur | Pagêrwaja dhawuhana | rèhning tanpa Walônda sun paring peling | aran
padha wong Jawa ||
45. lamun wangkot tan gatèkkên
peling | sun têmêni [tê...]
--- 7 ---
[...mêni] têmah siya-siya |
tumênggung kalih ature | anak radyan tumênggung | kula yêkti sampun atampi |
karsane jêng pangeran | ngowêl abdinipun | wabatinan walairan | kadi sampun
kagalih ing kangjêng gusti | raos ingkang mangkana ||
46. Ranadiningrat mangsuli aris |
yèn makatên angsal kabatinan | sampun katawis laire | ing batin ujubipun |
kangjêng gusti angagêm batin | kolura kabatinan | lair dèn kacukup | pasthi yèn
sampun katrima | nanging mangke ing rèh sampun ngatawisi | kêdah pinukul ing
prang ||
47. mantri Sidayu kalawan Tubin |
angaturi gangsal atus reyal | lan nyakêmbaran karbine | cindhe anglimang kayuh
| Dyan Tumênggung Jipang kêkalih | ngaturi nyèwu reyal | tinampan sadarum |
Tumênggung Ranadiningrat | pan sinungan pangangge anulya pamit | mantuk
samantrinira ||
48. dupi angsal saojotan[2] nuli | ngungêlakên sanjata ping
sapta | baris simpênan wêdale | saking Bulu Kumêndhung | lawan Ranadiningrat
panggih | sampun sami winêkas | kapalan tri atus | nglanggar baris Pagêrwaja |
Radèn Tambakbaya kang nindhihi baris | tarung lèrès kewala ||
49. baris Pagêrwaja sampun gusis |
kunêng Tumênggung Ranadiningrat | sampun prapta ing lampahe | anèng Bulu
Kumêndhung | laju marêk ngarsaning gusti | tur warta lampahira | yèn mantri
tumênggung | kang abaris Pagêrwaja | samya tundhuk sêtya tuhu jroning batin |
lan ngaturkên [ngaturkê...]
--- 8 ---
[...n] pratôndha ||
50. tigang èwu ingkang warni picis |
warni karbin angalih kêmbaran | sadasa kayuh cindhene | pangeran suka langkung
| sigra dhawuh budhalkên baris | marang ing Pagêrwaja | ing sarawuhipun |
sadalu nèng Pagêrwaja | enjang bidhal têdhak ing Jipang nagari | anèng marga
kapapag ||
51. lawan Yudaningrat bule Bali |
bêkta kancanira kawan dasa | kang cinatur pangarêpe | Carangsoka ranipun |
Prabakesa lan Pudhakmiring | Barak Jayalêksana | Têgal Angun-angun | kalawan
Surajênaka | Pulangrêsmi Pulangsari Kartasari | Kumitir Kanigara ||
52. Baukara miwah Caranggadhing |
Kêbolajêr lan Banyakparwata | samya tinimbalan andhèr | pangeran sukèng kalbu |
aningali têtiyang Bali | pinaringan turôngga | wadya patang puluh | bêbêd
kalawan rasukan | nanging dèrèng panganggenira sinami | mangkana jêng pangeran
||
53. wusnya rêrêp nèng Jipang saratri
| laju budhal saking nagri Jipang | wangsul ngilèn sabalane | anèng wana kêkuwu
| wana Sambèng Jipang kang bumi | atata wadyabala | wong Jipang kang tumut |
Dêmang Suradimanggala | acungane Tumênggung Wôngsanagari | gantya kang
winursita ||
54. tuwan gupnur wus miyarsa warti |
prang ing Jipang Kumpêni tumpêsan | ingkang kapupu cacahe | Bugis Bali rongatus
| Kumpênine putih mung kalih | kasêlut ênggènira | tan antuk têtulung | wangsul
angetan kadhangan | dadya
--- 9 ---
ngilèn saking bingung rêbut urip |
ngumpul baris Sumêngka ||
55. sigra parentah bantu ing jurit |
wong Kumpêni lan wong Surabaya | kang kalih èwu cacahe | Madura kalih èwu |
gêgununganira kêkalih | Panji Sumanagara | dene sisihipun | ran Panji
Rêksanagara | Tambakbaya Jayasukêrta Ngabèi | mantri ing Surabaya ||
56. langkung agêng bantu ingkang
prapti | maring Jipang gupêrnur parentah | tiyang Kumpêni barise | kinon bubar
sadarum | kang nèng Taman lan Kalikuning | mantuk mring Surakarta | lawan
malihipun | Sakèbêr myang Wati Litnan | pan ingangkat pangkat kapitan kêkalih |
dumunung jroning praja ||
57. kacarita kang nèng Sukawati |
bala Kumpêni lan pra bupatya | dhusun Sumêngka barise | sangêt prihatinipun |
datan sagêd mingkêt sanyari | sampun pitulas dina | tan ana wong cucul | rina
wêngi pinaranan | saking sangêt bathêthêt wong Sukawati | bêndarane tan ana ||
58. sawêg gitik ing Jipang nagari |
muhung lamun pangerane ana | sarèh rèrèh pratingkahe | yèn sêpi gustinipun |
sasolahe anggêgirisi | gêgila tanpa ulap | lir wong luput sêmbur | Dyan
Tumênggung Jayadirja | Brajadênta lan Tumênggung Brajamusthi | Rôngga Wirasêtika
||
59. Suryanagara Pugêr Dipati | lawan
Tumênggung Rêksanagara | Samadipura malihe | Wilatikta Tumênggung | Natasingron
Kartanagari |
--- 10 ---
Lurah Dêmang Bênggala | nênêm pra
tumênggung | ingkang tukang anyêlambrang | ngalang-alang kapitu Pugêr Dipati |
wantêr cucut aguna ||
60. tuwin para mantri alit-alit |
ingkang darbe kapalan nyadasa | esuk sore ting kalèncèr | yèn dalu pra
tumênggung | ngêpung mubêng ngubêngi baris | gêgiro karya gila | anggilani
mungsuh | rina tumênggunge bubar | laju gilir para mantri alit-alit | prapta
karya asmara ||
21. Saking Jipang mangilèn, campuh
kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing
Jakawal
24. Asmaradana
1. kunêng malih kang winarni |
gupêrnur nagri Samarang | Tuwan Baron Hogêndhorop | parentah mring pra bupatya
| pasisir ing bang wetan | bang êlèr kêrig sadarum | kinon bantu maring Jipang
||
2. gupêrnur arsa nêdhaki | bantu
angawaki yuda | bupati pasisir kabèh | sawusnya tampi parentah | sigra
samêktèng wadya | cinatur tuwan gupêrnur | wus angirabakên bala ||
3. budhal saking ing Samawis | wadya
Kumpêni balabar | prapta ing Dêmak lampahe | gupêrnur amatah wadya | dragundêr
pitung dasa | ingkang dharat kalih atus | samya asikêp sanjata ||
4. Mayor Pal ingkang nindhihi | kanthi
wadyabala Jawa |
--- 11 ---
pan sakawan bupatine | kang kalih
Bupati Dêmak | lan Kudus kalih pisan | parentahira gupêrnur | kinèn gitik
Garobogan ||
5. bidhal baris kang tinuding |
gupêrnur lajêng mangetan | duk prapta Jipang lampahe | dêdamêl ing Surabaya |
Madura sampun prapta | miwah pasisir sadarum | pêpak kumpul anèng Jipang ||
6. gantya wau kang ginupit | nagari
ing Surakarta | sri narendra dhawuh age | marang Salotêr Kapitan | bantu baris
Sumêngka | ingkang ngatêr lampahipun | para mantri jro sadaya ||
7. samana kêrigan mantri | gêdhong
kalawan kaparak | miwah mantri kadipatèn | ngatêr Salotêr lampahnya | wus
budhal saking praja | kadi wontên kuda sèwu | Kumpênine pitung dasa ||
8. praptèng tanah Sukawati | Salotêr
sabalanira | tansah binedhung lampahe | mring sagunging wong padesan | ing
kanan keri marga | pating kalicir tut pungkur | anggêgila tanpa ulap ||
9. lamun dèn aruh-aruhi | dêgsura
daluya dadra | barubul prapta rowange | nora ngobêri wong liwat | alase awoh
jaran | giyuhing tyas kang lêlaku | rêriwuk samarga-marga ||
10. lamun linawan ngoncati | laju
Salotêr lampahnya | ngampiri baris Garompol | Tumênggung Kartanagara |
sawadyabalanira | ingajak ngalih angumpul | anèng barisan Sumêngka ||
11. Tumênggung Kartanagari |
pêparentah marang [ma...]
--- 12 ---
[...rang] bala | bubarkên baris
Garompol | budhal tan winarnèng marga | praptane ing Sumêngka | Salotêr
kapanggih sampun | lawan Balêngkêr Kapitan ||
12. miwah kang para bupati | wus
agung baris Sumêngka | sami sirna prihatine | Salotêr tampi parentah | Kumpêni
saking Jipang | kinon angatêrna mantuk | gupêrnur wus anèng Jipang ||
13. baris anèng desa Gêrit | wong
Madura Surabaya | kumpul nèng Gêrit barise | Salotêr apirêmbagan | Blangkêr
kinèn ngatêrna | Kapitan Bêlangkêr mingkuh | miris maras yèn rinampas ||
14. dene Pangran Mangkubumi | muwêr
anèng wana Jipang | ing Darapulu barise | Salotêr dadya bramantya | pan iku
karyanira | iya dudu gaweningsun | ingsun mung bantu kewala ||
15. mungguhing barisan iki | maksih
têtêp wajibira | malah baris ing Garompol | kang ora bisa anunggal | lawan
baris Sumêngka | ingsun uwis atêtulung | kumpule lawan Sumêngka ||
16. Bêlangkêr merang mangsuli | iya
nanging pra bupatya | iku ingsun gawa kabèh | lan rèh ingsun wong Walônda | sun
pinta angatêrna | Salotêr sru wuwusipun | ya kabèh gawanên padha ||
17. nadyan mariyême iki | lamun arsa
sira gawa | iya ingsun gawakake | pan ingsun môngsa wêdia | amung
gêgawaningwang | saka Surakarta iku | wong Jawa miwah Walônda ||
18. mangkana ingkang kawarni |
Dipati Pugêr kumpulan | lawan pra bupati [bupa...]
--- 13 ---
[...ti] kabèh | rêmbag sami
ngaturana | marang ing gustinira | kang muwêr nèng Darapulu | lan gupêrnur
jêng-ajêngan ||
19. Dipati Pugêr lingnyaris | kèh
Kumpêni saking Sala | punika têlik tuture | arsa budhalan mring Jipang |
nanging watara kula | pangeran arsa kinêpung | gupêrnur kang saking wetan ||
20. pangeran kula aturi | yèn rêmbag
kônca sadaya | pra bupati wangsulane | jumurung mangayubagya | lingnya sang
adipatya | Suryanagara sirèku | kang sun patah ngaturana ||
21. kondur marang Sukawati | samar
sun gupêrnur prapta | dene ingkang kapindhone | ingsun iki tômpa layang | saka
Pangeran Rôngga | pradikan ing Kadilangu | nêdya seba mring pangeran ||
22. minta pinapag pribadi | nyuwun
patêmon nèng Kampak | kang kinon sandika ture | sigra budhal saha bala | satus
kang kêkapalan | kang dharat mung pitung puluh | kêkalih banderanira ||
23. ing marga datan winarni |
lampahe Suryanagara | wus prapta pabarisane | kagyat sami pinariksa | katur
Suryanagara | kang prapta sabalanipun | sigra kinèn nimbalana ||
24. Suryanagara wus prapti |
anungkêmi ngaras pada | wotsari dêkung ature | gusti paduka ngaturan | abdi
dalêm pun kakang | kondura ngilèn pukulun | pangeran alon ngandika ||
25. iya kaya priye adhi | sun lagi
ayun-ayunan | lan Si Gupêrnur Hondhorêp |[3] tur sêmbah ingkang liningan |
--- 14 ---
Kumpêni ing Sumêngka | sampun kathah
bantunipun | kawarti badhe mangetan ||
26. paduka arsa dèn supit | lan abdi
dalêm pun kakang | ing mangke tampi sêrate | Kadilangu Pangran Rôngga | lamun
parêng ing karsa | sêdya sowan jêng pukulun | wontên kiwa têngên Kampak ||
27. jêng pangeran ngandikaris | iku
wajib tinurutan | trah guru ana kajate | sigra dhawuha samêkta | ngungkung
têngaranira | budhal saking Darapulu | wus kêbut sawadyabala ||
28. sigêgên ingkang lumaris | gantya
ingkang cinarita | kadya sarêng lampahane | ginanti dhapuring kôndha | santana
Surakarta | Pangran Silarong ranipun | lolos saking jroning praja ||
29. nêdya dhatêng ing Matawis |
tinulak Jayawinata | dadya mangetan lampahe | ngungsi maratuwanira | Dipati
Pranaraga | pinurih ngadêgna ratu | dyan dipati anggraita ||
30. dudu sêdyane wong iki | daya
kalamun bagusa | kudu madêg narakatong | dyan dipati tan darana | pangran
cinêkêl sigra | kinintunkên mring gupêrnur | ingkang baris anèng Jipang ||
31. pinusara cindhe abrit |
sapraptanira ing Jipang | katur Gupêrnur Hondhorop | kang baris grit bumi
Jipang | Pangran Silarong sigra | cinangkalak ing pring wulung | ingkang
sakempol gêngira ||
32. sawusira dèn prantèni | wau kang
dadya lêlaran | sira Pangeran Silarong | anèng jroning pabarisan | ing gêdhong
dunungira | jawining pintu [pi...]
