Senin, 28 Oktober 2013

KANCIL LAN KEYONG

Sawijining dina kancil katon ngantuk banget. Matane krasa abot nganti kaya ora bisa dibukak maneh. “Aaa....rrrrrrrgh”,  Kancil banjur ketok ngeluk boyoke sinambi angop amba. Amarga dina iku soroting srengenge katon padhang/ cerah, kancil rumangsa eman/rugi menawa dina kang endah kuwi kok disiya-siya ngana bae. Dheweke wiwit mlaku-mlaku saurute alas kanggo ngilangake rasa ngantuke. Satekane ana ing sak nduwure gumuk/bukit,  Kancil sesongaran mbengok kanthi swara seru lan ngetokake rasa gumedhene, “Eeeee .. kabeh sing manggon ing alas, ya aku iki kewan kang paling pinter, cerdas, cerdik ing alas iki. Ora ana kang bisa nandingi kacerdasan lan kapinteranku”. 
 Sinambi musungake dadane, Kancil banjur wiwit lumaku mudhun sajka gumuk. Nalika tekan ing sapinggire kali, dheweke ketemu karo salah sijine keyong kang lumaku rendhet. “Heeee kancil !”, sapa aruhe Keyong mau. “Kenangapa kowe bengok-bengok? Apa kowe lagi gumbira/seneng?”, pitakone Keyong. “Ora, aku ung kepengin menehi ngerti marang kabeh para warga kang manggon ing alas kene menawa aku iki kewan kang paling cerdas, cerdik lan pintar sadonya”, jawabe kancil kanthi gumedhe.
 Gumedhe temen kowe Kancil, sabenere ya aku iki kewan kang paling pinter ing alas kene”, sumaure Keyong. “Hahahaha......., ora bisapangenyeke Kancil. “Kanggo mbuktekake, kepiye menawa sesuk esuk awake dhewe nganakake balapan mlayu?”, Keyong sajak nantang. “Ya kena bae, aku trima tantanganmu”, sumaure Kancil. Pungkasane sakloron sarujuk arep nganakake lomba balapan mlayu ing dina sesuk esuk.
 Sawise Kancil lunga, Keyong banjur nglumpukake kabeh kanca-kancane. Dheweke njaluk tulung supaya kanca-kancane baris lan ndelik ing dalan kang arep didadekake papan kanggo lomba, lan sumaur menawa Kancil ngundang.
 Pungkasane ing dina kang wis ditemtokake kuwi, Kancil lan Keyong wis siyaga kanggo lomba balapan mlayu. “Apa kowe wis siyap melu lomba balapan mlayu karo aku”, pitakone Kancil marang Keyong. “Ra sah kuatir aku wis siap, lan aku mesti kang bakale menang”, sumaure Keyong. Sabanjure Keyong menehi kalodhangan marang Kancil supaya mlayu luwih dhisik lan ngundang-undang kanggo mestekake wis tekan ngendi Keyong anggone mlayu mengko.
Kancil lumaku sante bae, lan rumangsa menawa dheweke mengko kang bakal menang. Sawise mlaku pirang-pirang jangkah, Kancil nyoba nywara ngundang Keyong. “Keyoooong .... wis tekan ngendi kowe?”, pambengoke Kancil seru. “Aku ana ing ngarepmu!”, pambengoke Keyong. Kancil kaget banget lan gumun, lan sigra dicepetake anggone jumangkah. Sawise iku dheweke banjur ngundang Keyong maneh, lan Keyong sumaur kanthi swara kang padha. ”Aku wis nangarepmu!” 

Pungksane Kancil mlayu, nanging saben dheweke ngundang Keyong, Keyong ajeg nyawara, menawa dheweke wis ana ing ngarepe Kancil. Kringete nganti gumrobyos, sikile krasa lemes lan ambegane ngos-ngosan.
Kancil mlayu terus, nganti dheweke weruh garis wates/finish. Praupane Kancil katon seneng banget, awit wektu Kancil ngundang Keyong ora ana wangsulan maneh. Kancil rumangsa menawa dheweke sing bakal menangake lomba mlayu iku.
Saiba kegete Kancil, awit dheweke weruh Keyong wis lungguh ing watu kang digawe minangka garis finish. “Heeeeii ... Kancil, kenangapa kowe mlayune alon banget? Aku wis tekan kawit mau!”, pambengoke Keyong. Kanthi praupan isin Kancil nyedhak menyang Keyong, Kancil nyedhaki lan banjur ngakoni kalah. “Mulane aja seneng gumedhe, kowe pancen cerdik lan pinter, nanging kowe dudu sing paling pinter lan cerdik sadonya”, tembunge Keyong. “Iya, aku njaluk ngapura ya Keyong, aku ora bakal arep gumedhe maneh”, sumaure Kancil.

agustiputra2013.

0 komentar:

Posting Komentar