Senin, 04 November 2013

TRADISI “PASAR SENGGOL” ING KEBUMEN

Pasar kang ora saben wewengkon utawa dhaerah bisa ditemokake yaiku Pasar Senggol. Anane mung ana ing wewengkon Kebumen. Pasar iki dununge ana ing dhusun Selang. Yen pasar kaya biasane manggon ing salah sijining papan kang mligi kanggo dodol para bakul. Bakul iki padha ngundhakake regane barang amrih dienyang wong-wong kang pengin tuku barang mau. Beda karo ing pasar senggol, ing kono para bakul amung nggelar dagangane sinambi melu ngramekake kahanan ing kono ora merga golek bathi. Ing pasar umum uga ana “bango” papan kanggo nggelar barang dagangane. Menawa ing pasar senggol iki bakul-bakul padha jejer-jejer ing pinggir dalan. 

Pasar senggol manggon ing sauruting dalan gedhe ing dhusun Selang. Dalan iku arane dalan Kutoarjo. Dalan kang kagolong salah siji dalan kang rame banget kanggo lalu lintas kendaraan tumuju alun-alun Kebumen utawa pusat kota Kebumen. Nalika ana pasar senggol kahanan dalan mau dumadakan owah . Dalan kang maune amung kanggo jalur lalu lintas saiki owah dadi pasar kang tumplek breg, kaya-kaya wong sakabupaten Kebumen kumpul kabeh ana kono.  
 Pasar Senggol. Sumber Internet.
Dawane pasar kuwi kira-kira 500 meter kebak dening bakul-bakul kang nggelar barang dagangane. Mila ora gumun yen pasar senggol njalari dalan Kutoarjo dadi macet. Yen motor isih bisa liwat nanging kudu alon-alon lan sikile mudhun ing dalan, merga banget akehe wong-wong kang padha jejel riyel ing dalan. Ananging mobil ora bisa ngliwati dalan iku, becike milih dalan alternatif yaiku dalan Tamanwinangun.

Barang kang digelar para bakul klonthongan ing pasar senggol yaiku jajanan pasar, maneka warna panganan, sandhangan, dolanan, pernak-pernik kanggo wong wadon, kembangan lan isih akeh maneh. Kahanan pasar senggol mung sedina, yaiku wiwit esuk nganti tekan bengi nembe rampung kira-kira jam rolas wengi. Sanajan ta mung sedhela nanging sing padha teka nganti ewonan wong ngumpul ing dalan Kutoarjo kuwi. Merga tradhisi pasar senggol iki namung dipengeti setaun pisan, mula wong-wong Kebumen ngrasa dadi perkara kang kudu dilakoni yaiku kudu teka ngramekake pasar kuwi aja nganti kliwat. 
Ora mung bocah enom kang ngebaki pasar iki, nanging akeh bocah cilik, bapak-bapak lan ibu-ibu sing kepengin nonton pasar sing mung dipengeti setaun pisan iki, wong kang wis tuwa/manula uga ora gelem kalah nekani acara kang sejatine amung kanggo bocah enom. Mula ora nggumunake menawa ora mung warga Kebumen bae kang ngramekake pasar kuwi, nanging uga warga saka dhaerah liya kayata : Purworejo, Sokaraja lan Banyumas uga ora keri melu ngramekake lan merlokake teka ing kalodhangan golek jodho iki. 

              Akeh-akehe wong kang padha neneka ora niyat tuku barang tinamtu nanging mung mlaku-mlaku sinambi nyawang wong-wong liyane kang uga lagi padha mlaku-mlaku . Apa maneh bocah enom kang lagi masa puber, senengane mlaku mrana-mrene murih kepengin disawang dening wong-wong utawa kepengin dadi pusat perhatian. Nanging ya uga ana sing tenanan teka merga tuku barang kang dipengini ora mung mlaku-mlaku ana kana.

            Ajang golet jodho, sebutan kanggo pasar senggol. Utamane para jaka kang kangelan golet jodho. Ora kalah, para wanita uga nyengkuyung acara kaya mangkene. Ana kapercayan kanggo sapa bae kang lagi golek bojo bakal ketemu karo jodhone utawa kanggo bocah enom kang lagi golek pacar bakal ketemu karo sing diidham-idhamake mau. Kasunyatane ya akeh wong sing entuk jodho sakwise nonton pasar senggol iki. Nanging kabeh iki gumantung marang pribadhine dhewe-dhewe. Yen wonge sumeh, grapyak marang wong liya, cepet akrab karo wong sing durung tepung mesthi bakal cepet kaparingan jodho. Nanging yen wonge ora gelem ngajak kenalan, ora ngajeni marang wong liya mesthi bakal kangelan anggone golek jodho ing papan iku.

            Kahanan kang rame ing pasar senggol ora dilirwakake dening para warga Desa Selang kanggo ngenalake produk-produk kuliner/panganan kang khas saka Desa Selang. Ana jipang kacang kang legi banget rasane, marga akeh kacang lan gulane. Bocah cilik biasane seneng jajanan kaya kuwi. Uga ana lumpia isi urang kang gurih, pas banget kanggo lawuh memangan. Ora kalah enak, ana pisang gaweyane warga Selang kang enak lan gurih banget beda karo gaweyane dhaerah liya. Ana maneh panganan kang wis kawentar saka dhaerah Kebumen yaiku lanthing, rupane kaya angka wolu, rasane maneka warna, ana rasa keju, pedes, bawang lan rasa jagung. Panganan liyane kang uga gaweyan asli warga Desa Selang yaiku geplak jahe, unthir-unthir cacing, unthuk cacing, cistik kang digawe saka gandum lan isih akeh maneh. Kabeh mau digawe dening warga Selang kanthi cara tradisional, isih nganggo tangan utawa ngandelake tenagane dhewe. Panganan kuwi digawe dening ibu-ibu rumah tangga ing omah-omah katelah home industri.

            Pasar kang mung dipengeti ing sasi Maulud tanggal 25 iki ngepasi dina laire Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Pasar iki dipengeti kanggo sarana ngucapake rasa syukur warga Desa Selang menyang Gusti Kang Maha Kuwasa kanthi cara nganakake acara pasar senggol kang dienggo warga kanggo sarana golek jodho. Sejatine pasar senggol iki dudu jeneng pasar asli, nanging merga ing kono padha senggol-senggolan, banjur diarani pasar senggol. Sejatine ya ora mung senggol-senggolan, nanging uga padha senggol-senggolan tangan lan perangan awak liyane. Iku sing disenengi dening bocah enom, utamane bocah lanang sing senenge padha mbebeda bocah wadon, nanging sing dibebeda ya gelem bae.

            Tradisi pasar senggol kudu dilestarekake murih ora klelep ing jaman kang sarwa canggih lan modern. Uga bisa dadi sarana kanggo promosi budaya lan pariwisata dhaerah Kebumen. Ora mung ngono, tradisi pasar senggol uga bisa dadi sarana kanggo ngraketake sesambungane wong-wong kang maune ora padha kenal owah dadi kaya sedulur.

Sumber : S-J.blogspot.com

0 komentar:

Posting Komentar