--- 15 ---
[...ntu] gupêrnur | antara ari
pangeran ||
33. saking putêk tyas ngranuhi |
dadya ngrêbut kris Makasar | kang jaga lajêng pinopor | nulya katulungan kathah
| pinoporan kewala | sedane wontên ing ngriku | ginêbugan ing sanjata ||
34. sinarèkakên ing Giri | gupêrnur
parentahira | kunêng malih winiraos | Balangkêr wus budhal enjang | saking
baris Sumêngka | bupati kang ngatêr laku | Dyan Arya Mlayakusuma ||
35. Mangkupraja lawan malih | Dyan
Tumênggung Wiraguna | Natayuda kalimane | Dyan Tumênggung Wiradigda |
Tumênggung Kartadipa | myang Ônggawôngsa Tumênggung | Tumênggung Kartanagara ||
36. dragundêre kang umiring | satus
patang puluh kèhnya | tri atus cacah dharate | ya ta wau lampahira | Kumpêni
lan pangeran | anèng ing wana kapêthuk | rame prang sami pangarsa ||
37. dêdêr-dinêdêr agênti | pra
bupati Surakarta | prasamya ngawaki kabèh | Tumênggung Kartanagara | Tumênggung
Wiradigda | lan Ônggawôngsa Tumênggung | Wiraguna Natayuda ||
38. miwah ingkang para mantri |
kaliwon Kartanagaran | sami bapang pangamuke | Ngabèi Tambaknagara | arine
Tambakbaya | dadya pramukaning pamuk | datan nêdya gumingsira ||
39. bupati ing Sukawati | sira Radèn
Tambakbaya | duk umiyat mring arine | ambapang pangamukira | nyimpang tan nêdya
lawan | pra bupati kancanipun | mire anut Tambakbaya ||
40. wadyalit anut bupati | pangiride
ing prang
--- 16 ---
sêmpal | manawa dudu tangguhe | jêng
pangeran anut nyimpang | giwar amrih kang lêga | wus dhadhal sawadyanipun |
kang ubêt prapta ing wuntat ||
41. dadya wus samya lêstari | kang
ngulon miwah kang ngetan | kadya sêsimpangan bae | tan ana ingkang kacurnan |
sami rahayunira | pangran lajêng têdhakipun | tanah Sukawati prapta ||
42. makuwon ing Rajêgwêsi |
ngasokakên wadyabala | Surakarta winiraos | kangjêng ratu ibu seda | sawusnya
paripurna | pirantine layon laju | budhal saking Surakarta ||
43. sinarèkkên ing Magiri | rèhning
pra bupati jaba | samya nèng lurugan kabèh | bupati kang ngatêr lampah | kalih
jêro sadaya | gêdhong kiwa kanthinipun | bupati kaparak kanan ||
44. mangsuli ing Sukawati | pangeran
têdhak ing Kampak | wit nèng kono samayane | rawuhipun jêng pangeran | Pangran
Rôngga wus prapta | wusnya panggih prêlunipun | ngaturakên arinira ||
45. Dyan Sutawijaya wangi | nêdya
labuh baya pêjah | tinampan ing suwitane | lajêng kinulawisudha | nama Pangeran
Rôngga | ingkang raka sinung juluk | Pangran Rôngga Baledawa ||
46. jêng pangran wus ngidul malih |
angetan anjog Majênang | nèng Kêbonagung makuwon | andangu baris Sumêngka |
matur kang pra bupatya | pun Salotêr kang atunggu | Balangkêr kang dhatêng
Jipang ||
47. sigra dhawuh ngêlèncèri | sabên
enjing mring Sumêngka | kasaru têlik praptane |
--- 17 ---
tur uning kalamun arsa | linarag ing
Walônda | ingkang baris Dêmak sampun | bidhal saking Lajêr desa ||
48. pangran lajêng asêmèdi | nêgês
karsaning Hyang Suksma | mamrih miyat wahanane | kawêngku sagung jajahan |
pangeran datan samar | mungsuh sirna kabarubuh | tumpês tan môngga puliha ||
49. enjing sigra angundhangi | arsa
mapagakên yuda | bupati tinilar kabèh | mung kêkalih kang binêkta | Brajamusthi
kalawan | Suryanagara Tumênggung | wusnya samêkta gya budhal ||
50. mangalèr wus nabrang wukir |
Kêndhêng lampah gêgancangan | para mantri pangajênge | wus kapêthuk lawan
mêngsah | sami Jawi kewala | Bupati Dêmak lan Kudus | ingkang anindhihi bala ||
51. para mantrine pangarsi | sigra
dènnya campuh yuda | bêdhil-binêdhil arame | Tumênggung Suryanagara | angamuk
saha bala | Bupati Dêmak kaburu | angungsi ing wurinira ||
52. Bugis Bali gya nulungi |
Tumênggung Suryanagara | sinôngga prange kapêngkok | kacêkuthak gulagêpan |
binendrong ing sanjata | dadya pangamuke kondur | anggubêd angering nganan ||
53. jêng pangeran maksih têbih |
kagyat miyarsa sanjata | wadya pangarsa ge-age | matur yèn Suryanagara | sampun
acampuh yuda | nanging kaawratan mungsuh | dadya kondur sabalanya ||
54. laju anggubêd wanadri | nèng
kanan kerining mêngsah | sigra pangran timbalane | kabèh bocah jêjaranan |
padha tinggalên ingwang | têtulunga dèn agupuh |
--- 18 ---
Si Adhi Suryanagara ||
55. kumrutug kang para mantri |
lajêng masang anyêkuthak | wong Bugis Bali ambendrong | Tumênggung Suryanagara
| gya mêdal saking wana | laju mangsah ngamuk punggung | sawadyanira kotbuta ||
56. mungsuh kisruh morat-marit |
akèh rêbah kasulayah | Suryanagara pamuke | salin waos kaping tiga | satus
Bugis Makasar | ingkang pêjah dipun amuk | Tumênggung Suryanagara ||
57. prajurit dragundêr prapti |
angêdrèl Suryanagara | wus sayah ewah gêlare | Pangran Sukawati prapta | lan
Bali kawan dasa | ingabên dharat wus campuh | jêng pangeran tumut dharat ||
58. arucat busana Jawi | mangagêm
cara Makasar | kadya dhaèng lamun tinon | wus momor bala kang dharat | wong
Bali kawan dasa | dupi miyat gustinipun | krura mangkrak anglir yêksa ||
59. kang katrajang tumpês tapis |
kabarubuh ting jalêmpah | pangran nindhihi wurine | datan têbah atut wuntat |
Bali pêjah satunggal | têtiga kang sami tatu | wuru ngamuk lan curiga ||
60. sayah samya sambat gusti | gusti
kula nuwun toya | cinarita pangerane | nalika prang sandhing wangan | têdhak
angambil toya | winadhahan godhong lumbu | ingombèkakên kang wadya ||
61. wusnya ngombe ngamuk malih |
sadangune prang mangkana | kasatmatèng ing wadyane | pangeran satêngahing prang
| angambilakên toya | Suryanagara andulu | têdhak saking kudanira ||
62. nyêlak lajêng [la...]
--- 19 ---
[...jêng] dèn dhawuhi | aja sira
mèlu dharat | titihana kudaningong | lan anggonên payung ingwang | sakèhe
jêjaranan | aja ura dèn akumpul | pangawat padha undurna ||
25. Durma
1. aja kudu adhi anganggo pangawat |
karana rowang kêdhik | tikêl pat kèh mêngsah | mêngko yèn kawênangan | nora
nganggo senapati | bakal dèn idak | yèn nganggo senapati ||
2. yêkti ana iya ringganing kang
mêngsah | Suryanagara nuli | anitih turôngga | ngumpulkên kêkapalan | wus
angangge payung kuning | mingêr angiwa | rèrèh amarêpêki ||
3. baris Jawa kang nèng wurining
Walônda | obah samya anêbih | wenèh ana ngucap | iku pangeran prapta | kalorop
Walônda iki | môngsa wurunga | tumpês dadya cêcindhil ||
4. sapratêlon bala Kumpêni kang
pêjah | kapitan angabani | sasisaning pêjah | nêsêg bendrong sanjata | kapitan
amistul aglis | mring Carangsoka | nanging tan angênani ||
5. sigra numbak Carangsoka mring
kapitan | buntaring tumbak kontit | sinarêng ungêlnya | pistulipun kapitan |
pucuking tumbak kang kêni | putung watangnya | munggèng ngandhaping godhi ||
6. Carangsoka gya ngrukêt narik
curiga | goco lambunge kering | kapitan aniba | wus pêjah kapisanan |
Carangsoka wuru gêtih | nyuduk anigas | anyundrik angakahi ||
7. Yudaningrat angamuk gya pinoporan
| nanging [na...]
--- 20 ---
[...nging] datan ngêmasi | bingung
kujengkangan | prapta Surajênaka | Pulangrêsmi Kartasari | numbak amêdhang |
buwang tumbak ngakahi ||
8. Têgal Angun-angun anyandhak
Walônda | papat mati kinêris | Barak Prabakesa | pangamuke lir yêksa | sêdhênge
amôngsa daging | nyêndhal andhupak | mêdhang ngêris anyundrik ||
9. rame dêdêr-dinêdêr idêr-idêran |
angrèp prajurit Bali | kèh kuthah ludira | sira Jayalêksana | palumpate
langkung wêgig | kadya sikatan | marwasa nganan ngering ||
10. mung kêkalih Pudhakmiring
Jalêksana | ingkang tumbake maksih | wasis aprang tumbak | tan kewran sinanjata
| mayor mêdhangi mistuli | Jayalêksana | gya numbak saking wuri ||
11. pan karungkêb mayor jinangkah
dèn idak | lajêng dipun kakahi | tangane kang kiwa | maksih ngadêgkên tumbak |
kang têngên anarik kêris | nuduk walikat | butul trus jajanèki ||
12. jêng pangeran kopat-kapit
sadangunya | dènira angombèni | tanna nganggo taha | malah kêrêp senggolan |
lan mungsuh wus dèn arani | Kumpêni Islam | wong Makasar lan Bugis ||
13. awit saking busana cara Makasar
| dadya dhaèng panardik | malah wong Makasar | siji anjaluk toya | duk sapisan
dèn ombèni | mandêng amawas | kagyat lajêng ngrungkêbi ||
14. wus cinandhak sabuke ginawa
ngiwa | têluk tur pati urip | pun sarean kisnap | mêngsah pêjah gulasah |
tumpês tapis kapalipis | gêmpang
--- 21 ---
suh sirna | pitung dasa Walandi ||
15. Kumpênine Islam kalih atus bebas
| amung gêsang kêkalih | katêlu têlukan | satêngahing ayuda | maring pangeran
pribadi | ya ta winarna | sira Pugêr Dipati ||
16. lawan Adipati Dêmak kalih pisan
| ngalèr ngetan abaris | anèng ing Malowa | ngadhang Kumpêni Jipang | bokmanawa
anêkani | Pugêr Dipatya | dupi miyarsa warti ||
17. yèn pangeran dènnya prang
karoban lawan | sigra dènnya dhatêngi | bupati katiga | lampahe gêgancangan |
praptane datan mêningi | ramening aprang | mungsuh wus sirna gusis ||
18. bupatine Kudus Dêmak kalih pisan
| kapalajêng kêkinthil | praptèng kitha Dêmak | maksih pangusirira | lajêng
lolos mêdal kali | kitha ing Dêmak | wus sami dèn êbroki ||
19. dene Pangran Tumênggung
Gadamêstaka | kidulan kang palinggih | dene kang kalaran[4] | Dipati Suranata | wus lajêng atur
udani | mring gustinira | Jêng Pangran Sukawati ||
20. sampun andum jarahan Kangjêng
Pangeran | Dipati Sukawati | senapati ing prang | ing pramuka jayèngrat |
unggul dènira ajurit | laju budhalan | sawadya datan kari ||
21. lajêng ngidul aminggah ing
Kêndhêng arga | sigra dènira ngrakit | karya pasanggrahan | anèng Jakawal desa
| samana sampun ingalih | arane desa | winastan Majapait ||
22. kawuwusa Kumpêni lan pra bupatya
| Surakarta [Surakar...]
--- 22 ---
[...ta] kang maring | ing Jipang wus
prapta | lan gupêrnur panggihan | tabean kang pra bupati | antara dina |
Bêlangkêr kinèn mulih ||
23. dèn atêrkên para bupati bang
wetan | kalawan para mantri | Sampang Surabaya | tigang èwu sadaya | liya
saking Bugis Bali | tuwin Makasar | miwah Kumpêni putih ||
24. budhal saking Jipang Balangkêr
kalawan | sagung kang pra bupati | angilèn lampahnya | wau ta balanira | Jêng Pangeran
Sukawati | kanêm punggawa | samya angadhang margi ||
25. anèng wana Darapulu ênggènira |
pinarapat kang baris | Tumênggung Jadirja | Rôngga Wirasantika | Tumênggung
Rêksanagari | Ranadiningrat | anyatus kang turanggi ||
26. lawan malih Brajamusthi
Brajadênta | sarêng dêdamêl prapti | Darapulu wana | kang kidul gya têngara |
bêndhe kukuk sarta bêdhil | kang êlèr munya | kilèn surak ngadhangi ||
27. sarêng obah ingkang êlèr
anarajang | ingkang kidul ambêdhil | kang kilèn anêrak | bingung ingkang lêlampah
| binêrêg wong Sukawati | prasamya giyak | sirêp binendrong bêdhil ||
28. sampun dangu datan ana kang
nyuwara | nulya pating kulicir | lèr kidul lan wetan | punggawane ngatingal |
sakêdhap angical malih | dadya sadina | datan bangkit lumaris ||
29. samya rêrêb ing ratri têngahing
wana | sadalu kaping kalih | dènnya bêbêdhilan | saking lèr lawan wetan |
turanggane dèn malingi | akèh kang kêna | praptane bangun enjing || [|...]
--- 23 ---
[...|]
30. atêngara budhalan ingkang
lêlampah | dene ingkang anginthil | sami ingajangan | prajurit pinarapat | wong
Sampang lawan wong Tubin | wong Surabaya | kang sami anyawisi ||
31. aprang urut marga kalawan
sanjata | sagung wadya pasisir | myang wong Sukawatya | dadya tan kêna cêlak |
wadya pasisir wus rakit | samya bubuhan | ing têngah lan ing pinggir ||
32. tigang ari lampahe praptèng
Sumêngka | duk puniku nujoni | Sumêngka kinêpang | nênêm kang pra bupatya |
dupi myat baris gêng prapti | bubar anunggal | punggawa kang ngênginthil ||
33. lajêng campuh rame prang ulêng-ulêngan
| bêrêg-binêrêg gênti | sagung pra bupatya | balanipun pangeran | miwah sagung
pra bupati | ing Surakarta | prasamya dèn songsongi ||
34. ngabên bala gumuruh surak
gumêrah | rame swarane bêdhil | lir gêlap barungan | mungsuh kalamun cêlak |
dèn mriyêm sing baluwarti | buyar anêngah | yèn kèndêl cêlak malih ||
35. sadina prang dalu mundur
sowang-sowang | akathah kang ngêmasi | mungsuh lawan rowang | ing dalu tan
winarna | enjinge para bupati | ing Sukawatya | bubar sawadyanèki ||
36. samya sowan gustinira mring
Jakawal | praptane tur upêksi | dènnya ngadhang marga | lan ngaturkên
bandhangan | jêng pangran suka ing galih | sigra dhêdhawah | pasanggrahan
ingalih ||
37. kidul kali papanipun ragi wiyar
| wanane dèn babadi | rinakit kadhatyan | lor alun-alunira |
--- 24 ---
kang kilèn panggenan masjid | kang
pra bupatya | tata pakuwon sami ||
38. Jêng Pangeran Adipati Sukawatya
| senapatining jurit | pramuka jayèngrat | enjang miyos sineba | aglar kang
para bupati | ngabèi dêmang | sadaya samya nangkil ||
39. ngadêgakên wong saragni pitung
dasa | kang anumbak kapilih | de wong Bali samya | kang cacah kawan dasa |
kinarya mantri pinilih | lêlurahira | nama tumênggung kalih ||
40. Carangsoka sinung nama Surajigja
| dene ingkang satunggil | namanira lama | Tumênggung Jalêksana | Yudaningrat
pan kinardi | kabayan barak | sagung mantri pinilih ||
41. sinung lungguh sawah anyalawe
cacah | nyatus lêlurahnèki | mawa prajanjian | lagya ngrowangi lapa | iya
pirabara benjing | pangran ngandika | mring Pugêr Adipati ||
42. Kakang Pugêr amung rongatus
patbêlas | bakal pêpangkon mami | yèn ngawaki yuda | pisah lan pra bupatya |
pirabara wuwuh benjing | Pugêr turira | inggih dawêg samangkin ||
43. gantya ingkang cinatur barisan
Jipang | gupêrnur ing Samawis | ingaturan wikan | yèn baris Lajêr sirna |
Kumpêni atumpês tapis | Bali Makasar | siji tan ana kari ||
44. aprang lawan pangeranipun
priyôngga | kagyat duk amiyarsi | kêkês jro tyasira | gupêrnur gya budhalan |
margi anurut pasisir | kewran ing manah | gambuh ing mungsuh jurit ||
--- 25 ---
22. Wontên ing Jakawal Pangeran
Mangkubumi mranata panggenanipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing
wadyabala Kumpêni
26. Gambuh
1. malih ingkang winuwus | Pangeran
Sukawati lagya duk | busanani kang mantri samya pinilih | Dipati Pugêr tinuduh
| utusan akarya pêndhok ||
2. pêndhok bunton mas sêpuh |
anêlung reyal ing wawratipun | sabuk cindhe kang padha jalamprang abrit |
pinaring reyal rongèwu | Dipati Pugêr turnyalon ||
3. yatra pundi puniku | Jêng
Pangeran Sukawati muwus | picis saka Surabaya Sawunggaling | sira tômpa têlung
èwu | dhingin ana ngarsaningong ||
4. Pugêr matur gumuyu | kula maksih
rimat kalih èwu | reyal saking pun Dipasana ing Tubin | sawêg kalong tigang
atus | kula damêl tumbas bêstrong ||
5. punika mawon cukup | tinumbaskên
ing busananipun | abdi dalêm prikônca mantri pinilah | pangran mèsêm
ngandikarum | sokur kalamun mangkono ||
6. nanging kakang dèn gupuh | Dipati
Pugêr sigra anuduh | mring Samarang tumbas cindhe sangkêlat brit | pêndhok mas
mring Pathi Kudus | sigra umêsat kang kinon ||
7. tan lami praptanipun | katur
samêkta panganggenipun | wus katongton pelag panganggening abdi | sangkêlat
[sang...]
--- 26 ---
[...kêlat] sragêninipun | ananging
kotang kemawon ||
8. wolung dasa cêcênthung |
panumbake wolung dasa tlakup | pinilihe samya udhêng sutra kuning | mèh asri
lamun dinulu | jêng pangeran ngandikalon ||
9. hèh kakang pra tumênggung |
prajurite lamun ingsun dulu | maksih worsuh panganggone durung bêcik | balane
siji tumênggung | dèn padha sanadyan bagor ||
10. kalamun ganêb satus | yêkti
pelag mêdèni dinulu | nanging kakang sun dhingin ingkang ngalahi | picis kang
rongèwu iku | apa gawene nèng kanthong ||
11. êdumên pra tumênggung | kanggo
busanani balanipun | adipati matur gih puniku pikir | gumêlar kang katon
mungsuh | aywa nglingsêmi pun dhaplok ||
12. sigra binage sampun | reyal
rongèwu mring pra tumênggung | wus waradin tinumbaskên badhe lurik | ingkang
samya warninipun | sabên tumênggung tan awor ||
13. kunêng gantya kawuwus |
lampahira Hondhorêp Gupêrnur | kèndêl Pathi myarsa Dêmak ana baris | kêkalih
bupatinipun | ingkang sami tunggu êbrok ||
14. nama Pangran Tumênggung |
Gadamêstaka sabalanipun | satunggile Suranata Adipati | Bupati Dêmak nèm sêpuh
| tinimbalan Hogêndhorop ||
15. dyan tumênggung tinantun | mapag
yudane kalih tumênggung | bupatine Jêng Pangeran Sukawati | Martanagara sumaur
| tuwan kula matur ewoh ||
16. kang dados èwêdipun | dene
pangeranipun sok namur | tumut [tumu...]
--- 27 ---
[...t] aprang momor wadyabala alit |
amangangge cara batur | puniku tuwan kang ewoh ||
17. gupêrnur asru bêkus | bapak
jirèh tur agêng aluhur | angluwihi Pangeran Amangkubumi | Martanagara sumaur |
nadyan gêdhe-gêdhe gombong ||
18. bêndarane dèn mungsuh | pan
botên ilok tuwan gupêrnur | Tuwan Hogêndhorêp asru briga-brigi | de ngaku
bêndara mungsuh | wong iki mêngko dèn kêthok ||
19. gumêr kang pra tumênggung |
Martanagara maksih umatur | kadipundi ugêr tuwan para gusti | dene tuwan dika
niku | mung bandara akon-akon ||
20. guguk tuwan gupêrnur | si bapak
iki banjur nyêrudug | nora wirang wis dhaplok pêrangan wêdi | Citrasoma dipun
gupuh | dika têr mulih si dhaplok ||
21. kalih Dyan Arya Kudus | bupati
papat wus tandhingipun | kula ingkang mêmanuki anèng wuri | dika mangkat
esuk-esuk | dèn sami aprang rêrêmpon ||
22. ing dalu tan winuwus | enjing
budhal ingkang munggèng ngayun | Citrasoma Arya Kudus kang misihi | dragundêr
ing wurinipun | sèkêt nanging êlêt adoh ||
23. Bupati Dêmak sampun | miyarsa
lamun mungsuhe rawuh | gya têngara Suranata Adipati | tuwin Pangeran Tumênggung
| Gadamêstaka mirantos ||
24. wontên wong pitung atus | kang
kapalan cacah kalih atus | ingkang dharat pan sampun campuh ing jurit | wong
Jêpara nunjang purun | bala ing Dêmak atanggon ||
25. bêdhilira [bê...]
--- 28 ---
[...dhilira] gumrudug | wong Dêmak
kurang sanjatanipun | amung gagah kaconggah ngumbar kuwanin | wau pangeran
tumênggung | tansah aprayitnèng kewoh ||
26. mungsuh wuri kèh rawuh | para
prajurit Kudus barubul | angêbyuki wong Dêmak karoban tandhing | dadya gêlarira
kuwur | amundur-mundur sinêrot ||
27. nulya prapta dragundur | kagyat
wong Dêmak angêdrèl purun | bubar larut sar-saran tan môngga pulih | Suranata
alon mundur | kanthi kang jaranan golong ||
28. lan Pangeran Tumênggung |
Gadamêstaka lèrèh lumaku | sigra kumpul oncat saking ing nagari | wus kabrokan
kithanipun | samya kèndêl nèng Gêgodhong ||
29. ngidul kêdhik jog timur | sigra
nuduh carakatur wêruh | mring Pangeran Adipati Sukawati | senapatining prang
pupuh | pramuka jayèng palugon ||
30. duta umêsat sampun | prapta
Jakawal laju umatur | lamun Dêmak mangke kancikan Kumpêni | pun tumênggung
nyadhong dhawuh | wontên ing timur angantos ||
31. pangran duk tampi atur | gya
nuduh bantu bupati têlu | Jayadirja Suryanagara Suwandi | Mas Rôngga
katiganipun | kanthi Dêmang Natasingron ||
32. Ngabèi Jayèngranu | lawan Dêmang
Têgal Angun-angun | sarêng budhal kawan atus kang turanggi | dharat wontên
pitung atus | lampah gancangan mangalor ||
33. ing marga tan winuwus |
lampahing baris wus praptèng timur | panggih lawan Suranata Adipati | tuwin
Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka [Gadamê...]
--- 29 ---
[...staka] tur wartos ||
34. paran ing rèh kang patut |
lampah paduka kinèn bêbantu | dede sanggan ing mangke gupêrnur prapti | nèng
Dêmak sawadyanipun | para bantu muwus alon ||
35. milane kinèn bantu | nagari
Dêmak ingkang rinêbut | dede pabên gupêrnure anênggani | alah dawêg sami mundur
| dede tandhing dede bobot ||
36. laju prasamya wangsul | praptèng
Jakawal sigra umatur | langkung agêng ing Dêmak mangke kang baris | gupêrnure
ingkang rawuh | wontên ing Dêmak makuwon ||
37. pangeran ngandikarum | lah iya
iku dudu mungsuhmu | balik sira kang padha angati-ati | bok muring-muring
gupêrnur | bature aprang lan ingong ||
38. nèng Lajêr akèh lampus | iya
lamun nêdya malês ukum | Si Dipati Suranata aja mulih | sutaningsun Si
Tumênggung | Gadamêstaka mangkono ||
39. kawuwusa gupêrnur | sêdyanira
lami dènnya tunggu | kitha Dêmak kasaru caraka prapti | Petor Samarang kang
nuduh | prêlu angaturi wêroh ||
40. yèn wontên idlir rawuh | Jakub
Musêl dinuta gurnadur | kanthi sêrat gupêrnur sigra ngundhangi | bubarkên wadya
sadarum | lampah dharat amangalor ||
41. ing marga tan winuwus | praptèng
Samarang sira gupêrnur | kang pustaka binuka sinuksmèng galih | mungêl idlir
ingkang rawuh | ambêkta sutane wadon ||
42. tinarimakkên gupnur |
--- 30 ---
lawan tinuduh ambangun rêmbug |
aprakara Pangran Arya Mangkubumi | yèn maksih kêna dèn êlus | kabranange
satriya nom ||
23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên
kengkenan saking Samarang ngajak badhami
27. Sinom
1. dadya mangsuli carita | dening
rèh liyan pakarti | anunggal dhapuring kojah | awit wêwinih sawiji | obah
osiking bumi | mung ratu lawan gurnadur | dadining karusakan | saking tiwas
para budi | anggêgampang nêkaburi barang tingkah ||
2. kalamun dadia arja | wit eling
kang para budi | sabarang solah katingal | yêkti lali lan maknawi | lalining
para budi | awit saking nikmat agung | apan wuruning donya | adoh panggawe
maknawi | nora tètèh katutuh lali ing titah ||
3. ing nguni gurnadur jendral | sêsampunira
nampèni | ing lilane sri narendra | panggadhuhe wong pasisir | kawuron sarwa
lali | dènnya tampi nikmat agung | tan ngetang rèh sikara | sikara iku wêwinih
| kaapêsan wêwalêse rèh sikara ||
4. ing mangke gurnadur jendral |
ngawruhi têlangso budi | bêbuka andangu warta | Amral Tênangkus tiniti | gènira
magut jurit | nèng tanah Pajang [Pa...]
--- 31 ---
[...jang] Matarum | anane pra
pangeran | ingkang samya madêg baris | alon matur Amral Tênangkus mring jendral
||
5. mêngsah cacahipun gangsal | kang
katur ing tuwan nguni | duk wontên ing Surakarta | aturing pêpatih kalih |
nuntên wêwah satunggil | Mangkubumi namanipun | sarêng lan angkat tuwan |
lolose saking nagari | purwanipun kesah inggih saking tuwan ||
6. marmane tilar nagara | tuwan
ngaturi ngêlongi | ing lêlênggahipun sawah | dene mêngsah gangsal nguni |
pangeran kadang kalih | kang tiga pulunanipun | pangeran kadang nata | Buminata
Singasari | Buminata punika kang madêg raja ||
7. nèng Sêmbuyan silih nama | Sultan
Dhandhun Martèngsari | dene ingkang pêpulunan | Mangkunagara satunggil |
Mangkudiningrat kalih | Pangran Pamot tiganipun | mênggah ing wawratira |
dèrèng nama mungsuh yêkti | bêbocahan pan amung riwuk kewala ||
8. ingkang minôngka pratôndha | yèn
kula pukul ing jurit | prang sakêdhap nuntên ambyar | pothèl botên kongsi
pêthil | kaponthal-ponthal ngili | abdine prasamya têluk | akathah dadya
rencang | sami kenging dipun kanthi | nuduhakên gustine gone umpêtan ||
9. kang sampun kalokèng jana |
jaya-jayaning ajurit | amiguna ing aguna | pan inggih amung satunggil |
Pangeran Mangkubumi | tanggon lamun magut pupuh | tansah ngayomi wadya | mundur
lon lamun kalindhih | botên purun cidrèng prang atarung dhadha ||
--- 32 ---
10. sêktine tan pae lawan |
sajêmbaring jalanidhi | bakuhing tyas pindha rêtna | têtela ayuning bumi | kadi
Hyang Wisnumurti | môngka pêpaku pikukuh | ing rat paramudita | kukuh ngandhêmi
utami | datan keguh kadya prabata Maendra ||
11. kontap kotamèng satriya |
kêtarta bêk silastuti | titikane pra punggawa | naracak samya bèrbudi | sabên
sawiyah mantri | wikan ing wêweka putus | têtêg lamun ayuda | sêtya tuhu maring
gusti | yèku môngka pratôndha musthikèng janma ||
12. wadyanira kang tinilar | tan
wontên têluk satunggil | anêmpuh byat aprang cidra | tan ajrih ing lara pati |
dèn kèdhêp ing wong cilik | pan dede suwadosipun | yèn ing mênggah kawula |
inggih ing ngèlmi maknawi | wus têtela sêsêngkêraning Hyang Suksma ||
13. apan sampun ginantungan | wahyu
gêng badhe linuwih | kadiparan gèn linawan | lamun kirang momot peling |
sayêkti milalati | Jêng Tuwan Baron pan emut | ngungun duk amiyarsa | mila
nalôngsa nututi | awarana pasrah Gupêrnur Samarang ||
14. marma nawala kang marang | Tuwan
Gupêrnur Samawis | surasane rong prakara | kang dhingin anarimani | ingkang
môngka pêparing | tuwan idlir sutanipun | Jakup Musêl dinuta | maring Samarang
pribadi | manggihakên gupêrnur lan sutanira ||
15. Tuwan Gupêrnur Samarang |
sawusira tampi tulis | dhawuhe gurnadur jendral | pan arsa [ar...]
--- 33 ---
[...sa] dipun awaki | angipuk mirapêti
| sarta nrus ing batin tuhu | kang raka sri narendra | ngaturan maringi bumi |
tigang lêksa wêwahe môncanagara ||
16. sigra amatah caraka | ingkang
dhatêng Sukawati | Radèn Arya Endranata | duk mayor minggah ing nguni |
alungguh nèng Samawis | Arya Endranata tumut | dèn suwun ing sang nata |
sawontêne ing Samawis | Endranata dadya pangagênging jaksa ||
17. lawan malih kinanthenan |
Kadilangu Pangran Wijil | kalih wus binêktan surat | budhal saking ing Samawis
| dhatêng ing Sukawati | kunêng gantya kang winuwus | nagari Surakarta |
mungsuh bubare kang baris | ting sarêndhul saking dènira umpêtan ||
18. sami madêg barisira | Pangeran
Mangkunagari | barise anèng Gêmantar | prênah sakidul Matesih | suyud kalih
wong bumi | sampun agêng barisipun | Pangran Mangkudiningrat | abaris ing
Kêbomati | Pangran Pamot abaris wontên Kalesan ||
19. ing Sukawati Pangeran | nuduh
sakawan bupati | nganglang kinon amariksa | barisan sawiji-wiji | yèn tan patut
ingalih | kang pakantuk papanipun | Sêmbuyan sami tatrap | panggenane baris
lami | pêtêng malih wong nglurugi tanpa karya ||
20. kèndêle tan wontên aprang | pan
amung satêngah warsi | dènnya prang satêngah warsa | mêngsah ingkang anusuli |
Jêng Pangran Sukawati |
--- 34 ---
bapa babune kang mungsuh | anyar
dadining mêngsah | kang dadya mêngsah murwani | kabèh ngandhap manut ing rèh
kawisesa ||
21. gantya malih kang winarna | Jêng
Pangeran Adipati | Sukawati duk sineba | andhèr kang para bupati | tuwin kang
para mantri | jawi lêbêt munggèng ngayun | aglar mantri pangarsa | miwah para
mantri wuri | nanging dèrèng tinata têngên lan kiwa ||
22. Dipati Pugêr nèng ngarsa | sigra
kang para bupati | Mas Rôngga Wirasantika | Suryanagara Suwandi | jajaripun
alinggih | Dyan Jayadirja Tumênggung | miwah Samadipura | Brajadênta Brajamusthi
| sinambungan Tumênggung Rêksanagara ||
23. Tumênggung Sutadipura |
Ranadiningrat lan malih | Natasingron Surajigja | Jayalêksana nambungi | dene
môncanagari | Dyan Pusparana Tumênggung | Bupati Jagaraga | Warung wus ngangkat
bupati | sinung nama Tumênggung Kartanagara ||
24. Dyan Tumênggung Wilatikta | ing
Balora lawan malih | Ngabèi Selanagara | ing Sêsela kang palinggih | bupati ing
pasisir | Dêmak Pangeran Tumênggung | Gadamêstaka lawan | Suranata Adipati |
Dyan Tumênggung Jipang Suradimanggala ||
25. sinambungan pra punggawa |
panèwu kalawan mantri | panèkêt ngabèi dêmang | wau ta Sang Adipati | Pugêr
umatur aris | ambatur uning pukulun | têlik kawula prapta | ingkang tugur ing
Samawis | pun gupêrnur mangke nglampahkên caraka ||
26. pun Sukarya Endranata | wus
mangkat saking Samawis |
--- 35 ---
kinanthèn rayi paduka | Kadilangu
Pangran Wijil | manawi benjing-enjing | punang duta praptanipun | pisah wontên
Majênang | abdi dalêm kang manuki | cacahipun kêkapalan kawan dasa ||
27. jêng pangeran angandika | hèh
Kakang Pugêr Dipati | kayaparan rêmbugira | kalamun ingsun manggihi | apa sun
lênggah kursi | apa lênggah ngisor ingsun | Dipati Pugêr sigra | nolih sagung
pra bupati | anak putu kabèh kang para bupatya ||
28. kapriye pikire padha | umatur
kang pra bupati | sumôngga karsa paduka | sadaya darmi umiring | Pugêr umatur
aris | inggih gusti pênêdipun | praptane duta benjang | paduka lênggah ing
kursi | awit saking manggihi dutaning mêngsah ||
29. majêng mangalèr paduka | ing
wetan kang wontên kursi | pun Kakang Pangeran Rôngga | kursi sêsaosan tami |
wontên kilèn satunggil | Pangran Wijil badhenipun | dene ta pun Sukarya |
nunggila kawula linggih | angandika alon wau jêng pangeran ||
30. apa kakang wus prayoga | pikirên
manèh kang wêning | Endranata ipeningwang | bok ayu kang dèn rabèni | Ratu
Madurêtnadi | bok sinêbut dêksurèngsun | matur Pugêr Dipatya | sampun
kêkathahên galih | jêng paduka satriya dibya sumbaga ||
31. kangjêng bok ayu paduka | kula
kang dèn garundêli | tan gêpok sarira tuwan | de Endranata pinikir | amikir
tikus mêngi | kêriga sacindhilipun |
--- 36 ---
ginitês gôndra pira | môngsa dadosa
samênir | Endranata kaku kuluban katela ||
32. Endranata bêras wutah | kinulup
dèn liwêt malih | dadi sêga sapa doyan | duk bêrase wor lan siti | tan kongsi
dèn bêrsihi | iya lamun raganingsun | lalu ngêlih kewala | boya kudu
mangan-mingin | bok sikêpe anak Tumênggung Jadirja ||
33. nora mangan pitung dina |
suprandene boya sudi | gumêr sagung pra bupatya | angling malih sang dipati |
basa Endranatèki | nyawa masuk ing lêlêmpung | daya lêmpunga Dêmak | lêmpunge
wong Kalicacing | dèn anggoa grabah têlung dina pêcah ||
34. patut lamun kaarana | Kartinala
Kalicacing | adol tike pinggir dalan | yèn ora ambarang suling | bêbarang
gambang kanthi | kêndhangan cangkêm kumruwuk | lamun datan mangkana | patut[5] barang durma mijil | nganggo têkên
tinuntun malbèng kampungan ||
35. sansaya ambata rêbah | gujênge
kang pra bupati | adipati undhang-undhang | hèh sagung para bupati | iya sadina
benjing | wong angon kuda lan lêmbu | aja na liya paran | padha dadia sawiji |
ngulon bae anèng kiwa têngên marga ||
36. iya dalaning utusan | kang
prapta saking Samawis | lan kabèh wong sabarisan | sipat lurah para mantri |
padha nganggoa kêling | bêbêd ikêt sarta sabuk | alas ing kulon ika | babadana
mêngko bêngi | sun gawene
--- 37 ---
iya pasar pabewakan ||
37. sagung sutaning bupatya | kadang
kadeyane sami | enjang padha kasukana | lesan panah lesan bêdhil | padha
nganggoa kêling | kadange para tumênggung | anaa kang têtêgar | ajar kuda dèn
kêstuli | amanggona kanan kering pabewakan ||
38. sawetaning pabewakan | Jatisana
lan Kêsambi | têngah pasangana omah | omah joglo mêngko bêngi | kabèh mantri
pinilih | ngadua gêmak lan sawung | anak Jayalêksana | dika nganggo udhêng
gilig | dika nganggo bêbêd samboja bras wutah ||
39. sruwala baludru abang | kang
rinenda panji-panji | èpèk trêmbalo nganggoa | babrêngos andika pidih | hèh
sira Si Suwandi | anggokna carabalènmu | dina sesuk kewala | sagunging kônca
bupati | carabalèn dika padha sêlangêna ||
40. mring mantri pinilih padha |
dimène amêmêdèni | si anak Jayalêksana | brêngose sacêngkang sisih | lan anak
Pudhakmiring | godhège simbar kang patut | dika go jangkang kula | dika bêbêd
sarung Bugis | ingkang rêga limalas darbèk manira ||
41. lawan padha pêpayunga | ing
sesuk mantri pinilih | sun wus karya payung kathah | ambilên ing pondhok mami |
kang lagi têka wingi | iya payung pitung puluh | laku lêlinggihira | benjang
dèn angadi ragi | ngatokêna wantêr kêndêl ing ayuda ||
42. sagung pra mantri pangarsa |
nunggala mantri [ma...]
--- 38 ---
[...ntri] pinilih | ngadua gêmak lan
sata | wetan pabewakan benjing | wong desa rigên sami | konên padha prapta esuk
| yèn duta ing Samarang | lèrèn pabewakan sami | para mantri dèn kagèt budhalan
seba ||
43. kabèh padha pêpayunga | dyan
dipati sigra mijil | angêlar-êlar paseban | kang tan patut dèn owahi | jêng
pangran pijêt galih | agèdhèg sarwi gumuyu | suka dènnya ngandika | nyata wêgig
nyata julig | môngsa naa wong kang kaya kang dipatya ||
44. andhêku kang pra bupatya |
tumênggung papat tut wuri | Dipati Pugêr lingira | anak padha dika bali | dika
ngadhêp jêng gusti | lamun maksih dèrèng kondur | tyas kula mêlang-mêlang |
dandanan dèrèng prayogi | sabên lawang-lawang sami ingowahan ||
45. lurah numbak tinimbalan | miwah
lurah ing saragni | prapta wus pinarentahan | wuwuha kang saos benjing |
sabusananing jurit | nanging dèn padha atambuh | saragni lan panumbak | papat
sisih lawang siji | para lurah ature sami sandika ||
46. wong padesan wus ngundhangan |
binayar picis waradin | prasamya kinèn pêpasar | saari ywa kongsi mulih | wong
angon kêbo sapi | jaran dhinawuhan sampun | aglar têpining marga | wusnya
parentah waradin | tan winarna ing dalu enjang pucungan ||
--- 39 ---
24. Kengkenan saking Samarang dumugi
ing Jakawal saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi
28. Pocung[6]
1. lan winuwus carakanira gupêrnur |
lan sarowangira | Aryendranata wus prapti | pabewakan panggih lan mantri
pangarsa ||
2. Jayèngranu ngaturi kèndêl rumuhun
| badhe tur uninga | Aryendranata ningali | langkung ngungun kuda ewon nèng
pangonan ||
3. pasar agung nèng kiwa têngên
dêlanggung | wong lesan sanjata | miwah wong lesan jêmparing | sawetane gumêdêr
kalangan gêmak ||
4. sêlur anglur wong têtêgar ngalor
ngidul | ngulon miwah ngetan | pêpinggiring wana wukir | gêmah arja sarine kadi
nagara ||
5. sri gumuruh wong adu sawung lan
puyuh | dupi amiyarsa | lamun ana tamu prapti | para mantri gita bubar samya
seba ||
6. apêpayung andulur asri dinulu |
jajar apêpanthan | wong Bali mantri pinilih | ting salêmplah udhêng gilig ana
jangkang ||
7. langkung ngungun Aryendranata
amuwus | adhi wijil paran | têrah Mataram puniki | saênggone têka linulutan
jalma ||
8. dadosipun sintên nyana wonge
agung | tur apelag-pelag | akèh wong gagah rêspati | jujug sintên adhi pênêde
ing lampah ||
9. lon sumaur Pangran Wijil
pênêdipun |
--- 40 ---
jujug ri sampeyan | Martapura
Adipati | pinituwa barang rèh môngka manggala ||
10. liyanipun samya nèm dèrèng
tinantun | pun Suryanagara | Jayadirja lan Dipati | Suranata Mas Rôngga
Wirasantika ||
11. pan sadarum bupati yêkti
kawêngku | ing rayi sampeyan | inggih Pugêr Adipati | nulya prapta punggawa
mantri pangarsa ||
12. Jayèngranu alon wau têmbungipun
| suwawi lajênga | ri paduka kang ngaturi | Adipati Pugêr sampun mangkat sowan
||
13. kerid laju dutane tuwan gupêrnur
| nèng marga kapapag | lawan Pugêr Adipati | sêsarêngan dènnya mudhun saking
kuda ||
14. wusnya cundhuk Dipati Pugêr
amuwus | bature mondhoka | ing kana pakuwon mami | kakang karo banjur barênga
lan ingwang ||
15. iya mumpung kangjêng gusti
durung kondur | pinarak paseban | paseban lun-alun sami | pan gumêrah saking
kathahing têtiyang ||
16. Dyan Tumênggung Ranadiningrat
kapêthuk | angêmban parentah | nimbali sang adipati | angirida duta kang saking
Samarang ||
17. sigra laju sang dipati
lampahipun | sarêng lan caraka | Endranata duk ningali | dahat ngungun kèhing
janma nèng paseban ||
18. korinipun mung kêkalih pangkatipun
| kori kang sapisan | pasebane tiga sisih | sami joglo bêntêt isine kang seba
||
19. ênggènipun sadaya kang pra
tumênggung | busanabra mubyar | lir panjrahing puspitadi | asri tinon maneka
warnabra sinang ||
20. lêbêtipun malih [ma...]
--- 41 ---
[...lih] paseban gung-agung | cacahe
sakawan | ênggène mantri pinilih | anèng ngriku kèndêle Pugêr Dipatya ||
21. nulya katur maring gusti
praptanipun | caraka Samarang | kèrid Pugêr Adipati | ingkang para bupati sigra
ngandikan ||
22. malihipun pra mantri ing ngarsa
pungkur | sami ingandikan | sarêng lan mantri pinilih | busanabra kêkêling
kalawan sutra ||
23. pamèripun wong Samarang pêndhak
Mulud | lan pêndhak riaya | padinan wong Sukawati | Endranata sipat kuping
gêtunira ||
24. rakitipun duk ngandikan pra
tumênggung | atata priyôngga | tuwin gèn mantri pinilih | samya anèng jro
taratag pasanggrahan ||
25. gèning tamu wus rinakit
dunungipun | sigra tinimbalan | sira radyan adipati | kinon ngirid lêbête duta
Samarang ||
26. wus malêbu lan caraka kalihipun |
jumênêng pangeran | munggèng sangajênging kursi | Pangran Rôngga tumut angadhêp
sakêdhap ||
27. urmatipun mring Pangeran
Kadilangu | pangeran ngandika | suwawi ing ngriki adhi | Endranata arsa tumut
gya cinandhak ||
28. sarwi bêkus Dipati Pugêr amuwus
| ing ngriki kewala | tunggil lan kula alinggih | nulya anut linggih Arya
Endranata ||
29. ênggènipun Pangran Wijil
Kadilangu | kilèn majêng ngetan | Pangran Rongga gènnya linggih | anèng wetan
amangilèn ajêngira ||
30. suratipun gupêrnur sigra
pinundhut | Arya Endranata | kang bêkta tinampèn nuli | mring dipati lajêng
katur mring pangeran ||
31. binuka wus mangkana [mangka...]
--- 42 ---
[...na] ing wuryanipun | pèngêt kang
pustaka | tulus miyosing tyas suci | pawong mitra ingkang satuhu sih trêsna ||
32. saking ulun Tuwan Hondhorêp
Gupêrnur | ing nagri Samarang | ingkang misesa mêngkoni | pasisire Jawa bang
êlèr sadaya ||
33. wrananipun kangjêng Kumpêni kang
agung | kang bôndha prakoswa | tabe winantu pêpuji | puja arja raharjaning
pawong mitra ||
34. mugi katur mitra ingkang
sumbaganung | Jêng Gusti Pangeran | Adipati Sukawati | sepati ing prang pramuka
jayèngrat ||[7]
35. kang marta yu mangayuh ayuning
ayu | kalokaning jana | prawira waskithèng wangsit | putus titi titika ing tri
bawana ||
36. têtêg têguh tan keguh amurwèng
pupuh | yayah Hyang Kesawa | jaya-jayaning ajurit | jro rat Jawa rinata wus
anèng asta ||
37. prawiranung tan gumunggung ambêg
digung | katon wela-wela | têtela ayuning bumi | musthikaning têrah narendra
Mataram ||
38. wiyosipun kula umatur satuhu |
yèn eyang paduka | Kangjêng Gurnadur Batawi | wus karasa rinasa saya rumôngsa
||
39. purwanipun paduka nêmaha pupuh |
sisipe pun eyang | kirang titi analiti | amêmardi wrêdaning atur druhaka ||
40. marmanipun ratpêni ingkang
panuwun | paduka ngaturan | kondur dhatêng ing nagari | têrang raka paduka jêng
sri narendra ||
41. dadya tunggul sagung prajurit
sawêgung | lêstantun anama | jêng gusti pangran dipati | senapati ing prang
pramuka jayèngrat ||
42. sinung wangsul Sukawati
--- 43 ---
tigang èwu | malah winêwahan | siti
ing môncanagari | tigang lêksa sanèsipun Sukawatya ||
43. dhuh-dhuh adhuh paduka mugi dèn
amuk | emut kadang tuwa | datan ana kang ngawati | amranata tata arjaning rat
Jawa ||
44. inggih lamun paduka arsa
angrêmuk | ngrêmuk nuswa Jawa | sayêktine bosah-basih | sirna gêmpang sintên
ingkang purun malang ||
45. risakipun nuswa Jawi yèn
kalantur | sintên kang kecalan | yêkti paduka pribadi | titi tamat kadriya
raosing sêrat ||
46. sawusipun winaos mriyêm jumêgur
| sawetan gêdhogan | pamanggèning tan kaèksi | kaping sapta pangeran sigra
ngandika ||
47. maring tamu hèh Endranata sirèku
| padha kaslamêtan | bok ayu apa basuki | matur nêmbah Radèn Arya Endranata ||
48. salamipun bakyu paduka pukulun |
manthuk jêng pangeran | Endranata matur malih | gih bok ayu paduka ngintuni dhêsthar
||
49. mung têtêlu modang cêmukiranipun
| kang satunggal sawat | ênggènnya nyêrat pribadi | lan bok ayu paduka
angarsa-arsa ||
50. dipun emut paduka mring kadang
sêpuh | sintên kang angeman | risakipun nuswa Jawi | datan liyan sayêkti amung
paduka ||
51. ngandikarum wus bênêr bok ayu
iku | ingsun iki nora | nêdya salah ing nagari | amung nêdya suwita ing kadang
tuwa ||
52. sêtya tuhu sumungkêm anrus ing
kalbu | tan pêgat rumêksa | tata arjaning nagari | mamrih kontap kotamaning
[kotama...]
--- 44 ---
[...ning] jêng sri nata ||
53. eman ewuh rêmak rêmpu pan
katêmpuh | bot rêpoting praja | tan kumêdhèp praptèng pati | sun andhêmi dadi
bantêning nagara ||
54. mugên mungkul lah mara cacadên
ingsun | mungsuh wong lêlima | nora minta bantu mami | praptaning don ingsun
agung sinikara ||
55. ya dèn katur mring bok ayu atur
ingsun | nora kêkilapan | lêlakone awak mami | dèn niaya saajang-ajanging ajang
||
56. sapa wêruh dadi ajur kumur-kumur
| yêkti wus nêmpuh byat | luluh lêbur dèn lakoni | alahuma wahbin lanabil
kaeram ||
57. luwih ewuh gaib karsane Hyang
Agung | iya pirabara | lamun anêmu basuki | tan bêbakal yèn Allah akarya rusak
||
58. esthiningsun sumarah Hyang
Mahaluhur | kang murba misesa | ugêr sigra anambungi | hèh mênênga sira iku
Endranata ||
59. nora arus sira arsa jabung alus
| datan kulak warta | adol parungu kang dêling | bandhol ngrompol iku wong ing
Sukawatya ||
60. ênggon wêlut dèn doli udhèt tan
patut | mundhak kawanguran | mungsuh dhawuk Sukawati | aja kaya wêdhus dèn
umbar kacangan ||
61. sok mêcucu anggêre bisa calathu
| bingèn ana apa | sawah têlung èwu uwis | barang tingkah nora nganggo
ngarah-arah ||
62. nora etung mung panastèn bae
ketung | iki jêng pangeran | dudu sira lawan mami | lamun sira dèn cukur
[cu...]
--- 45 ---
[...kur] môngsa gôndraa ||
63. dhingin iku mung sêsawah têlung
èwu | nyakar sêka wongwa | dèn labuhi lara pati | sagawene gone rumêksa nagara
||
64. ingkang mau sapa dèn tandhingkên
ingsun | bupati sajagat | mung jaginggis ting paringis | Sukawati sun rewangi
pêpincangan ||
65. barêng uwus ana kang bisa
angrêbut | padha panas driya | wong jail pating kathuwil | gustiningsun mêngko
wus nêmah anekad ||
66. wus anglalu êmbuh dadine ing
pungkur | mêngko dèn rêrêpa | yèn anuta dèn polahi | atêtombok bumi manèh
têlung lêksa ||
67. wong gung-agung iya pijêr padha
ngantuk | datan kaelingan | yèn Pangeran Mangkubumi | sutèng raja kang amutêr
tanah Jawa ||
68. padha pêngung wong sapraja kabèh
kumprung | pangran dèn pêpadha | kaya anêkêm cêcindhil | mêngko priye dene
padha andhêdhêpa ||
69. wong wis labuh kalah sirna
mênang ngukup | nora cipta gêsang | pirabara nêmu urip | yèn taliti Mataram
yêkti mangkana ||
70. pae ingsun lawan sira kadi
wêdhus | pikire butuhan | dèn wèhi sukêt sasuwir | sumarinthil datan ngitung
wurinira ||
29. Pangkur
1. nauri Aryendranata | Adhi Pugêr
bênêr wuwusirèki | pan ingsun panggonan luput | nanging ta kayaparan | wong
kêkadang môngsa isin bangêr arus | jênênge tuwa kawogan | anggêgendholi wong
lali ||
2. angling malih sang dipatya |
jêlèh bosên [bo...]
--- 46 ---
[...sên] pikir nora wêwinih | pikir
luput katarucut | kaping pat kaping lima | milu bubrah jagate agung rauru |
rasane uwis karasa | biyang gaweane patih ||
3. kang pikire mamak rupak |
pothar-pathir puthêr pating kuthikir | nora pênthèr ting kathuthur | kêthêr
kang akêkancan | ngêndi ana wong tulung têka dipênthung | akêkudhung lulang
macan | mrih sirna kang ngrêregoni ||
4. gone andhêplok nagara |
mêlok-melik muluk rajabranadi | durga ngôngsa-ôngsa ketung | reyal ingkang
katingal | sabên karya punggawa mantri panèwu | nora nganggo pilih papan |
kêcing-kêcing diraupi ||
5. apa pacêklak wong mana | gawe
Patih Pringgalaya madati | lan Tirtawiguna iku | padha adol nagara | kanthi
jail muthakile kadalurung | nora têtêp antêpira | rusuh angrêsêki bumi ||
6. jêng pangeran angandika |
Endranata miwah Si Adhi Wijil | dika makuwon karuhun | mring gène kang dipatya
| mangke ratri kula karya angsul-angsul | enjinge andika mangkat | mantuk
maring ing Samawis ||
7. pamit mundur kalihira | amakuwon
wismane Dyan Dipati | Pugêr kang angirid mantuk | pra bupati sadaya | samya
ngiring dhatêng Kapugêranipun | dyan dipati wus maragat | wingi maesa kêkalih
||
8. lawan wêdhuse sakawan | opor
sèkêt-sèkêt panggange pitik | Pugêr kadi wong mêmantu | prapta tata alênggah |
wedang maju Aryèndranata sru muwus | marang Pugêr Adipatya |
--- 47 ---
wong setanên sira iki ||
9. dene makuwon ing wana | dandanane
ngluwihi wong Samawis | Dipati Pugêr amuwus | iki aran wong lanang | sayêktine
kamurahane Hyang Agung | môngsa dadak kaya sira | gêlêm dadi kuli-kuli ||
10. sanadyan oleha rahmat | rahmat
setan gumêr kang pra bupati | wontên jodhang kalih rawuh | saking ing
pasanggrahan | mring Dipati Pugêr wau dhawuhipun | punika pêparingira | dhatêng
tamu ingkang prapti ||
11. Adipati Pugêr nulya | dhawuhakên
wau dhatêng têtami | ature prasamya nuhun | nulya dèn dhunkên samya | wêwadhahe
sêmôngka durèn myang mundhu | prasamya bokor salaka | wadhahe pijêtan manggis
||
12. jêruk jirak lan sawangan | jambu
salak talês gêmbili uwi | malinjo gayam kapundhung | sami bokor kancana | saya
eram Endranata dènnya dulu | lajêng prasamya dhaharan | lan sagung para bupati
||
13. duta rêrêp mung sadina | lan
sawêngi anèng ing Sukawati | sampun atampi wêwangsul | lajêng pamit umangkat |
tan kawarna ing marga Samarang rawuh | katur kang sêrat wangsulan | mring
gupêrnur ing Samawis ||
14. binuka sinukmèng driya |
suraosing kadi duk amangsuli | mring Endranata ing dangu | gupêrnur langkung
kewran | atanyaris maring duta kalihipun | kapriye polahe kana | dene têka
ngadi-adi ||
15. nampik bumi têlung lêksa |
têlung èwu apa kang dèn karsani |
--- 48 ---
iyèku wangsulanipun | panggawe wus
kaliwat | dhingin amung trima sawah têlung èwu | mêngko kasèp duk kaswara |
sapa wruh tibaning pati ||
16. nora angetung wêkasan | ora
jamak apa bisa nglakoni | Aryèndranata turipun | tuwan kawula eram | kèhe wonge
tan môntra-môntra wong dhusun | apênêt pelag-pelag |[8] busanane sarwa adi ||
17. jro wana dados nagara |
pratingkahe lir wontên jroning puri | tuhu yèn winong Hyang Agung | tan wontên
kakirangan | satingkahe kadya kamulyaning ratu | gupnur dahat kawêdhêngan |
sigêg angupaya budi ||
25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran
Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun Gupêrnur ing
Samarang, karawuhan ingkang Sinuhun ing Surakarta
18. gantya ingkang kawursita | pra
pangeran kang samya madêg baris | kidul myang wetan prajagung | Pangran
Mangkunagara | kang abaris anèng ing Gêmantar dhusun | milihi wong kang prayoga
| pinacak dadya prajurit ||
19. sampun agung wadyanira |
kêkapalan ginunggunga watawis | wontên sèwu malah langkung | kang rayi kalihira
| prajurite kêkapalan gangsal atus |
--- 49 ---
Pangeran Mangkunagara | ingkang
dadya pramugari ||
20. tansah sowan mring Jakawal |
nèng Jakawal ngantos ing pitung ari | datan lami wangsulipun | kadhang samadya
côndra | tugur anèng Jakawal kasukan nutug | abên-abên sawung gêmak | langkung
sagêd ngambil galih ||
21. lamun sowan ingkang rama |
prajurite pinilihan kang bêcik | kêkapalan sangang atus | wolu likur bandera |
wus pinarêng jodho pangran ngambil mantu | apanggih sanaking sanak | Dyan Ajêng
Intên kang wangi ||
22. Dyan Ajêng Bruwok pêparab |
dhaup ari Saptu Bêsar kang sasi | ping pônca wlas tanggalipun | nuju Êbe kang
warsa | sagung ingkang bupati prasamya kumpul | sangkalanira ingetang | sêmbah
sapta rasa siji ||[9]
23. jêng pangran dhatêngkên suka |
ôndrawina lan sagung pra bupati | pitung ari laminipun | sawusira mangkana |
ingkang garwa kalilan binêkta kondur | dhatêng barisan Gêmantar | nutug dènnya
akaronsih ||
24. wusnya amiwaha putra | Jêng
Pangeran Dipati Sukawati | senapatining prang pupuh | ing pramuka jayèngrat |
miyos siniwakèng wadyabalanipun | pêpak andhèr ambalabar | dhawuh mring para
bupati ||
25. kinon angêlar jajahan |
angêngirup dhusun jawining nagri | Surakarta kang ingutus | Tumênggung
Jayadirja | Rôngga Wirasantika katiganipun | Tumênggung Suryanagara | tindhih
Pugêr Adipati ||
26. dhinawuhan baris langkap |
sakilène Wanakarta tan têbih |
--- 50 ---
Ranadiningrat Tumênggung | lawan
Rêksanagara | kinon anèng Pacangakan barisipun | kang liningan sigra budhal |
praptèng papan pacak baris ||
27. ngirup tiyang padhusunan | kang
tinêkan suyud tur pati urip | datan ana ingkang purun | malih kang cinarita |
ingkang lagya kawêdhêngan mangun rêmbug | Idlir Gupêrnur Samarang | gêlêng
golong ingkang pikir ||
28. amundhut mantri Samarang |
mantri papat badhe bêkta kêkirim | sangkêlat miwah baludru | sutra ijo myang
abang | miwah kang mur akathah ingkang kêkintun | kanthi sêrat sung tupiksa |
mring Pangeran Sukawati ||
29. yèn gupêrnur arsa krama |
pangran pinrih kèndêl amangun jurit | supadi tan karya kisruh | wus mangkat
kang caraka | miwah nuduh dutatur sêrat sang prabu | mangkana suraosira |
gupêrnur atur upêksi ||
30. lamun arsa parakrama | antuk
sutanipun Idlir Batawi | Jakup Musêl julukipun | idlir prapta priyôngga |
Hogêndhorêp minta pangèstu sang prabu | raharjaning mangun krama | basukia ing
salami ||
31. ewamakatên manawa | wontên
lunturing sih jêng sri bupati | kaparênga nujwèng kayun | nêdhaki mring
Samarang | anjênêngi ing dintên paningkahipun | sayêkti kalingga murda | sih
dalêm pinundhi-pundhi ||
32. ngiras pantês pêpanggihan |
lawan Idlir Jakup Musêl Batawi | yèn sang nata karsa dhawuh | mangun
raharjanira | nuswa Jawi idêlèr sayêkti cukup | nampèni karsa narendra | môngka
sulihing [su...]
--- 51 ---
[...lihing] Kumpêni ||
33. umêsat ingkang dinuta | mundhi
sêrat konjuk jêng sri bupati | datan winarna ing ênu | gantya kang kawuwusa |
nagri Surakarta kangjêng sang aprabu | ingkang wiyoga sungkawa | saking
rêruwêting bumi ||
34. mêngsah sangsaya angrêda | duk
samana nuju ari Rêspati | miyos maglaran sang prabu | andhèr ingkang sumewa |
pra punggawa panèwu mantri supênuh | sagung satriya nèng ngarsa | miwah sang
anindyamantri ||
35. Dyan Dipati Pringgalaya |
Sindurêja jajarira alinggih | sri narendra sigra dhawuh | samun parênging karsa
| Pangran Arya Mataram sinung jêjuluk | Pangran Arya Buminata | têtêp dadya
pramugari ||
36. para santana narendra | lawan
malih kang kinarsan gêntèni | lênggahipun Singaranu | bupati numbakanyar |
kaliwone ingangkat sinung jêjuluk | Dyan Tumênggung Cakrajaya | kang sewaka
saur pêksi ||
37. jumurung karsa narendra |
sawusira sang nata dangu warti | mring dipati kalihipun | ênggènipun kang
mêngsah | pra pangeran lawan dangu wartinipun | ingkang rayi Jêng Pangeran |
Ariya Amangkubumi ||
38. matur Dipati Sindurja | rayi
dalêm Pangeran Mangkubumi | nèng Kajawal[10] barisipun | ngadêgkên pawatangan |
nanging mangke pan botên jumêjêng[11] ratu | mung ngalih nama Pangeran |
Adipati Sukawati ||
39. senapati ing paprangan | putra
Tuwan Pangran Mangkunagari | pan sampun ingambil mantu | kathah para bupatya |
môncapraja [mô...]
--- 52 ---
[...ncapraja] pasisir ingkang
anungkul | Garobogan Warung Sela | Jipang Dêmak Jagaragi ||
40. samya sowan rayi tuwan | malah
angsal wêwah andêling jurit | abdi manggalaning pamuk | tyang Bali kawan dasa |
ingkang kalih jinunjung nama tumênggung | rowangipun sinung lênggah | kinarya
mantri pinilih ||
41. punggawane ri paduka | kang
mangilèn ing Langkap gène baris | sakawan bupatinipun | Tumênggung Jayadirja |
lawan Rôngga Wirasantika pukulun | Tumênggung Suryanagara | inggih punika
Suwandi ||
42. tindhihipun pun Paridan | mangke
sinung nama Pugêr Dipati | mèsêm ngandika sang prabu | Si Suwandi nèng kana |
Si Paridan têgêse bêbotohipun | pira dohe saka praja | Sindurêja awotsari ||
43. Langkap kilèn Wanamarta |
angêgirup tyang dhusun kanan keri | salingsir wetan pukulun | saking ngriki
têbihnya | ingkang wetan Pacangakan barisipun | Tumênggung Ranadiningrat |
Tumênggung Rêksanari ||[12]
44. kang kidul Mangkudiningrat |
juluk Pakuwaja nèng Kêbomati | Pamot Kanitèn jêjuluk | baris wontên Kalesan |
alon dènnya ngandika jêng sang aprabu | sapa aran Pakuwaja | Sindurêja awotsari
||
45. putra Tuwan Dyan Mas Sabar |
ingkang nama Pangran Kanitèn gusti | Dyan Mas Sambiya pukulun | dene putra
paduka | ingkang sêpuh Dyan Mas Sait kang jêjuluk | Pangeran Mangkunagara |
nèng Gêmantar dènnya baris ||
46. suyut malih tiyang desa |
--- 53 ---
sampun pêtêng margi dhatêng Matawis
| ing Sêmbuyan Sultan Dhandhun | pulih sampun angrêda | mantuk malih tigang
dhomas Ardikidul | sri narendra angandika | Buminata sun arani ||
47. wong ngalômpra tanpa karya |
kang kaèsthi amung parawan sunthi | Sindurêja lan si oprup | sira asamêktaa |
mukul mungsuh iya ing sadina sesuk | kang nèng kulon Wanakarta | kanthia bocah
bupati ||
48. ing jaba Si Pakuningrat | lawan
bocah bupati jro kêkalih | Nitidiningrat Tumênggung | myang Si Tirtawiguna |
Adipati Sindurêja tuwan oprup | prasamya matur sandika | gya luwaran jêng siniwi
||
49. ing dalu tan winursita |
enjingira oprup lan dyan dipati | anata prajuritipun | Kumpêni Slam kang dharat
| Bali Bugis Makasar cacah rongatus | kêkalih kapitanira | Barak Tolong kang
nindhihi ||
50. dragundêr satus atarap | pra
bupati sawadya wus miranti | bêlabar andhèr supênuh | prajurit kêkapalan |
winatara wontên sèwu malah langkung | oprup anêmbang têngara | sigra budhal
saking nagri ||
51. kunêng gantya kang winarna |
sadèrènge kangjêng sri narapati | utusan amukul mungsuh | kilèning Wanamarta |
Jêng Pangeran Sukawati tampi sampun | sêrat saking ing Samarang | surasane sung
upêksi ||
52. yèn gupêrnur arsa krama |
ngarsa-arsa sih dalêm sri bupati | rawuh anjênêngi dhaup | kalamun kasêmbadan |
sri narendra têdhak ngiras mangun [mangu...]
--- 54 ---
[...n] rêmbug | mrih mulyaning nuswa
Jawa | jêng pangran dipun aturi ||
53. sapêngkêring raka nata | mugi
sampun dhawuh amangun jurit | maring wadyabalanipun | mrêpêki Surakarta | dene
lamun sri narendra sampun kondur | saking nagri ing Samarang | sakarsanta karya
brangti ||
30. Asmaradana
1. Jêng Pangeran Adipati | Sukawati
sawusira | maos gupêrnur surate | sigra dènira utusan | bubarkên barisira | pra
punggawa kang tinuduh | angêlar-êlar jajahan ||
2. samya tinimbalan mulih | mring
pakuwon Sukawatya | mituruti pamintane | Tuwan Gupêrnur Samarang | karsanya
jêng pangeran | mamrih utamaning laku | aywa kongsi aprang nistha ||
3. sagung kang para bupati | ri
sampuning tampi dhawah | kêbut sawadyabalane | Dipati Pugêr wus kathah | dènnya
antuk têlukan | sapangulon sapangidul | lèr kali Pepe kewala ||
4. sami mêmacaki mantri | warata
kang srat parentah | baris Langkap bubar kabèh | mangkana oprup lampahnya | mèh
prapta Wanakarta | wontên têlik saos atur | mring Pangeran Pakuningrat ||
5. yèn mêngsah wus bubar wingi |
mung kantun mantri satunggal | Ki Ngabèi Amad Salèh | kang têngga ing Wanakarta
| gya Pangran Pakuningrat | pratela mring tuwan oprup | lamun mêngsah wus
bubaran ||
6. ngandikan mring Sukawati | mung
tilar mantri satunggal | Ki Ngabèi Amad Salèh | Tumênggung Suryanagara | Rôngga
Wirasantika |
--- 55 ---
Dipati Pugêr Tumênggung | Jayadirja
saha bala ||
7. wus bubar tan ana kari | oprup
langkung cuwanira | asru banting topiyone | lah dawêg lajêng pangeran | nadyan
siji botêna | Ngabèi Mad Salèh niku | alah mulih tanpa karya ||
8. sae laju magut jurit | nadyan
kêdhika botêna | Ki Ngabèi Amad Salèh | wontên kapal tigang dasa | Mad Salèh
balanira | oprup ngundhangi dragundur | lamun wus prapta padesan ||
9. aywa ngetung gêdhe cilik | sipat
lanang tinumpêsan | sampun lajêng panganjure | sira Dyan Suraprameya | andêl
Pakuningratan | Dyan Tirtawijaya juluk | lan Radyan Subadiwirya ||
10. Ngabèi Mad Salèh uning | lamun
kadhatêngan mêngsah | têngara ngungkung bêndhene | wus mêdal saking padesan |
mapan nèng ara-ara | katon untabe kang mungsuh | ewon lan kanthi Walônda ||
11. sigra dènira ngoncati | angalèr
sabalanira | Ki Ngabèi Amad Salèh | banderanira binabar | bêndhe ngungkung
tinêmbang | wong Jawa sami bêbujung | Kumpêni malêbèng desa ||
12. dèrèng wontên wong kang ngili |
sajrone ing Wanakarta | oprup kalangkung dukane | cuwa mangsah ngangah-angah |
tan kêna wong katingal | pamêdhange goprak-gapruk | tuwa rare sipat lanang ||
13. puyêngan pating jalêrit | gumêr
otêr mawurahan | sira Oprup Totlomondo | langkung mawêrdi krodhanya | kadya
yêksa mamôngsa | pêpati sungsun matimbun |
--- 56 ---
latar kêbon jroning wisma ||
14. miwah ta sajroning masjid |
wontên tiyang pitung dasa | jaka kaki-kaki rare | sampun tinumpês sadaya |
wontên juga wong tuwa | nguni lungsuran pangulu | duk arjanèng Kartasura ||
15. nuwun kèndêl dèn lilani |
pinanci pinaring pangan | wontên dhusun ing Gêgodhong | nanging sabên balanira
| pangeran lan Walônda | campuh prang wontên ing ngriku | laju ngili Wanakarta
||
16. mantune ingkang mondhongi | Ki
Ngabèi Saradipa | wus pinarêng ing ajale | nora kêna asêsambat | wus milu
pinêjahan | akarya eram kang dulu | saênggon-ênggon pêpêjah ||
17. lir pendah babadan pacing |
dragundêr satus kang mêdhang | katuwukên akèh melok | miwah poporing sanjata |
akathah ingkang sigar | wusnya sirna wong sadhusun | oprup lan mantri wasesa ||
18. miwah katiga bupati | budhal
saking Wanakarta | langkung kathah jarahane | dalu praptèng Surakarta | ing
wanci bakda ngisa | lajêng tumamèng kadhatun | matur solahing dinuta ||
19. lamun Pugêr wus gumingsir |
amung mantrine kewala | pun Ngabèi Amad Salèh | punika ingkang anglawan |
langkung mêmanasing tyas | dhusun kang anut ing mungsuh | dadya dèn gêmpur
sadaya ||
20. sri narendra ngandikaris | iya
bênêr karêpira | iki mungsuh mundur kabèh | kang wetan wus padha bubar | kidul
uga mangkana | tan ana nêlukkên [nêlukkê...]
--- 57 ---
[...n] dhusun | kajaba kang wus
kèdêgan ||
21. oprup sampun pamit mijil | ing
dalu datan kawarna | enjing prapta pustakane | Tuwan Gupêrnur Samarang | oprup
wus manjing pura | surat katur ing sang prabu | binuka sinuksmèng driya ||
22. sang nata ngandika aris | oprup
iki kang surasa | iya Gupêrnur Hondhorop | tur uning yèn arsa krama | antuk
idlir sutanya | Jakup Musêl jênêng ingsun | arsa têdhak jênêngana ||
23. Si Hondhorêp gone krami | sira
nuli sarêmbuga | lan dipati sakarone | prayogane ari tanggal | têdhak sun saka
praja | lawan sapa ingkang tugur | sarta dhèrèk jênêng ingwang ||
24. oprup sandika mijil |[13] sapraptanira ing jaba | wus panggih lan patih karo |
dadosing pirêmbagira | oprup lan sang dipatya | Soma juga tanggalipun |
prayogining têdhak nata ||
25. kang tugur têngga nagari |
Adipati Sindurêja | Arya Mlayakusumane | Tumênggung Kartanagara | Pangeran
Pakuningrat | lan Wiraguna Tumênggung | liyane saking punika ||
26. kêrig dhèrèk mring Samawis |
dene bupati majêgan | ing Mataram sakarone | Tumênggung Jayawinata | Rajaniti
kanthinya | datan dhèrèk kantun tugur | anèng tanah ing Mataram ||
27. pra santana ingkang kari | Jêng
Pangeran Buminata | sarèhe panêngên kabèh | dene prajurit Walônda | kang dharat
kawan dasa | rumêksa jêmpana prabu | dragundêre wolung
--- 58 ---
dasa ||
28. oprup lawan nindyamantri |
sawusnya dadi kang rêmbag | prasamya malbèng kadhaton | umatur jêng sri
narendra | sadaya rêmbagira | amarêngi sang aprabu | oprup lawan sang dipatya
||
29. mêdal aparentah nuli | angrukti
pirantinira | praptane ing ari Sênèn | tanggal pisan sasi Sura | nuju wau kang
warsa | jêngkarira sang aprabu | saking nagri Surakarta ||
30. sinêngkalan têdhak aji |
gunaning rêsi bahingrat |[14] kang wadya balabar ambèr | amênuhi wana marga | sagung
bupati jaba | kang sami lumakyèng ngayun | bupati jro anèng wuntat ||
31. Jêng Gusti Pangran Dipati | Anom
Amêngkunagara | Sudibya Rajaputrane | risang narendra Mataram | mandhirèng
Surakarta | dhèrèk têdhaknya sang prabu | kêbut sapunggawanira ||
32. lampah dalêm tigang ratri |
gupêrnur pamêthuktira[15] | myang bupati pasisire | nèng
salèring Payungpudhak | satus dragundêrira | wong Surakarta kèh pandum |
Hondhorêp mantun sarigak ||
33. mantun prak ati apêkik | manise
sêbut kewala | wudharing badan gêdoblo | andhingini udhunira | gupêrnur saking
kuda | amurugi sang aprabu | angrangkul sarwi karuna ||
34. kêsêsêgên dènnya nangis | sang
nata mundhut turôngga | sigra dènnya ngunjukake | gupêrnur marang sang nata |
nulya sami lêlampah | sagunging bala pangayun | kinèn lajêng mring Pragota ||
35. badhe pasanggrahan aji |
sinaosan [sina...]
--- 59 ---
[...osan] ing Pragota | wadya
pangarsa lampahe | wus sami praptèng Pragota | diwasaning baskara | rawuh dalêm
sang aprabu | anèng ing nagri Samarang ||
36. Twan Jakup Musêl Idêlir |
amêthuk wahana rata | wus panggih lan sang akatong | angrangkul arasan jôngga |
idlir dahat noraga | sang nata ngaturan sampun | anitih tunggil sarata ||
37. sapraptanira ing loji | umyang
kodhokngorèk ngangkang | barung musik lan swarane | carabalèn myang pradôngga |
mariyêm magênturan | kadi angrubuhna gunung | gêgêtêri kang miyarsa ||
38. laju lênggah trun sang aji |
idlir langkung kurmatira | ngungun dènnya sangêt sihe | dhatêng badhe mantunira
| paran winalêsêna | sih dalêm jêng sang aprabu | kang satuhu tanpa timbang ||
39. satêngah wolu sang aji | jêngkar
dhatêng ing Pragota | idêlèr andhèrèkake | lan gupêrnur mring Pragota | prapta
wus masanggrahan | tuwan idlir myang gupêrnur | wangsul sarêng pamitira ||
40. ing dalu datan winarni | enjinge
idêlèr prapta | lawan gupêrnur sarênge | sowan tuwi jêng sri nata | wusnya
lênggah watara | nulya pamit sarêng mundur | antara ing tigang dina ||
41. sri narendra lan jêng gusti |
dèn aturi jênêngana | gupêrnur ing paningkahe | idêlir mêthuk priyôngga | mawi
ambêkta rata | badhe titihan sang prabu | miwah jêng pangran dipatya ||
42. idêlèr nganthi sang aji |
inggahipun ing kareta | duk ngancikan pancadane |
--- 60 ---
jêplak wêsinira pokah | mêsat
garègèl samya | tibèng siti duk andulu | idêlir kagyat ing driya ||
43. dangu dèn iling-ilingi | nora
pantês yèn putunga | dene santosa prantine | idlir dahat kagawokan | ngunandika
jroning tyas | apa baya sang aprabu | dêduka mring jênêng ingwang ||
44. idêlir umatur aris | sri
narendra ingaturan | wangsul lênggah nyarèhake | idêlir sigra utusan | amundhut
santun rata | amerang sajroning kalbu | nanging sinamun ing netya ||
45. tan antara rata prapti | idêlir
matur ngrêrêpa | angaturi têdhak katong | myang jêng pangran adipatya | saksana
sigra têdhak | saking Pragota sang prabu | sawadyabala balabar ||
46. sapraptanira ing loji | langkung
saking saban-saban | Kumpêni atur kurmate | sawusira paripurna | paningkahing
pangantyan | mangun kasukan sang prabu | sêsugun mawarna-warna ||
47. satêngahe pukul katri |
unduripun sri narendra | antara kalih arine | idlir sowan ing sang nata |
gupêrnur atut wuntat | prapta pasanggrahan tundhuk | idlir alon aturira ||
48. dhuh pukulun sri bupati | kawula
dipun pitungkas | ing eyang tuwan sang katong | umatur paduka nata | lamun jêng
tuwan jendral | ing mangke nalôngsa tuhu | rumaos ing sisipira ||
49. dene nguni angaturi | pamrayogi
sri narendra | ngêlongi sabin lênggahe | rayi tuwan Jêng Pangeran | Mangkubumi
kang dadya |
--- 61 ---
manggalèng prajurit punjul | kirang
titi pamariksa ||
50. gurnadur tan ngintên yêkti |
lamun dadya galihira | ngluwihi para kadange | mangkya atêmah putungan |
nispala wawan-wawan | Walandi kang sampun lampus | ing prang satus kawan dasa
||
51. Kumpêni Islam kang mati | kawan
atus pitung dasa | mung kaping tiga yudane | amêngsah rayi paduka | Mangkubumi
Pangeran | yèn kalajêng bêndunipun | saèstu awrat sinôngga ||
52. gupêrnur sampun ngrêmbagi |
dipun êbang tigang lêksa | lan tigang lêksa punjule | ngaturan kondur mring
praja | sowan ing padukendra | nanging kêkah botên keguh | sampun nêmah anêmpuh
byat ||
53. marma lamun sri bupati |
kaparêng panudyèng karsa | ingindhakan pangêbange | sri narendra angandika |
iya sakarsanira | lawan karsane gurnadur | ingsun mung nyarah kewala ||
54. wit ingsun liwat prihatin | duk
gurnadur darbe karsa | ngêlongi gêgadhuhane | lungguhe sawah yayi mas | ingsun
kongsi sêsambat | mantunira si gupêrnur | padha susahe lan ingwang ||
55. Yayi Êmas Mangkubumi | prawira
ambêg pasaja | awêkêl ing bêbudène | durung tau wani cidra | marang ing kadang
tuwa | rumêksa têmên nrus kalbu | tan kumêdhèp lamun yuda ||
56. môngka manggalèng prajurit |
awantêr putus ing gêlar | sun dhawuhna akèh-akèh | Hogêndhorêp iya uga | wus
nyipati priyôngga | lamun angawaki pupuh | mungsuh pangeran [pange...]
--- 62 ---
[...ran] lêlima ||
57. dèn ijèn bae tan kongsi | dadi
gawening nagara | mêngko sun mung masrahake | lamun kêna tinututan | gêlêm
mulih mring praja | seba marang jênêng ingsun | aja angarani sawah ||
58. pira-pira sun turuti | panjaluke
yayi êmas | kadang kang dadya tyas ingong | rowang rumêksa nagara | yèku kang
wus têtela | iya dadi kanthiningsun | karya mêmanising praja ||
26. Ingkang Sinuhun kundur dhatêng
Surakarta, kramanipun Pangeran Adipati Anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat
anêmênani Pangeran Mangkubumi.
31. Dhandhanggula
1. Idlir Jakup Musêl turiraris | yèn
makatên inggih botên susah | prakawis katêlangsone | eyang tuwan gurnadur |
botên tuwan nutuh nambuhi | pan dede saking tuwan | inggih purwanipun | lamun
tuwan ngêkahana | bok winastan kirang pracayèng Kumpêni | makatên tyas paduka
||
2. botên tiwas saking padukaji |
inggih punika gurnadur jendral | ingkang tiwas panggawene | paduka sampun
langkung | dene kadang kang dadya kanthi | kinarsakkên ing jendral | lorot
lênggahipun | paduka datan suwala | botên kirang kasaenan [ka...]
--- 63 ---
[...saenan] sri bupati | èstu
langkung utama ||
3. Jakup Musêl sampun anyathêti |
barang pangandikane narendra | têrang rampung ing ature | idlir lawan gupêrnur
| sigra pamit wangsul mring loji | tan winarna samana | ing sasampunipun |
rêrêpira sri narendra | pitung ari anèng nagri ing Samawis | sigra jêngkar sing
praja ||
4. kondur marang Surakarta nagri |
ari Anggara tanggal ping sanga | agung Kumpêni kurmate | tan pae duk arawuh |
twan gupêrnur lawan idêlir | kathah tur-aturira | ing kangjêng sang prabu |
tigang ratri sri narendra | anèng marga praptanira ing nagari | anuju ari Sukra
||
5. wus ngadhaton kangjêng sri bupati
| wadyabala mantuk sowang-sowang | wong cilik eca manahe | mangkana sang aprabu
| animbali punggawa katri | Sindurja Pakuningrat | de katiganipun | Ariya
Mlayakusuma | sri narendra andangu wartane wuri | hèh Dipati Sindurja ||
6. iya priye ing sapungkur mami |
mungsuh apa mrêpêki nagara | dyan dipati lon ature | botên wontên pukulun | eca
kèndêl ênggène lami | tan wontên obah molah | amung wartos ulun | para pangeran
sadaya | samya ingandikan dhatêng Sukawati | èlèr-èlur gêntosan ||
7. marginipun tan purun margèni |
inggih dhusun kang dèrèng kabawah | amung margèni bawahe | ngandika sang aprabu
| aprakara Si Mangkubumi | ingsun wus suci asta | mring idlir gupêrnur | pan
ora [o...]
--- 64 ---
[...ra] marga sakingwang | iya
jendral margane tinggal nagari | puguting tyas yayi mas ||
8. nalikane ingsun andhawuhi | anèng
pura iya mring yayi mas | ingsun longi gadhuhane | mung kudu amit lampus |
merang miyat samaning janmi | nadyan dèn êlongana | mung satus rongatus | nora
pisan cipta gêsang | kang kaèsthi amung nêdya nglampus dhiri | aminta lilah
ingwang ||
9. yèku eling sutaning narpati |
cacah cucah kakehan parentah | amung katon ing wirange | nêmah nekat anglampus
| Yayi Êmas Amangkubumi | mêngko abot sinôngga | Walandane gêtun | katujune
raganingwang | duk samana Hondhorêp wus sun dhawuhi | ing labête yayi mas ||
10. dahat dènnya Hondhorêp prihatin
| sanggup lamun wus kalingan warsa | bumi dèn balèkkên manèh | mring yayi
têlung èwu | jendral yêkti datan udani | nanging ta yayi êmas | basa wus
katrucut | tan bisa ambalènana | ing basane ajur luluh dèn lakoni | ing mêngko
kalampahan ||
11. Arya Mlayakusuma duk myarsi |
dhawuh pangandikane narendra | barêbês mijil waspane | Pakuningrat dhêkukul |
Sindurêja pucêt anjêgrig | nata malih ngandika | ing mêngko gurnadur | dahad[16] dènnya analôngsa | pangêbange lamun
Yayi Mangkubumi | arsa mulih mring praja ||
12. têlung lêksa punjul Sukawati |
têlung èwu dutane Walônda | bola-bali tanpa gawe | adhi mas malah nêpsu |
diwèhana [di...]
--- 65 ---
[...wèhana] bumi sakêthi | nora
niyat melika | dudu anak jagul | mung eling sutaning raja | nora bisa anganggo
lambe balantik | ajur luluh anêmah ||
13. prang ping têlu Dhimas
Mangkubumi | si gupêrnur kang matur maringwang | pawartane Walandane | pan
satus patang puluh | Mêkasare lan Bugis Bali | kang mati prang ping tiga | iya
patang atus | lawan punjul pitung dasa | mayor karo kapitane ya kêkalih |
kairas ing yayi mas ||
14. Sindurêja nora darbe gêtih |
nanging pamuwuse jroning nala | ingsun iki wong kêkarèn | barang rèh atut
pungkur | sri narendra anguningani | marase Sindurêja | cinandhak sinamun |
ngandika mring Mlayasuma | bala iki kakangira Mangkubumi | nukuli Surapatya ||
15. kadi Panêmbahan Senapati | wani
tangguh trusing kalbu tatag | hèh Sindurja kayapriye | tangkêpe ing prang pupuh
| Yayi Êmas Amangkubumi | duk aprang lawan sira | Sindurja wotsantun |
tangkêpipun rayi tuwan | nadyan kathah abdine botên nanglêdi | eca lorot kewala
||
16. yèn pinêlak punika tan kêni |
bêbayani luhung kinèndêlna | amung lêstantun lampahe | datan kenging tinangguh
| yèn têrkadhang abdine kêdhik | mêngsahe tikêl tiga | botên nêdya mundur |
nuntên anglêlêt bandera | ingkang kathah nglêlêt bandera jro jurit | manahe
sampun gêmpal ||
17. mila kathah katiwasan gusti |
rayi dalêm [da...]
--- 66 ---
[...lêm] yèn nglêlêt bandera | badhe
angantêp pamuke | têmahan gêmpur tumpur | ingkang sami nadhahi jurit | dene
rayi paduka | ngawaki anamur | ngangge cara lurah numbak | kang nitihi kudane
asongsong kuning | pun Suwandi kewala ||
18. ingkang dadya ngungun amba gusti
| abdinipun kang samya tinilar | bêkêl dhusun sadayane | tan wontên purun têluk
| amung sikêp tuwa pamburi | punika mung têrkadhang | nanging mèh sadarum |
samya andhèrèk saparan | rayi dalêm saèstu jinayèng jurit | katôndha ing
pratôndha ||
19. punggawane anaracak pêkik | wani
tangguh bèrbudi yuwana | awêgig sabarang gawe | kontap prawira punjul |
amunjuli punggawa nagri | titi patitis ing prang | kukuh datan keguh |
kinarubut mêngsah kathah | Radyan Arya Mlayakusuma bêbisik | mring Pangran
Pakuningrat ||
20. dhuh adhi mas punapa wus tampi |
kyai lurah puniki agawat | amirit-mirit ature | anjiwit sisihipun | kang
kinitêr aturing aji | Ki Lurah Pringgalaya | lulute amuput | puniku ingkang
kinalang | Pakuningrat nauri sarwi bêbisik | inggih lêrês Sindurja ||
21. kasangêtên Pringgalaya yêkti |
Singaranu mati nèng payudan | nora ginantèn sutane | utawi kadangipun | têka
Cakrajaya kinardi | gamêle Martanata | ginawe tumênggung | mung katon sèwu
kewala | Pringgalaya nora ngatokkên taliti | wicara yèn bagusa ||
22. Cakrajaya [Cakra...]
--- 67 ---
[...jaya] apa kang pinilih | dhapur
nora amicara nora | rusuh nora na kapoke | mung reyal kang kaetung | datan
pisan rumêksa gusti | mamrih arjaning praja | utamaning ratu | maksih akèh
pagawean | Pringgalaya nganggo pikir bosah-basih | silulup ing pawuhan ||
23. nora etung rêrêgêd mênuhi |
Pringgalaya gawe nora tata | sok karamas ing pacêrèn | anêmpuh bangêr arus |
kadya paran tingkah puniki | angling Mlayakusuma | yayi kula bingung | ing rasa
botên karasa | mila wau duk sang prabu angraosi | kang rayi Sukawatya ||
24. kula datan sagêd amiyarsi | awit
môngsa andadak antuka | ngupayaa lêlirune | têtêp mantêp ing kalbu | kadi
Kangmas Amangkubumi | madhangakên nagara | anyirnakkên mungsuh | prandene
ginawe ala | awak dhèwèk malih yèn dadia usring | picise nora ana ||
25. sigra dhawuh kangjêng sri bupati
| punggawa tri samya kinèn mêdal | antara côndra lamine | kèndêl tan wontên
pupuh | kunêng malih ingkang winarni | kangjêng sri naranata | karsa amêmantu |
mikramakkên atmajendra | jêng pangeran dipati antuk putrining | Jêng Ratu
Madurêtna ||
26. kang patutan saking adipati |
Cakraningrat Bupati Madura | Dyan Ajêng Wuku namane | sang nata wus anuduh |
duta mundhi nawala maring | kangjêng gurnadur jendral | myang tuwan gupêrnur |
sung uning miwaha putra | praptanira ing ari para [pa...]
--- 68 ---
[...ra] bupati | wus rakit
makajangan ||
27. nguyu-uyu sakati sang aji | pra
bupati ambêkta pradôngga | nèng sebane dhewe-dhewe | samya kasukan nutug |
rêrênggane datan winarni | mung cinatur panggihnya | ri Anggara nuju |
wimbaning lèk ping kawan wlas | amarêngi ing wulan Jumadilakir | Wawu
sangkalanira ||
28. guna sapta rasaning narpati |[17] ningkah anèng sasana sewaka | panggih munggèng dalêm gêdhe
| kunêng ingkang manungku | pinangantèn anèng jro puri | gantya kang winursita
| Gêndhorêp Gupêrnur | wira-wiri dutanira | ngipuk-ipuk mring Pangeran Sukawati
| nanging datan tinampan ||
29. kaku tyase ngantêp kanthi peling
| Pangran Sukawati pindha arga | tinêmpuh ing angin gedhe | kukuh tan mawi
keguh | langkung kewran para radpêni | dadine kang pirêmbag | para rad wus
kumpul | mung nêdya ingantêp yuda | ginoco pat jendral ngupaya prajurit |
maring nagri Walônda ||
30. tigang atus prajurit linuwih |
pêpilihan nama Wlônda usar | apan seje panganggone | aba[18] saruwalipun | rasukane sangkêlat
wilis | cêmêng kêkulukira | amawi kêkucur | kangkame sabêlah jaja | nanging
taksih kinumpul nagri Samawis | angantos paprangkatan ||
31. kinêrigan Walônda pasisir |
Surabaya Gêmbong lan Japara | Kumpêni Têgal tunggile | wus dadya gangsal atus |
kalih atus dragundêrnèki | senapatining yuda | Sakèbêr kang sanggup | wus
ngangkat mayor samana |
--- 69 ---
Mayor Kèbêr gêng inggil ototê bêcik
| kadya Prabu Ngalêngka ||
32. pra prajurit Walônda kang sami |
anèng Sala sampun pinilihan | kang prakosa satus kèhe | Kumpêni minta sampun |
ing lilane jêng sri bupati | dhawuh timbalan nata | lila anrus kalbu | sira
sang mantri wisesa | dhinawuhan mêmatah sagung bupati | biyantu pêpucungan ||
27. Bidhalipun prajurit saking kitha
Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi
32. Pocung[19]
1. kang anglurug Pringgalaya
tindhihipun | Dipati Sindurja | kang kantun têngga nagari | lan bupati jaba
Pangran Pakuningrat ||
2. liyanipun krig bupati jawi tumut
| nadyan pamajêgan | kang kilèn sami kinêrig | ing Banyumas Banjar Mêrdèn
Panjêr Roma ||
3. Dhayaluhur Dhatar Ngayah lan
Matarum | sadaya binêkta | mung Jayawinata kari | Kalibêbêr Têrsana tuwin
Têmpuran ||
4. dene sagung môncanagara tinuduh |
sami akêkirab | baris anèng jaban nagri | pra bupati pasisir ugi sadaya ||
5. pan tinuduh baris jaba nagrinipun
| ingkang kinawruhan | Pangran Arya Mangkubumi | gêlaring prang prajurite kang
ingumbar ||
6. ngalèr ngidul lêpas pra
tumênggungipun | tan kêna ginampang | gêlare wus samya dadi |
--- 70 ---
punggawane wantêr tan ajrih ing
pêjah ||
7. marmanipun mungsuh pra pangeran
kidul | lêlima punika | nora nganggo dèn rawati | mung pinêlêng satunggal ing
Sukawatya ||
8. asal putung kang siji kabèh
malêdug | tan dadi abahan | mung Pangeran Sukawati | tinêmênan Kumpêni nora
kainan ||
9. ing pangêlus ngêla-êla
angrêrarapu[20] | aja kongsi tiwas | anèng samadyaning jurit | ingaturan
kondur maring prajanira ||
10. yèn mituhu têlung lêksa
sabinipun | lawan tigang nambang | prabu anom senapati | anèng Surakarta
sor-soraning raja ||
11. wênang nabuh sabarang ing
karsanipun | lilahe kang raka | têka dadak datan kungkih | mêksa mampang
rêmbage gurnadur jendral ||
12. langkung kaku tyasira tuwan
gurnadur | apa kang sinêdya | dene kukuh nora kungkih | dadya minta Kumpêni
marang Samarang ||
13. lilanipun mring kang rayi dèn
satuhu | badhe tinêmênan | aprang sapisan puniki | sri narendra lila nrus
ngêbyarkên asta ||
14. milanipun kinarakat badhenipun |
gêbyura samodra | ngungsia dhasaring warih | amumbula marang ing langit ping
sapta ||
15. dipun êlud saparane dèn bêbujung
| pan rinoban lawan | ing lampah mêlêng sawiji | rinakitan pasisir môncanagara
||
16. ya ta wau siyaganira wadyagung |
wus tata warata | dhawuh timbalan narpati | kaping catur Rêjêp bidhal saking
praja ||
17. ingkang kantun tata makajangan
sampun |
--- 71 ---
bupati jro samya | akarya pakuwon
mantri | anèng jroning pagêr jaroning kadhatyan ||
18. dunungipun Sindurêja dènnya
tugur | kilèn sitibêntar | nging dèrèng karya sitinggil | Pangran Pakuningrat
makuwon pagongan ||
19. malihipun para pangeran sadarum
| sami makajangan | ing alun-alun marapit | kawuwusa ping catur Soma arinya ||
20. pra tumênggung barise wus samya
kumpul | balabar bra sinang | Pringgalaya Adipati | wus samêkta budhal maring
ing paseban ||
21. barisipun Kumpêni dhêndhêng
ngêndhanu | kidul wringin kêmbar | Kumpêni dènira baris | karya ebat angajrihi
kang umiyat ||
22. tigang atus Sakèbêr
dragundêripun | tigang atus usar | dadya nêmatus turanggi | upêsire kang nênêm
pangkat kapitan ||
23. litnanipun kalih wêlas cacahipun
| Kumpênine Islam | ingkang dharat winitawis | pitung atus Bugis Bali lan
Makasar ||
24. barisipun para bupati kang
nglurug | lèr waringin kêmbar | ngilèn ngetan amênuhi | busanabra gêgaman
maneka warna ||
25. pra tumênggung sami magêlaran
sampun | cacahe sawêlas | Mlayakusuma akanthi | Wiraguna Tumênggung Kartanagara
||
26. malihipun Dyan Mangkupraja
Tumênggung | Radyan Natayuda | Dyan Ônggawôngsa akanthi | Cakrajaya Dyan
Tumênggung Wiradigda ||
27. Dyan Tumênggung Kartadipa lan
Tumênggung | Banyumas Mataram | Yudanagri Rajaniti | myang Ngabèi [Nga...]
--- 72 ---
[...bèi] Ngayah Pasir Panjêr Roma ||
28. Dhayaluhur Banjar Kalibêbêripun
| upêsir sadaya | lan Sakèbêr wus sumiwi | nèng paglaran nganti wiyose sang
nata ||
29. tan adangu wiyosira sang aprabu
| horêg panangkilan | lênggah ing amparan rukmi | sigra Mayor Sakèbêr ngandika
nyêlak ||
30. nyêlak oprup sri naranata andulu
| untabing kang wadya | agung èstu gêgirisi | angandika mring Dipati
Pringgalaya ||
31. bocah ingsun wadana kliwon
sadarum | sira dhawuhana | maju ngabêkti ing mami | sigra mangsah patih lan
para bupatya ||
32. sampunipun lajêng pra kliwon
sadarum | anulya ngandika | wau kangjêng sri bupati | hèh sagunge bocah sun
kang arsa yuda ||
33. iya ingsun jurung salamêtirèku |
tur sêmbah gumêrah | ature wadyabalaji | nulya mayor upêsir majêng tabean ||
34. duk puniku Sakèbêr bêbêntingipun
| pan cindhe jalamprang | wus pamit ing sri bupati | sarêng budhal lan Dipati
Pringgalaya ||
35. paminipun ginunggunga kang
wadyagung | langkung yèn salêksa | kang ngrênggêp gêgaman jurit | kang angantêp
lampah sapisan punika ||
36. bidhalipun urmat mariyêm jumêgur
| panganjuring lampah | bupati sèwu akanthi | numbakanyar Dyan Tumênggung
Cakrajaya ||
37. kang sumambung Bumi lan Bumija
iku | Radyan Mangkupraja | Natayuda kang nambungi | sira Radyan Tumênggung
Kartanagara ||
38. Dyan Tumênggung Wiraguna
wurinipun |
--- 73 ---
Arya Mlayasuma | Wiradigda kang
nambungi | wurinira Dyan Tumênggung Kartadipa ||
39. wurinipun bala Kumpêni sumambung
| myang Kumpêni Islam | dene wurinipun malih | barisira Dyan Dipati Pringgalaya
||
40. wurinipun Yudanagara Tumênggung
| sagung pamajêgan | lan Tumênggung Rajaniti | lampahipun anut iladuninira ||
41. wiwit ngidul dènnya mlampah sing
lun-alun | anjok ing Pilalan | ing Jatitêkên kang dèsi | samya kèndêl baris
makuwon sadaya ||
42. lêrêsipun ing Nusupan kidulipun
| saratri enjingnya | budhal angetan sakêdhik | mung samadya onjotan arêrêp
samya ||
43. pan sadalu anèng Samin raning
dhusun | enjangira budhal | angenggoki iladuni | laju ngalèr lampahe asêsinoman
||
28. Prajuritipun Pangeran Mangkubumi
angrampit kitha Surakarta
33. Sinom
1. amung angsal saonjotan |
pangalère lampahnèki | kèndêl dhusun Jatimalang | ing ngriku badhe alami |
ngiras ngêntos-êntosi | bala kang kantun ing pungkur | lan iladuninira | saking
praja mindhik-mindhik | kunêng gantya mungsuh ingkang kawuwusa ||
2. kang baris anèng Jakawal | têlike
atur udani | mangkana ing aturira | dhuh
--- 74 ---
pukulun kangjêng gusti | mêngsah
mijil sing nagri | langkung agêng barisipun | Walandi kanêm bêlah | Mêkasar
Bugis lan Bali | pitung atus Sakèbêr sênapatinya ||
3. têtindhih prajurit Jawa |
Pringgalaya Adipati | pra bupati kalih wêlas | wontên salêksa kang baris |
lampahe mindhik-mindhik | saking nagari pukulun | nèng Dhusun Jatimalang | ing
mangke kèndêling baris | saonjotan têbihe saking ing praja ||
4. Jêng Pangeran Sukawatya | gya
nimbali pra bupati | wusnya pêpak angandika | hèh Kakang Pugêr Dipati |
mungsuhira wus mijil | saking praja luwih agung | Dipati Pugêr turnya | suwawi
dipun tandhingi | binabingung gêlar sami ingowahan ||
5. putra paduka Pangeran |
Mangkunagara prayogi | anuntêna tinimbalan | amrih sakecaning pikir | mantri
ngarsa tinuding | umêsat ingkang ingutus | sagung kang pra bupatya | asaos ing
siyang ratri | wus samakta busana kapraboning prang ||
6. ing ratri Kanjêng Pangeran |
Adipati Sukawati | mangsah angêningkên cipta | nêgês karsaning Hyang Widhi |
nunggal kahanan jati | sampurna wêngku-winêngku | wus katon wela-wela | têtela
lamun ing mangkin | dèrèng môngsa angantêpa magut yuda ||
7. wau lampahing utusan | kang
marang Gêmantar prapti | Pangeran Mangkunagara | tinimbalan wus lumaris | datan
amêpak baris | mung lan kuda kawan atus | sinêrung lampahira | ing Jakawal
sampun prapti | ing ngarsaning kang
--- 75 ---
rama gya ngaras pada ||
8. lawan Pugêr sêsalaman | kang rama
ngandika aris | kulup mêngko mungsuh mêdal | iya saking ing nagari | liwat
gêdhening baris | nèng Jatimalang kêkuwu | matur nêmbah pangeran | kawula
sumanggèng kapti | iya kulup ana dene karsaningwang ||
9. yèn mungsuh uwis karuwan |
manjing tanah Sukawati | ingsun angrampit nagara | Kakang Pugêr bae kari | ana
ing Sukawati | yèn durung karuwan durung | sira iya barênga | mêdal sakidul
nagari | ingsun ingkang mêtu sakulon nagara ||
10. dene baris Jatimalang | lamun
durung mobah mosik | ya ingsun mênêng kewala | amung angumbar prajurit | lan
pamanira kalih | Buminata Singasantun | karo padha kirabna | dèn kêriga wong
ing wukir | angancika marang ing kutha Kaduwang ||
11. yèn wus bêdhah ing Kaduwang |
nêdya maring Pranaragi | nadyan ora kalampahan | dèn ana niyate ugi | wakira
kang Suryadi | apa tan kêna ingadu | iku lamun kênaa | lêbokêna mring Matawis |
matur nêmbah Pangeran Mangkunagara ||
12. botên kenging yèn pun uwa |
pamanahanipun sami | lan pun paman kalih pisan | Buminata Singasari | langkung
gènipun jirih | rayi paduka pukulun | maksih dhêlik nèng arga | anggege bangun kamuktin
| dèrèng dhokoh ing prang gya jumênêng sultan ||
13. nama Sultan Malaekat | inggih
Dhandhun Martèngsari | gumujêng kang pra bupatya | pangeran ing
--- 76 ---
Sukawati | alon dènirè angling |
puluh-puluh ya sapuluh | wong lunga saka praja | yèn ora nêdya ngêmasi |
satingkahe môngsa ta kadadèhana ||
14. iya kulup wus muliha | yèn
ingsun sida angrampit | masthi utusan mring sira | iya ulihira iki | mêtua aja
têbih | maripita baris agung | lah coba ungkabana | atine kang padha baris |
tur sandika Pangeran Mangkunagara ||
15. wus pamit anguswa pada | têngara
bêndhe tinitir | kang wadya sampun tinata | wolu banderanirèki | rinakit
anyèkêti | Kudanawarsa nèng ngayun | Radèn Suryanagara | Jayadirja Brajamusthi
| samya kinèn mêmanuki saking wuntat ||
16. wau ta ing lampahira | Pangeran
Mangkunagari | praptèng dhêdhagan larangan | bewaking mungsuh udani | lumajêng
tur upêksi | lamun wontên mêngsah rawuh | gègère apuyêngan | anambur wadya
Kumpêni | baris Jawa wus mijil sami atata ||
17. Tumênggung Kudanawarsa | kang
munggèng kuda sêsirig | turanggane ulês janjam | biru wuri pancal kalih | pra
tumênggung miranti | tiningalan wong lêlaku | dudu wong magut ing prang | katur
Sakèbêr wus mijil | lampahira ngidul ngetan lon kewala ||
18. ingkang lèr ana katingal | nanging
wangsul ngalèr malih | graita kang pra bupatya | yèn Pangran Mangkunagari |
seba ngatas ing kardi | mring kang rama baya iku | kukut sagung gêgaman | sami
mantuk pondhok malih |
--- 77 ---
ya ta wau ing Jakawal kawursita ||
19. jêng pangeran amêmatah |
Suryanagara tinuding | lan Rôngga Wirasantika | Tumênggung Jadirja kanthi |
katri punggawa sami | kang kinon karya pêpucuk | angrampit Surakarta | anyatus
ingkang prajurit | kêkapalan tan wontên dharat satunggal ||
20. nyasupit banderanira | bêndhene
sami nyatunggil | katri punggawamit nêmbah | têngara budhal anuli | Jêng
Pangran Sukawati | ing wuri sigra anuduh | amêmanuki lampah | lampahe punggawa
katri | Adipati Pugêr myang Ranadiningrat ||
21. lan Tumênggung Pusparana |
kinintên budhalirèki | longkanga kalih onjotan | anyatus ingkang prajurit |
amung Sang Adipati | Pugêr bêkta kalih atus | ingkang jampangi lampah | katri
punggawa kang ngrampit | lampahira wus prapta ing Banyuanyar ||
22. kèndêl samya rakit gêlar |
Jayadirja kang nêngahi | Mas Rôngga Wirasantika | binagi pangawat kering |
ingkang têngên binagi | Suryanagara Tumênggung | kang badhe ngobong wisma |
nyadasa tumênggung siji | tanpa tumbak bêdhil mung upêt kewala ||
23. kang tigang dasa punika | tan
kêna milu ajurit | mung obong-obong kewala | upêt mancung dèn sumêdi | rêmbuge
sampun dadi | wus samya budhal mangidul | kuda jojog adhehan | punggawane anèng
ngarsi | sampun prapta sakilène Pringgalayan ||
24. Dipati Pugêr utusan | mêling
katiga [kati...]
--- 78 ---
[...ga] bupati | lamun binujung ing
mêngsah | kinèn mundur ngilèn sami | nèng Panasan dipati | dènnya kèndêl
barisipun | wus dadi jangjinira | laju dènira lumaris | datan ana kang narka
kalamun mêngsah ||
25. wontên mantri Natayudan | saking
Jatimalang nagri | Dyan Tumênggung Natayuda | kang duta murugi swami | duta
ingkang lumaris | binujung asru pinêstul | kang juru ngobong mangsah | kathah
wisma dèn obongi | surak kukuk dahana saya angrêda ||
26. Tumênggung Suryanagara | kang
ngidul wus nyabrang margi | gègèr obah sanagara | arungan samya angili | marang
sajroning puri | mungsuh surak sarwi kukuk | sagung para santana | wus angumpul
pôncaniti | pra bupati samêkta gêgaman yuda ||
27. Adipati Sindurêja | Galadhag
dènira baris | lan Pangeran Pakuningrat | wong cilik kuwur awiwrin | Pakuningrat
tan prapti | mêngsah kang malbèng prajagung | nênêm banderanira | punggawane
dèn songsongi | kang anongsong samya nèng nginggil turôngga ||
28. mantri ing Pakuningratan |
Tirtawijaya Ngabèi | sarowangira wong papat | wus ngrasuk kaprabon jurit | Pulangjiwa
Ngabèi | Sutadirya kanthinipun | Radyan Suraprameya | Rôngga Baki atut wuri |
samya mapag yuda binêrêg mangetan ||
29. prajurit ing Sukawatya | êbèr
budi kaduk wani | nora ngetung nèng jro praja | anglawan kang para mantri |
kang binêrêg ngoncati | lumêbèng ing alun-alun | kèndêl [kè...]
--- 79 ---
[...ndêl] lèr pakauman | dèn mariyêm
saking loji | kaping tiga kêni turôngga satunggal ||
30. ing alun-alun wus aglar |
gêgamane pra bupati | sami ngêntosi parentah | tan wruh lamun mungsuh kêdhik |
lawan kinintên yêkti | jêng pangeran ingkang magut | nindhihi balanira | purune
manjing nagari | datan nyana yèn amung katri punggawa ||
31. Mas Rôngga Wirasantika |
Tumênggung Suryanagari | lan Tumênggung Jayadirja | datan wontên malih-malih |
bêkta nyatus prajurit | dadya kuda tigang atus | wau Sang Adipatya | Sindurêja
duk udani | sigra dhawuh mapag mêngsah ingkang prapta ||
32. putunira Sindurêja | kalawan
ipenirèki | Tumênggung Puspanagara | pun Bangkok ingkang wêwangi | Suradirja
palinggih | panèkêt wong martalulut | sami panas ing driya | Suraprameya lan
malih | Radèn Sutadiwirya Pakuningratan ||
33. punika prasamya mêdal | pangirid
kathah ing wuri | wadyanira pra santana | wus akathah kang turanggi | jaba jro
ingkang wani | wontên kuda gangsal atus | mêdal praptèng Galadhag | kèndêl
mariyêm ing loji | ya ta mêngsah kang wontên lèr pakauman ||
Lajêng nyandhak jilid 4.
--- [0] ---
Isinipun
... Kaca
21. Saking Jipang mangilèn, campuh
kalihan wadyabala Kumpêni ing salèripun rêdi Kêndhêng, lajêng yasa kitha ing Jakawal
... 10
22. Wontên ing Jakawal Pangeran
Mangkubumi mranata panganggenipun abdi, dipun lapuri bilih Dêmak karêbat ing
wadyabala Kumpêni ... 25
23. Ing Jakawal mirêng badhe wontên
kengkenan saking Samarang, ngajak badhami ... 30
24. Kengkenan saking Samarang dumugi
ing Jakawal, saha wangsulanipun Pangeran Mangkubumi ... 39
25. Nyariyosakên kramanipun Pangeran
Mangkunagara, kamantu ing Pangeran Mangkubumi, sarta kramanipun Gupêrnur ing
Samarang, karawuhan Ingkang Sinuhun ing Surakarta ... 48
26. Ingkang Sinuhun kondur dhatêng
Surakarta, kramanipun Pangeran Adipati Anom, sarta karampunganing Kumpêni niyat
anêmêni Pangeran Mangkubumi ... 62
27. Bidhalipun prajurit saking kitha
Surakarta badhe amikut Pangeran Mangkubumi ... 69
28. Prajuritipun Pangeran Mangkubumi
angrampit kitha Surakarta ... 73
- Miturut babon ingkang sumimpên ing Kon. Bat. Gen. v. K. en W. (kembali)
- saonjotan. (kembali)
- Guru lagu seharusnya: 8o, lan Si Gupêrnur Hondhorop. (kembali)
- kaloran. (kembali)
- pathêt. (kembali)
- Teks asli: Pucung. (kembali)
- Kurang satu suku kata: senapati ing prang pramuka jayèngrat. (kembali)
- Kurang satu suku kata: apênêt apelag-pelag. (kembali)
- Sengkalan: sêmbah sapta rasa siji (Sêtu, 15 Bêsar 1672 A.J., Sabtu, 19 Desember 1747 A.D.). (kembali)
- Jakawal. (kembali)
- jumênêng. (kembali)
- Kurang satu suku kata: Tumênggung Rêksanagari. (kembali)
- Kurang satu suku kata: oprup sandika umijil. (kembali)
- Sengkalan: gunaning rêsi bahingrat (Sênèn, 1 Sura 1673 A.J.) [sic. seharusnya: Rêbo, sengkalan: gunaning rêsi bahingrat (Sênèn, 1 Sura 1673 A.J., Rabu, 3 Januari 1748 A.D.)]. (kembali)
- pamêthukira. (kembali)
- dahat. (kembali)
- Sengkalan: guna sapta rasaning narpati (Sêlasa, 14 Jumadilakir 1673 A.J.) [sic. seharusnya: Rêbo, sengkalan: guna sapta rasaning narpati (Sêlasa, 14 Jumadilakir 1673 A.J., Rabu, 12 Juni 1748 A.D.)]. (kembali)
- abang. (kembali)
- Teks asli: Pucung. (kembali)
- Lebih satu suku kata : ing pangêlus ngêla-êla angrêrapu. (kembali)
0 komentar:
Posting Komentar